Anda di halaman 1dari 4

PEMERINTAH KOTA PROBOLINGGO

DINAS PENDIDIKAN DAN KEBUDAYAAN


SEKOLAH DASAR NEGERI……………………..
Jl. …………………………………………………..
KECAMATAN KANIGARAN – KOTA PROBOLINGGO KODE POS ……..

PENILAIAN AKHIR SEMESTER GANJIL


TAHUN AJARAN 2021 / 2022

Mata Pelajaran : BAHASA JAWA Nama Siswa : ………………………


Hari/tanggal : ............................... No. Absen : ………………………
Kelas : VI (Enam) Kelas : ………………………
Waktu : 90 menit Nilai : ………………………

Wacanen teks ing ngisor iki kanthi teliti!


PON XX PAPUA 2021
Pekan Olahraga Nasional XX, sing disingkat PON XX, utawa
PON Papua 2021 yaiku pesta olahraga paling gedhe tingkat nasional sing
diselenggarakake patang taun sepisan ing tanah air. Kegiatan iki kudune
wes diadakake taun 2020 kepungkur, nanging amarga tahun wingi
pandemi covid isih dhuwur-dhuwure, akhire PON XX diundur lan baru
bisa dilaksanaake tanggal 2-15 Oktober 2021.
Papua dipercaya dadi tuan rumahe PON XX iki lan sing kawitan diadakake ing Papua sak
dhawane sejarah. KONI lan Pemprov Papua netepake slogan kanggo PON XX Papua yaiku “ Torang
Bisa” sing ateges ukara penyemangate khas Papua kanggo ngobarno semangat juange para atlet.

I. Wenehana tandha ping (X) ing wangsulan sing dianggep bener!


1. Pekan Olahraga Nasional XX (PON XX) utawa PON Papua 2021 yaiku pesta olahraga paling
gedhe tingkat nasional sing diselenggarakake . . . . taun sepisan.
A. 2 B. 4 C. 6 D. 8
2. Sing dadi slogan PON Papua XX kanggo nyemangati para atlet sing tanding yaiku .. . .
A. Papua Bisa B. Torang Bisa C. KONI Bisa D. PON XX Bisa
3. Sing klebu tuladhane teks narasi faktual . . . .
A. pawarta, dongeng, pariwara C. pengalaman pribadi, dongeng, cerita rakyat
B. crita, profil tokoh, dongeng D. pawarta, pengalaman pribadi lan profil tokoh
4. "Klepon yaiku panganan tradisional wong jawa sing digawe saka glepung beras ketan kang
awujud bunder mblondo. Klepon biasane warnane ijo, nanging uga ana sing kuning, abang, lan ora
ana warnane. Rasane legi amarga ing tengah ana isine arupa gula jawa cair, dadi pas dipangan
rasane maknyus. Teksture amoh, lan njabane ana ampas klapa enom sing nambahi cita rasa saka
klepon iki." Paragraf ing dhuwur kalebu jenis teks . . . .
A. narasi B. deskripsi C. eksposisi D. persuasi
5. 1) Ngandharake fakta
2) Kaemot ing media cetak/elektronik, lan
3) Isine pawarta sing lagi dadi bahan omongane masyarakat
Manut titikane teks informasi ing dhuwur klebu jenis teks . . .
A. pawarta B. persuasi C. sesanti/slogan D. pariwara/iklan
6. Ing ngisor iki ukara sing klebu jenise pariwara/iklan provider kartu yaiku . . . .
A. “Milo, Energi Menang Saben Dino!”
B. “Kuku Bima Energi Roso!”
C. “Rego paling murah! Sinyal apik lan lancar. Pokok e nyambung terus!”
D. “Jagung Hibrida unggul. Gampang golek-golekane lan nandure”
(1) (2)
7. Gambar 1 lan 2 ing dhuwur klebu informasi jenis . . . .
A. sesanti lan pawarta C. pawarta lan pariwara
B. sesanti lan pariwara D. Pariwara lan slogan
8. "Sapa sing nandur bakal ngunduh ". Ukara iki klebu . . . .
A. narasi B. slogan C. persuasi D. deskripsi
9. Teks informasi jenis pariwara/iklan iku biasane ukarane . . . .
A. mamerake lan ngajak supaya di deleng, dituku lan digunakake
B. ngajak lan ngelingake supaya ora ana sing tuku
C. maido lan ngajak supaya ora disenengi
D. mamerake nanging ora ngajak nuku
10. Ing ngisor iki titikane sesanti/ slogan sing bener yaiku ukarane . . . .
A. mamerake B. ngujuk-ujuki C. ngajak lan ngelingake D. nyenengake
11. Tembang ing tlatah Jawa sing paugerane ana telu yaiku guru gatra, guru lagu lan guru wilangan
diarani tembang . . . .
A. dolanan B. macapat C. lawas D. kenangan
12. Tembang macapat sing duweni 6 gatra yaiku . . . .
A. Mijil, pocung B. kinanthi, pangkur C. dhandanggula, mijil D. kinanthi, mijil
13. Ing ngisor iki sing kelebu jenise tembang macapat yaiku . . . .
A. gundul-gundul pacul B. suwe ora Jamu C. sinom D. jamuran
14. Watak tembang dhandanggula yaiku . . . .
A. luwes, manis B. sereng C. prihatin D. nelangsa

Wacanen kanggo mangsuli soal no 15, 16, lan 17!


