Anda di halaman 1dari 11

I.

Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi milih wangsulan A, B, C, D, utawa


E tumrap pratelan kang trep!

1. Artikel kang ngandharake sawijining masalah kang dumadi ing masyarakat, sahingga
bisa disumurupi apa sing satemene dumadi diarani jenis artikel ....
A. Ekploratif
B. Eksplanatif
C. Deskripsi
D. Prediktif
E. Preskriptif

2. tinabuh, sinilih, nangis, mbalang, manuta. Tembung linggane yaiku ....


A. tabuh, silih, tangis, balang, manut
B. nabuh, silih, tangis, balang, manut
C. tabuh, silih, nangis, balang, manut
D. nabuh, silih, tangis, balang, manut
E. tabuh, nyilih, tangis, balang, manut

3. Bocah-bocah nggarap soal-soal ujian ing kelas.


Ukara kasebut dumadi saka ....
A. J-W
B. J-W-L
C. J-W-L-K
D. J1-W-L-K-J2
E. J1-W-L-K-J2-W2

4. Gatekna wacan ing ngisor iki!


Kudu Njaga Karesikan
Lingkungan resik urip sehat duweni teges lingkunan sing adoh saka kondisi kang
nyebabake lelara. Lingkungan sing resik bisa ndadekake urip sehat. Tegese saka
lingkungan resik urip sehat yaiku urip lingkungan sing kita panggeni nduweni kesan
becik kanggo sesawangan lan menehi sehat.
Lingkungan sing kita panggone bisa dukung lan nduweni pengaruh tumrap panguripe
manungsa dhewe. Yen lingkungan kita, wargane duwe pakulinan urp sehat, mesthine iki
bakal nuwuhake kesan luwih becik tumrap pribadi lan masyarakat. Ananging suwalike
yen kita manggon ing warga kang duweni pakulinan kemproh lan omben-omben bab iki
bakal duweni pengaruh psikis lan mental kita. Kahanan iki bisa diselaki yen wis bangun
bale wisma amarga lingkungan kaya mau bisa nduweni pengaruh tumrap sesawangan
putra-putri kita.
Kena apa lingkungan kudu resik ?
A. Amarga panggonan sehat bisa dukung panguripane manungsa
B. Amarga saka lingkungan resik bisa ndadekake urip sehat
C. Amarga wargane nduweni kebiyasaan becik.
D. Amarga kahanan iki bisa nuwuhake sesawangan kang asri
E. Amarga wargane supaya ora kemroh.
5. Paraga wayang iki minangka dadi kakange Nakula lan Sadewa, nduweni wateg kang
sabar lan jujur marang sapa wae yaiku ....
A. Janaka
B. Puntadewa
C. Werkudara
D. Arjuna
E. Duryudana

6. Pagelaran lakon wayang bisa dadi salah sawijining sarana panggulawenthah ing
babagan moral lan kautaman. Jalaran ....
A. Pagelaran ora mung asipat tontonan, ning uga tuntunan tumprap penontone.
B. Pagelaran wayang mujudake sarana ningkatake devisa negara.
C. Pagelaran wayang purwa mujudake piwulang agama kang laras karo dhasare
negara.
D. Pagelaran wayang kang maneka warna jenis, bisa nambahi kawruh tumprap para
mudha.
E. Pagelaran wayang mujudake sarana dramatrisasi teks crita wayang saka negara
manca.
7. ?prgwy=k=ffig/w[nr[fn²nÔ|autwbiyu=[z!kulln±[dwyaiku........
A. Dewi Anjani
B. Dewi Madrim
C. Dewi Kunthi
D. Dewi Utari
E. Dewi Sinta

8. Aku budhal saka Surabaya tumuju Amerika.


A. ?akubudlSk$urbytumujuI[mrik.
B. ?akubudlSk$urby tumujuE[mrik.
C. ?akubudlSk@rby tumujuA[mrik.
D. ?akubudlSk$urby tumujuA[mrik.
E. ?akubudlSk$urby tumujuU[mrik.
9. Safitri lan Ghiran mangan bakmi.
A. ?$p+it]ilnG+irnMznBkMi.
B. ?&p+it]ilnG+irnMznBkMi.
C. ?*p+it]ilnG+irnMznBkMi.
D. ?$p+it]ilnG+rnMznBkMi.
E. ?!p+it]ilnG+irnMznBkMi.
10. Tembang macapat kang nggambarake yen bayi wis lair yaiku ....
A. Maskumambang
B. Dandhanggula
C. Pangkur
D. Mijil
E. Sinom

