Anda di halaman 1dari 11

BANK SOAL MAPEL BAHASA JAWA

1. Tembung Jumbuh, embuh, tambuh iku mengku teges ing tembang …


a. Gambuh
b. Pocung
c. Dhandhanggula
d. Pangkur
e. Sinom
2. Pathokan tembang gambuh kang bener yaiku…
a. 7u 10 u 12i 8u 8o
b. 7u 10 u 12i 8u 8i
c. 7a 10 u 12i 8u 8o
d. 7u 10 i 12i 8u 8o
e. 7u 10 u 12u 8u 8o
3. Samengko ingsun tutur
Sembah catur supaya lumuntur
Dhingin raga cipta jiwa rasa kaki
Ing kono lamun tinemu
Tandha nugrahaning manon
Tembang ing dhuwur kalebu tembang…
a. Gambuh
b. Kinanthi
c. Pocung
d. Mijil
e. Maskumambang
4. Samengko ingsun tutur ateges…
a. Wujud sembah rasa cipta jiwa lan rasa
b. Gatekna apa kang tak andharake
c. Iku wujud anugrah Gusti
d. Andharan bab patang perkara
e. Welingku nindakake patang perkara supaya entuk kanugrahan Gusti

5. Dhingin raga cipta jiwa rasa kaki ateges…


a. Dhisik dhewek sembah rasa cipta jiwa lan rasa
b. Gatekna apa kang tak andharake
c. Iku wujud anugrah Gusti
d. Andharan bab patang perkara
e. Welingku nindakake patang perkara supaya entuk kanugrahan Gusti
6. Samengko ingsun tutur
Sembah catur supaya lumuntur
Dhingin raga cipta jiwa rasa kaki
Ing kono lamun tinemu
Wos surasa (isi) tembang ing dhuwur yaiku…
a. Dhisik dhewek sembah rasa cipta jiwa lan rasa
b. Gatekna apa kang tak andharake
c. Iku wujud anugrah Gusti
d. Andharan bab patang perkara
e. Welingku nindakake patang perkara supaya entuk kanugrahan Gusti
7. Sembah sukma tegese…
a. Nindakake prentah-prentah agama kanthi kasad mata
b. Ngendhaleni hawa nepsu
c. Ngresiki batin kanthi waspadha lan ling
d. Ora mangu-mangu maneh marang kakuasaane Gusti
e. Angkara kang ora dikendhaleni bakal nuwuhake perkara
8. Sembah rasa ateges…
a. Nindakake prentah-prentah agama kanthi kasad mata
b. Ngendhaleni hawa nepsu
c. Ngresiki batin kanthi waspadha lane ling
d. Ora mangu-mangu maneh marang kakuasaane Gusti
e. Angkara kang ora dikendhaleni bakal nuwuhake perkara
9. Sembah raga ateges…
a. Nindakake prentah-prentah agama kanthi kasad mata
b. Ngendhaleni hawa nepsu
c. Ngresiki batin kanthi waspadha lane ling
d. Ora mangu-mangu maneh marang kakuasaane Gusti
e. Angkara kang ora dikendhaleni bakal nuwuhake perkara
10. Sembah cipta yaiku…
a. Nindakake prentah-prentah agama kanthi kasad mata
b. Ngendhaleni hawa nepsu
c. Ngresiki batin kanthi waspadha lane ling
d. Ora mangu-mangu maneh marang kakuasaane Gusti
e. Angkara kang ora dikendhaleni bakal nuwuhake perkara
11. Kang kalebu ing cerita rakyat yaiku…
a. Mitos
b. Hikayat
c. Fabel
d. Drama
e. Sandiwara
12. Ing cerita rakyat ana bab kang ora kaweruhan sapa sing nganggit diarani…
a. Anonim
b. Kolektif
c. Sinonim
d. Pangripta
e. Paraga
13. Cerita rakyat kang ora kaweruhan sapa sing nganggit mula dadi duweke masarakat
bebarengan, bab kasebut diarani…
a. Anonim
b. Kolektif
c. Sinonim
d. Pangripta
e. Paraga
14. Perangan karya sastra kang awujud lisan kang ora kaweruhan sapa sing nganggit lan
diakui dening masrakat bebarengan diarani…
