Anda di halaman 1dari 8

I. Pilihen wangsulan sing bener kanthi menehi tandha silang (x)!

1. Wacanen geguritan iki!


Ora beda karo kulawargaku
Adik nyapu latar aku ngumbah motor
Ibu tata dhahar bapak tindak kantor
Kabeh meres keringet . . . meres pikir
Guyub rukun . . . adhem ayem
Wose geguritan kasebut yaiku . . .
A. Guyub rukun ing kulawarga.
B. Kulawarga padha meres kringet.
C. Kulawarga sing ora beda.
D. Meres keringet supaya adhem ayem.

2. Kabeh meres keringet . . . meres pikir


Guyub rukun . . . adhem ayem
Meres keringet tegese?
A. Nyambut gawe tenanan
B. Meres banyu keringet
C. Kerja sakkarepe dewe
D. Jembar kawruhe

3. Pak Sutikno : “Yu, kowe kok nganggo kaos olahraga. Kowe arep menyang endi?”
Bayu : “kula badhe ... lomba voly dateng kecamatan pak.”
Pak Sutikno : “Oo, tak dongakne muga-muga menang yu”
Bayu : “Amin, matur nuwun Pak Tik.”
Ukara kang bener kanggo jangkepi wacan pacelathon kasebut yaiku ...
A. Tindak
B. Dherek
C. Menyang
D. Dhateng

4. Ki Jala Ijo nyanggupi prentahe Prabu Arya Bangah. Kanthi kadherekake


punggawa kraton loro cacahe Ki Jala Ijo mlaku ngulon parane. Tekan perengane
gunung kapur, Ki Jala Ijo nancepake pusakane. Dumadakan, saka tilas nancepne pusaka
metu banyu sing gemrojog. Suwe-suwe, iline banyu tansaya banter lan ronge
(terowongane) tambah amba nganti dadi guwa sing metu kaline. “Besuk yen ana rejane
jaman, papapm iki diarani Guwa Ngerong”.

Papan dumadi (latar tempat) crita kasebut yaiku ...


A. Gunung Kapur
B. Terowongan
C. Guwa Ngerong
D. Banyu grojogan
5. Budhe menyang pasar numpak sepeda motor.
Ukara ing nduwur yen digawe basa krama yaiku ...
A. Budhe tindak datheng peken nitih sepeda motor
B. Budhe tanduk datheng peken maos sepeda motor
C. Budhe tindak dhateng pasar nitih sepeda motor
D. Budhe kesah dhateng peken maos sepeda motor

6. Bima melu adu ngumbulake layangan. Layangan Bima wangune kaya kupu.
Swiwine digambari kembang rupa abang, wungu, lan ijo Sirahe dirupa ireng ana galer-
galere coklat. Buntutane nglewer dawa diwerna putih belang ireng.
Layangane Bima wis suwe mumbul gleyang-gleyong ing akasa. Yen disawang
kaya ula nyunggi kupu-kupu. Sing ndeleng padha keplo-keplok. Pengetan dina
pramuka tahun iki katon rame lan nyenengake.
Ukara baku (utama) ing wacan kasebut yaiku ...
A. Sing ndeleng padha keplok-keplok.
B. Layangane Bima wis mumbul ana akasa.
C. Yen disawang kaya ula nyunggi kupu-kupu.
D. Bima melu adu ngumbulake layangan.

7. Lumbung desa pra tani padha makarya


Ayo dhi, njupuk ari nata lesung nyandhak alu
Ayo yu padha nutu wis rampung nuli adang
Ayo kang, dha tumandang yen wis mateng nuli madhang,

Inti saks isine tembang dolanan kasebut supaya keturutan karepe yaiku ...
A. Njagake wong liya
B. Njaluk wong liya
C. Kudu nyambut gawe
D. Tuku ing warung

8. Raden Werkudara Satriya Sing Gagah Prakosa, tur sekti ...


A. Ngilmu
B. Pideksa
C. Mandraguna
D. Wibawa

9. Bareng bisa maca tulisan jawa Kusno banjur gedhe endhase. Gedhe endhase tegese ...
A. Umuk
B. Sabar
C. Pinter
D. Seneng
10. Dhuh-dhuh adhuh ngger putraku jalu estri,
Padha midhangetna,
Pituturing rama wibi,
Singkirana tindak nistha,

Tembang macapat kasebut diarani tembang ...


