Anda di halaman 1dari 3

PENILAIAN AKHIR SEMESTER (PAS) GASAL

MADRASAH TSANAWIYAH
TAHUN PELAJARAN 2023/2024

Mata Pelajaran :Bahasa Jawa Hari,Tanggal :


Kelas/Semester : VIII (Delapan) / Gasal Pukul :
Kode : Waktu : Menit

PERHATIAN :
a. Semua jawaban dikerjakan di lembar jawaban yang tersedia
‫ال‬ b. Tulislah nama dan nomor peserta ditulis disebelah kanan atas lembar jawaban
c. Gunakan waktu yang tersedia dengan sebaik-baiknya

I. Wangsulana pitakon – pitakon ing ngisor kanthi menehi tandha ping (x) ing aksara A, B, C
utawa D kang kokanggep bener !

1. Ing ngisor iki kang ora klebu jenising cerita rakyat yaiku....
A. Sejarah C. Mite
B. Sage D. Legendha
2. Cerita legendha kang ana gegayutane karo dumadine papan panggonan yaiku ....
A. Fabel C. Legenda
B. Mitos D. Dongeng
3. Gatekna tuladha cerita rakyat ing ngisor iki!
1. Nyi Roro Kidul 3. Dumadine kutha BAnyuwangi
2. Candi Prambanan 4. KAncil lan Baya
Kang klebu tuladhane cerita legendha yaiku ….
A. 1, 2 C. 3, 4
B. 2, 3 D. 1, 4
4. Salah sawijining tetenger cerita legendha yaiku Anonim, tegese ....
A. Ora dingerteni sp kang nganggit
B. Dianggep duweke rakyat bareng-bareng
C. Nggambarake kedadeyan kang mokal anane
D. Ora owah saka jaman mbiyen nganti saiki
5. Gambaran kapan, ana ing ngendi lan kepriye kadadeyane ana ing sajroning cerita diarani....
A. Latar C. tema
B. Alur D. amanat
6. Ukara kang kadadeyan saka rok pola utawa lewih diarani ....
A. Ukara lamba C. ukara tanduk
B. Ukara tanggap D. Ukara camboran
7. Kang klebu tuladhane ukara camboran yaiku....
A. Ibu tumbas rambutan C. Klambine dijait Mba Nina
B. Bapak tindak sabin dene Ibu tindak peken D. Siti naypu latar
8. Serat wulangreh dianggit dening ....
A. Sri Susuhunan Pakubuwono IV C. Sri Sultan Hamengkubuwono IV
B. Sri Susuhunan Pakubuwono V D. Sri Sultan Hamengkubuwono V

Ana pocapanipun
Adiguna, Adigang Adigung
Pan Adigang kidang Adigung pinasti
Adiguna ula iku
Telu pisan mati samyoh
9. Guru wilanagn lan guru lagu tembang gambuh yaiku....
A. 8u, 10u, 12i, 8o, 8u C. 7u, 10u, 12i, 8u, 8o
B. 7u, 12i, 10u, 8u, 8o D. 7u, 10u, 12i, 8o, 8u
10. Tibaning swara ing pungkasaning gatra diarani ....
A. Guru gatra C. Guru wilangan
B. Guru lagu D. Guru sastra
11. Watake tembang gambuh yaiku ....
A. susah C. nelangsa
B. luwes D. lugas
12. Isi tembang gambuh ing nduwur yaiku aja nduweni sipat adigang, adigung lan adiguna. Tegese
adigang yaiku....
A. Sipat kang ngendelake pangkat C. sipat kang ngendelake kekuwatan awak
B. Sipat kang ngendelake kapinteran D. sipat kang welas asih
13. Sipat adiguna digambarake kaya dene kewan....
A. kidang C. gajah
B. macan D. ula
14. Gatekna ukara ing ngisor iki!
1. Pawarta dinan 3. Pawarta dadakan
2. Pawarta mingguan 4. Pawarta crita
Kang kalebu jenising pawarta yaiku ….
A. 1, 2, 3 C. 1, 3, 4
B. 1, 2, 4 D. 1, 4
15. Tuladhane pawarta dadakan yaiku ....
A. Kebanjiran C. Objek wisata Pangan daran
B. Kunjungan Bupati D. Peresmian sekolah anyar
16. Pawarta kang becik aja nganti duweni sipat....
A. aktual C. anyar
B. subjektif D. objektif
17. Pawarta kang bisane mung dirungokake yaiku pawarta kang lumantar ....
A. Tv C. radhio
B. Koran D. majalah
18. Pawarta kang cepet disiyarake yaiku pawarta kang lumantar ....
A. koran C. radhio
B. majalah D. internet
19. Pawarta asale saka tembung warta kang tegese ....
A. tulisan C. siaran
B. kabar D. Laying

