Anda di halaman 1dari 4

Nama : ..........................................................

No : ..........................................................
PEMERINTAH KABUPATEN PURWOREJO
DINAS PENDIDIKAN, KEPEMUDAAN DAN OLAHRAGA
WILAYAH KECAMATAN BIDANG PENDIDIKAN KEMIRI
Alamat : Desa Kerep, Kecamatan Kemiri, Kabupaten Purworejo, Kode Pos 54262

PENILAIAN TENGAH SEMESTER II SEKOLAH DASAR


TAHUN PELAJARAN 2020/2021

Mata Pelajaran : Bahasa Jawa Hari, tanggal : Sabtu, 6 Maret 2021


Kelas : IV (Empat) Waktu : 09.00 – 10.00 (60 menit)
PETUNJUK UMUM :
1. Berdoalah terlebih dahulu sebelum mengerjakan soal!
2. Tulis nama dan nomor urutmu pada sudut kanan atas lembar soal!
3. Kerjakan soal-soal yang mudah terlebih dahulu!
4. Periksa kembali pekerjaanmu sebelum kamu serahkan kepada Bapak/Ibu Guru!

PETUNJUK KHUSUS :
I. Wenehana tanda ping (x) ana sak ngarepe wangsulan a, b, c, utawa d sing bener!

Wacanen kang patitis


Dumanine Rawa Pening
Nalika warga desa lagi padha pista mangan enak lawuh iwak ula asil burone, ana bocah
bajang mara nyedhaki. Kanthi rasa kepengin banget amarga luwe, bocah bajang mau nyedhaki salah
sawijining wong lanang kang lagi mangan ana kono. Nanging wong mau ora gelem menehi maem,
malah bocah bajang kuwi dikon lunga sumingkir sing adoh. Bocah bajang iku lunga ganti nyedhaki
wong liyane, nanging kabeh wong sing dicedhaki ora ana sing gelem menehi maem marang bocah
bajang mau.

Kanthi ati lara lan nelangsa bocah bajang iku lunga ninggalake papan kono. Anggone
mlaku kanthi tumunggkul ora krasa lakune tekan ing salah sawijining omah gubug. Bocah bajang
mau mandheg lungguhan ing cedhak kono.
“Ngger, ngapa kok lungguhan ana kono, kene mlebu omah kene,” aloke swara seka jero gubug.
Bocah bajang kaget, noleh ngiwa lan nengen.
“Kene lho Ngger, iki ana sega sethithik ayo dipangan bareng,” pangajake Nini tuwa sing duwe
gubug.Bocah bajang lan Nini tuwa banjur mangan bareng-bareng. Sawise mangan bocah bajang mau
banjur matur nuwun marang Nini tuwa. Dheweke pamit ninggalake Nini tuwa karo pesen yen
mengko ana banjir Nini tuwa diaturi numpak lesung.

Bener kandhane bocah bajang, ora let suwi dumadakan desa kono keleban banjir. Wong
sadesa kabeh padha kleleb. Ora ana sing slamet, kejaba Nini tuwa sing numpak lesung. Banyune
banjir bening banget. Desa iku kleleban banjir dadi rawa sing banyune bening banget. Mula rawa
kuwi banjur dijenengke “Rawa Pening” nganti tekan saiki.

Semarang, Juni 2013, Gunadi Aryo, Crita Rakyat Jawa Tengah

1. Desa ana ing wacan dhuwur lagi padha pesta mangan enak lawuh …
a. iwak sapi c. iwak ula
b. iwak kebo d. iwak menjangan

2. Bocah bajang iku nyedhaki wong kang lagi pesta, karepe …


a. njaluk mangan c. melu pesta
b. njaluk ngombe d. melu mangan
3. Sawise mangan bocah bajang banjur …
a. dedonga c. nyuwun pamit
b. lunga klepat d. njaluk ngombe

4. Nalika desane kleleban banyu wong sadesa padha …


a. keli kagawa banyu c. seneng dolanan banyu
b. ngungsi golek papan dhuwur d. kleleb ora ana sing slamet

