Anda di halaman 1dari 3

PEMERINTAH KABUPATEN KEBUMEN

DINAS PENDIDIKAN
SD NEGERI 1 BONJOKLOR
KECAMATAN BONOROWO
Alamat : Jl. Malangkerso, Dk Tamansari, Ds Bonjoklor, Kec. Bonorowo, Kab Kebumen, Kode Pos 54395

PENILAIAN TENGAH SEMESTER I


TAHUN PELAJARAN 2020/2021

Muatan Pelajaran : Mulok Bahasa Jawa


Kelas/Semester : VI (enam)/I
Hari, Tanggal :
Waktu :

PETUUK UMUM:
1. Berdoalah dahulu sebelum kamu mulai mengerjakan soal!
2. Tulislah namamu di sudut kanan atas!
3. Bacalah dengan teliti soal yang akan kamu kerjakan!
4. Kerjakan dahulu soal-soal yang kamu anggap mudah!
5. Periksa kembali pekerjaanmu sebelum kamu serahkan kepada bapak/ibu guru!

I. Pilihen salah siji wangsulan kang kokanggep paling bener!


1. Reog iku asale saka ….
a. Sukoharjo c. Sala
b. Ponorogo d. Blora
2. Upacara sekaten dianaake wiwit tanggal 5 sasi Mulud taun Jawa utawa tanggal ….
Sasi Rabiul Awal taun Hijriah.
a. 5 b. 7 c. 10 d. 12
3. Nalika tanggal 11 sasi Mulud, gamelan sekaten digawa bali menyang ….
a. mesjid b. omah c. kraton d. bale desa
4. Ing ngisor iki kalebu tontonan utawa hiburan kang disuguhake ing pasar malem
sekaten, kajaba ….
a. dermolem c. piranti-piranti saka lemah
b. jajanan d. ledhek kethek
5. Pakubuwana I iku ratu ing Kraton ….
a. Pajang c. Yogyakarta
b. Surakarta d. Mangkunegaran
6. Teks dheskripsi, yaiku teks sing gambarake ….
a. panggonan c. barang
b. manungsa d. kabeh bener
7. Saben …. duweni siji pokok pikiran.
a. tembung c. paragrap
b. ukara d. wacan
8. Krama inggile mripat, yaiku ….
a. paningal c. karna
b. talingan d. pangrasa
9. Basa ngokone lembu, yaiku ….
a. jaran c. lembu
b. menda d. ayam
10. Krama inggile rambut, yaiku ….
a. padharan c. mustaka
b. jangga d. rikma
11. Miturut Tjatur Sasongko unggah-ungguh basa ana ….
a. telu c. lima
b. papat d. loro
12. Krama alus, yaiku trep-trepane basa kang digunakake dening ….
a. Wong tuwa marang wong nom
b. Wong enom marang wong tuwa
c. Wong sing saumuran
d. Wong enom marang wong tuwa
13. Ani : “Bapak durung kondur, dhik?”
Yani : Durung kok, mbak.”
Basa kang digunakake, yaiku ….
a. ngoko lugu c. krama lugu
b. ngoko alus d. krama alus
14. Menika …. Inu Giyarni.
Tembung kang bener kanggo njangkepi ukara kasebut, ….
a. omahe c. dalemipun
b. gubuge d. griyane
15. Piranti kanggo numbuk pari diarani ….
a. kentongan c. uleg-uleg
b. lumping d. wajan
16. Gambar wayang ing sisih kiwa kasatriyane ana ing ….
a. Madukara c. Ngawangga
b. Jodhipati d. Pringgodani
17. Kunta Wijayadanu iku jeneng gamane ….
a. Adipati Karna c. Patih Sengkuni
b. Raden Gathutkaca d. Prabu Duryudana
18. Perang Baratayuda kuwi perang antarane ….
a. Pandhawa lan Kurawa c. Arjuna lan Werkudara
b. Kresna lan Buta Cakil d. Togog lan Mbilung
19. Bapak lan ibune Raden Abimanyu, yaiku ….
a. Werkudara lan Srikandi c. Janaka lan Srikandi
b. Werkudara lan Arimbi d. Janaka lan Sembadra
20. Gambar wayang ana ing sisih kiwa jenenge ….
a. Arjuna c. Bima
b. Karna d. Nakula
21. Gambar ing sisih kiwa kalebu Punakawan jenenge ….
a. Semar c. Petruk
b. Gareng d. Bagong
22. Emban cindhe emban siladan.
Unen-unen ing dhuwur kuwi kalebu jinise ….
a. saloka c. isbat
b. bebasan d. paribasan
23. Jer basuki mawa beya.
Unen-unen ana ing dhuwur kuwi kalebu jinise ….
a. panyandra c. pepindhan
b. saloka d. paribasan
24. Kang ora kalebu jinise paribasan, yaiku ….
a. kegedhen empyak kurang cagak c. nabok nyilih tangan
b. adigang adigung adiguna d. becik ketitik ala ketara
25. Kang ora kalebu jinise bebasan, yaiku ….
a. nulung malah menthung c. esuk dhele sore tempe
b. nabok nyilih tangan d. diwenehi ati ngrogoh rempela
II. Isenana cecek-cecek ing ngisor iki nganggo tembung sing bener!
26. Jinising teks dheskripsi yaiku …………………… lan …………………….
27. Tari pembuka seni reog kang penarine bocah cilik lan adegane bab guyon diarani ….
28. Sekaten iku asale saka basa ….
29. Pasar malem sekaten dianaake ana ing ….
30. Mbak Wati tuku beras ana ing pasar. Tembung beras basa kramane ….
31. Unggah-ungguh basa jawa kaperang dadi loro, yaiku basa ngoko lan basa krama.
Basa ngoko kaperang maneh dadi loro, yaiku krama lugu lan krama alus. Ana ukara
“Ibu tuku tahu telu.” Miturut unggah-ungguh basa, tembung tuku kang bener yaiku ….
32. Jeneng gamane utawa senjatane Raden Janaka, yaiku ….
33. Nalika isih cilik jenenge Raden Gathutkaca, yaiku ….
34. Paman Gathutkaca kang ora sengaja tiwas ing tangane satriya Pringgodani jenenge ….
35. Unen-unen kang ajeg panggonane mawa teges entar (kiasan) lan ora ngemu surasa
pepindhan diarani ….

Anda mungkin juga menyukai