Anda di halaman 1dari 9

PTS 1 SD/MI

PENILAIAN TENGAH SEMESTER 1 (PTS)


SD ISLAM KREATIF THE NAFF
AN ISLAMIC, CREATIVE, FUN AND ENTREPRENEUR BASED SCHOOL
Jl. Penanggungan 09 Bandar Lor-Mojoroto Kediri Tlpn. 085 106 665 544

LEMBAR SOAL
PENILAIAN TENGAH SEMESTER 1 (PTS)
TAHUN PELAJARAN 2022/2023
Mata : Bahasa Jawa Hari/Tanggal : Selasa, 4 Oktober 2022
Pelajaran : VI (Enam) Nama :
Kelas : 07.15 – 08.45 Nomer Absen :
Waktu

I. Wenehana tandha ( x ) ing huruf a, b, c, utawa d ing wangsulan kang bener ing lemar jawaban
sing disediakne !
Wacanen kanthi patitis ! (kanggo pitakon no 1 nganti 4)
Banjir Nerjang Aceh Utara
Sewuan uwong dilaporake ngungsi amarga banjir sing ngrendem omah-omah ing Kecamatan
Matangkulim Kabupaten Aceh Utara. Duwure banjir ing omah-omah ana sampek 1,5 meter nganti
2 meter. Data sing ditrima saking Badan Penanggulangan Bencana Daerah (BPBD) Aceh Utara,
warga mulai ngungsi dino Rebu (17/10/2018) sore nyampek dino iki, Kemis (18/10/2018)
Ing nggon liyo, Camat Matangkuli, Zulkifli ngomong, ana papat nggon gawe ngungsi
ning wulayahe, yaitu ning Masjid Desa hagu, gedung Serbaguna Desa Lawang, gedung
Serbaguna Desa Tanjong Haji Muda, lan surau Desa Siren.
1. Apa prahara sing kedaden ing Aceh Utara ?
a. Banjir c. Tsunami
b. Lindu d. Topan
2. Sapa ajenenge Camat Matangkuli ?
a. Hagu c. Haji
b. Zulkifli d. Mukmin
3. Ing ngendi korban banjir ing kecamatan Matangkuli iso ngungsi ?
a. Masjid Desa Haju c. surau Desa Siren
b. Gedung Serbagina Desa Tawang d. surau Desa Plemahan
4. Kapan warga mulai ngungsi ?
a. tanggal 14 Oktober 2018 c. tanggal 16 Oktober 2018
b. tanggal 15 Oktober 2018 d. tanggal 17 Oktober 2018
5. Teks kang ngandharake sambarang apa anane, bisa lelakon, barang, lan bisa apa bae sing dadi
lesan (sesuatu, keadaan, tempat, barang, orang) diarani teks ....
a. anarasi c. argumentasi
b. dheskripsi d. persuasi
6. 1. Ngandarake fakta
2. Kamomot ana ing medhia cetak utawa elektronik
3. Isine ngajak-ajak
4. Mamerake
Sing kalebu titikane teks pawarta yaitu ....
a. (1), (3) c. (1), (2)
b. (3), (4) d. (2), (4)
7. Slogan sing isine ngajak lan ngelingake diarani ....
a. sesanti c. pawarta
b. pariwara d. persuasi

Kanggo soal nomer 8 lan 9, gatekno tembang ing ngisor iki !


