Anda di halaman 1dari 5

KEMENTERIAN AGAMA

K 13
KELOMPOK KERJA MADRASAH TSANAWIYAH (KKM MTs)
KABUPATEN CILACAP
PENILAIAN AKHIR TAHUN – TAHUN PELAJARAN 2019/2020
Mata Pelajaran : Bahasa Jawa Hari/ Tanggal : Rabu, 10 Juni 2020
Kelas : VII ( Tujuh ) Pukul : 07.30-09.30
Kode : Bjw/7 Waktu : 120 menit
PERHATIAN : a. Semua jawaban dikerjakan di lembar jawaban yang tersedia
b. Nomor dan nama siswa ditulis pada sudut kanan atas lembar jawab
c. Gunakan waktu yang tersedia sebaik-baiknya

I. Pilihen jawaban kang bener kanthi menehi tanda pimng (X) ing aksara A, B, C, utawa D ana ing lembar
jawab !

1. Kenduren iku slametan singlumrahe tujuwane . . . .


a. Nyenyewu marang Gusti Allah c. Ngraketake paseduluran
b. Ketemu karo tangga teparo d. Andum rejeki marang tangga
2. ISI kuwi cekakan saka tembung....
a. Institut Seni Indonesia c. Institut Seniman Indonesia
b. Institut Seni Internasional d. Institut Seni Swara Indonesia
3. Kanthi dibukake objek wisata anyar Pesisir Pulo Merah ndayani gumregahe panguripan masyarakat ing
sakiwa-tengene pesisir. Tembung gumregahe tegese. . . .
a. Seneng c. Semangat
b. Sedih d. Suwe
4. Akeh banget piwulang budaya kang becik saka gamelan kang bisa didudut lan diterapake ing urip bebrayan.
Diterapake ing urip bebrayan tegese....
a. Ditindakake ing urip masarakat
b. Diumumake marang masarakat
c. Digawe tulisan wae ing masarakat
d. Disinau mung kanggo kapentingan dhewe
5. Masku bar tuku HP sayuta rupiah. Sayuta tegese....
a. Regane siji yuta c. Jinising siji yuta
b. Jumlahe siji yuta d. Bentuke siji yuta
Gatekna teks ngisor iki!
Dina senen sore, Arjuna nyuwun marang wong tuwane kanggo tuku sepatu. Selasa sore, dheweke wis tekan
toko sepatu. Weruh sepatu kang neka-neka lan apik-apik. Arjuna rada bingung. Dhuwite pancen cukup,
nanging sepatu sing disenengi kok ana jleret-jleret putih. Sepatu ngono iku ing sekolahan ora entuk dienggo.
Bareng wis sauntara dheweke banjur milih sepatu kang ora canggah karo pranatan. Mulih saka tuku sepatu
dheweke methuki bapake saperlu laporan bab regane sepatune lan ngaturake susuke....
6. Bareng Arjuna wis milih sepatu, ing pungkasane crita kasebut Arjuna...
a. Ora sida tuku sepatu c. Tuku sepatu sing larang
b. Tuku sepatu loro d. Tuku sepatu sing pas karo pranatan
7. Kedadeyane crita kasebut ana ing....
a. Ndalan c. Pasar
b. Toko d. Koprasi
8. Apa sing diarani Paragraf Deskriptif iku....
a. Paragraf kang ukara bakune ana ing tengah paragraf
b. Paragraf kang ukara bakune mapan ana ing sangarepe paragraf
c. Paragraf kang ukara bakune mapan ana ing pungkasaning paragraf
d. Paragraf kang ukara bakune bisa ditemokake ana ing sakabehing ukara
9. Sawise dina Setu dina...(Jawabannya ditulis pakai aksara jawa)
a. Minggu c. Selasa
b. Senen d. Rebo
10. Paugerane tembang Gambuh yaiku....
a. 7i, 10u, 12i, 8u, 8o c. 7u, 10u,12i, 8u,8o
b. 7u, 10u,12u, 8u, 8o d. 7a, 10i, 12i, 8u, 8a
11.Sapa salah bakal saleh. Paribasan iki nduweni teges....
a. Wong sing ora duwe gawean bakal rugi
b. Wong sing tumindhake ora bener bakal konangan
c. Wong sing ora duwe apa-apa, nanging kuwat
d. Wong kang salah bakal dibelani
12. Paribasan “Ana gula ana semut” tegese yaiku
a. Wong menawa sugih akeh kang nyedaki lan ngaku-ngaku sedulur
b. Wong kang senenge misuh-misuh
c. Wong kang kepengin diwenehi
d. Nyingkirake pepalang kang ngribeti
13. Ibu menyang pasar numpak dhokar. Ukara mau yen dikramakake dadi....
a. Ibu maring peken numpak dhokar c. Ibu maring pasar nitih dhokar
b. Ibu tindak pasar nitih dhokar d. Ibu tindhak peken nitih dhokar