11. Gatekna tembang macapat ing ngisor iki!


Gambuh
wajibe murid iku
kudu sregep taberi sinau
miwah gemi setiti lan ati-ati
manut parentahing guru
bekti mring wong tuwa karo
***
Guru lagu lan guru wilangan tembang macapat gambuh ing dhuwur yaiku....
A. 7u, 10u, 12i, 8u, 8o
B. 7u, 9u, 12i, 8u, 8o
C. 7u, 9u, 11i, 8u, 8i
D. 7o, 10u, 11i, 8o, 8i
E. 7o, 10u, 12i, 8o, 8i

12. Gatekna tembang ing ngisor iki!


Pangkur
Mingkar mingkuring angkara
Akarana karenan mardi siwi
Sinawung resmining kidung
Sinuba sinukarta
Mrih kretarta pakartining ngelmu luhung
Kang tumrap ing tanah Jawa
Agama ageming aji
***
Isi tembang macapat ing dhuwur yaiku ....
A. aja rumangsa ala
B. agama kuwi klambi kang utama
C. ora rumangsa yen awake ala
D. ora rumangsa alane akeh banget
E. agama iku penting

13. Gatekna geguritan ing ngisor iki!


Malem Selasa Kliwon
Dening:......

Malem selasa kilwon


Kang gawa sakehe pitakon
Ing jagad tanpa payon
Para manungsa padha sesingitan.
Wengi iki tintrim
Wengi kang sepi
Angin kelangan laku
Kabeh kewan bisu.
Mendung sore mau, ilang
Kanthi gawa rintik-rintik,bubar
Hawa donya,kadya mulate dahana
Panas lan sumpeg ing jiwa.
Malem selasa kliwon
Apa bener, demit klayaban ?
Saenggo manungsa delik ing jero senthong
Supaya ora kadustho wewe gombel lan butho.
Malem selasa kliwon
Wengi kang tanpa rowang
Tanpa kanca, kanggo mbabar esem
Amung kathon peteng.
Tema saka geguritan ing ndhuwur yaiku ....
A. Sosial
B. Pahlawan
C. Katresnan
D. Lingkungan
E. Pendhidhikan

14. Gatekna geguritan ing ngisor iki!


Lintang Panjer Rahina
Dening :.......

Nalika bumi isih sepi


Lintang panjer rahina wis tangi
Menehi pepadhang sagung dumadi
Kang wiwit gumregah ngupaya rejeki
Para among tani wis ndalidir mecaki galengan
Mbok bakul sinambiwara wung sengkut makarya
Para ngulama tumungkul mangestu puja
Para santri wiridan ngaji
Jago kluruk sasautan
Melu tasbeh marang Pangeran
Ndonya wis gagat rahina
Maringi kalodhangan janma ngupadi pangupajiwa
Irah-irahan “Lintang Panjer Rahina” sajrone geguritan ing ndhuwur nduweni teges ....
A. Arane lintang ing wayah esuk
B. Arane lintang sing terang banget
C. Arane lintang ing cedhake candra
D. Arane lintang ing lingait nalika wanci surub
E. Arane lintang sing mabyor endah ing langit

15. Gatekna geguritan ing ngisor iki!


Uripe Manungsa
Dening:.........

iki ana cerita


ngenani uripe manungsa
ingkang rekosa
amarga kakean dosa
ora gelem nindake dawuhe agama
geleme mung nyusahke wong tuwa
ora isa nyukuri sing diparingi pencipta
isane malingi dhuwite tangga
***
Basa rinengga kang ana ing geguritan dhuwur yaiku ....
A. Purwakanthi Guru Basa
B. Purwakanthi Guru Swara
C. Purwakanthi Guru Sastra
D. Tembung entar
E. Tembung saroja

