Anda di halaman 1dari 3

PEMERINTAH KABUPATEN KENDAL

KORWILCAM BIDIK KECAMATAN PATEAN


KELOMPOK KERJA GURU KELAS VI
Sekretariat: SDN 2 Pagersari, Kecamatan Patean, Kabupaten Kendal

PENILAIAN TENGAH SEMESTER 1


TAHUN PELAJARAN 2019/2020
KURIKULUM 2013
Tema / : Bahasa Jawa Hari, : Kamis, 19 September
Mapel tanggal 2019
Kelas : VI (Enam) Waktu : 90 menit

I. Wenehanatandhaping (X) aksara a, b, c atau d ing sangarepe wangsulan kang bener!

Nandur Jagung Legi

Jagung legi salah sijining jagung kang rasane legi lan wis kondhang ing mancanegara. Jagung legi
ditandur ing pakebonan.Carane nandur digawekake guludan. Ambane kira-kira semeter, dawane kira-
kira sapantese. Saben guludan diwenehi kalen kanggo miline banyu, dadi semangsa-mangsa udan ora
kelebon.

Piranti kanggo nandur yaiku taju, kayu sing dilancipi pucuke, gunane kanggo nyublesi lemah kang
arep ditanduri jagung supaya dadi kowakan. Wiji jagung dikebokake nang kowakan nuli dirabuk
kandang lan diurug lemah kandele 2 utawa 3 cm. Saben kowakan isine 3 utawa 5 wiji jagung. Jarak
kowakan kurang luwih 60 cm. Nandur kuwi gampang cepet tukule, supaya akeh kudu dirumat ngati-
ati. Ngrabuke telu, rabuk kandhang ditambah urea, TSP, lan KC. Jagung legi wis wayah diundhuh yen
umure kurang luwih 80 dina.

1. Irah-irahan wacan ing dhuwur yaiku....


a. Jagung Legi c. Carane Nandur Jagung
b. Nandur Jagung Legi d. Piranti Kanggo Nandur Jagung
2. Jagung legi becike ditandur ana ing….
a. pategalan c. mancanegar
b. alas d. pakebonan
3. Pitakon kang trep kanggo paragraf 2 yaiku….
a. Jagung legi wis kondhang ana ngendi ? c. Ana ngendi jagung legi ditandur?
b. Apa piranti kanggo nandur jagung legi? d. Piye rasane jagung legi/
4. Kepriye carane nandur jagung legi?
a. Wiji jagung dilebokake nang kowakan nuli dirabuk kandhang lan diurug lemah.
b. Wiji jagung disebar nang guludan ambane kira – kira semeter.
c. Saben sakowakan isine 3 utawa 5 wiji , jarake 60 cm.
d. Wiji jagung dirabuk urea, TSP , lan KC.
5. Apa wae rabuk kanggo ngrabuk tanduran jagung manis?
a. Rabuk kandhang, urea, TSP,lan KC
b. Urea, TSP,lan KC
c. Rabuk kandahang, Urea lan TSP
d. Taju, Urea, TSP,lan KC.
6. Kapan jagung legi bisa dipanen?
a. Yen jagung legi wis tuwa
b. Yen umure kurang luwih 80 dina
c. Yen rasane wis legi.
d. Yen dhuwure wis 60 cm.
7. Tanduran supaya lemu kudu ....
a. ditaju c. disemprot
b. di dawekake kowakan d. dirabuk
8. .Isi pelem arane....
a. pongge c. klungsu
b. pelok d. beton
9. Bapak nggawa oleh-oleh rambutan. Basa kramane Nggawa yaiku....
a. ngasta c. nyangking
b. melu d. tumbas
10. Kosok baline gampang yaiku....
a. angel c. mudah
b. susah d. suwe

11.
Lapuran pengamatan “ Pentas Kethoprak”

Wektu : Selasa, 21 Agustus 2017


Papan : Taman Budaya Jawa Tengah
Irah- irahan : Prahara Tiga Negeri
Kang nggelar : UPKD ( Unit Pengembang Kesenian Daerah ) , UNS
Crita : Ing sakwijining praja ana anak raja kang pada rebutan pengin dadi
Raja. Anak raja mau ajejuluk Sindhu Ageng lan Sindhu Alit.
Nanging Sindhu Ageng tumindak culika lan ala. Wusana kang dadi
Raja Sindhu Alit.

