Anda di halaman 1dari 7

YAYASAN KESEJAHTERAAN PENDIDIKAN DAN PERUMAHAN

SEKOLAH MENENGAH ATAS TARUNA NUSANTARA

PENILAIAN TENGAH SEMESTER 2


TAHUN PELAJARAN 2020/2021

Mata Pelajaran : Bahasa Jawa


Kelas/Program : XI/MIPA/IPS
Hari/Tanggal : Sabtu, 20 Maret 2021
Waktu : 09.00 – 10.00 WIB (60 Menit)

I. PILIHAN GANDA
Wangsulana pitakonan-pitakonan ing ngisor iki kanthi milih A, B, C, D, utawa E kang
bener!

1. Ing ngisor iki minangka dasanamane tembung gambuh, kajaba ....


a. tambuh
b. jumbuh
c. gambuh
d. embuh
e. suguh
2. Tembang macapat kang duweni watak sumadulur yaiku tembang ....
a. mijil
b. sinom
c. gambuh
d. pangkur
e. pocung
3. Tembang macapat gambuh duwe pathokan kang bener, yaiku ....
a. gatra: 5, wilangan: 8, 10, 12, 8, 8, lagu: u, u, i, u, o
b. gatra: 5, wilangan: 7, 10, 12, 8, 8, lagu: u, u, i, u, o
c. gatra: 5, wilangan: 7, 12, 12, 8, 8, lagu: u, a, i, a, a
d. gatra: 6, wilangan: 8, 8, 8, 8, 8,10 lagu: u, a, i, a, i,o
e. gatra: 6, wilangan: 8, 8, 8, 8, 8, 8, lagu: u, i, i, a, i,o

Kanggo soal no.4 – 9

Tembang Macapat Gambuh


Samengko ingsun tutur
Sembah catur supaya lumuntur
Dhihin raga cipta, jiwa, rasa, kaki
Ing kono lamun tinemu
Tandha nugrahaning Manon

1
4. tembang ing dhuwur duweni watak ....
a. wantah
b. rada seneng
c. luwes, kulina
d. tresna, seneng
e. akrab, sumadulur
5. Wos surasane tembang macapat gambuh ing dhuwur kang bener, yaiku ....
a. Wong kang kurang pangati-ati bakal cilaka ing tembene
b. Pungkasane bakal gawe lara awake dhewe
c. Bakal entuk kacilakan ing sadalan-sadalan
d. Agama minangka cagaking (tiang) urip
e. Golek ngelmu ing donya
6. Tembung “catur” ana ing tembang macapat gambuh iku, yen diterjemahke ana ing bahasa
Indonesia, yaiku ....
a. nasihat
b. empat
c. Tuhan
d. anugerah
e. sembah
7. Samengko ingsun tutur, tegese ....
a. Iku wujud kanugrahaning Gusti
b. Wujud sembah raga, cipta, jiwa lan rasa
c. Setitekna apa kang tak andharake
d. Andharan babagan sembah patang perkara
e. Ngandarake piweling marang anake
8. Ing kono lamun tinemu, tegese ....
a. Ing kono bakale ketemu
b. Ing kono bakale entuk
c. Iku wujud sembah marang gusti
d. Setitekna apa kang tak andharake
e. Tandha anugerah saka Gusti
9. Syair tembang macapat gambuh “Dhihin raga cipta, jiwa, rasa, kaki”, tegese....
a. Iku wujud kanugrahaning Gusti
b. Wujud sembah raga cipta jiwa rasa
c. Setitekna apa kang tak andhara
d. Andharan babagan ngelmu donya
e. Ngandharake piwulang kang ngandhut asmara
10. Tandha nugrahaning Manon, tegese ....
2
a. Andharan babagan sembah patang perkara
b. Wujud sembah raga cipta jiwa rasa
c. Iku wujud kanugrahaning Gusti
d. Andharan babagan nyembah Gusti
e. Setitekna apa kang tak andharake
11. Sembah raga, tegese ....
a. Ngendhaleni hawa nepsu
b. Ngresiki batin kanthi waspada lan eling
c. Angkara kang ora dikendhaleni bakal nuwuhake prakara
d. Nindakake prentah-prentah ing agama kanthi kasat mata
e. Ora mangu-mangu meneh marang kekuwasane Gusti Kang Akarya Jagad
12. Sembah rasa, tegese ....
a. Ngendhaleni hawa nepsu
b. Ngresiki batin kanthi waspada lan eling
c. Angkara kang ora dikendhaleni bakal nuwuhake prakara
d. Nindakake prentah-prentah ing agama kanthi kasat mata
e. Ora mangu-mangu meneh marang kekuwasane Gusti Kang Akarya Jagad
13. Sing dikarepake nggancarake tembang, yaiku ....
a. Nggoleki isine tembang
b. Ngowahi prosa dadi tembung
c. Negesi tembung-tembung sing ana ing tembang
d. Ngowahi tembang sing kaiket paugeran dadi prosa
e. Ngrakit ukara kanthi tembung-tembung kang endah
14. Crita rakyat yaiku salah sijine crita kang ngrembaka ing masyarakat lan dianggep
minangka asil karya kolektif karo masyarakat amerga anonim. Anonim tegese ....
a. Duweke kelompok
b. Duweke individu
c. Duweke masyarakat bebarengan
d. Ora ono sing nganggit
e. Diceritakake kanthi lesan
15. Amerga anonim mula crita rakyat dianggep minangka hasil karya kolektif masyarakat ing
papan iku. Kolektif tegese ....
a. Dimangerteni sing nganggit
b. Duweni watak kang nyenengke
c. Diceritakake kanthi gethok tular
d. Kabeh duweni patilasan
e. Dianggep duweke wong akeh