Pesisir Pulo Merah, Primadhona Wisata Anyar ing Banyuwangi


Pesisir Pulo Merah, mujudake objek wisata anyar katon ing Kabupaten Banyuwangi. Objek wisata iki
pernahe manggon ing Kecamatan Pesanggrahan. Diarani pesisir Pulo Merah amarga pesisir iki ngayunake pulo
cilik kang tekstur lemahe werna abang ngelami-elami kang manggon ing lambene pesisir pulo mau.
Pulo mau bisa ditekani kanthi mlaku dharat nalika segarane lagi surut. Ing pulo mau uga ana bangunan
pura kang digunakake para sedulur penggilut agama Hindu kanggo nindakake upacara makiyis.
Nalika tahun 1990 kawasan Pulo Merah nate rusak banget diterjang Tsunami. Lagi nalika jaman
Pemerintahan Kabupaten Banyuwangi diasta Bapak Abdullah Azwar Anas, Pulo Merah entuk kawigaten kang
mirunggan.
Pesisire kang endah ngelam-elami ati narik kawigatene Bapak Bupati kanggo dikembangake dadi objek
wisata andhalan.

14. Dene perangan dheskripsi bagian ing wacan dhuwur dituduhake pada ....
a. Kapisan c. Katelu
b. Kapindo d. Kapapat
15. Cacahe wanda ( suku kata) saben sagatra ( Larik ) diarani....
a. Watak Tembang c. Guru Lagu
b. Guru Wilangan d. Guru Gatra
16. Serat Wulangreh kaanggit dening....
a. KGPAA. Sri Mangkunegara IV c. Sultan Hamengkubuwana IV
b. Paku Alam IV d. Pakubuwana IV
17. Paugerane tembang macapat yaiku....
a. Seneng c. Guru Gatra
b. Luwes d. Saloka
18. Guru Gatra tembang sinom yaiku....
a. 9 c. 10
b. 8 d. 7
19. Tembang mijil iku ana . . . gatra
a. 5 c. 6
b.7 d. 8
Gatekna tembang Pupuh Sinom iki!

Ambeke kang wus utama, Tan ngendhak gunaning jalmi, Amiguna ing
aguna, Sasolahe kudu bathi, Pintere den alingi, Bodhone didokok ngayun,
Pamrihe den inaa, Mring padha padhaning jalmi, Suka bungah den ina
sapadha-sapadha.
20. Isine piwulang tembang pupuh sinom ing dhuwur yaiku....
a. Watak wong kang wis tumeka kautaman, ora ngrusuhi kapinteran liyan, migunani merga kapinterane
dhewe, kabeh tingkahe kudu ana mupangate kanggo awake dhewe, kapinterane ditutupi, bodhone
diwenehake ngarep, kareben disia-sia marang sasama wong, sedhihe lan seneng yen disia-sia uwong
b. Watake wong kuwi beda-beda , ana sing becik ana sing ala.
c. Menawa kowe dadi penggedhe aja umuk, lan aja raket karo wong kang kelakuane ala, sebab kowe bisa
ketularan
d. Yen kowe dititahake dadi wong, aja banjur sombong, aja dipamerake kepinterane, bodhone ditutupi.
21. Paugerane tembang Pocung yaiku.....
a. 12i, 6i, 8i, 12a c. 12i, 6a, 8i, 12a
b. 12u, 6a, 8i, 12a d. 12u, 6a, 8a, 12i
22. Ana pira jumlah tembang macapat iku....
a. 10 c. 11
b. 12 d. 13
23. Tembang macapat iku uga diarani....
a. Tembang gedhe c. Tembang dhagelan
b. Tembang kawi d. Tembang cilik
24. Dasanamane candra ing ingsor iki yaiku....
a. Rahayu c. Bagaspati
b. Baskara d. Rembulan
25. Ukara-ukara ing ngisor iki kang nggunakake basa ngoko alus yaiku....
a. Sing lagi pidato kae Pak Lurah
b. Bu Marto kagungan putra lima, lanange telu wadon loro
c. Mas Darmaji gadhah mendda sekawan
d. Aku arep sowan budhe ing Tulungagung
26. Ukara-ukara ing ngisor iki kang nggunakake basa ngoko alus yaiku....
a. Bapak mau awan wis dhahar c. Kancaku ora tau adus
b. Aku lagi mangan iwak wedhus d. Sampeyan bidhal sareng sinten?
27. Omahe Pak Guru cedhak omahku. Ukara kasebut yen diowahi dadi basa krama alus dadine....
a. Griyanipun Pak Guru caket griya kula
b. Griyanipun Pak Guru caket dalem kula
c. Dalemipun Pak Guru caket dalem kula
d. Dalemipun Pak Guru caket griya kula

