Anda di halaman 1dari 9

PENILAIAN AKHIR SEMESTER GANJIL (PAS)

MADRASAH IBTIDAIYAH DIPONEGORO


TAHUN AJARAN 2023/2024
Jln. Jati No. 206 Kecamatan Sukorejo Kota Blitar Telp : (0342 ) 806817

Nama : ____________________________ Waktu :08.45 – 09.45 WIB


No. Ujian : ____________________________ Hari/Tanggal : 7 Desember 2023
Kelas : V (Lima) Mata Pelajaran : Bhs Jawa
I. Pilihen Kathi pilihan sing bener !
Wayang, manut Dr. Guntur, mujudake prestasi puncak seni budaya Indonesia. Kepara wayang
dening kabudayan donya UNESCO ing tanggal 7 November 2003, diakoni minangka warisan
budaya donya. Saka kedadean gedhe kasebut, ISI Surakarta nuli ada- ada ndadekake tanggal 7
November dadi dina wayang sadonya.
1. Isine pawarta iki yaiku…..
a. kabudayan sadonya jenenge UNESCO
b. wayang diakoni warisan budaya sadonya
c. tanggal 7 November dadi dina wayang sadonya
d. dina wayang sadonya kapethik keputusane UNESCO
2. Unsur sing ndhapuk pawarta salah sijine pitakon kapan (when). Ukara sing nuduhake unsur
kasebut yaiku ……
a. seni budaya Indonesia c. tanggal 7 November 2003
b. kabudayan donya UNESCO d. warisan budaya donya
3. Sawise lara tipes seminggu, saiki Titan wis bali....
Rembung saroja sing bener kanggo nggenepi ukara iki yaiku........
a. sehat walafiat b. bagas waras c. mlebu sekolah d. mangan akeh
4. Rianti kuwi bocah sing jirih, diutus maju menyang ngarep kelas wae ora wani. Tembung
entare jirih yaiku...
a. kaku atine b. cilik atine c. bombong atine d. cupet atine
5. Tanduran kembange Amalia ing plataran ...ana kuning, abang, lan ungu.
Tembung saroja sing bener kanggo ngganepi ukara iki yaiku....
a. subur Makmur b. edi peni c. arum wangi d. maneka warna
6. Dumadakan udan deres, aku ora nggawa mantel.
Aku langsung minggir banjur ngiyup ing perko.
Dakenteni nganti udane terang.
Tembung camboran tugel sing ana ukara iki yaiku…..
a. Perko b. Ngiyup c. Dumadakan d. Dakenteni
7. Kadhang........Pak Tino tilik omahku supaya raket pasedulurane.
Supaya dadi tembung saroja, tembung kadhang kudu dipasangi nganggo tembung....
a. Konang b. Kala c. Sedulur d. kadhang
8. Bareng dhuwite Mila sing ilang ing dalan ditemu Inas banjur diwenehake sanalika padhang
pikire. Padhang pikire tegese……
a. marem banget b. ora percaya c. nesu banget d. ora perduli
9. Najan suwe ora tau ketemu ora apa-apa sing penting padha.....
a. bagas waras b. padha slamet c. guyup rukun d. bibit kawit
10. Warunge Mak Kenti saben dina dodol randha royal, dhawet srabi, lan jajan liyane.
Sing klebu tembung camboran yaiku....
a. Mak Kenti b. Saben c. randha royal d. jajan liyane
11. Saben dina bocah kok nglumahake tangan wae, mbok gelem rerewang wong tuwa. Tembung
nglumahake tangan tegese....
a. tansah njaluk c. lumuh nyambut gawe
b. tansah turu wae d. tansah dolan wae
12. Senajan uripe Pak Daman nanging dheweke tansah seneng. Tembung saroja sing bener kanggo
ngganepi ukara iki yaiku....
a. Kasingkrangan b. bagas waras c. papa cintraka d. ayem tentrem
13. Byuh, bocah kok pikirane landhep dhengkul, loro ditambah lima wae ora ngerti. Landhep
dhengkul tegese....
a. kethul banget b. pinter banget c. bodho banget d. trampil banget
14. Jarot kuwi yen nesu mesthi mara tangan. Mara tangan tegese seneng…..
a. Milara b. Nesu c. Misuh d. malang kerik
15. Heri olehe nata gambar mahrep, pancen bocahe isih durung ngerti.
Tembung camboran tugel mahrep asale saka tembung....
a. mah ngarep b. omah kerep c. kemah sregep d. mlumah murep
16. Watake tembang macapat sing sereng lan tegas yaiku tembang....
a. Maskumambang b. Kinanthi c. Durma d. Pangkur