16. Ing ngisor iki tata rakite upacara piton-piton!


1. Bocah dituntun ngidak jadah pitung werna
2. Munggah andha tebu arjuna
3. Mlebu njero kurungan
4. Mlaku wedhi / ceker-ceker
5. Nyebar udhik-udhik (dhuwit logam dicampur kembang)
6. Adus nganggo banyu kembang
7. Bocah didandani nganggo klambi kang resik lan apik
Urutaning tata rakite upacara piton-piton kang trep yaiku ....
A. 1 – 2 – 3 – 4 – 5 – 6 – 7
B. 1 – 3 – 5 – 7 – 4 – 2 – 6
C. 1 – 2 – 4 – 3 – 5 – 6 – 7
D. 4 – 6 – 7 – 1 – 2 – 3 – 5
E. 4 – 6 – 2 – 3 – 1 – 5 – 7

17. Gatekna gambar adhat Jawa ing ngisor iki!

Saka gambar kasebut, mratalakake ....


A. Bektine anak marang wong tuwa
B. Tatacara mantu kang maknane supaya reresik awak
C. Tatacara kang maknane temanten putri ora oleh metu saka kamar
D. Upacara minangka pralambang penganten kakung iku kudu tanggung jawab mring
kulawarga
E. Wong lanang iku kudu tanggung jawab marang kulawargane, mula kudu bisa nafkahi
kulawargane
18. “Purwa, madya wus dumugi pungkasaning adicara, kula minangka pranatacara ingkang
ndherekaken adicara ndherek mangayubagya dhumateng risang penganteng sarimbit,
sageda nggayuh gesang ingkang atut runtut rerentengan ngantos kaken-kaken ninen-
ninen kadya mimi hamintuna. Kula ugi ngaturaken panuwun rehning sampun pinitados
ndherekaken gatining laksana pawiwahan sri penganten. Kalamun wonten kalepatan,
kirang pana ing pandhapuking basa, kirang wikan ing pangandikan, kirang runtut
pangrakiting ukara, sayuk karya wulung wido mangsa rowang, sayektine wit saking
bodho kawula, pungkasaning atur sedhah siti boga kang kabuntel roning klapa,
apuranta yen wonten lepat kawula. Nuwun.”
Pratelan ing ndhuwur nuduhake perangan panutup ing teks pranatacara kang diarani ....
A. Atur pangarep-arep, panyapa lan atur panuwun.
B. Atur pangarep-arep, panyapa lan atur pangapunten.
C. Atur pangarep-arep, atur pakurmatan lan atur panuwun.
D. Atur pangarep-arep, atur panuwun lan atur pangapunten.
E. Atur pangarep-arep, atur pakurmatan lan atur pangapunten.

19. “Para pepundhen ingkang dahat pinundhi.


Para pinisepuh, kasepuhan, miwah para sesepuh ingkang satuhu kinabekten.
Para tamu wredha miwah taruna ingkang sutresna.
Sumangga tansah kula dherekaken tumungkul ing pepadaning Gusti ingkang Maha
welas lan asih, ingkang sampun paring ... ingkang tanpa pepindhan nun inggih
kabagaswarasan, satemah kula miwah panjenengan saged kempal manunggal ing
sasana ngriki saperlu paring paseksen sarta hangestreni tumapaking gati adicara ...
penganten sarimbit nun inggih Dyah Ayu Retnawati kaliyan Bagus Sulistya.”
Tembung kang trep kanggo njangkepi ceceg-ceceg ing ndhuwur yaiku ....
A. pepindhan, pawiwahan
B. pawiwahan, kanugrahan
C. tumungkul, kanugrahan
D. kanugrahan, pawiwahan
E. panuwun, kamulyan

20. “Panceni wong kuwi angel kandanane. Wis dikandhani bola-bali panggah wae dilakoni.
Jal piye saiki penak pa ora.”
Tembung entar kang pas kanggo nggambarake wong kang angel kandhanane kasebut
yaiku ....
A. Amba kupinge
B. Kandel kupinge
C. Kandel kulite
D. Ilang kupinge
E. Rusak kupinge

21. Gatekna geguritan ing ngisor iki!


Crita wingi
Dening: ........