A. Pucung
B. Gambuh
C. Megatruh
D. Maskumambang
11. Pocung
Bapa Pocung rupane amemba gunung,
Tak ana kang tresna,
Kabeh uwong mesthi sengit,
Kang kanggonan den elus-elus tinangisan

Guru wilangan, lan guru lagune tembang pucung gatra kapapat yaiku ...
A. 6a
B. 8i
C. 12a
D. 12u

12. “Bayu numpak sepur” yen ditulis aksara jawa yaiku ...

A.

B.

C.

D.

13. Budhi omong, “sesuk aku nyilih bukumu.”


Ukara kandha iki yen diowahi dadi ukara cerita ...
A. Budhi omong yen sesuk arep nyilih bukuku.
B. Budhi sesuk arep nyilih bukuku.
C. Bukuku arep disilih Budhi.
D. Aku nyileh bukumu Budhi.
14. Pangkur
Negriku Indonesia,
Nut jaman kapungkur tetep nyawiji,
Nunggal ingkang den ginayuh, karaharjaning bangsa,
Loh jinawi subur kang sarwa tinandur,
Murah sandhang lawan pangan,
Karukun kang jinagi.

Tembung kang katulis kandel jroning tembang pangkur tegese yaiku ...
A. Nyanyian siji
B. Salah siji
C. Kurang siji
D. Dadi siji

15. Tembang Pangkur ing nomer 13 kasebut, watake ...


A. Wantah
B. Asih asuh
C. Sereng
D. Prihatin

16. Pak Sugi uripe rekasa amarga ragat putra akeh. Senadyan mengkono durung bisa
nyukupi putra-putrane. Paribasane ...
A. Kebo mulih ing kandhange
B. Kebo mutung pasangan
C. Kebo kabotan sungu
D. Kebo nusu gudel

17. Tegese paribasan “Nututi layangan pedhot” yaiku ...


A. Nindakake pakaryan kang angel kelakone.
B. Nindakake pakaryan kang gampang kelakone.
C. Nindakake pakaryan kang angel oleh-olehane.
D. Nindakake pakaryan kang gampang oleh-olehane.

18. Bapak Pucung amung kang sinawung sirah lawan gembung,


Padha kinunjara,
Mati sajroning ngurip,
Mbijik baka sipucung dadi dahana.

Cangkriman kang sinawung tembang pucung iku batangane ...


A. Geni pawonan
B. Kompor gas
C. Lampu listrik
D. Korek jes
19. Cangkriman sing wujude pepindhan, “Gajah nguntal sangkrah” batangane ...
A. Prau
B. Gentong
C. Pawonan
D. Kranjang

20. Assalamu’alaikum Wr. Wb.


Salam
Kasugengan sarta karaharjan mugi tansah kajiwa kasarira dhumateng kula sedaya.
Aamiin.
Perangan pidato ing nduwur kalebu ...
A. Salam pambuka
B. Panutup
C. Dudutan
D. Isi

21. Pidhato kanthi ngapalake naskah luweh dhisik diarani ...


A. Impromptu
B. Memoriter
C. Ekstemporen
D. Naskah

22. PANGKUR
Sekar pangkur kang winara
Lelabuhan kag kanggo wong ngaurip
Ala lan becik punika
Prayoga kawruhana
Adat waton punika dipun kadulu
Miwah ingkang tata krama
Den kaesthi siyang ratri

Guru lagu tembang pangkur kasebut yaiku ...


A. a, i, u, a, u, a, i
B. a, i, a, a, i, a, i
C. u, u, i, u, o
D. u, i, u, i, o

23. Sing wateke seneng, tresna asih, mituturi lan nuladhani iku watake tembang ...
A. Kinanthi
B. Dhandhanggula
C. Sinom
D. Durma
24. Tegese bebasan yitno yuwana lena kena yaiku ...
A. Wong kang kesrakat uripe merga dhemen apus-apus.
B. Nindakake pegaweyan kanthi ora duwe kemelikan apa-apa.
C. Sing ngati-ati bakal slamet, sing sembrana cilaka.
D. Wong kasusahan amarga bencana.