Wacan kanggo nomer 17-20!
Dhandhanggula
Utamane wong tinitah urip
Marang sapadha padhane
Pepadhane tumuwuh
Hangakehna panggawe becik
Luwes manis ing basa
Basuki ing tembung
Bungaha kang padha miyarsa
Gegulangen ing siyang pantara ratri
Ciptanen ing wardaya
17. Wong sing dititahake urip kudune.....
a. padha dene urip bebarengan c. gawe panggawe becik
b. padha dene karepe d. ngakehake sesrawungan
18. Luwes manis ing basa tegese……..
a. yen omong sing kepenak c. basane manis kanggo ngapusi
b. sing penting basane luwes d. basane luwes isine ora ngerti
19. Wong tumindak becik kudune ing wayah....
a. nalika ketemu wong liya b. wiwit awan nganti wengi
c. nganggo tembung becik d. kapan wae bisa
20. Bungaha kang padha miyarsa. Miyarsa tegese…..
a. Ngrungokake b. Nyawang c. Nyekseni d. Nembangake
21. Para mudha padha setya Perangan tembang iki nuduhake sasmitane tembang……
a. Sinom b. Maskumambang c. Dandhangula d. Mijil
22. Tembang Dhandhanggula guru gatrane…..
a. 4 b. 6 c. 8 d. 10
Wacan kanggo nomer 23-25!
Nalika Prabu Sasrabahu lan para garwa adus ing bengawan Gangga, banyune kali amber lan nyebabake
banjir ing Negara Ngalengka. Prabu Dasamuka ngamuk, sing nandhingi Patih Suwanda. Apese Patih
Suwanda, sukmane Sukrasana sing manjing ing siunge Dasamuka klakon nyakot gulune Patih Suwanda.
Patih Suwanda alias Sumantri mati, sukmane bebarengan munggah suwarga karo sukmane Sukasrana.
23. Cacahe paraga ing cuplikan wacan iki ana……
a. 4 b. 5 c. 6 d. 7
24. Konflik raga sing dumadi ing cuplikan wacan iki yaiku antarane…..
a. Prabu Sasrabahu lan Patih Suwanda c. Prabu Dasamuka lan Patih Suwanda
b. Prabu Sasrabahu lan Prabu Dasamuka d. Patih Suwanda lan Sukrasana
25. Ukara sing kelebu kedadean pambukane crita narasi iki yaiku….
a. Nalika Prabu Sasrabahu lan para garwa adus ing bengawan Gangga, banyune kali amber
lan nuwuhake banjir ing Negara Ngalengka.
b. Prabu Dasamuka ngamuk, sing nandhingi Patih Suwanda.
c. Apese Patih Suwanda, sukmane Sukrasana sing manjing ing siunge Dasamuka klakon
nyakot gulune Patih Suwanda.
d. Patih Suwanda alias Sumantri mati, sukmane bebarengan munggah suwarga karo sukmane
Sukasrana.
26. Salah sijine cirine pawarta yaiku .....
a. urut wektu b. actual c. kedadean biasa d. perangan crita
27. Gegulangen ing siyang pantara ratri Perangan tembang iki guru wilangane…..
a. 8 b. 10 c. 12 d. 14
28. Bapak pocung bleger sirah lawan gembung
Tansah kinunjara
Sasat mati jroning urip
Metu krangkeng bisa urip sagebyaran
Tembang iki guru lagune yaiku....
a. Uapn b. Uaia c. Gapn d. ng ra rip ran
29. Tembang sing mawa aturan (12/1) (6/a) (8/1) (8/a) yaiku tembang......
a. Maskumambang b. Pangkur c. Dhandhanggula d. Pocung
30. Tembang sing sasmitane anom, teruna, srinata, ron kamal, pangrawit yaiku tembang....
a. Sinom b. Kinanthi c. Dhandhanggula d. Megatruh
31. Yen disawang lembehane Sri Peni katon endah banget, jalaran tangane yen kanggo
lembehan....
a. nawon kemit b. mblarak sempal c. merak kesimpir d. macan luwe
32. Tembang Dhandhanggula cacahing guru gatra ana….
a. 10 b. 11 c. 12 d. 15
33. Wacan sing nyritakake ngenani kahanan barang, pawongan, utawa panggonan diarani...
a. Narasi b. Persuasi c. Deskripsi d. paparan
34. Bareng keprungu yen Gunung Kelud arep mbedhos wong-wong sing manggon ing Kecamatan
Gandusari padha mlayu ngungsi.
Pawarta sing kaya ngene iki diarani....
a. Aktual b. nuwuhake akibat c. nyenengake d. narik ati
35. Lelakon uripe dhewe, banjur ditulis dhewe.
Tulisan ngene iki diarani…….
a. Pawarta b. Biografi c. Opini d. Otobiografi