Sing wingi ya wingi


Sing saiki ya kudu koklakoni
Elinga ya
Urip iki rekasa
Ra mung cukup adol ayu
Ra mung cukup adol bagus
Apa maneh yen kowe seneng calong jupuk
Iku malah ora mathuk
***
Tembung entar saka pethikan geguritan kasebut manggon ing gatra ....
A. 1
B. 3
C. 5
D. 7
E. 9

22. Dadi bocah kudu ...... lan ........marang wong tuwa.


Tembung kang trep kanggo njangkepi ukara kasebut yaiku ....
A. Guyup rukun, icik iwir
B. Suba sita, puji sukur
C. Ayem tentrem, welas asih
D. Andhap asor, sembah bekti
E. Duka cipta, bau suku

23. Jamane pancen wis tambah bubrah. Akeh wong sing padha adol umuk tur asor budine.
Senajan abot dilakoni kowe kabeh aja nganti mundur nandur kabecikan supaya besuk
jembar kubure.
Saka pathikan ing dhuwur kedadeyan ana pirang tembung entar ....
A. 1
B. 2
C. 3
D. 4
E. 5

24. ”Mbah Bejo kuwi wong kang gaweane lunga sakparan-paran. Wiwit cilik nganti saiki
seneng ya ngono kuwi lelungan. Dadi yen kowe pingin tekon panggonan ngendi wae
coba tekona mbah Bejo kana.”
Paribasan kang pas kanggo nggambarake kang wis ditindakake mbah Bejo yaiku ....
A. Ketapang ngrangsang gunung.
B. Kebat kliwat gancang pincang.
C. Entek ngamek kurang golek.
D. Lahang karoban manis.
E. Njajah desa milang kori.

25. Tina = “Kowe maeng kok ndang ngomong langsung wae ta”
Dina = “Ealah ta Din....Din, masak ya aku langsung mak ceplos”
Tina = “Ya ngerti aku, nanging yen ndang ngomong langsung bisa luwih cepet”
Bebasan kang ditindakake dening Tina ing pacelathon dhuwur yaiku ....
A. Anak polah bapa kapradhah.
B. Abang-abang lambe
C. Kutuk marani sunduk.
D. Ngubak-ubak banyu bening
E. Ancik-ancik pucuking eri.

26. “Kowe kuwi mbok ya eling tur ngacaa. Kowe kuwi bisa apa ngger-ngger. Yen pancen
ora bisa kok buru ya ra sah kok buru.”
Saloka kang trep karo pacelathon ing nduwur yaiku ....
A. Kacang mangsa ninggal lanjaran
B. Kebo nyusu gudhel
C. Kebo kabotan sungu
D. Gajah ngidak rapah
E. Cebol nggayuh lintang

27. Siji lara telu papat, lima enem pitu wolu.


...................................................................
Kang pas kanggo njangkepi parikan kasebut yaiku ....
A. Nggolek ilmu sing semangat,supaya bisa dadi imanku
B. Ngombe obat kuwat, supaya ora linu-linu
C. Iki blendrat apa kawat, sing menehi kancaku
D. Aku iki lagi sehat, ayo dolan nyang omahku
E. Ayo padha enggal tobat, bebarengan karo aku

28. Ukara-ukara ing ngisor iki panganggone basa ngoko alus sing trep, yaiku ...
A. Adhikku senengane ngunjuk es dhawet.
B. Kucing anggoraku saben dina dhahare daging ayam.
C. Sampean badhe dhateng pundi?
D. Eyang lagi wae sare.
E. Saben sore pitikku nek tilem ing kandhang mburi.

29. “Budhe, klambimu kuwi regane pira?”.


Yen disalin dadi basa krama alus yaiku ....
A. “Budhe, klambi sampeyan punika regine pinten?”
B. “Budhe, rasukan sampeyan punika reginipun pinten?”
C. “Budhe, ageman sampeyan punika reginipun pinten?”
D. “Budhe, rasukan panjenengan punika reginipun pinten?”
E. “Budhe, ageman panjenengan punika reginipun pinten?”