25. Pak Briyan : “Lho, kok ngango kaos olah raga. Kowe apa ora ngerti, Dhi?”
Adhi : “Kula mboten ..., Pak”.
Pak Briyan : “Kowe ora ngerti tenan ta”.
Adhi : “Mboten, Pak”.
Jangkepe pacelathon ing antarane Apk Briyan lan Adhi yaiku ...
A. Ngertos
B. Priksa
C. Mudheng
D. Paham

26. Wacanen gegutitan iki !

Aja percaya marang impen


Endah nanging ora nyata
Saupama gelang ing tanganmu
Memper mas nanging dudu
Mung sawetara mawa cahya

Wose geguritan kasebut yaiku ...


A. Percaya marang impen
B. Impen kang pranyata endah
C. Saupama ngimpi kang endah
D. Aja percaya marang impen

27. Yen ditulis nganggo aksara latin, aksara jawa ing ngisor iki yaiku ...

A. Manut ngiler
B. Manuk miber
C. Menak mabur
D. Mabur duwur

28. Adhiku dolanan masak-masakan karo kancane. Tembung ‘dolanan’ asale saka tembung
lingga ...
A. Dolanan
B. Dolan
C. Dodolan
D. Dodol
29. Gambar tokoh wayang ing sisih kiwa iki kasatriyane ing ...

A. Madukara
B. Pringgondani
C. Sawojajar
D. Jodipati

30. Bocah kuwi ayu tenanan, rambute ngandhan-andhan, tangane nggandewa pinenthang,
bangkekane ...
A. Jambe sinigar
B. Nawon kemit
C. Ndamar kanginan
D. Mucuk eri

31. Becik ketitik ala ketara.


Paribasan kasebut tegese ...
A. Sembarang tumindak ala utawa becik wusanane bakal konangan.
B. Sipate pemimpin bisa dadi tuladha andhahane.
C. Nindakake pakaryan kang angel kelakone.
D. Dituturi bola-bali mekso ora digugu.

32. Manuk derkuku Mencok pager.


Yen ... marai pinter.
Bacute parikan ing dhuwur iku yaiku ...
A. Sregep
B. Manut
C. Sinau
D. Nurut

33. Dituturi bola-bali mekso ora digugu.


Bebasan kang mathuk yaiku ...
A. Mikul dhuwur mendhem jero.
B. Lambe satumang kari samerang.
C. Sepi ing pamrih rame ing gawe.
D. Yitna yuwana lena kena.

34. Nalika mangsa rendheng, para among tani pada guyup rukun tandur pari.
Kerata basane tandur pari yaiku ...
A. Nata tanduran
B. Nata karo mundur
C. Nata kanthi diulur-ulur
D. Ditata supaya mundur
35. Bocah iku sajake lagi wae lara ketara cahyane abang dluwang. Sanepe cahyane abang
dluwang tegese ...
A. Cahyane mencorong banget
B. Cahyane padhang banget
C. Cahyane pucet banget
D. Cahyane sumringah

I. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kang patitis !


1. Ukara ing ngisor iki udhalen kanthi pola jejer – wasesa – lesan – katrangan!
a. Tika methik kembang mlati ing taman.
b. Bapak macul nyang sawah
c. Simbah tindak peken kalawingi

2. Wong Jawa iku kudu nduweni unggah-ungguh ana ing madyaning masyarakat.
Terangna kepriye unggah-ungguh lan pangucape nalika :
a. Ngliwati wong kang lagi lenggahan
b. Mbagekake tamu sing nembe rawuh

3. Sebutna cacahe punakawan kanthi jangkep!

4. Sebutna 2 paribasan lan artine !

5. Ukara iki gawenen basa krama inggil!


a. Bapak lunga menyang Solo numpak sepur.
b.

Anda mungkin juga menyukai