Anda di halaman 1dari 5

PENILAIAN TENGAH SEMESTER GANJIL

SMP “ AL AZIZ “ WATUKEBO


TAHUN PELAJARAN 2023/2024

NAMA : ……………………………………………… KELAS : ……………………………………………………

NO UJIAN : …………………………………………….. MAPEL : BAHASA JAWA

Soal Penilaian Tengah Semester Bahasa Jawa


A. Wenehana tanda ping (x) sangarepe wangsulan sing bener !
Lemah Jugrug
Ing kecamatan Samigaluh, Kulon Progo jam 5 esuk sawise sholat Subuh ana kedadeyan
lemah jugrug. Rong omah warga rusak Amarga kejugrugan lemah sing ana ing mburi
omah. Kedadeyan amarga udan sing deres neng Kecamatan Samigaluh pirang-pirang dina.
Patang warga dadi korbanbencana alam iki, loro tilar donya, siji tatu-tatu, lan siji maneh
isih dadi golekan tim SAR.
Menurut warga sekitar, Tono (paduwe omah) lagi lunga menyang masjid bareng bojone,
anake loro ana neng omah karo mbah kakung lan mbah putrine. Kaloro anak lan mbah
putrine tilar sanalika amarga kajugrugan lemah, sawentara mbah kakunge slamet.
Sawentara neng omah sijine, duwene Bapak Rudi sing lagi ditinggal mulih desa saka
kaluwargane rusak parah. Warga sapanggon nyoba hubungi kaluwarga, ananging ora ana
jawaban. Kulawarga korban ngupadi nggoleki barang-barang sing isih bisa dislametake.
Kanggo sawentara kulawarga korban bakal manggon neng omah tanggane, lan korban tilar
digawa menyang rumah sakit kanggo diotopsi. Kedadeyan iki gawe kaget kulawarga
korban. Karugene ditaksir sekitar atusan yuta rupiah.

1. Pawarta prastawa ing ndhuwur iku, kalebu jenis wacan…


a. Narasi c. argumentasi
b. Deskripsi d. eksposisi

2. Pawarta Lemah Jugruk iku kalebu dening jinising pawarta…


a. Pawarta dadakan c. pawarta crita
b. Pawarta dinan d. pawarta wektu

3. Latar wektu prastawa ing Ndhuwur yaiku…


a. tengah wengi c. isuk-isuk
b. wektu subuh d. wayah sore jam 5

Karesikan
Njaga karesikan lan kasarasan iku wigati banget. Urip sehat iku penting, ana sesanti
“dalam tubuh yang sehat, terdapat jiwa yang sehat”. Mula sapa bae sing duwe awak sehat
iku beja banget. Awak sehat iku wujuding kanugrahane Gusti Allah. Wong sehat, manga
napa bae krasa enak, turu bisa nagler, lan pikiran uga seger. Mula kasarasan kuwi wigati
tenan tumrap wong urip.
Supaya urip sehat, samubarang kang ana omah kudu resik. Omah, pekarangan lan barang-
barang liyane kudu resik. Titikane kaluwargane sehat yaiku omahe resik lan sing kagungan
sehat-sehat, adoh saka penyakit. Omah kang resik iku gambaraning urip kang sehat tumuju
menyang kaluwarga bahagia.
Apa titikane omah kang sehat? Apa kang perabotane omah kang larang regane, apa kudu
gedhong? Kabeh panemu kang kaya mangkono kuwi kleru. Saben kaluwarga mesti
kepengin duwe omah kang sehat. Omah kang sehat kudu ana hawa seger kang mlebu.
Soroting srengenge kudu biso mlebu omah. Banyu resik cumawis kanggo kebutuhan saben
dina. Sakupenging omah garing ora ngecembeng banyu. Parabot omah tumata, ora perlu
larang regane. Jading uga kudu tetep resik.

4. Miturut surasane, karangan kuwi klebu karangan…


a. Narasi c. argumentasi
b. Deskripsi d. persuasi

5. Titikane omah kang sehat miturut karangan ndhuwur, kejaba…


a. Perabotane kang larang regane
b. Banyu resik cumawis kanggo kebutuhan
c. Perabotan tumata
d. Soroting srengenge bisa mlebu ngomah

6. Kang ora dadi tetengere karangan ing ndhuwur yaiku…


a. Budidaya njlentrehake bukti yen panemune panulis bener
b. Proses tumuju dudutan
c. Proses supaya wong percaya lan bisa nampa kang dikarepake panulis
d. Kahanan dredah nan kang dianggep bener

7. Topik ing karangan kuwi yaiku babagan…


a. Kasusastran c. kabegjan
b. Karesikan d. kaendahan

8. Gatekna ukara ing ngisor iki !


1) Jembarake wawasan utawa pangerten
2) Beberake katrangan bab prastawa
3) Beberake makna kang sinandi
4) Nguripake pangangen-angen
Ukara ing ndhuwur kang ora klebu narasi ekspositoris katunjuk nomer…
a. (1) lan (2) c. (2) lan (3)
b. (1) lan (4) d. (3) lan (4)