30. Gatekna pacelathon ing ngisor iki!


Rita : “Bu, mangke dalu kula ... sinau kelompok wonten .... Anisa”
Ibu : “lhah kancamu sapa wae? Bengi-bengi kok sinau kelompok.”
Rita : “... kula Dila, Ita, kaliyan Topik”
Ibu : “Ya wis nanging mengko ... aja bengi-bengi nemen!”
Rita : “Nggih Bu maturnuwun”
Tembung kang trep kanggo ngisi pacelathon ing dhuwur yaiku ....
A. badhe, daleme, rencang, mulihe
B. badhe, griyane, rencang, mulihe
C. badhe, griyane, rencang, mantuke
D. badhe, griyane, rencang, mulihe
E. ajeng, griyane, rencang, mulihe
31. Aku wingi ... semongko dening Pak Gianto, banjur sing separo ... marang simbah
kakung.Tembung kang trep kanggo njangkepi ukara kasebut yaiku ....
A. diwenehi, diwenehi
B. diparingi, takcaosake
C. dicaosi, takparingake
D. diparingi, takparingake
E. dicaosi, takcaosake

32. Darti = “Pak lembu ... kenging punapa?”


Pak Ari = ”Cangkeme .... , Le. Wis pirang-pirang dina ora gelem mangan
Darti = “lha kala wingi lembunipun .... napa nggih?”
Pak Ari = “Mangan beling paling.”
Tembung kang trep kanggo njangkepi ukara kasebut yaiku ....
A. Panjenengan, lara, nedha
B. Sampeyan, sakit, dhahar
C. Panjenengan, gerah, nedha
D. Sampeyan, lara, nedha
E. Panjenengan, lara, mangan

33. Gatekna wacan ing ngisor iki!


Gusti Maha Welas
Wektune wis kira-kira jam wolu esuk. Anggota perangkat desa ing Desa
Sumbermulya wis padha teka, apa maneh dina iku bakal ana rapat ruwat bumi sing
bakal dianakake suk sasi ngarep. Tradisi ruwat bumi iku dianakake pendak telung tahun
sepisan. Warga kirap mubeng desa ngarak wulu wetuning desa kono kanthi dientha-
entha gunungan. Bubar iku sing uwis, njur diterusake tontonan, sing paragane ya warga
kono wae, kanthi mentaske budaya seni sing wis padha disiapake. Mengko minangka
panutup wayangan sewengi natas ing bale desa.
Pak lurah gumun, dene Pak Wiro sing tukang reresik bale, nata meja kursi sing
arep kanggo rapat kok malah ora mlebu. Gek ana apa? Mangka adat saben, Pak
Wiro tukang kebon kuwi teka mesthi gasik, gaweyan sing dadi jejibahane ditandangi
sak-sek, sedhela wae wis rampung njur ganti nandangi gaweyan liyane. Mula bareng
perangkat desa wis pepak, lan rapat arep diwiwiti, pak lurah medal neng pawon
nggoleki bu lurah njur ngendika :
“Bu, nek pawon wis akeh sing rewang nandangi kanggo nyunggata sing rapat, mbok
kana neng omahe Pak Wiro ditiliki, geneya kok ora teka nyambut gawe?”. Bu lurah
sumaguh, lan terus tindak neng nggone Pak Wiro.
Tekan kana omahe tinemu tutupan suwung. Gek dha menyang ngendi? Anake
Pak Wiro mono lanang wadon, Diran lan Marti. Diran wis ana STM klas II Mesin, dene
Marti lagi klas III SMP wis arep ujian. Bocah loro kuwi padha maju sekolahe, ora tau
nunggak. Mulih sekolah ya dha ngerti ngrewangi gaweyan wong tuwa. Yen libur Diran
kerep nggenteni bapakne, gaweyan reresik kebon lan nata bale sawise bubar kantor.
Ora mokal yen pak lurah sakulawarga remen karo anak-anake Pak Wiro sing padha
sregep lan nurut kuwi.
Saka pethikan cerkak ing dhuwur kang dadi paraga utamane yaiku ....
A. Pak Lurah
B. Bu Lurah
C. Pak Wiro
D. Diran
E. Marti

