Anda di halaman 1dari 5

PEMERINTAH KABUPATEN DEMAK

DINAS PENDIDIKAN DAN KEBUDAYAAN


SMP NEGERI 4 DEMAK
SEKOLAH STANDAR NASIONAL (SSN)
Alamat : Ds. Mulyorejo, Kecamatan Demak, Kab. Demak, Telp. (0291) 3314657

PENILAIAN TENGAH SEMESTER I


TAHUN PELAJARAN 2018/20189

Mata Pelajaran : Bahasa Jawa Nama : ............................................


Hari,Tanggal : Kelas : VII ....................................
Waktu : No. Peserta : ............................................

I. Isinen cecek-cecek ing ngisor iki kanthi milih jawaban a, b, c utawa d !

Ing alas Dandaka, Dewi Shinta priksa kidang kencana sing endah banget lan mencutake. Shinta
nyuwun garwane yaiku Rama supaya dicekelake. Rama sumadya. Lesmana didhawuhi dening Rama
supaya njaga keslametane Shinta iya mbakyune. Sawetara Rama mburu kidang, ana swara sing ngerintih
jaluk tulung.Shinta ngira yen iku Rama, mula banjur utusan Lesmana supaya nulungi. Lesmana ora
gelem amarga wis diweling ora kena ninggalake Shinta. Shinta salah panampa, Lesmana didakwa yen
arep tumindak murang tata marang dheweke.
1. Latar panggonan ing cuplikan karangan kasebut.....
a.alas c.paranpara
b.wana d.alas Dandaka
2. Kang dadi paraga utama crita kasebut.....
a.Rama c.Lesmana
b.Kidang Kencana d.Shinta
3. Garwane Dewi Shinta ing crita kasebut yaiku.....
a.Rama c.Dasamuka
b.Lesmana d.Sugriwa
4. Prabu Ramawijaya lelana sajroning alas Dandaka sekaliyan karo garwane yaiku Dewi Shinta,lan
didherekake dening rayine kekasih.....
a.Raden Lesmana c.Raden Wibisana
b.Raden Duryudana d.Raden Palastra
5. Kocap, kidang kencana kena panahe Rama malih dadi buta raseksa aran.....
a.Kalabendana c.Kalawaskitha
b.Kalamarica d.Kalawardhana
6. Andhap asor, jejel riyel iku mujudake tembung loro kang tegese padha utawa meh padha lan dienggo
bebarengan, diarani tembung.....
a.Kereta basa c.Garba
b.Rura basa d.Saroja
7. Kang gathukane tegese padha utawa meh padha karo tembung gotong yaiku.....
a.Junjung c.Royong
b.Seleh d.Robyong
8. kif=kevCn, yen katulis latin dadine.....
a.Kidang kenycana c.Kidang kencana
b.Kidang kentana d.Kidang kemcana
9. Wujude sandangan taling yaiku.....
a. \ c. /
b. [ d .]
10. Pasangan aksara jawa kang katulis jejer karo aksarane, yaiku pasangan aksara.....
a.ka,ta,la c.ya,la,na
b.sa,pa,ha d.ra,ga,sa
11. Upacara adat kang ditindakake dening masyarakat jawa kanggo ngluwari saka sukerta lan memangsane
bathara kala yaiku.....
a.Sedekah Bumi c.Ruwatan
b.Bekaka d.Yaqowiyu
12. Salah sijine bocah sukerta iku kudu diruwat yaiku bocah unting- unting. Tegese unting- unting
yaiku.....
a.Anak kang laire bareng pletheking srengenge
b.Anak kang laire bareng karo angslupe srengenge
c.Anak wadon siji, ora duwe sedulur tunggal bapa- biyung
d.Anak lanang siji, ora duwe sedulur tunggal bapa- biyung
13. Sabubare acara panghargyan penganten, penganten sarimbit banjur diboyong menyang daleme
kulawarga penganten kakung. Acara iki diarani adat.....
a.Ngalub- alubi c.Midadareni
b.Pasang tarub d.Ngundhuh mantu
14. Adol dawet yaiku upacara kang dilakokake sawise siraman, sing adol Ibu calon penganten putri
dipayungi Bapak. Sing tuku para tamu nganggo duwit.....
a.Pecahan gentheng c.Pecahan receh
b.Pecahan watu d.Pecahan beling
15. Ora ana bedane antarane putrane dhewe lan anak mantu ing upacara penganten sawise panggih diarani
upacara.....
a.Brokohan c.Sungkeman
b.Timbangan d.Dulangan
16. Upacara selapanan dianakake bebarengan karo bancakan weton,nyukur rambut nganti gundhul lan
ngethok kuku kang duwe ancas kanggo kasarasan bayi, upacara menika dianakake nalika bayi umur.....
a.35 sasi c.7 sasi
b.35 dina d.7 dina
17. Upacara adat ruwatan iku ditindakake kanthi nanggap wayang kulit. Lakon wayang kulit kang
dijupuk.....
a.Bathara kala ratu c.Bathara kala gugat
b.Patine bathara kala d.Murwakala
18. Prabu Dasamuka, yen katulis aksara jawa dadine.....
a. p]bufsmuk c.pbudsmuk
b.p]budsmuk d.pbfsmk
19. Manuk kang mbudidaya ngalang- ngalangi malah tekaning pati keperjaya dening gegamane Rahwana,
lan Shinta bisa digawa menyang Ngalengka, arane.....
a.Jaladri c.Jalagni
b.Jatayu d.Jalabayu
20. Simbah nembe lara untu. Tembung lara untu basa kramane.....
a.Lara Gigi c.LaraWaja
c.Gerah gigi d.Gerah Waja

