Anda di halaman 1dari 12

1 Dadi siswa kang prayoga

Ora cukup amung wasis


Ning ana perkara liya
Lan wajib kita nglakoni
Mring guru aja wani
Ngabekti klawan mituhu
Tembang macapat kasebut diarani tembang....
A Sinom

B Maskumambang
C Asmaradana

D Kinanthi

2 Yen kekancan kudu bisa milah milih


Yen watake ala
Iku aja dikumpuli
Watek becik kumpulana
Guru gatrane tembang Maskumambang kasebut yaiku....
A 4 gatra

B 5 gatra
C 6 gatra

D 7 gatra

3 Karo kanca kudu urip guyup rukun


Senajan beda agami
Apadene beda suku
Ayo padha sing nyawiji
Gedhe cilik tuwa anom
Guru wilangan lan guru lagune tembang ing dhuwur yaiku....

A 13i, 7a, 9i, 9a


B 12u, 8i, 8u, 8i

C 10a, 8u, 8i, 6a


D 8a, 8,i, 6e, 6i

4 Ayo padha mbangun bangsa iki


Kanthi gotong rotong
Guyup rukun para kawulane
Pemerintah manunggal nyawiji
Adege pemimpin
Murih bisa maju
Ukara andharan kang mathuk kanggo gatra kapindho yaiku....
A program pamerintah mbangun nusa bangsa
B masyarakat urip kanthi sayuk rukun

C nandangi penggawean kanthi bebarengan


D duweni gegayuhan supaya bisa maju

5 Tembang Macapat iku andhuweni watak kang maneka warna. Saben-saben tembang ora padha watkae. Dene
watake tembang Mijil yaiku....
A nglara sedhih

B sereng tegas
C grapyak renyah

D asih asuh

6 Isi sesorah iku kudu dijlentrehake kanthi gamblang, tujuane supaya para rawuh magerteni apa isine pidhtao
kanthi cetha.
Sekabehe isi sesorah kang dijlentrehake kanthi gamblang nalika pidhato diarani....
A salam pambuka

B purwaka
C wasana basa

D surasa basa

7 Buntel kadut, ora mangan ora udut.


Unen-unen ing dhuwur tegese....

A nyambut gawe borongan ora oleh mangan karo rokok


B nyambut gawe borongan oleh mangan karo rokok

C nyambut gawe borongan kanthi tanggung jawab


D nyambut gawe borongan kanthi sembrana

8 Kembang kencur, ganda sedhep sandhing sumur


Kudu jujur, ....
Ukara kang mathuk kanggo njangkepi parikan kasebut yaiku....

A sing sregep turu


B sing sregep ngguyu

C sing sregep sinau


D sing sregep mlayu

9 Negara indonesia iku mardhika nalika tanggal 17 Agustus taun 1945.


Angka 1945 yen ditulis nganggo aksara Jawa yaiku....
A

C
D

10

Aksara Jawa kang mathuk kanggo ngganepi ukara ing dhuwur yaiku....
A

11 Emboke dielus-elus, anake diidak-idak.


Batangane cangkriman kasebut yaiku....

A sarung
B andha

C rokok
D clana

12 Guru gatra, guru lagu, lan guru wilangan iku kalebu paugerane tembang Macapat kang cacahe ana 11
temabang. Salah siji pedhotane tembang Macapat Asmaradana yaiku....
A Marang dulur anom ira

B Awor kanca kudu bisa milih


C Dadi siswa kang prayoga

D Marang sedulur kang wigati

13 Dewi lan Surti iku karo-karone putrine pak Hamid lan ibu Hamidah. Dene Dewi iku putri pambarep lan Surti
wuragile. Anake pak Hamid diarani....

A kembang sepasang
B uger-uger lawang

C kedhana-kedhini
D kembar gantung

14 Purwakathi iku mujudake runtute swara ing ukara, wanda utawa tembung kang kapisan nggandheng wanda
utawa tembung ing saburine.
Ukara kang kalebu purwakanthi yaiku....