3
16. Crita rakyat iku duweni unsur intrinsik, dene unsur kang nerangake rerangkening prastawa
utawa kedadeyan kang ana ing crita yaiku ....
a. tema
b. alur
c. paraga
d. latar
e. konflik
17. Cerita rakyat iku minangka crita kang duweni ancas kanggo panglipur lan ajaran moral.
Ana ing crita mau mestine duweni perkara kang dadi punjere cerita kang diarani ....
a. tema
b. alur
c. paraga
d. latar
e. konflik
18. Ringkesan wacan (sinopsis) katulis kanthi dhasar....
a. judul wacan
b. gagasan anyar
c. pokok-pokok isi wacan
d. irah-irahan wacan
e. amanat seko wacan
19. crita rakyat kang kalebu legenda iku duweni titikan arupa ....
a. duweni tokoh
b. tokohe mistis
c. duweni petilasan (bukti fisik)
d. duweni alur mundur
e. ora bisa dipercaya kebenerane

Setitekna wacan ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakonan no. 20 - 23!

Rawa Pening

Desa Banarawa lagi nganakake pesta desa. Wong-wong ing desa iku padha
masak kanggo nyiyapake pesta. Ing tengah-tengahing padha nyambut karya mau, ana
bocah kang ala rupane, pesing lan amis gandane. Mangerti kahanan kang kaya mangkono,
wong-wong padha ora seneng, amarga manut kapitayane masyarakat, bocah ala iki bakal
nekakake sial, ora oleh berkah anggone pesta. Kagawa rasa ora seneng mau, mula bocah
ala rupane ditundhung kanthi kasar. Kanthi ati kang lara lan nabet jroning ati amarga
tansah digawe kasar. Bocah ala rupa mau mlaku menyang kampung tanpa arah lan tujuan.

