Anda di halaman 1dari 2

Soal PTS Basa Jawa Kelas

3
I. Wenehana tanda phing (X) marang wangsulan sing bener!

Wacan iki kanggo nggarap soal nomer 1 —5!

Ngingu Kucing Anggora

Rini saiki wis kelas telu, Saliyane sregep sekolah, dheweke uga sregep ngrewangi wong tuwane. Nalika
prei, Rini tansah ngrewangi ibune nyapu lan korah-korah. Kabeh pegawean mau dilakoni kanthi ati
seneng tanpa ngresula, Mula, ora mokal menawa bapak lan ibune asih banget marang dheweke. Rini
seneng banget marang sakabehe jinis kewan ingon-ingon. Ing omahe dheweke duwe ingon-ingon kucing
anggora. Rini asih banget marang kucing ingon-ingone mau. Saben dina kucinge dipakani lan seminggu
pisan uga didusi. Krangkenge uga mesthi diresiki dhewe. Mula, kucing anggorane katon sehat lan
nggemesake banget.

1. Wacan ing ndhuwur irah-irahane . . . .

A. Ngingu kucing Anggora

B. Ngingu Kucing Anggora

C. Ngingu Kucing anggora

2. Ing omah Rini nduweni ingon-ingon ....

A. pithik walik B. kucing anggora C. kelinci ireng

3. Panggonan kanggo ngingu kucing diarani .....

A. kandhang B. kurungan C. krangkeng

4. Sawise mulih sekolah sing ditindakake Rini .

A. dolan B. turu C. ngewangi ibuke

5. Sing bisa ditiru saka Rini ing wacan dhuwur . ...

A. Rini bocah sing sregep

B. Rini bocah sing males

C. Rini bocah sing seneng turu

6. Kucing anggorane Rini katon sehat lan nggemesake banget. Tembung nggemesake tegese ....

A. gedhe banget B. lucu banget C. galak banget

7. Kabeh pegawean dilakoni kanthi ati seneng tanpa ngresula. Tembung ngresula tegese . .

A. sregep B. seneng C. sambat

8. Tembung ngrewangi tegese . . . .

A. makani B. ngrusuhi C. biyantu


9. Rini asih banget marang kucing ingon-ingone. Tembung asih tegese...

A. gedhe banget B. seneng banget C. akeh banget

10. Punjere utawa underane crita diarani . . . .

A. latar panggonan B. tema C. amanat

11. Pesen utawa tuladha becik sing bisa dijupuk saka isine crita diarani . . . .

A. amanat B. tema C. paraga

12. Sing nerangake panggon kedadeyane perkara diarani . . . .

A. latar omah B. latar wektu C. latar panggonan

13. Wong sing meragakake crita diarani . . .

A. paraga B. amanat C. tema

14. Simbah durung teka. Tembung teka karma aluse . . . .

A. rawuh B. dhateng C. dugi

15. Bapak numpak sepur. Tembung numpak karma aluse ....

A. numpak B. nitih C. munggah

II. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi bener!

16. Swara sing pangucapane ora padha karo aksara asline diarani ............

17. Tulisen 2 tuladhane tembung swara [a] jejeg yaiku ............

18. Tembung macan, jaran, papan iku kalebu tembung swara ............

19. Swara sing pangucapane padha karo aksara asline diarani .......

20. Tulisen 2 tuladhane tembung swara [a] miring yaiku ............

Anda mungkin juga menyukai