a. Cerita rakyat
b. Drama
c. Sandiwara
d. Kisah Nabi
e. Cerita wayang
15. Anuju sawijining dina, Sang Prabu Dewata Cengkar duka banget ora ana wong maneh
sing bisa di dhahar. Aji saka banjur saguh dicaosake sang Nata dadi dhaharane.
Dasanama/nama lain kang kacithak miring yaiku…
a. Santapan
b. Abdi
c. Prajurit
d. Raja
e. Panganane
16. Tuldaha cerita rakyat kaya dene Kanjeng Ratu Kidul , nyai Lanjar ing pesisir lor,
cerita Alas Krenda Wahana ing Boyolali kalebu babagan…
a. Mitos
b. Legendha
c. Dongeng
d. Cerita wayang
e. Hikayat
17. Cerita kang ngayawara yaiku…
a. Mitos
b. Legendha
c. Dongeng
d. Cerita wayang
e. Hikayat
18. Cerita kang kedadeyan ing bumi lan ceritane kaanggep bener-bener kedadeyan,
diarani…
a. Mitos
b. Legendha
c. Dongeng
d. Cerita wayang
e. Hikayat
19. Ringkesaning cerita saka alur kang dawa dadi cekak nanging bisa njlentrehake crita
sekabehane. Diarani…
a. Tema
b. Synopsis
c. Alur
d. Penokohan
e. Ringeksan
20. Ceritane wis kondhang ing Tanah Jawa menawa ana cerita Kancil nyolong timun,
Keong mas, lutung kasarung. Nah carita kasebut kalebu ing babagan…
a. Mitos
b. Legendha
c. Dongeng
d. Cerita wayang
e. Hikayat
21. Ide pokok utawa prakara utama kang ndhasari lakuning cerita diarani…
a. Tema
b. Setting
c. Alur
d. Penokohan
e. Konflik
22. Perangan kang nggambaraken karakter kanggo paraga/ pelaku diarani…
a. tema
b. setting
c. alur
d. penokohan
e. konflik
23. ing Kono adiling Hyang Manon . Hyang Manon tegese…
a. Gusti
b. Ati
c. Manggon
d. Kitab suci
e. Adipati
24. Sayektine ora jumbuh. Jumbuh tegese…
a. Cocok
b. Ora cocok
c. Gandheng
d. Ora gandheng
e. Aku
25. Nalika nulis synopsis cerita ana kang kudu digatekake bab-bab yaiku…
a. Tema.latar, alur, penokohan
b. Tema, alur, penokohan
c. Tema, latar
d. Tema, latar , alur, penokohan, sudut pandhang
e. Temang, sudut pandhang, alur
26. Pawarta kang ditujokake kanggo umum lan surasane menehi pangerten tumrap
sawijining prastawa diarani...
a. Layang
b. Wara-wara
c. Majalah
d. Selebaran
e. Sedhahan
27. Wara-wara kang surasane nawakake sawijining barang utawa papan diarani…
a. Brosur
b. Majalah
c. Lelayu
d. Iklan
e. Sayembara
28. Wara wara kang surasane kabar kesripahan utawa kematian yaiku…
a. Brosur
b. Majalah
c. Lelayu
d. Iklan
e. Sayembara
29. Wara-wara kang surasane andon kaprigelan (lomba/festival) yaiku…
a. Brosur
b. Majalah
c. Lelayu
d. Iklan
e. Sayembara

30. Gatekna wara-wara ing ngisor iki!

Wara-wara
Smansa Glagah Wangi
Nganakake
ADU KREASI LAN SENI
Mengeti ulang taun kamardikan RI kaping 68, Tumrap kanca-kanca siswa SMA
Sa-Kabupaten Glagah Wangi
Kang kreatif lan inovatif ing babagan seni tradisional
Ayo tuduhna kabisanmu ana ing ajang iki
Pagelaran iki kanthi tema
KANTHI SEMANGAT KAMARDIKAN
AYO NJUNJUNG KAWIBAWANE NEGARA
Pendaftaran bisa langsung menyang panitya wiwit tgl 26 juli 2022
Ing SMA N 1 Glagah Wangi
Jalan Erlangga No 1
Utawa bisa langsung ngubungi
Suryo (081327865789)