28. Watake tembang sinom yaiku....


a. Grapyak c. Renyah
b. Mituturi d. Bener kabeh
Wacan kanggo soal 24-26
Jalaran kepengin asung renaning galih ingkang bapa kanthi iku Prabu Rama ninggal Praja tunuju Dhandaka,
kadherekaken ingkang garwa Dewi Sinta saha ingkang rayi Raden Laksmana. Nalika ing tengah wana
garwane ditinggal sing nunggu Raden Laksmana. Marga pokale ratu buta Rahwana,Laksmana kapeksa
ninggal Dewi sinta, wusana kanthi malih rupa, Rahwana bisa nyidra Dewi Sinta kagawa menyang Alengka
dipingit ing taman Argasoka.
29. Kang ngumbaraing alas Dhandaka kasebuting ngisor iki, kajaba ....
a. Rama c. Sinta
b. Dasarata d. Laksmana
30. Sing nyulik Dewi Sinta yaiku....
a. Laksmana c. Dasarata
b. Rahwana d. Bharata
31. Sawise diculik, Dewi Sinta banjur digawa menyang kraton....
a. Pancawati c. Alengka
b. Argasoka d. Manthili
32. Paugerane tembang sinom yaiku....
a. 8u, 8i, 8a, 8a, 7i, 8u, 7a, 8i, 12i c. 8a, 8i, 8a, 8i, 7i, 8u, 7a, 8i,12a
b. 8a, 8u, 8a, 8a, 7i, 8u, 7i, 8i, 12i d. 8i, 8i, 8a, 8i, 7u, 8u, 7a, 8a, 12a
33. Manungsa tinimbalan Gusti, pating nyawa saking raga (pegat karo ruh). Digambarake nganggo tembung
macapat....
a. Gambuh c. Maskumambang
b. Kinanthi d. Megatruh
34. Dasanamane srengenge ing ingsor iki yaiku....
a. Baskara c. Bagaspati
b. Bagaskara d. Bener kabeh
35. Tembung andhahan ing ngisor iki golekana sing awalan ka.....
a. Kerelip c. Kogarap
b. Kasambung d. Kuminter
36. Ing ngisor iki kang kalebu Tembung Dwilingga Semu...
a. Lelaku c. Ondhe-ondhe
b. Tetuku d. Geguyu
37. Ing ngisor iki kang kalebu Tembung Dwilingga semu, kajaba....
a. Abang-abang c. Andheng-andheng
b. Athi-athi d. Undur-undur
38. Ing ngisor iki tuladha Paragraf Dheskripsi yaiku...
a. Kamarku ambane wonten 5 x 3m. Sajane kamarku amba nanging amargi wonten barang sing kathah,
mulane kamarku dadi sempit. Wonten 3 lemari sing gedhe, salah sijine wonten cermine. Kula seneng
banget sinau lan nelaske wektu nglebed kamar.
b. Produk-produk ingkang asalipun saking bahan dhasar pati sagu kathah banget. Tuladhanipun soun lan
mie. Sanesipun menika kathah jajanan ingkang dipundamel saking tepung sagu.
c. Kanggo bocah cilik utawa sepuh. Kenging dipunbeta marang panggonane sanesipun. Gampil dilbetake
sak klambi utawi tas. Iku wau keunggulanipun saking telepon seluler.
d. Kita kabeh becike kudu ndhisikake kapentingane bangsa lan negara. Bab iku nuduhake sepira tresna kita
marang bangsa lan negara kang dipanggoni iki.sok sapakang tresna bangsa mesthi bakal njaga
ketentraman lan tansah nyipta manunggaling bangsa iku wujud nyata saka tumindak ngluruhake
kapentingane bangsa lan negara tinimbang kapentingan pribadi.