A Wajik klethik gula jawa, luwih becik sing prasaja


B Ing dhuwur wayangan, ing ngisor jedhoran

C Lungguh dhingklik dhingklike wong cilik-cilik


D Dudu sanak dudu kadang, yen mati melu kelangan
15

Tokoh pewayangan kasebut iku satriya ing....


A Jodhipati

B Jodhipati
C Madukara

D Pringgodani

16 Raden Werkudara iku putrane Prabu Pandhu lan Dewi Kunthi sing angka loro. Werkudara iku titisane Batara
Bayu.  Watake setya tuhu marang guru, bekti marang ibu, teguh ing janji, bela bebener, mbrastha angkara,
dhemen tetulung, tresna marang kadang, lan adil.
Salah siji dasanamane Raden Werkudara yaiku....

A Wanaraseta
B Rahwana

C Arjuna
D Bratasena

17 Jangan gori, nganti judheg anggonku mikir. Tembung gori tegese....

A rebung
B tewel
C bayem
D kacang

18 Ulese kewan iku akeh banget cacahe lan katon endah yen diswang. Denen kewan kang nduweni ules
kembang telon lan kembang asem yaiku....
A pitik

B macan
C kucing

D wedhus

19 Pandhitane antake.
Paribasan iki kanggone wong kang....

A laire katon anteng nangin batine ala


B laire katon anteng nanging batine becik

C laire katon ala nanging batine becik


D laire katon ala atine uga melu ala

20 Bumi iku pinangka panggonan panguripane tetanduran. Dene tetanduran ana kang awujud wit-witan, kayata
wit krambil, wit gedhang, wit pring, wit jati, lan liya-liyane. Saben wit iku duwe aran dhewe-dhewe, ora
padha siji lan sijine. Wit gedhang iku diarani....
A debog
B glugu

C randhu
D tebon

21 Gatekna tabel ing ngisor iki!

Cangkriman Batangane

1. Emboke dielus-elus anake diidak-idak. a. srengenge

2. Ora mudhun yen ora nggawa mrica sakanthong. b. andha

3. Yen dideleng gampang nanging yen dicekel angel. c. sarung

4. Klumbrak klumbruk nguntal wong. d. kates

Cangkriman lan batangane kang mathuk ditudhuhake nomer....

A 1c
B 2b

C 3a
D 4d

22

Aksara jawa kasebut diwaca....

A sega sakepel dirubung tinggi


B dikethok malah dhuwur

C pitik walik saba meja


D pitik walik saba kebun

23

Batangane cangkriman ing dhuwur yaiku....

A salak
B sulak

C nanas
D sruwal

24 1) Purwaka
2) Satata basa
3) Surasa basa
4) Asma terang
5) Dudutan
Strukture pidhato dituduhake dening nomer....
A 2, 3, 4
B 2, 4, 5
C 1, 2, 4

D 1, 3, 5

25 Klepon iku panganan tradisional wong Jawa kang digawe saka glepung beras ketan. Wujude bunder
mblondho kang nduweni ukuran kaya dir dolanane bocah. Klepon biasane diwenehi warna ijo, nanging uga
ana sing kuning, lana abang. Rasane legi amarga ing tengah ana isine arupa gula jawa cair, ing njabane
diwenenhi krambil enom kang wus diparut. Dadi nalika dipangan rasane maknyus, enak tenan.
Wacan ing dhuwur kalebu wacan....
A dheskripsi

B persuasi
C narasi

D eksposisi

26 Njalin biasane digunakake bahan baku mebel, contone kursi, meja, lan rak buku. Njalin minangka dadi bahan
baku mebel nduweni kaluwihan lan kekurangan. Dene kaluwihane njalin tinimbang kayu yaiku entheng,
kuwat, gampang dibentuk, lan murah. Kekurangane yaiku gampang bubuken.
Ukara pokok adhedhasar wacan ing dhuwur yaiku....

