Anda di halaman 1dari 3

SOAL PENILAIAN AKHIR SEMESTER 1

TAHUN PELAJARAN 2020/2021

BAHASA JAWA

Wacan ing ngisor iki wacanen sing setiti !


Dolanan Dhakon
Dhakon utowo congklak, iku dolanan sing nganggo piranti kayu. Bisa uga saka tembaga, plastik kang
luweh sederhana digambaring lemah. Ing kana bisa dilegoki pitu, sanga utawa sewelas legokan, lan digawe rong
larik, terus ing pucuk kiwa tengen ana legokan gedhe (lumbung) cacahe loro. Saliyane kui, butuh kecik cacahe
padha karo legokan mau. Saumpama legokane cacahe 7, tegese butuhe kecik 7x7x2 = 98. Saben ana waktu
longgar Salma dolan menyang omahe Yanti, dina Minggu sore wingi Salma karo Yanti padha seneng dolanan
dhakon.
Tata cara dolanan yaiku (1) legokan cilik diisi kecik cacahe padha karo cacahe legokan. (2) Giliran sing
mlaku dhisik diundi nganggo pingsut. (3) Carane mlaku sing oleh giliran milih salah siji legokan sisih ngarepe,
kecik sing ing kana dijipuk terus ditibakne siji-siji ning legokan wiwit sisih tengene. Yen kecike isih torah,
diteruske muter ning legokan musuhe. (4) Yen kecik paling pungkasan enteke pas ning lumbung, giliran
diteruske musuh, (5) Yen kecik paling pungkasan enteke pas ing legokan sing kosong, giliran mandheg, (6) yen
kecik pungkasan tiba ing legokan ana isine, kabeh dipindhah ning lumbunge dhewe.
I. Wenahana tanda ping (x) ana aksara A, B, C, lan D ing ngarep jawaban sing paling bener !
1. Sing seneng dolanan dhakon/kecik yaiku . . . .
a. Salma karo Widya c. Salma karo Yanti
b. Rina karo yanti d. Yanti karo Wulan
2. Apa jenenge dolanan kang nggawe piranti kayu, tembaga utawa plastik sing dilegoki . . . .
a. Egrang b. dhakon c. gobak sodor d. nekeran
3. Piranti kanggo dolanan dhakon yaiku . . . .
a. Kayu, tembaga, plastic, kecik c. sapu, ember, baja
b. Tembaga, sulak, tongkat d. plastic, kertas, besi
4. Neng ngendi Salma karo Yanti anggene dolanan dhakon ?
a. Neng omahe Salma c. neng omahe Desi
b. Neng sekolahan d. neg omahe Yanti
1) Gobak sodor
2) Internetan
3) PS
4) Nekeran
5. Sing kalebu dolanan tradisional yaiku :
a. 1, 2 b. 1, 4 c. 1, 3 d. 4, 2
6. Sawijine crita sing isine nyritakake sawijine nerangken kedadeyan kanthi runtut diarani crita . . . .
a. Deskripsi b. narasi c. partisi d. kompetisi
7. Tokoh jroning crita ing wacan diarani . . . .
a. Artis b. dalang c. paraga d. seting
8. Wacan sing gagasan pokoke diandharake kanthi cara nggambarake obyek, panggon utawa kadadeyan
kanthi rinci diarani . . . .
a. Teks narasi b. teks deskripsi c. teks ekodasi d. akomodasi
9. Teks sing lumprahe diwaca dening penyiar radio utawa televisi diarani . . . .
a. Teks pawarta b. deskripsi c. teks narasi d. teks bacaan
10. Sing ora kalebu titikane teks pwarta yaiku :
a. Migunakake Bahasa kang gampang di mangerti
b. Ora mojokakae pihak salah siji lan ora mihak sopo-sopo
c. Katulis kanti bener lan apa nanane
d. Migunakake Bahasa kang angel di mangerti
11. Basa kang digunakake kanggo teks pawarta kudu . . . di mengerti
a. Dawa b. gampang c. lengkap d. padhet
12. Jenis pawarta sing during dimangerteni bener lan lupute kedadeyan sing sabenere diarani . . . .
a. Kabar manuk b. kabar bungah c. kabar susah d. kabar nagara
13. Tembung ing ngisor iki endi sing ora ana unsur pawartane ?
a. Kapan wektu kedadeyane ? c. kepriye kedadeane ?
b. Dhek wingi udan deres d. Sapa wae sing lungo ?
14. Unsur pawarta kang digunakake kanggo mangsuli pitakon-pitakon bab wektu kedadeyan yaiku :
a. Apa b. ing ngendi c. sapa d. kapan
15. Bocah-bocah kelas 5 kabeh katon sumyah gumbira. Tembung sumyah gumbira tegese . . . .
a. Sedih b. seneng banget c. susah d. bingung banget
16. Tembung kang kadadi saking loro tembung, banjur digabung lan saged nuwuhake pangerten ingkang
luweh teges diarani . . . .
a. Tembung comboran c. tembung entar
b. Tembung saroja d. tembung dasanama
17. Mbah Sinto uripe neng desa tansah adhem . . . karo anak putune.
a. Anget b. ayem c. atis d. panas
18. Pak Karjo iku wong sepuh sing jembar segarane. Tembung jembar segarane tegese . . . .
a. Pelit b. cethil c. kereng d. sabar
19. Tembung camboran bangjo asale saka tembung . . . .
a. Abang karo ijo b. abang karo putih c. ireng karo abang d. ijo karo ireng
20. Tembung loro sing bedha tegese menawa dienggo bebarengan nuwuhake teges anyar tulodhane yaiku :
a. Dubang b. bangjo c. kumis kucing d. gedhang
21. Abang-abang lambe tegese ora temenan. Tembung kang tegese ora kaya makna salugune kuwi diarani . .
..
a. Tembung garba c. tembung camboran
b. Tembung saroja d. tembung entar
22. Dawa-dawa uja tegese perkara kang ora uwis-uwis, yen dawa tangane tegese . . . .
a. Drijine dawa c. seneng mbantu kerepotane kancane
b. Seneng nyolong jupuk d. tangane kedawan
23. Menawa ngadepi musuh nang lapangan, aja cilik atine. Cilik atine tegese yaiku :
a. Kendel b. seneng c. wedi d. bungah
24. Saben dina Pak Bandi adus kringet kanggo nyukupi kebutuhan keluargane.
Ukara ing duwur kalebu tembung . . . .
a. Camboran b. parikan c. tanggap d. entar
25. Ing mangsa rendeng kabeh tanduran katon ijo . . . .
a. Royo-royo b. mbranang c. kemuning d. pupus
26. Tembung-tembung ing ngisor iki sing ora kalebu tembung entar yaiku . . . .
a. Kawit mau adikku ulate peteng
b. Sak bubare ditarungne pitike Pak Katijan katon adus getih
c. Dolanan karo kancane iku kudu sayuk rukun
d. Putra putrine Pak Rahmad luhur budine
27. Jenise tembang Jawa :
1. Balabak 2. Kinanti 3. Jurudemung 4. Pucung
Sing kalebu tembang Macapat yaiku : . . . .
a. 2 – 3 b. 2 – 4 c. 1 – 2 d. 3 – 4
28. Gatekna tembung Pucung iki kanggo jawab soal nomer 28 – 30 !
Pucung
Bapak pucung rupane amemba gunung
Tan ana sing trisna
Kabeh uwong mesthi sengit
Kang kanggonan dan lus-elus tinangisan
Guru lagu tembung Pucung yaiku :
a. 12u, 6a, 8i, 12a c. 10u, 4a, 10i, 12u
b. 8u, 10l, 8u, 12a d. 12u, 6u, 8u, 12u
29. Jumlahe guru wilangan tembang pucung ing dhuwur yoiku . . . .
a. 8, 8, 8, 9 b. 12, 6, 8, 8 c. 12, 6, 8, 12 d. 10, 6, 6, 10
30. Batangane tembung pucung ing dhuwur yaiku . . . .
a. Penthol korek b. udun c. sepur d. rokok