Pacelathon iki gatekna!


Siti : “Halo! Assalamu’alaikum...punapa meniko leres Dalemipun Bu Ani?”
Bu Ani : “Iya,bener, puniko saking sinten?
Siti : ”Kulo siti, Bu, badhe nyuwun pirksa.”
Bu Ani : ”Oo...Siti ta, arep takon apa?
Siti : “Punapa mangke sonten gladhen macapat ing sekolahan,Bu?”
Bu Ani : “Bener...Siti mau apa ora mlebu sekolah?

39. Siti anggone nelpon marang Bu Ani nganggo basa..


a. Krama c. Ngoko
b. Krama Inggil d. Ngoko alus
40. Basa ngoko kuwi bisa dienggo marang sapadha-padha. Menawa basa krama inggil bisa digunakake marang....
a. Wong gedhe c. Wong sing lewih tua
b. Wong tuwa marang wong enom d. Kanca raket
41. Ing ngisor iki endi sing kalebu jinis-jinise wayang, kajaba....
a. Wayang purwa c. Wayang suluh
b. Wayang madya d. Buku mahabarata
42 .aksara jawa
Menawa ditulis nganggo huruf latin....
a. Sega goreng enak c. Sega goreng buket
b. Sega goreng nikmat d. Sega goreng anget
43. aksara jawa
Aksara jawa ing nduwur diwaca.....
a. Surabaya c. Surakarta
b. Yogyakarta d. Jakarta
44. Bapak : Kowe wis duwe kanca pira ing sekolahan anyar iki?
Anto : ....
Wangsulan kang trep kanggo pacelathon kasebut yaiku....
a. Aku wis due kanca akeh
b. Aku sampun duwe rencang kathah
c. Kula sampun gadhah kanca kathah
d. Aku sampun gadhah kanca akeh
45. Bu Tuti :....
Rani : Kula bidhal saking griya tabuh jam 06.00
Pitakon kang trep kanggo pacelathon kasebut,yaiku...
a. Dek Rani, Dhek mau mangkat jam pira?
b. Bu Tuti, Kalawau tindhak jam pinten?
c. Dek Rani, Kalawau mangkat jam pinten?
d. Bu Tuti, Dhek mau mangkat jam pira?
46. Ing ngisor iki sing kalebu ater-ater tripurusa yaiku....
a. ny, m, ng, n c. sa, pa, pra,tar ka
b. dak, ko, di d. el, er, um,in

Kring.....Kring.....
Tono : “Hallo, sugeng ndalu. Menika sinten nggih?”
Ardit :”Sugeng ndalu, iki aku, Ardit”
Tono :”O, Ardit. Ana apa Dit?”
Ardit :”Iya, aku arep takon sesuk ulangan basa jawab
bab apa wae ya?”
Tono :”Wingi ngendikane Bu Martini bab 1 lan 2.”
Ardit :”O, bab 1 lan 2 ta. Ya wis matur nuwun ya Ton?”
Tono :”ya padha-padha Dit.”

47. Yen digatekake pacelathon ing dhuwur katindakake ing....


a. Kelas. c. Omah
b. Sekolah. d. Telpun
48. Ing ngisor iki sing kalebu tembung Dasanama yaiku....
a. Bangjo c. Guru
b. Desember d. Langit
49. Menawi panjenengan ...... tindhak Semarang, kula aturi nitih kreto kreto kemawon. Tembung kang trep
kanggo ngiseni ceceg-ceceg yaiku...
a. Badhe c. Ajeng
b. Yen d. Arep
50. Nom-noman jaman saiki wis akeh kang kelangan tata kramane lan kelangan basane. Ukara kuwi yen
dikramakake dadi....
a. Nem-neman jaman sapunika sampun kathah ingkang kecalan tata kramanipun lan kecalan basanipun
b. Nem-neman jaman sapunika sampun kathah ingkang kelangan tata kramanipun lan kelangan basanipun
c. Nem-neman jaman sapunika sampun kathah ingkang kecalan tata kramane lan kecalan basane
d. Nem-neman jaman saiki sampun kathah ingkang kecalan tata kramanipun lan kecalan basanipun.

Anda mungkin juga menyukai