II. Wangsulana kang patitis


1. Aranana 6 bebakalaning cerita (unsur- unsur intrinsik )
2. Tembung saroja yaiku tembung loro sing padha tegese, wenehana tuladhane 3 wae!
3. Ukara ing ngisor iki kramana alus!
Ana wiwit esuk mau maca buku, ketoke seneng banget.
4. Apa tegese tembung ing ngisor iki !
a.Kembang sepasang
b.Kedhana- kedhini
c.Uger- uger lawang
d.Gotong mayit
5. Gantia dadi aksara jawa !
a.Dewi Sinta kadhusta
b.Manuk Jatayu
PEMERINTAH KABUPATEN DEMAK
DINAS PENDIDIKAN DAN KEBUDAYAAN
SMP NEGERI 4 DEMAK
SEKOLAH STANDAR NASIONAL (SSN)
Alamat : Ds. Mulyorejo, Kecamatan Demak, Kab. Demak, Telp. (0291) 3314657

PENILAIAN TENGAH SEMESTER I


TAHUN PELAJARAN 2018/20189

Mata Pelajaran : Bahasa Jawa Nama : ............................................


Hari,Tanggal : Kelas : VIII ....................................
Waktu : No. Peserta : ............................................

I. Isinen cecek-cecek ing ngisor iki kanthi milih jawaban a, b, c utawa d !


Peksi Jathayu kalebu ing serat Ramayana anggitane Walmiki. Jathayu utawa Resi Jathayu iku manuk
kang bisa ngomong kaya dene manungsa. Garudha Jathayu iku putra kang kaping telu saka Resi Briswara,
yaiku isih keturunan Dewi Brahmanistri, yaiku Putri Bathara Brahma. Jathayu nduweni sedulur kandung
yaiku Garudha Harna, Garuda Brihawan lan Garuda Sempati. Jathayu kekancan kang rumaket karo Prabu
Dasarata raja negara Ayodya. Kekarone kekancan wiwit cilik amarga simbahe Prabu Dasarata kang asma
Bathara Kandikota kekancan rumaket karo Resi Briswara.
1. Crita wayang Peksi Jathayu kalebu ing Serat Ramayana sing nganggit yaiku ....
a. Tantular c. Walmiki
b. Sotasoma d. Wiyasa
2. Garudha Jathayu iku Putra kang kaping telu saka Resi ....
a. Buriskita c. Buriswara
b. Buriswata d. Briswara
3. Kang ora dadi sedulur kandungen Resi Jathayu yaiku ....
a. Garudha Harna c. Garudha Brihawan
b. Garudha Yaksa d. Garudha Sempati
4. Raja Negara Ayodya arane ....
a. Dasarata c. Dasamuka
b. Prabu Rama Wijaya d. Rama Parasu
5. Bulek Jaritan amarga ngendikane arep melu among tamu ing daleme pak Burhan. Panambang an ing
tembung jarit sajroning ukara kasebut nduweni teges ....
a. Panggonan c. Tetirone
b. Nganggo d. Piranti
6. Serat Wulangreh iku anggitane Sri Susuhan Pakubuwana IV pujangga saka kraton ....
a. Surakarta Hadiningrat c. Mangkunegaran
b. Demak Bintoro d. Ngayogjakarta Hadiningrat
7. Andi omongane empuk watu. Empuk watu iku tegese ....
a. Saloka c.Sanepa
b. Paribasan d. Wangsalan
8. Panulisan aksara jawa “ Kancing ucul “ kang bener yaiku ....
a. knCi= aucul\ c. kni= aucul\
b. kvCi= aucul\ d. kvC= aucul\
9. b]vJ= aiwk\
Panulisan latine kang bener yaiku ....
a. Branjang ucul c. Bujang ucul
b. Branyjang ucul d. Bajul ucul