II. Isenana ceceg-ceceg ing ngisor iki nganggo tembung sing bener!
1. Pawarta sing bisa dirungokake lan dideleng bisa liwat...........................................................
2. Pawarta sing isih rame-ramene dadi pocapane wong akeh diarani pawarta ..........................
3. Wacan utawa teks sing luwih ngutamaake urutan kedadean diarani......................................
4. Kanggo ngringkes crita, sing luwih dhisik ditemokake yaiku................................................
5. Pawongan sing dicritakake ing wacan narasi diarani..............................................................
6. Tembang macapat sing sasmitane sarkara, manis, madu, hartati yaiku tembang...................
7. Wong agung ing Ngeksi Ganda
Cuplikan tembang sagatra iki guru wilangan lan guru lagune................................................
8. Bareng bapake dadi kepala desa, saiki Iwan gedhe endhase. Gedhe endhase tegese.............
9. Bu Warti ora tau gepok barang duweke Bu Anis, jalaran yen bubrah Bu Anis mesthi muring-
muring
Supaya dadi tembung saroja, gepok kudu dipasangi tembung...............................................
10. Pak Hadi durung suwe iki tuku jas udan regane satus seket ewu ing toko cedhak pasar.
Saka ukara iki sing klebu tembung camboran yaiku...............................................................

III. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi trep!


1. Sawijining dina, Dhewata Cengkar ketagihan daging manungsa. Prajurite sing diprentah golek
nom-noman. Teka padesan ing pinggir kali ana wong- wong lagi adus. Prajurit kuwi pilih
sawijining prawan. Arep dicekel malah mlayu. Prajurit ngoyak. Teka dalan, papagan nom-
noman sing nggantheng rupane. Nom-noman sing ngaku jenenge Ajisaka nyandhet prajurit
Medhang Kamulan. Rumangsa dipepalangi, para prajurit ngruyuk Ajisaka. Para prajurit kalah,
banjur mlayu mulih menyang Medhang Kamulan.
a. Tulisen paragane cuplike narasi iki!
b. Tulisen konflike sapa karo sapa wae sing dumunung ing cuplikan narasi iki!
Wangsulan:........................................................................................................................
2. Ayo nulis nganggo tembung saroja:
a. Guyup rukun
b. Babak bundhas
Wangsulan:........................................................................................................................
3. Salah sijine ciri pawarta ana teras beritane.
Ayo ditulis tegese teras berita sing bener!
Wangsulan:..............................................................................................................................
4. Sekar kinanthi pitutur
Tumrap tataraning murid
Mbangun turut gurunira
Gegaran wulang kang becik
Bekti marang ingkang rama
Mring kang ibu kudu bekti
Ayo ditulis guru gatra, guru wilangan, lan guru lagune!
Wangsulan: .............................................................................................................................
5. Bu Marsiti kuwi wong sing lunyu ilate, senengane kulak warta mrana-mrene. Ancase bisa
mbukak wadine wong liya supaya sing diajak omong panas atine.
Ukara ing ndhuwur ngemu tembung entar cacahe papat, ayo digoleki banjur ditulis tegese!
Wangsulan: .............................................................................................................................
PENILAIAN AKHIR SEMESTER GANJIL (PAS)
MADRASAH IBTIDAIYAH DIPONEGORO
TAHUN AJARAN 2023/2024
Jln. Jati No. 206 Kecamatan Sukorejo Kota Blitar Telp : (0342 ) 806817