Apa irah irahan lapuran pengamatan ing dhuwur?


a. Pentas kethoprak c. Taman Budaya Jawa Tengah
b. Prahara Tiga Negeri. d. Lapuran Pengamatan
12. Ana ngendi papan panggonan kanggo pengamatan?
a. Taman Budaya Jawa Tengah c. Kerajaan
b. U P K D, UNS d. Prahara Tiga Negeri
13. Sapa kang nggelar Pentas Kethoprak ?
a. UPKD,UNS c. Sindhu Alit
b. Taman Budaya Jawa Tengah d. Sindhu Ageng
14.
Slamet : “ Sugeng enjang Budhe ?”
Budhe : “ Esuk ,Met. Ana apa?”
Slamet : “ ....... .”
Budhe : “ Ana sawah , Met.”

Ukara pitakone Slamet yaiku.....


a. Pakdhe sampun kondur ,Budhe? c. Pakdhe nembe ngluku ta, Budhe?
b. Pakdhe napa tindakan ,Budhe? d. Pakdhe kok mboten ketingal wonten pundi ,Budhe?
15. Puisi basa jawa uga diarani.....
a. sanepa c. geguritan
b. Macapat d. pantun
16. Bu Darmi tindak Semarang ... kereta.
a. numpak c. nunggang
b. nitih d. nganggo
17. Dadi murid kudu…. marang guru
a. wani c. c. wedi
b. bekti d. d. goroh
18. Bapak mirsani bal-balan, aku.... volly
a. mirsani c. nanton
b. ningali d. main
19. Ing wayah awan hawane....
a. sumpek e. c. adhem
b. panas f. d. padhang

Pangkur
Kang sekar pangkur winarna
Lelabuhan kang kanggo wongaurip
Ala lan becik punika
Prayoga kawruhana
Adat waton punika dipun kadulu
Miwata ing tata krama
Den kaesthi siyang ratri

20. Sekar pangkur ing dhuwur ana .... gatra


a. 6 c. 8
b. 7 d. 9
21. Guru wilangan lan guru lagu tembang Pangkur ing dhuwur yaiku.
a. 8a,11i, 8a, 7a,12u, 8a, 8i c. 8a,11i, 7a, 7a,12u, 8a, 8i
b. 8a,11p, 8a, 7a,12u, 8a, 8i d. 8a,11i, 8a, 7a,12u, 8a, 8a
22. Tembung ratri ana tembang ing dhuwur tegese.....
a. Bengi g. c. padang
b. awan h. d. peteng
i.
23. Tembang macapat cacahe ana….
a. 10 c. 12
b. 11 d. 13
24. Salah sijine tembang macapat yaiku.
a. Kinanthi c. c. Menthok-Menthok
b . Padang bulan d. d. Butha- Butha Galak
25. Ibu tindak pasar nitih dokar. Ukara mau jejere yaiku ...
a. ibu c, pasar
b. tindak d, nitih
26.Maca basa jawa, yen ditulis nganggo aksara jawa ....
a. c.

b. d.

27.

Ukara ing dhuwur diwaca


a. Mangan gedang goreng c. Mangan kentang goreng
b. Mangan kacang goreng d. Mangan ayam goreng
28. Raden Arjuna ksatria ing.....
a. Jodhipati c. Madukara
b. sawojajar d. Astina
29. Senjatane Raden Arjuna yaiku...
a. Panah pasopati c. cakra
b. Gada Rujak pala d. Kuku pancanaka
30. Jeneng liyane Raden Arjuna yaiku....
a. Punthadewa c. Permadi
b. Pandhu Dewanata d. Yudhistira

II. Isenana ceceg-ceceg ing ngisor iki nganggo tembung kang mathuk!

1. Simbah ngombe jamu. Ukara mau krama inggile...


2. Ibu mirsani parawarta lumantar ing.....
3. Bu Astuti ngasta kelas enem. Ngasta tegese.....
4. Wong sing nglakokake wayang jenenge....
5. Pandhawa cacahe ana….
6. Pocung, Gambuh, Megatruhlan Pangkur iku jenise tembang....
7. Uwi, gembili, kimpul, kentang iku aran jenis tanduran pala....
8. Basa kramane kowe yaiku....
9. Kaca dawa yen ditulis aksara jawa yaiku....
10. Yen diwaca.....

III. Wangsulana pitakon ing ngisor iki kanti bener !


1. Sebutna apa wae kang ditulis ana ing laporan pengamatan !
2. Sebutna sapa wae jenenge Pandhawa kuwi!
3. Sebutna 4 wae kang kalebu tembang macapat !
4. Gawea pacelaton kanti tema mengeti dinten kamardikan 17 Agustus!
5. Gawea ukara pitakon nganggo tembung ing ngisor iki.
a. Sinten
b. Geneya
c. Kepriye
d. Kapan

Anda mungkin juga menyukai