Wara-wara ing dhuwur kalebu wara-wara kang awujud…


a. Brosur
b. Majalah
c. Lelayu
d. Iklan
e. Sayembara
31. Wara-wara kasebut isine yaiku…
a. Andon Kaprigelan
b. Nawakake barang
c. Bela sungkawa
d. Iklan
e. Pentas seni
32. Sayembara kasebut diadani ing tanggal 26 juli 2022, mula kanggo sapa wae kang
bakal melu andon kaprigelan bisa daftarake. Pratelan kasebut ngemot…
a. Titi mangsa (tanggal)
b. Peprenahan ( nama terang)
c. Surasa basa ( isi)
d. Purwaka basa (pambuka)
e. Satata basa (pemilihan kata)
33. Wos surasa wara-wara iku kudu ana perangan kang diarani…
a. Saka sapa, kanggo sapa, alamat kang dituju
b. Kanggo sapa, apa surasane, tanggal laying
c. Saka sapa, kanggo sapa, apa surasane
d. Kanggo sapa, saka sapa, urutane acara
e. Saka sapa, urutane acara, alamat kang dituju
34. Wacan kang njlenterhake utawa medharake bab kangoo pamaos. Supaya pamaos
entuk informasi kang jangkep marang sawijining objek, sabanjure pangerten pamaos
Isa mundhak. Kang sifate menehi informasi, ngonceki, aweh saranutawa ngandharake
sawijining bab. Pratelan kasebut jinising wacan…
a. Eksposisi
b. Deskripsi
c. Persuasi
d. Argumentasi
e. Narasi
35. Bab kang di informasikake ing karangan wacana eksposisi yaiku…
a. Data factual
b. Ngayawara
c. Ditambah-tambahi
d. Ora nyata
e. Malur-malur
36. Runtute swara ing ukara, wanda utawa tembung kang kapisan nggandheng wanda
utawa tembung samburine. Diarani…
a. Parikan
b. Wangsalan
c. Basa rinengga
d. Purwakanthi
e. Kata kiasan
37. Tetembungan utawa unen-unen kang nduweni pathokan utawa paugeran ajeg.
Rerangkening tembung kang wewaton gunggunging wanda , runtute swara, lan
nganggo pathokan pambuka sarta pambuka tundhone utawa artine isi. Diarani…
a. Parikan
b. Wangsalan
c. Basa rinengga
d. Purwakanthi
e. Kata kiasan
38. Parikan iki tutugna! Nyangking ember kiwa tengen
a. Dadi murid kudu pinter
b. Lungguh jejer nggo tambah kangen
c. Luwih becik sing prasaja
d. Wong urip aja neka-neka
e. Mumpung enom sregepa makarya
39. Bab purwakanthi kang trep karo wacan ing ngisor iki yaiku…
Saben aku rep lunga menyang ngendi-ngendi supaya ora ana alangan apa-apa aku
ngucap…
a. Slaman slumun slamet
b. Watake putri kudu gemi, nastiti, ngati-ati
c. Alon-alon waton kelakon
d. Yen gelem obah bakal mamah
e. Begja-begjane wong lali isih begja wong kang eling lan waspadha
40. Ing ngisor iki sing ora kelebu titikan (ciri) parikan yaiku…
a. Cacahe wanda ukara sepisan, kudu padha karo ukara kapindo
b. Ukara kang ngarep mung kanggo bebuka, dene ukara kapindo minangka isi
c. Cacah larik bebas
d. Parikan bisa kedadeyan saka rong gatra, nanging uga bisa 4 gatra
e. Bisa kedadeyan saka patang wanda saben gatra lan uga bisa kedadeyan saka
wolung wanda saben sagatra
41. Nggatekake lan menehi tekanan basa, utamane babagan tembung tembung utama ing
geguritan bisa wujud irama lan rima diarani…
a. Citraan
b. Majas
c. Tipografi
d. Diksi
e. Lelewaning basa
42. Bentuk utawa wujud geguritan bisa didelok saka font, model tulisan lan jumlah barisa
saben sapada ne. bab kasebut kalebu babagan
a. Citraan
b. Majas
c. Tipografi
d. Diksi
e. Lelewaning basa
43. Unsur batin kang kudu dadi dasare nalika macakake geguritan yaiku…
a. Tema, rasa pangrasa
b. Tema, rasa pangrasa, irama, amanat
c. Tema, rasa pangrasa, diksi, tipografi
d. Tema, diksi, tipografi
e. Diksi, majas, pangrasa, irama, amanat
44. Ing geguritan lawas ana ukara “Sun Gegurit”. Ukara kasebut kanggo pengganti apa
ing geguritan modern…
a. Judul
b. Pangripta geguritan
c. Cacahing purwakanthi
d. Cacahing gatra
e. Irah-irahan lan pangripta geguritan
45. Carane ngripta geguritan kaping sepisan yaiku…
a. Milih tema kanthi trep, banjur nemtokake irah-irahan
b. Nggateke diksi
c. Ngronce tembung supaa katon endah
d. Wicara
e. Wirama
46. Andharan saka panulis supaya gawe sengsem para pamaose diarani…