4
Anggone mlaku ora krasa tekan papan panggonan arupa gubugan kang sepi kahanane lan
adoh saka masyarakat. Gubug mau mung dienggoni wong tuwa wedok kang wis dadi
randha.
Ing gubug mau bocah kang elek rupane dirumat dening Mbok Randha. Dheweke
diwenehi pangan  kanthi lawuh apa anane. Sawise mangan, bocah ala mau crita marang
simbah randha yen dheweke iku Baru Klinthing utawa Jaka Bandhung utawa Jaka Pening.
Simbah mau tresna banget marang Baru Klinthing, malah urip bebarengan sawetara dina.
Bareng wis rumangsa cukup dibantu dening simbah, Baru Klinting nerusake mlaku lan
marani wong-wong kampung kang wis nglarakake atine. Sadurunge lunga , Baru Klinthing
weling marang simbah yen mengko ana prastawa gedhe simbah supaya numpak lesung.
Ing batin, simbah bingung karo welinge Baru Klinthing mau, nanging simbah tetep urmat
lan ngeling- eling piweling kasebut.
Lakune Baru Klinthing linambaran ati kang goreh lan nggawa sada lanang. Lakune
wis tekan kampung kang dituju. Wong-wong padha ngusir marang Baru Klinthing. Nanging
Baru Klinthing ora gelem lunga, malah nantang marang wong-wong kampung lan
ngetokake sada lanang. Sada lanang kasebut banjur  ditancepake ing lemah. Wong-wong
dikandani supaya njabut sada mau, yen bisa njabut sada mau arep diwenehi bebana
dening Baru Klinthing. Krungu tembunge Baru klinthing kang kaya mengkana, Wong-wong
pada nyoba njabut sada mau. Saka sing awake cilik   tekan wong sing awake gedhe ora
ana kang bisa njabut. Pungkasaning, sada mau saged dinjabut kaliyan Baru Klinthing lan
muncrat banyu. Muncrate banyu sansaya gedhe. Wong-wong padha bingung lan padha
golek papan panggonan kang luwih dhuwur. Omah, kewan, wit-witan, raja brana, lan wong-
wong mau ora ana tilase, kabeh wong pada sirna amarga piwalese saka tumindhake dewe.
Kampung kang mirip rawa mau, diarani Rawa Pening.

20. Ing ngisor iki kang nyebapake baru klinting ditundhung saka Desa Banarawa, kajaba ....
a. ala rupane
b. amis gandane
c. pesing gandane
d. dipercaya bakal nekakake sial
e. gawa sada lanang
21. Kang duweni ati apik gelem nulungi Baru Klinting, yaiku ....
a. Jaka Bandhung
b. Jaka Pening
c. Mbok Randha
d. Warga desa
e. Rawa Pening

5
22. Lakune Baru klinting linambaran ati kang goreh lan ngawa sada lanang. Ati kang goreh
tegese ....
a. seneng
b. lara ati
c. iri
d. dengki
e. sakarepe dewe
23. Amanat kang bisa kajupuk saka wacan ing dhuwur, yaiku ....
a. Sing sapa nandur bakale ngunduh
b. Aja pada golek benere dhewe
c. Aja wani marang wong tua
d. Aja seneng golek ngelmu
e. Seneng mangan bakal mulya
24. Crita rakyat kang paragane duweni kesakten kang ora mlebu akal, lumrahe awujud ....
a. mitos
b. dongeng
c. legenda
d. hikayat
e. foklore
25. Cerita rakyat “Nyai Lanjar” kalebu tuladha jenis crita rakyat....
a. hikayat
b. dongeng
c. fabel
d. mitos
e. legendha

II. URAIAN SINGKAT


Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi cekak aos!
26. Paugeran utawa pathokane tembang gambuh yaiku ....
27. Serat Wedhatama iku kaanggit dening ....
28. Serat Wedhatama pupuh Gambuh ngandharake isi piwulang babagan....
29. Crita rakyat iku diceritakake kanthi gethok tular, gethok tular tegese ....
30. Crita dumadine kutha Surabaya iku kalebu crita rakyat kang awujud ....

III. URAIAN BEBAS


Wangsulana pitakonan-pitakonan ing ngisor iki kanthi premati!
31. Jlentrehna tegese tembung-tembung ing ngisor iki!
a. tutur
6
b. catur
c. Lamun tinemu
32. Jlentrehna wos kang kamot ana ing Tembang Gambuh ing ngisor iki!
Samengko ingsun tutur
Sembah catur supaya lumuntur
Dhihin raga cipta jiwa rasa kaki
Ing kono lamun tinemu
Tandha nugrahaning Manon

33. Tulisen tuladha tembang gambuh kanthi tema kekeluargaan nganggo basamu dhewe!
34. Sebut lan jlentrehna wujude crita rakyat!
35. Sebutna titikane crita rakyat!

sug_mk/y
Sugeng Makarya
(Selamat Mengerjakan)

Anda mungkin juga menyukai