Gatekna Pacelathon ing ngisor iki!


Persami
Bu Neni : “Bocah-bocah, mbesuk tanggal 23 Agustus sekolah nganakake Persami kanggo murid
kelas VII lan VIII.”
Rita : “ Persami punika punapa Bu?.”
Bu Neni : “ Persami kuwi Perkemahan Sabtu Minggu, kowe kabeh kelas VII, wajib melu.”
Dimas : “Wajib nggih, Bu? Lajeng wonten pundi Bu persami badhe kalaksanakaken?”
Bu Neni : “ Ana lapangan sekolah kene bae cukup, ora perlu adoh-adoh.”
Dimas : “ O. makaten, Bu.”
Bu Neni : “ Iya. Ya wis saiki dibukak LKS kaca 13.”
20. Pacelathon ing ndhuwur ngembug baba apa?
A. Lomba Agustusan C. Bakti sosial
B. Kerja bakti D. Persami
21. Ing pacelathon Persami, Persami kalaksanakake ....
A. 23 November C. 23 Agustus
B. 24 November D. 24 Agustus
22. Ana ing pacelathon ing nduwur, Bu Neni migunakake basa ....
A. Ngoko lugu C. Krama lugu
B. Ngoko alus D. Krama alus
23. Purwakanthi kang runtut swarane yaiku purwakanthi ....
A. Guru basa C. Guru sastra
B. Guru swara D. lumaksita
24. Sluman, slumun, slamet iku tuladhane purwakanthi ....
A. Guru swara C. Guru sastra
B. Guru basa D. Guru gatra
25. Tuladhane Purwakanthi guru basa yaiku ....
A. Bibit, bebet, bobot C. Tata, titi, tentrem
B. Ana awan ana pangan D. Witing tresno, tresnone mung sawetara

II. Gathukna pitakonan ing ngisor iki karo jawaban ing sisih tengen !
A. amanat
26. Pawongna kang nindakake lakune cerita yaiku....
B. 5
27. Cerita rakyat kang nyritakake kewan ....
C. alawarti
28. Piwulang kang dijupuk ing sajroning cerita....
D. adigang
29. Cacahing larik saben segatra yaiku ….
E. dinan
30. Guru gatra tembang gambuh....
F. guru gatra
31. Guru lagu gatra ke loro tembang gambuh ....
G. 10
32. Sipat kang ngendelake pangkat ....
H. paraga
33. Pawarta kang ora dibatesi dening wektu lan panggonan ....
I. adigung
34. Pawarta kang wektu lan panggonane wis dimengerteni sedurunge....
J. fabel
35. Pawarta kang lumantar media cetak....
K. dadakan
L. Guru lagu

III. Wangsulan pitakon ing ngisor iki!


36. Cerita rakyat kaperang dadi 4, sebutna!
37. Sebutna paugerane tembang gambuh!
38. Jlentrehna tegese Pawarta!
39. Salin nganggo aksara jawa!
“ Adiguna ula iku”
40. Owahen ukara ngoko ing ngisor iki dadi basa krama!
“ Mba Lara sora sida tuku motor”

Anda mungkin juga menyukai