a. Citraan
b. Diksi
c. Majas
d. Tipografi
e. Lelewaning basa
47. Geguritan kang isine panalangsa yaiku…
a. Ode
b. Hymne
c. Elegi
d. Romansa
e. Epigram
48. Geguritan kang surasane ngemot piwulang moral , nilai urip kang becik yaiku…
a. Ode
b. Hymne
c. Elegi
d. Romansa
e. Epigram
49. Pratelan ing ngisor iki kang ora perlu digatekake nalika gawe geguritan…
a. Nemtokake undheraning gagasan
b. Milih tetembungan kang jumbuh karo tema
c. Milih tetembungan supaya saged kasusun dadi larik kang becik
d. Naliti malih tetembungan lan majas kang digunakake ing geguritan
e. Mentokake paraga kang kacritakake ing geguritan kang katulis.
50. Munggah mudune Swanten lan pocapan. Swanten prayogane saka padharan. Dudu
saka dhadha supaya kuat. Andharan kasebut jumbuh karo bab…
a. Wicara
b. Wirama
c. Wirasa
d. Wirasa
e. winata
51. kekendelan ing wektu sesorah kalebu bab kang penting. Kekendelan kasebut ateges…
a. wani sesorah nalika dhewekan
b. ora ndredheg yen micara ing njero kamar
c. asring gladhen supaya ora demam panggung
d. tansah kendel lancer, tatag, ora gugup, wani micara ing sangarepe wong akeh
utawa sithik
e. micara kanthi gamblang, cetha
52. Wong kang ngrungokake sesorah kudune kepiye…
a. Nggatekake sesorah kanthi temen, ora padha rame lan ora ngomong dhewek
b. Ngrungokake lan ora mahami isine sesorah
c. Nggatekake, nanging sawetara ndamel kisruh
d. Rame lan ora nggatekake
e. Tansah kendel lan karo nunggu sesorah kanthi rampung
53. Kepiye carane supaya nguwasani para tamu nalika nindakake sesorah…
a. Sesorah kedah lucu
b. Swara alus lan merbawani nganti tamu tansah gawe ngantuk
c. Nindakake sesorah kanthi sae, swara kepenak dirungokake , lan isine trep karo
kang dibutuhake dening parang rawuh
d. Anggenipun sesorah mantep sinambi geguyonan
e. Isine sesorah ora gawe bingung
54. Ngandharaken sesorah iku becike nggatekake para tamu kang rawuh, sebab status lan
kalungguhan tamu iku uga nyebabake pamilihe tembung lan basa. Perangan iki bab
wigati amrih prayogane wedharan kang diarani…
a. ngerteni wawasan pamireng kang bakal ngrungokake sesorah
b. ngerteni wektu lan durasi sesorah kang diwenenhake
c. ngerti jinise sesorah lan tema
d. nyepakake bab lan piranti kang dibutuhak nalika sesorah
e. busana kang jumbuh karo swasana
55. Ing desaku Bapak kulina kadhapuk dadi sesulih piyayi kang duwe gawe, pakaryan
iku atur pambagyaharja. Nalika pasamuwan ing desa bapak ngageme jas nasional,
nanging nalika ana ing kraton ngagem kejawen jangkep. Perangan iki bab wigati
amrih prayogane wedharan kang diarani…
a. ngerteni wawasan pamireng kang bakal ngrungokake sesorah
b. ngerteni wektu lan durasi sesorah kang diwenenhake
c. ngerti jinise sesorah lan tema
d. nyepakake bab lan piranti kang dibutuhak nalika sesorah
e. busana kang jumbuh karo swasana
56. Wong bebojoan kudune menawa urip seneng lan susah kudu tansah bareng.
Digambarake ing upacara adat manten Jawa yaiku bab…
a. Kacar kucur
b. Wiji dadi
c. Balang suruh
d. Panggih
e. Dhahar klimah
57. Menawa kang nduweni pralambang bakal tumindak adil marang anak mantu yaiku
ing bab…
a. Timbang
b. Pupuk
c. Sinduran
d. Kacar kucur
e. Sungkeman
58. Siji pesthi, loro jodho telu wahyu, papat pangkat, lima Donya ikusinandi mung Gusti
kang Maha Kuwasa kang bakal peparing, nanging kabeh iku uga kudu dikantheni
bekyine anak marang wong tuwa. Tata cara mantu kang maknane wujud bekti marang
tuwa yaiku…
A. Siraman
B. Sungkeman
C. kacar kucur
D. midodareni
E. wiji dadi
59. Upacara Mitoni utawa tingkeban dilakokake ing wong kang duwe gawe apa…
a. Meteng 4 sasi
b. Siraman penganten
c. Siraman wong meteng
d. Meteng 7 sasi
e. Merti desa
60. Dasa namane pinter yaiku…
a. Jalanidhi, jaladri, Samudra, tasik
b. Sarpa, sawer, naga, taksaka
c. Limpat, wasis, widura
d. Panti, wisma, yasa
e. Asma, aran, jejuluk