5. Nini tuwa bias slamet jalaran numpak …


a. lesung c. prau
b. gethek d. kapal

6. Nalika padha pesta, ana bocah bajag keluwen nyedhaki. Tembung keluwen tegese padha karo …
a. kakehan c. sambat
b. weruh d. ngelih

7. Crita kang ngrembaka ing tengah masyarakat kanthi gethok tinular diarani …
a. fable c. mite
b. crita rakyat d. legenda

8. Pituduh kang sinimpen utawa kang sinandi ana ing sajroning crito rakyat kanthi wutuh diarani …
a. latar c. amanat
b. tema d. paraga

9. Jeneng Rawa Pening dumadi saka tembung …


a. pening c. hening
b. wening d. bening

10. Mulih sekolah aku terus mangan, nanging ibu durung …


a. mangan c. dhahar
b. maem d. nedha

11. Ing ngiso iki kang kalebu tembang Macapat yaiku …


a. Gambang suling c. Ilir-ilir
b. Jaranan d. Gambuh

12. Tembang gambuh gunane kanggo …


a. pambuka gendhing c. guyonan
b. mulang muruk d. pangudhar rasa

13. Cacahe wanda saben sagatra diarani ..


a. guru lagu c. guru sastra
b. guru gatra d. guru wilangan

Gatekna tembang gambuh ngisor iki kanggo ngisi no 14 – 18

Sekar gambuh ping catur


Kang cinatur polah kang kalantur
Tanpa tutur katula tula katali
Kadaluwarsa katutuh
Kapatuh pan dadi awon

14. Tembung sekar ana ing dhuwur ngemu teges …


a. tembang c. wangi
b. macapat d. kembang
15. Tibane swara pungkasan / guru lagu ing gatra kapapat yaiku …
a. i c. o
b. a d. u

16. Tembung awon ngemu teges …


a. kulina c. ala
b. becik d. siya- siya

17. Tegese katula tula katali, yaiku …


a. njarag marang bebaya c. ora mangerteni paugeran
b. kacilakan kang matumpa tumpa d. gawe kuncara asmane wong liya

18. Cacahe wanda saben sagatra diarani …


a. Guru wilangan c. guru lagu
b. Guru gatra d. guru sastra

II. Isenana ceceg-ceceg ing ngisor iki nganggo tembung kang trep!

19. Crita rakyat iku ngrembaka kanthi …


20. Umume crita rakyat nyritakake babagan kedadeyan ...
21. Nini tuwa menehi mangan marang bocah bajang.
Tembung menehi basa kramane …
22. Tembung gambuh duweni teges …
23. Cacahe larik saben sapada diarani …

III. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi bener!

24. Apa bae kang kalebu unsur intrinsic crita rakyat?


Jawab : ……………………………………………………………………………….
……………………………………………………………………………….
……………………………………………………………………………….
25. Sebutna guru lagu lan guru wilangan tembang gambuh saben gatrane!
Jawab : ……………………………………………………………………………….
……………………………………………………………………………….
……………………………………………………………………………….
KUNCU JAWABAN PTS 2
BASA JAWA
KELAS : IV (EMPAT)

I.
1. C (3.5) 10. C (3.6)
2. A (3.5) 11. D (3.6)
3. C (3.5) 12. B (3.6)
4. D (3.5) 13. B (3.6)
5. A (3.5) 14. A (3.6)
6. D (3.5) 15. D (3.6)
7. B (3.5) 16. C (3.6)
8. C (3.6) 17. B (3.6)
9. D (3.5 18. A (3.6)

II.
1. gethok tinular (3.5)
2. papan panggonan (3.5)
3. maringi (3.5)
4. jumbuh (3.6)
5. gatra (3.6)

III.
1. Tema, latar, paraga, pesen/amanat (3.5)
2. 7u, 10u, 12i, 8u, 8o (3.6)

PEDOMAN PENILAIAN
KD (3.5) PG :9x1=9
ISIAN :3x2=6
URAIAN :1x3=3
SKOR MAK : 18

KD (3.6) PG :9x1=9
ISIAN :2x2=4
URAIAN :1x3=3
SKOR MAK : 16

Skor Perolehan
Nilai Akhir = x 100
Skor Maksimal

Anda mungkin juga menyukai