Tinakdir ing alam donya,
Tinitah ikhtiyar angulir budi,
Lakune angudi ilmu,
Netepi tatakrama,
Samangsana manji ing tataning srawung,
Dimen gesang bagya mulya,
Menep lahir uga batin.
15. Tembang ing dhuwur kalebu tembang . . . .
A. pocung B. pangkur C. kinanthi D. asmaradhana
16. Guru wilangan lan guru lagu tembang ing dhuwur yaiku . . . .
A. 8a – 11u – 8u – 7a – 12u – 8a – 8i C. 8a – 11i – 10u – 7a – 12u – 8i – 8a
B. 8a – 11u – 10u – 7a – 11u – 8a – 8i D. 8a – 11i – 8u – 7a – 12u – 8a – 8i
17. “ Lakune angudi ilmu “, tembung Ngudi tegese . . . .
A. diwenehi B. nemu C. njaluk D. nggolek
18. Sing diarani guru wilangan yaiku . . . .
A. cacahe wanda (suku kata) saben sagatra C. unine swara saben pungkasaning gatra
B. cacahe gatra saben sapadha D. unine swara saben sapadha
19. Bapak pucung bisa nggereng bisa mbengung
Ngambah jumantara
Kaya manuk rajawali
Wira-wiri nggawa barang lan manungsa
Tembang pucung ing dhuwur klebu cangkriman, batangane . . . .
A. sepur B. bis kutha C. motor mabur D. truk gandheng
20.
yen ditulis aksara latin dadine . . . .
A. manuk emprit nucuk pari C. kaya manuk rajawali
B. manuk rajawali asli D. kaya manuk dadali
21. Sing kalebu unen-unen Jawa yaiku . . . .
A. bebasan, paribasan, saloka C. saloka, paribasan, pepindhan
B. bebasan, saloka, cangkriman D. saloka, bebasan, panyandra
22. Sing padha antarane paribasan, bebasan lan saloka yaiku tetembungane . . . .
A. tetep, cacahe ganep C. tetap, ganep, bisa owah
B. tetep, isine owah D. tetep, ora owah
23. “Asu belang ... ”, ukara sing trep kanggo ngganepi saloka iki yen ditulis Aksara Jawane yaiku ....
A. B. C. D.

24. Unen-unen kang ajeg panganggone, mawa teges entar (kias), ngemu surasa pepindhan lan kang
dipindhakake wonge, nganggo gegambaran arupa barang utawa kewan yaiku tegese . . . .
A. paribasan B. bebasan C. saloka D. cangkriman
25. Mb Rina bola bali didhawuhi Bapak nanging ora dirungakna supaya aja munggah gunung,
perkarane kaya . . . .
Tembung saloka sing trep kanggo ngganepi ukara ing dhuwur yaiku . . . .
A. kuthuk marani sunduk C. cebol nggayuh lintang
B. kriwikan dadi grojogan D. tumbu oleh tutup
26. Wong sing gampang molah- malih lan ora teteg atine alias mencla
mencle, bebasane yaiku . . . .
A. tuku dele karo tempe C. suk dele sore tempe
B. dodol dele lan tempe D. masak dele goreng tempe
27. Para pendukung pilkada kae akeh sing nyesel amarga wes kelangan kanca lan banda akeh kanggo
ndukung jagoanne, nanging nalika jagoanne sing di gadhang-gadhang wes lungguh ing kursi
kamulyan, dheweke malah disiya siya, ora direken lan ora dielingi maneh, persis kaya paribasan
gupuk pulut ora mangan nangkane, paribasan iki tegese . . . .
A. melu rekasa nanging ora melu kepenak C. melu kena regede, ora melu mangan
B. melu reged nanging mung reged wae D. gupak pulut, ora melu ngapa-ngapa
28. Omongane mung abang – abang lambe. Abang – abang lambe tegese . . . .
A. omongane gampang molah malih C. omongane ora tenanan, mung basa basi
B. guyone malah dadi susah D. nyela – nyela wong ngomong
29. Paijan kae uripe rekasa amarga kakean anak, kaya kebo . . . sungu.
Ukara seng mathuk kanggo jangkepi ukara ing dhuwur yaiku . . . .
A. duwe B. kelangan C. nusu D. kabotan
30. Nabok  nyilih tangan, bebasan kasebut tegese . . . .
A. wong ala dipasrahi barang kang aji, wekasane malah ngentek-enteki
B. wong pinter mungsuh wong pinter, nanging sing siji kalah ubet (rajin)
C. tumindak ala kanthi kongkonan wong liya
D. sembarang tumindak ala utawa becik bakal konangan

II. Wangsulana pitakon ing ngisor iki !


31. Apa wae titikane teks persuasi ?
.............................................................................................................................................................
32. Gawenen teks pariwara/iklan kanthi gambar ing ngisor iki!

.............................................................................................................................................................
33. Wacanen tembung pucung ing ngisor iki!

Dadi uwong kudu sing sregep sinau


Ojo dha sembrana
Ilmu mesti migunani
Kanggo awak dewe, bangsa lan negara
a. Piro cacahe gatra tembung ing dhuwur?
b. Golekana guru wilangan lan guru lagu saben gatra?
...............................................................................................................................................................

34. Apa bedane guru wilangan karo guru lagu!


..............................................................................................................................................................
35. Apa tegese paribasan ing ngisor iki !
a. Udan tangis.
b. Jer Basuki mawa beya.
..............................................................................................................................................................

Anda mungkin juga menyukai