10.Piranti kanggo pentas kabeh wis cumawis. Tembung cumawis iku asalae saka saka tembung lingga ....
a. Cawis c. Awis
b. Mawis d. Wis
11. Guru wilangan lan guru lagu saka tembang “Yen wong anom pan wus tamtu” yaiku ....
a. 10u c. 8u
b. 9o d. 9a
12. Manungsa urip ing alam donya iku kudu jembar segarane ora kena cupet atine. Tembung-tembung kang
kacethak miring iku kalebu tembung ....
a. Lingga c. Saroja
b. Entar d. Yogyaswara
13. Yen wus tinitah wong agung. Tembung tinitah iku asale saka tembung titah kawuwuhan ....
a. Seselan c. Ater-ater
b. Panambang d. Akhiran
14. Tegese gatra ke-6 tembang Kinanthi “Nora wurung bisa maling” yaiku ....
a. Mula ora bakal pinter maling c. Mula dadio wong pinter
b. Mula bakal pinter maling d. Mula aja dadi maling
15. Ing ngisor iki kang ora kalebu tembung dwilingga semu yaiku ....
a. andeng-andeng c. Orong-orong
b. untir-untir d. Meja-meja
16. Kancaku weruh lelembut pas wayah maghrib. Tembung kang kacetak miring iku kalebu tuladhane
tembung ....
a. dwilingga semu c. Dwipurwa
b. Dwiwasana d. Dwilingga salin swara
17. Crita kedadean Tangkuban Perahu iku kalebu tuladhane dongeng ....
a. Sage c. Fabel
c. Mithe d. Legendha
18. “dadi bocah aja kumenthus” . Tembung kang kacetak miring tegese ....
a. sombong c. Nganutan
b. nakal d. Boros
19. Peleme rumujak. Seselan um ing tembung kang kacetak miring tegese ....
a. Pelem kang mateng wit c. Pelem bosok
b. Pruntil d. Kembang pelem
20. Bahasa kramane tembung “ Kacamatane bapak keri ing kantor “ kang bener yaiku ....
a.Kaca paningalipun bapak kantun wonten kantor
b. Kaca socane bapak kantun wonten kantor
c. Kaca socanipun bapak kantun ing kantor
d. Kaca paningalipun bapak keri ing kantor

II. Wangsulana kang patitis


1. Kinanthi
Sanadyan ta nora melu,
Pasthi uruh solahing maling,
Kaya mangkana sabarang,
Panggawe ala puniki,
Sok weruha nuli bisa,
Iku panuntuning eblis.

Golekana guru gatra, guru wilangan lan guru lagu saka tembang Kinanthi ing dhuwur !
2. Tembung-tembung ing ngisor iki gawenen dadi ukara, banjur terangna tegese panambange !
a. Geleman c. Jagalan
b. Klamben d. Kumbahan
3. Gantia dadi basa krama !
a. Simbah tangi turu jam 4 isuk
b. Masku ngeterke ibuku tuku endog ning pasar
4. Jenise dongeng ana 4. Sebut, jelaske lan wenehi contoh critane !
5. Tulisen nganggo aksara Jawa !
a. Prajurit kudu siap perang
b. Rengginang goreng rasane enak

Anda mungkin juga menyukai