9. Ing ngisor iki kalebu tembung kriya kajaba…


a. Teka c. Mangan
b. Lunga d. Watu

10. Ing ngisor iki kalebu tembung aran yaiku…


a. Manungsa c. tuku
b. Endah d. seneng

11. Tembang Mas Kumambang ing serat Wulangreh ngandhut piwulang babagan…
a. Milih guru c. laku sembah
b. Ngendelake nepsu d. rasa sukur

12. Tembang macapat cacahe ana…


a. 13 c. 12
b. 11 d. 15
13. Jinising tembang kaperang dadi telu yaiku…
a. Gede, cilik, tengahan
b. Dolanan, tengahan, cilik
c. Juru demung, cilik, tengahan
d. Kusumastuti, mintajiwa, pamularsih

14. Gatekno ukara ing ngisor iki!


1) Sanak sedulur
2) Guyup rukun
3) Hapsara-hapsari
4) Dewa-dewi
Tembung yogaswara katunjuk nomer…
a. (1) lan (2) c. (2) lan (3)
b. (1) lan (4) d. (3) lan (4)

15. Kang diarani tembung Saroja yaiku…


a. Tembung loro utawa luwih sing meh pada tegese dirangkep dadi siji, duweni teges
bangetake
b. Tembung loro sing dirangkep dadi siji, sing ngarep tiba swara “a” sing mburi tiba swara
“I”, duweni teges lanang wadon
c. Tembung loro sing dirangkep dadi siji nanging nganggo ngurangi cacahing wanda
d. Tembung sing diringkes cacahing wanda supaya luwih sathithik

Wacanen cerita rakyat ing ngisor iki kanthi permati kanggo mangsuli pitakonan
nomer 16-18!
Cindhelaras
Raden Putra raja ing Jenggala duwe garwa loro yaiku Dewi Limaran lan Dewi Cindaka
padha ayune, nganti ora bisa dibedakake. Sing bedakake mung sipate. Menawa Dewi
Limaran watake becik. Nanging Dewi Cindaka culika.
Ringkasaning crita amarga pitnahe Dewi Cindaka, Dewi Limaran ditundhung lunga
saparan-paran nganti tumeka alas. Kamangka dheweke lagi ngandhut. Dina ginanti dina,
wulan ginanti wulan, Dewi Limaran banjur babaran. Anake miyos lanang, diparapi
Cindhelaras.

16. Irah-irahan wacan ing ndhuwur yaiku…


a. Raden Putra
b. Dewi Limaran
c. Dewi Cindaka
d. Cindhelaras

17. Sipate Dewi Limaran yaiku…


a. Becik
b. Culika
c. Pelit
d. Eman

18. Sipate Dewi Cindaka yaiku…


a. Becik
b. Culika
c. Pelit
d. Eman

19. Ing ngisor iki unsur instrinsik crikak, kejaba…


a. Tokoh c. setting
b. Budaya d. tema
20. Jinise wacan werna-werna, kang pas diwaca dening bocah yaiku…
a. Artikel c. sinetron
b. Dongeng d. novel

21. Paraga crita kang watak wantune ala, tansah bebeda marang paraga liya diarani tokoh…
a. Antagonis c. figuran
b. Tritagonist d. protagonist

22. Ing ngisor iki sing klebu tuladha Fabel, kejaba…


a. Serat Kancil Tanpa Sekar
b. Kancil Karo Baya
c. Peksi Glathik
d. Dongeng Rawa Pening

23. Wacanen teks ngisor iki!

Udan wiwit esuk mau nggrejeh. Hawane adem sanadyan ora jekut. Nanging, wis
nyababake wong wegah metu kejaba wong kerja kantoran, lan sing pancen duwe
kabutuhan dheseg, liyane pilih ana neng omah nyetel tipi, mangan enak, lan liyane maneh
sing sarwa enak.

Latar wektu perangan cerita ing ndhuwur yaiku mangsa…


a. Rendheng
b. Pancaroba
c. Banjir
d. Panas
24. Crita kang wes sumebar ing Masyarakat, kang cacahe ora bisa kapetung, ora cetha kala
mangsane, ora bisa dilari sapa sejatine sing nganggit diarani…
a. Dongeng lugu
b. Wiracarita
c. Mite
d. Crita rakyat

25. Crita rekan kang nyritakake saka wiwitan (perkenalan) banjur konflik nganti entek-entekan
purnaning crita iku gunakake alur…
a. Maju
b. Mundur
c. Mundur maju
d. Campuran

B. Wangsulana pitakon ing ngisor iki kanthi patitis!

1. Jlentrehna pangertene ringkesan!


2. Sebutna tuladha tembung Saroja!
3. Apa kang diarani tenbung garba? Sebutna tudhane!
4. Sebutna tuladhane tembung Dwilingga Salin Swara paling sitik 4!
5. Apa pangerten wiracarita? Sebutna tuladhane wiracarita!

Anda mungkin juga menyukai