A Njalin biasane digunakake bahan baku mebel


B Njalin nduweni keluwihan kang akeh

C Kekurangane njalin iku gampang bubuken


D Njalin nduweni kaluwihan lan kekurangan

27 Kabeh warga golong gilig, guyup rukun, lan rembug mateng, bubar ndandani omah ambruk direncana saben
sore gotong royong reresik kabeh panggonan kang katrajang angin. Diwiwiti saka omah pekarangan ing desa
banjur sumrambah ana sawah.wit-wit kang rubuh diresiki, kayune kanggo bahan bangunan utawa kayu
bakar, dene godhonge kanggo rabuk. Kanthi gotong royong kabeh pakaryan dadi cepet rampung.
Wacan ing dhuwur kalebu paragraf....

A Dhedhuktif
B Ineratif

C Indhuktif
D Campuran

28 Awor kanca kudu bisa milih


Awit kanca iku duwe watak
Becik ala martabate
Kaya mangkono iku
Bakal bisa anenulari
Isine pedhotan tembang Dhandhanggula ing dhuwur yaiku....
A Kekancan milih kanca kang becik watakae

B Kekancan milih kanca kang ala watakae


C Kanca ala watake iku ora bisa nulari liyan

D Kanca becik watake iku ora bisa nulari


29 Monggo kita sesarengan ngunjungaken puja lan puji syukur dhateng Gusti Allah SWT. ingkang sampun
maringi berkah lan karunia saengga kita sedaya saget makempal sesarengan kanthi sehat wal afiat.
Perangane sesorah ing dhuwur diarani....

A Purwaka
B Salam pambuka

C Surasa basa
D Wasana basa

30 Bapak pocung
Renteng-renteng kaya kalung
Dawa kaya ula
Pencokanmu wesi miring
Sing disaba
Si pocung mung turut kutha
Cangkriman ing dhuwur iku awujud....

A Pepindhan
B Tetembangan

C Blenderan
D Wantah

31 Kembang iku dumadi saka tetanduran, padha uga tetanduran cilik utawa edhe. Kembang duren arane
dlongop, kembang kara arane kepek, kembang mlinjo arane kroto. Dene kembang pring arane....
A Krosek

B Ontel
C Karuk

D Nendul

32 Para siswa padha ngudi kawruh ing sekolahan saben dina.


Tembung kang anduweni teges ngelmu yaiku....

A Ngudi
B Kawruh

C Siswa
D Sekolahan

33 Fabel yaiku crita fiksi kang nyritakake uripe kewan utawa sato kang tumindake kaya manungsa. Salah siji
tuladhane fabel yaiku....
A Si Kancil

B Nyi Roro Kidul


C Tangkuban Perahu

D Jaka Tingkir
34 Dewi      : “Bu kula badhe bidhal sekolah, kula nyuwun pangestunipun”
Bu Sri    : “oh iya, ati-ati ndhuk, PR mu apa wis digarap?”
Dewi      : “....”
Bu Sri    : “Ya, sing ngati-ati, golek ngelmu, budi, lan pakerti sing tenanan”
Dewi      : “Inggih Bu, Assalamu alaikum.”
Bu Sri    : “Waalaikumussalam”.
Ukara kang mathuk kanggo njangkepi pacelathon ing dhuwur yaiku....

A Sampun Bu, dhik wingi sore sareng rencang-rencang


B Sampun Bu, dhik wingi sonten sareng kanca-kanca

C Sampun Bu, kala wingi sonten sareng rencang-rencang


D Sampun Bu, kala wingi sonten bareng rencang-rencang

35 Para satriya iku sekti mandraguna. Ana kang anduweni aji-aji lan gegaman pamungkas. Salah sijine gegaman
pamungkas yaiku cincin sotyaningampal kang didhuweni dening....
A Raden Werkudara

B Raden Arjuna
C Raden Dursasana

D Raden Kumbakarna

36 Watake tembang Macapat iku beda-beda, saben tembang nduweni watak dhewe-dhewe. Tembang Macapat
kang anduweni watak grapyak renyah yaiku....

