Anda di halaman 1dari 3

DOKUMEN NEGARA SANGAT RAHASIA

PENILIAN AKHIR SEMESTER GENAP


DINAS PENDIDIKAN KABUPATEN NGAWI
KORWIL NGAWI BARAT
TAHUN PELAJARAN 2017/2018

Mata Pelajaran : Bahasa Jawa Nama : …............................................


Hari, Tanggal : Kelas/Nome : ..V/........................................
Waktu : 90 menit r : ...............................................
SD

BENTENG PENDHEM
Benteng Pendhem Cilacap sing maune kependhem waled lan sakiwa tengene kebak wit alang-alang
sahengga ora ketok, saiki dadi obyek wisata kang rame dibanjiri para wisatawan local lan manca. Kejaba
benteng uga bisa ndeleng gumebyure ombak Segara Kidul marga dununge Benteng Pendhem ana pesisir Segara
Kidul.
Benteng Pendhem dibangun dening pemerintah walanda kanggo kubu pertahanan dhek taun 1968 lan
rampung tahun 1877 sarta ngentekake ragad 133.000 golden. Pembangunan Benteng Pendhem mau ketoke wis
dirancang kanthi mateng, katitik olehe gawe peta bangunan nganti ambal kaping pindho. Peta kapisan digawe
nalika taun 1861 terus disempurnakake tanggal 21 November 1867.
I. Wenehana tandha ping (x) ana aksara ing sangarepe jawaban sing kok anggep bener!
1. Ing ngendi dununge Benteng Pendhem?
a. Ngawi b. Sala c. Cilacap d. Semarang
2. Benteng Pendhem maune kependhem apa?
a. alang-alang b. walet c. segara d. kali
3. Sapa sing mbangun benteng pendhem?
a. Walanda b. Ratu Yogya c. Bupati cilacap d. Presiden
4. Bentheng Pendhem rampung dibangun tahun pira?
a. 1868 b. 1688 c. 1788 d. 1877
5. Pembangunan Bentheng pendhem dirancang kanthi ….
a. tenanan b. mateng c. teliti d. tertib
6. Tawon ngentup, yen lele ….
a. nyembur b. matil c. nyokot d. nyesep
7. Sarman munggah gunung lawu. Dasa namane gunung ….
a. Pegunungan b. lembah c. wukir d. ngare
8. Siti lagi mangan, menawi bapak nembe ….
a. mangan b. dahar c. nedha d. madhang
9. Ngoyak barang sepele, kelangan barang kang luwih pengaji iku paribasane mburu uceng kelangan ….
a. bader b. lele c. kutuk d. delek
10. Prapta + ing dadi prapteng iku diarani tembung ….
a. dasa nama b. garba c. tembung entar d.tembung plutan
11. Yen wayah udan suket-suket padha ….
a. thukul b. mati c. garing d. alum
12. Sing lagi reresik sekolahan kelas 5. Reresik linggane ….
a. ngresiki b. diresiki c. resik d. resikan
13. Pagawean ditandangi sarana kerja bakti dadi ….
a. entheng b. kisruh c. abot d. ruwet
14. Latare katon jembrung. Jembrung tegese ….
a. lemu b. akeh sukete c. reget d. mbambeg
15. Bocah-bocah matur bu guru, yen bu guru …. marang bocah-bocah.
a. ngaturi b. ngendika c. nyuwun pirsa d. dhawuh
16. Wit gedhang arane debog yen wit krambil arane ….
a. glugu b. pucang c. rendeng d. damen
17. Ratu ing negara Astina yaiku ….

PAS 2 K13 17/18 1


a. Kresna b. baladewa c. Puntadewa d. Duryudana
18. Ima lan Wati nyanyi neng jero kamar. Katrangan panggonan ukara iku ….
a. Ima lan Wati b. Nyanyi c. Ima lan Wati nyanyi d. Jero Kamar
19. Tumindak ala karana kongkonan wong liya iku paribasane nabok ….
a. nganggo tangan c. Nyilih tangan
b. kalawan tangan d. Gunakake tangan
20. Gamane pitik jago yaiku ….
a. patil b. jalu c. wisa d. Entup
21. Bocah saiki akeh kang ora ngerti tata ….
a. tentrem b. nagara c. krama d. guna
22. Warga desaku sayuk ……..ndandadi dalan.
a. rukun b. maju c. mlaku d. gotong royong
23. Raden Abimanyu iku putrane sapa?
a. Janaka b. Werkudara c. Puntadewa d. Kresna
24. Jare mungsuh kok dielus-elus. Cangkriman iki batangane ….
a. koreng b. gudik c. udhun d. lara untu
25. Jenang gula kowe aja lali iku kalebu ….
a. parikan b. wangsalan c. purwakanthi d. Cangkriman
26. Mau bengi Agus lara wetenge. Basa kramane weteng yaiku …
a. Rikma b. Paningal c. Padharan d. Talingan
27. Anak polah …. ….
Bacutnane paribasan ing dhuwur yaiku …
a. Ibu kepradah b. Bapa kepradah c. Sedulur kepradah d. Kabeh kepradah
28. Kembang jambe mayang yen kembang blimbing …
a. Karok b. Menik c. Maya d. Manggar
29. Gadha rujak polo iku gamane sapa …
a. Janaka b. Werkudara c. Baladewa d. Kresna
30. Godhong jati arane …
a. Tiba urip b. Janur c. Jompong d. Bledheg
31. Ibu mundhut sayuran ing pasar
Katrangan panggonan ukara iku …
a. Ibu b. Mundhut c. Sayuran d. Ing pasar
32. Pak Dokter lagi periksa pasiene
Tembung priksa kudune …
a. Mriksa b. Dipriksa c. Mriksakake d. Dak priksa
33. Tembung blaka suta lan tedheng aling-aling kalebu tembung …
a. Andharan b. Saroja c. Entar d. Pepindhan
34. Yen …. (tutur) dening wong tuwa kuwi kudu digathekake
a. Tak turuti b. Kok turuti c. Dituturi d. Nuturi
35. Anak jaran arane belo yen anak baya arane …
a. Krete b. Cemeng c. Gudel d. Genjik

II. Ukara-ukara ing ngisor iki isenana nganggo tembung sing mathuk !
36. Joko numpak sepur, wasesa ukara ing duwur …
37. Aku ora duwe mas picis raja …
38. Pasare sepi … ora ana wong blanja
39. Uwi, mbili, suweg kalebu ewone polo …
40. Nyebar godhong kara, sing sabar …
41. Omahe cilik katon edi …
42. Dhandang gula, pucung iku klebu jinise tembang …
43. Wong asor, nanging sugih kepinteran. Bathok bolu ….
44. Adhine kendel, kendel kosok baline …
45. Budiman bocah pinter tur watake andap …

III.Wangsulana pitakon ing ngisor iki kanthi premati !


46. Terusna parikan iki !
Wajik klethik gula jawa luwih becik sing …
47. Aranana 3 (telu) wae sing diarani punakawan !
48. Sebutna ewone palawija !
49. Sebutna ewone rajakaya !
50. Ukara ing ngisor iki gantinen nganggo ukara tanggab !
PAS 2 K13 17/18 2
Ibu nyaponi jogan

PAS 2 K13 17/18 3

Anda mungkin juga menyukai