61.

Wacan ing dhuwur unine yaiku…


a. Halimah bocah kang pinter
b. Khalimah bocah lantip
c. Khalimah cah kang lantip
d. Halimah bocah kang lantip
e. Khalimah bocah kang lantip

62.

Wacan ing dhuwur unine yaiku…


a. Wong kang dzalim uripe ora bisa tentrem ing bebrayan
b. Wong dzalim uripe ora bisa tentrem ing bebrayan
c. Wong kang dzalim urip ora bisa tentrem ing bebrayan
Wong dzalim uripe ora bisa tentrem

Wangsulana kanthi permati !


1. Kepiye ceritane dora lan sembada isa mati kabeh!
2. Sebutna bab kang perlu digatekake nalika gawe pariwara!
3. Gawea wara-wara kang isine aweh informasi marang siswa kelas x lan xi babagan
pelaksanaan PAS SEM 2!
4. Terusna parikan kedadeyan saka ring gatra ing ngisor iki kanthi ukara bebas nanging
trep utawa pas!
Aku ngetan kowe ngulon
………………………….
5. Sebutna Karakter cerita rakyat!
6. Sebutna perangan sesorah apa wae lan gawea tuladha pambuka ing sesorah kanthi
tema bebas!
7. Sebutna bab kang diinformasikake ing wacana eksposisi!
8. Ing acara Tingkeban ana tatacara kang diarani angrem lan brojolan. Jelaske!
9. Sebutna bedane gegruitan lawas lan modern!
10. Sebutna Kreata basa ing ngisor iki!
a. Cangkir
b. Dhalang
c. Bocah
Sebutna dasa nama ing ngisor iki!
a. Anak
b. Bapak
c. Ibu

Anda mungkin juga menyukai