Nama : ____________________________ Waktu :08.45 – 09.45 WIB


No. Ujian : ____________________________ Hari/Tanggal : 7 Desember 2023
Kelas : VI (Enem) Mata Pelajaran : Bhs Jawa
I. Pilihen Kathi pilihan sing bener !
1. Mujudake pawongan kang menehi katrangan utawa komentar marang dumadine prastawa iku
diarani.....
a. Gambar b. angle c. isi Pawarta d. sumber
2. Ngubak-ubak banyu bening tegese…..
a. darbe panjangka nanging ora duwe sarana c. tumindak ala sarana kongkonan wong liya
b. gawe rerusuh ing panggonan sing wus tentrem d. Oleh begja gedhe
3. Bentuk siyaran pawarta ing ngisor iki, kejaba berita……
a. Basa Jawa TA TV c. Basa Jawa Radio Persatuan
b. Basa Jawa JOGJA TV d. ariwarta
4. Gatekna pratelan ing ngisor iki!
(1) Pidhato (2) Pawarta (3) Wara-wara (4) Biografi.
Nyemak wacan nonsastra ing piwulang basa Jawa katunjuk nomer……
a. (1) lan (2) b. (3) lan (4) c. (1) lan (4) d. (1) lam (3)
5. Perangan pawarta kanggo nuduhake kaya ngapa kadadeyan prastawa kanthi kasat mata
diarani.....
a. Angle b. Gambar c. Sumber d. isi pawarta
6. Jlentrehake babagan panggonan kadadeyan prastawa ing pawarta iku diarani…..
a. What b. When c. Who d. where
7. Kerot ora duwe untu tegese...
a. darbe panjangka nanging ora nduwe sarana c. tumindak ala sarana kongkonan wong liya
b. gawe rerusuh ing panggonan sing wus d. oleh begja gedhe
tentrem
8. Gatekna pratelan ing ngisor iki!
(1) Pidhato. (2) Wara-wara (3) Pawarta. (4) Biografi
Kang klebu nyemak intensip katunjuk nomer.....
a. (1) lan (2) b. (2) lan (3) c. (3) lan (4) d. (1) lan (4)
9. Unen-unen ing ngisor iki kang klebu jinise saloka yaiku.....
a. blilu tau, pinter durung nglakoni c. kerot ora duwe untu
b. tutwuri handayani d. kebo nusu gudel
10. Jlentrehake bayi wis lair lan jelas priya utawa wanita yaiku tembang.....
a. Maskumambang b. Mijil c. Sinom d. Kinanthi
Gatekna tembang ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakonan nomer 11-17!
Pangkur
Mingkar mingkuring angkara,
akarana karenan mardi siwi,
sinawung resmining kidung.
sinuba sinukarta,
mrih kretarta pakartining ngelmu luhung.
kang tumrap ing tanah Jawa, agama pada ageming aji.
11. Tembang Pangkur dhuwur iku ana….
a. Siji b. Loro c. Telu d. Papat
12. Tembang Pangkur sapada ana... gatra.
a. 5 b. 7 c. 6 d. 8
13. Pathokane tembang Pangkur yaiku.....
a. 8i, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i c. 8u, 11u, 8a, 7а, 12u, Ba, 8i
b. 8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i d. 8u, 11i, 8a, 7a, 12u, 8a, 8i
14. Mingkar mingkuring angkara. Tembung angkara tegese….
a. nepsu ala b. ditutupi c. dikandhakake d. dijarake
15. Sinawung resmining kidung. Tembung linggane sinawung yaiku…..
a. Sawung b. Ginung c. Gunung d. unggung
16. Sinuba sinukarta. Ukara iku tegese....
a. diajeni banget c. ora patut kok cedhaki
b. ora kena dikancani d. ora kena dicedhaki
17. Agama ageming aji. Ukara iku tegese….
a. ora rumangsa ala c. agama kuwi panganggo kang utama
b. ora rumangsa yen awake ala d. ora rumangsa alane akeh banget
18. Wateke tembang Pangkur yaiku....
a. Nglara b. Sengsem c. Grapyak d. sereng
19. Sri Susuhunan Pakubuwana IV iku raja ing....
a. Ngayogyakarta b. Surakarta c. Mataram d. Mangkunegaran
20. Guru wilangan lan guru lagu gatra katelu tembang Pangkur yaiku....
a. 8i b. 8u c. 8a d. 8o
Gatekna tembang ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakonan nomer 21 nganti 25!
Negriku Indonesia,
nut jaman kapungkur tetep nyawiji,
nunggal ingkang den ginayuh,
karaharjaning bangsa,
loh jinawi subur kang sarwa tinandur,
murah sandhang lawan pangan,
karukunan kang jinagi.
21. Tembang ing dhuwur klebu tembang….
a. Durma b. Pangkur c. Gambuh. d. Pucung
22. Cacahe guru gatrane tembang ing dhuwur ana…..
a. 9 b. 7 c. 8 d. 10
23. Guru wilangan lan guru lagune gatra kalima tembang ing dhuwur….
a. 9u b. 11u c. 10u d. 12u
24. Andharan ing ngisor iki sing jumbuh karo gancarane gatra katelu yaiku....
a. mung siji sing dicita-citane c. rukun wiwit jaman biyen
b. cita-citane kabeh padha d. alam subur, urip kabeh sing ditandur
25. Sasmitane tembang ing dhuwur manggon ing gatra….
a. 1 b. 3 c. 2 d. 4