A Mijil
B Sinom

C Pangkur
D Durma

37 Karo kanca kudu urip guyup rukun


Senajan beda agami
Apa dene beda suku
Ayo padha sing nyawiji
Gedhe cilik tuwa anom
Guru wilangan lan guru lagune gatra kalima yaiku....
A

B
C

38 Penggaweyane wong ing pagelaran wayang iku maneka warna, siji lan sijine ora padha, nanging kabeh
kanggo nyengkuyung kasile pagelaran wayang. Penggaweyane wong sing tukang nabuh gamelan ing
pagelaran wayang diarani....
A 8o
B 8i

C 12u
D 12i

39 1) Pidhato kenegaraan
2) Pidhato nampa manten
3) Pidhato sambutan aqiqah
4) Pidhato pengetan dina kamardhikan
Kang kalebu tuladhane pidhato ora resmi dituduhake dening nomer....

A Dhalang
B Dhalang

C Niyaga
D Lakon

40 Penganggone huruf kapital kudu bener lan cetha nulise miturut paugerane, ora kena sembarangan nulis
sakarepe dhewe. Tuladhane ukara nganggo huruf kapital kang bener yaiku....
A 1), 2)

B 2), 3)
C 3), 4)
D 4), 1)

41 1) Ajeg penganggone
2) Mawa teges entar
3) Ngemu surasa pepindhan
4) Ora ngemu surasa pepindhan
Paugeran kang mathuk kanggo tembung saloka yaiku....
A Mas hadi budhal Sekolah numpak sepedhah.

B Pak Kardi tindak Dhateng jakarta kala wingi


C Warga Desa sukosari gotong royong ngresiki dalan

D Kabupaten Blitar iku kalebu propinsi Jawa Timur

42 Zaki budhal sekolah jam 06.00 esuk.


Tembung budhal sekolah yen ditulis nganggo aksara Jawa yaiku....

D
43 Aku duwe kathok kodhok.
Ukara iki yen ditulis nganggo aksara Jawa yaiku....
A

C
D

44 Bu Guru : “Rin, jupukna kapur kuwi!”


Erina      : “Inggih Bu.”
Ukara pakon adhedhasar pacelathon ing dhuwur yen ditulis nganggo aksara Jawa yaiku....

A
B

C
D

45

Aksara Jawa iki diwaca....

A Iwak bakar
B Iwak sesigar

C Numpak dhokar
D Numpak cikar

46 Padu klawan dulur kaya


Rebut balung tanpa isi
Guru wilangan lan guru lagune pedhotan tembang ing dhuwur yaiku....

A 8e, 80
B 8a, 8i

C 12a, 12 i
D 12e, 12o

47

Aksara Jawa iki diwaca....

A Pramuka penggalang
B Pramuka siaga

C Pramuka penegak
D Pramuka pandhega
48 Kucingku cacahe ana papat.
Ukara ing dhuwur yen ditulis nganggo aksara Jawa yaiku....
A

49 Ukara ing ngisor iki kang kalebu paugeran sing kudu digatekake nalika arep nindakake sesorah yaiku....
A Eyiapake underan lan naliti kahanan pamiarsa

B Panulisan sing dituju kudune jangkep temenan


C Nggunakake tetembungan sing angel dingerteni

D Ekspresi praupan kudu cocog karo isine geguritan

50 Nardi nduweni gegayuhan kang mukal kelakone.


Paribasan kang mathuk kanggo kahanan kasebut yaiku....

A endhas gundhul dikepeti


B Cebol nggayuh lintang

C Diwenehi ati ngrogoh rempela


D Anak polah bapa kepradhah

Kunci Jawaban
Group Mapel
No Jawaban Scor
PPKN/IPS/BINA/IPA/SBdP
1 A 2

2 A 2
3 B 2

4 C 2
5 D 2

6 D 2
7 A 2

8 C 2
9 D 2

10 B 2
11 B 2

12 D 2
13 A 2
14 C 2
15 D 2

16 D 2
17 B 2

18 C 2
19 A 2

20 A 2
21 C 2

22 C 2
23 B 2

24 D 2
25 A 2

26 D 2
27 C 2

28 A 2
29 A 2

30 B 2
31 A 2

32 B 2
33 A 2

34 C 2
35 B 2

36 B 2
37 A 2

38 C 2
39 B 2

40 D 2
41 A 2

42 C 2
43 C 2

44 B 2
45 D 2

46 B 2
47 A 2

48 C 2
49 A 2

50 B 2

Anda mungkin juga menyukai