II. Isenana nganggo wangsulan sing bener !


31. Wacan kang isine ngandharake utawa nyritakake kedadean kanthi runtut saka wiwitan nganti pungkasan
utawa kronologis diarani teks . . . .
32. Kang kalebu struktur teks narasi salah sijine yaiku alur, alur yaiku . . . .
33. Struktur teks dheskripsi yaiku adhentifikasi, klasifikasi lan . . . .
34. Warta utawa kabar kang diterbitne sabendina diarani . . . .
35. Raden Gathutkaca kui sekti mandraguna, sekti mandraguna tegese . . . .
36. Yen nata kayu sing rijik, aja malang . . . .
37. Badrun iku pancen lunyu ilate, lunyu ilate tegese . . . .
38. Kanggo nyukupi kebutuhane, olehe nyambut gawe direwangi adus kringet. Adus kringet tegese . . . .
39. Bapak pucung sirah cilik weteng mblendhung
Ombenmu ing sendhang
Pencokanmu lambung kereng
Prapteng wisma sipucung muntah kuwaya
Batangane tembang pucung ing nduwur yaiku . . . .
40. Tembung pucung ing dhuwur guru wilangan lan guru lagune yaiku . . . .
III. Pitakon-pitakon ing ngisor iki wangsulana !
41. Coba sebutna stukture teks narasi !
42. Tembung saroja yaiku . . . .
43. Puput lan Wawan nandur kembang ing latar. Udalan kanthi urutan J-W-L-K !
44. Tembang ing ngisor iki golekana guru gatra, guru wilangan, lan guru lagune !
Bapak pucung renteng-renteng kaya kalung,
Dawa kaya ula,
Pencokanmu wesi miring
Sing disaba sipucung mung turut kutha
45. Tulisen nganggo aksara Jawa !
Adik arep sekolah

Anda mungkin juga menyukai