II. Isenana ceceg-ceceg ing ngisor iki nganggo tembung sing mathuk!
1. Pariwara bisa kapacak ana..................................lan................................................................
2. Pambukane sekolah anyar, kunjungan presidhen ing Batang klebu pawarta..........................
3. Pariwara sumbangan bencana alam, lowongan pekerjaan klebu jinising pariwara................
4. Crita objek wisata, crita bab kasenengan/hobi klebu pawarta................................................
5. Pariwara sepatu, pariwara sabun, sarta pariwara sawijining bank iku klebu pariwara...........
6. Maskumambang guru wilangane yaiku..................................................................................
7. Tengu ngedu gajah, tegese......................................................................................................
8. Maskumambang iku sapada pala ana…………………………………………………. gatra.
9. Ora ganja ora unus, tegese......................................................................................................
10. Kebo kabotan sungu, tegese....................................................................................................

III. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi patitis!


1. Sebutna telu wae tandhane pariwara kang efektip!
Wangsulan:..............................................................................................................................
2. Jlentrehna pariwara medhia jaba ruwangan!
Wangsulan:..............................................................................................................................
3. Apa kang diarani kagunan sosiyal sajroning pariwara?
Wangsulan:..............................................................................................................................
4. Kepriye carane supaya pariwara bisa narik kawigaten?
Wangsulan:..............................................................................................................................
5. Jlentrehna kang diarani kagunan komunikasi ing pariwara!
Wangsulan...............................................................................................................................
6. Tulisna tuladhane bebasan lan tegese!
Wangsulan:..............................................................................................................................
7. Apa sing diarani saloka?
Wangsulan:..............................................................................................................................
8. Sapa pangriptane tembang Pangkur?
Wangsulan:..............................................................................................................................
9. Kepnye sasmitane tembang Durma?
Wangsulan:..............................................................................................................................
10. Golekana tegese saloka ing ngisor iki!
a. Ula marani gebug.
b. Belo melu seton.
c. Kemladeyan ngejak sempal.
Wangsulan: .............................................................................................................................

Anda mungkin juga menyukai