34. Gatekna wacan ing ngisor iki!


Omah Joglo Kulon Prapatan
Sajake Brili lali yen wong tuwa kaya Pak Mitro ngono kuwi ora mung digemateni perkara
sandhang pangan wae. Kabeh kang gawe seneng atine Pak Mitro wis dirusak dening
Brili kanthi alasan wis ora jamane. Gamelan rong rancak pelog lan slendro wis didol.
Wayang sakothak sing biyen laris disewakake saiki uga wis mboh parane.
......................
Latar panggonan saka pethikan teks cekak kasebut yaiku ....
A. sekolahan
B. daleme Pak Mitro
C. toko gamelan
D. dalan
E. kelas

35. Gatekna wacan cerkak ing ngisor iki!


...........
Kedadeyane wis 10 taun kapungkur. Taun wingi adhiku sing njoget, mbak Wiwik sing
nyanyi lan aku nabuhi. Nanging ya piye maneh kabeh wis ra bisa tak baleni. Aku saiki
ya mung kari bisa mbatin. Sing wis ya wis aku kudu lila.
...........
Saka pethikan cerkak kasebut kang kalebu ukara camboran ana ing ukara ....
A. 1
B. 2
C. 3
D. 4
E. 5

36. Gatekna wacan ing ngisor iki!


Mbaka siji adhike-adhike dientasake. Kabeh lulus sarjana saka eguh pratikele Murti.
Nganti wusanane gilirane Ambar sing arep mlebu Perguruan Tinggi. Ning ditimbang-
timbang, Ambar murungake olehe arep mlebu kuliah. Atine ora mentala nyawang
mbakyune tansah direpoti sadulur-dulure. Apa maneh ibune wis sepuh.
Pitutur apa sing bisa dijupuk saka pethikan cerkak kasebut ....
A. Kuliah kuwi penting.
B. Aja ngeboti wong tuwa sing wis sepuh.
C. Kulawarga kuwi sing paling utama.
D. Ora papa ngrepotke wong liya penting tetep bisa kuliah.
E. Kuliah kuwi penting yen bisa aja ngrepotake kulawarga.

37. (1) asipat lucu


(2) awujud pengalaman pribadhi
(3) critane ringkes
(4) ngemu surasa nyindhir
(5) isine kritik sosial
Sing kalebu titikane teks anekdot yaiku ....
A. (1), (2), (3)
B. (1), (3), (4)
C. (2), (3), (4)
D. (2), (4), (5)
E. (3), (4), (5)

38. (1) Sengkuni ndilok tipi karo Kresna ing rung tamu. (2) Kelarane nyemak pawarta kanthi
sepaneng supaya ora ketinggalan wartane.
Sengkuni : “Wong surabaya kuwi kok joss tenan ya.”
Kresna : “penak ya yen arep nggolek kerja.”
Sengkuni : “kowe gelem ra tak wenehi titel sing paling tertinggi sak ndonya?”(3)
Kresna : “ya arep aku, tp apa kuwi titel sing paling dhuwur sak ndonya?” (4)
Sengkuni : “Almarhum paling joos kanggo kowe” (5)
Kresna : “Lambemu”
Perangane teks anekdot sing angka 1 lan 5 nuduhake ....
A. abtrak, Orientasi
B. orientasi, krisis
C. krisis, abtrak
D. reaksi, koda
E. koda, orientasi

39. Jinising anekdot kang nyitakake crita khayal, nggunakake tokoh lan latar khayalan,
diarani ....
A. Anekdot fiksi
B. Anekdot nonfiksi
C. Anekdot kritikan
D. Anekdot kritikan
E. Anekdot pitutur

40. (1) asale saka Jawa Timur


(2) critane bab penguripan saben dina
(3) ana tari remo
(4) kidungan
Saka pranyatan kasebut ngambarake seni pertunjukan kang arupa ....
A. Reog
B. Ludruk
C. Kethoprak
D. Wayang wong
E. Wayang topeng

Anda mungkin juga menyukai