Bapak pucung, saben dina tansa bingung,
Badanira panjang,
Tutukira pan pesagi,
Saben dina pucung nguntal buntutira
8. Tembang ing dhuwur jenenge tembang ....
a. Gambuh c. Sinom
b. Pucung d. Mijil
9. Tembang ing dhuwur satemene cangkriman, batangane ....
a. tali c. sabuk
b. kalung d. ula
10. “Nut jaman kepungkur tetep nyawiji”, ukara iki mujudake sasmitane tembang ....
a. Pucung c. Pangkur
b. Sinom d. Gambuh
11. “Panguripan ing ngendi bae mbutuhake oksigen”, yen diowahi nganggo basa krama sing bener
....
a. Pagesangan wonten pundi kemawon mbetahaken oksigen.
b. Panguripan ing pundi mawon mbetahaken oksigen
c. Pegesangan ing pundi kemawon betak oksigen
d. Panguripan wonten pundi kemwon mbetahaken oksigen
12. Ing ngisor iki ukara sing klebu jinise slogan/sesanti yaiku ....
a. Ngundhuh wohing pakerti
b. Gunakna banyu sacukupe
c. Lemah longsor mendhem ewonan omah
d. negor sauwit, nandur satus bibit
13. Tembang macapat iku cacahe ana ....
a. 8 tembang c. 10 tembang
b. 9 tembang d. 11 tembang
14. Tembang pangkur kedadean saka ....
a. 7 gatra ; 8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i
b. 7 gatra ; 8a, 12i, 8a, 7a, 12u, 8a, 8u
c. 7 gatra ; 8i, 11i, 8u, 7a, 12i, 8a, 8i
d. 7 gatra ; 8a, 11i, 8a, 7i, 12u, 8a, 8i
15. Jamu “Angin Bablas” diramu soko bahan alami. Diolah kanthi cara modern, biso ngobati masuk
angin, mual, weteng kebung, lan mabuk perjalanan. Jamu “Angin Bablas” wes ono ning toko-toko
obat lan apotek.
Teks ing dhuwur kalebu ....
a. iklan c. artikel
b. sesanti d. pariwara
16. Jroning teks pawarta, informasi sing diandharake kuwi pancen bener-bener ana lan dumasi iku
nuduhake menawa pawarta iku….
a. bener c. lengkap
b. akurat d. teliti
17. Bapak arep lunga menyang Surabaya numpak sepur.
Tembung sing dicithak kandel benere ….
a. kesah ; nitih c. tindak ; nitih
b. kesah ; numpak d. tindak ; numpuk
18. ꦠꦠꦠꦠꦠꦠꦠꦠꦠꦠꦠ yen katulis latine ….
a. Sambang dulur c. Dalang misuwur
b. Tembang pucung d. Tambang lurung
19. Salah sijine tata cara maca teks pawarta yaiku ….
a. Olehe maca kudu banter c. Maca nganggo pengeras suara
b. Sing diwaca mung judhule war d. Olehe maca kudu bener lan cetha
20. Tembang macapat sing cacahe gatra paling sethithik yaiku ….
a. Sinom c. Maskumambang
b. Mijil d. Dhandhanggula

II. Ceceg-ceceg ing ngisor iki isenana nganggo wangsulan kang bener !
21. Cacahe larik saben sapada ing tembang macapat diarani ....
22. 12u, 6a, 8i, 12a. Ing samping guru wilangan lan guru lagu saking tembang ....
23. Karangan sing isine ngajak utawa narik kawigatene, mangaribawani, lan ngyakinake sing maca
diarani ....
24. Ibu tindak peken yen ditulis aksara jawa yaiku ....
25. Tembang kur, mungkur, pungkur, utawa kuku iku kabeh contone sasmitane tembang ....
26. Jinise teks informasi sing tulis paragraf – paragraf yaiku pawarta lan .....
27. Tembang macapat kang watake nelangsa, prihatos sanget yaiku ....
28. Unine swara saben pungkasaning gatra tembang macapat diarani ....
29. Basa krama aluse “eyang lara untu” yaiku ....
30. Tembang macapat sing guru gatrane paling akeh yaiku ....
III. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi patitis !
31. Sebutno 3 wae titikane teks pawarta !
32. Sagung pra rawah sedaya,
Mugi pinayungan nugraha yekti,
Asih tresna Alloh satuhu,
Tansaha kasarira,
Puja-puji, syukur saha sembah sujud,
Konjuk ing ngarsa paduka,
Gusti Alloh maha Suci,
Tulisen guru gatra, guru lagu lan guru wilanganne tembang ing dhuwur !
33. Tulisen 5 wae sing kalebu tembang macapat!
34. Tulisen nganggo aksara jawa “ Bapak dhahar sekul jagung”!
35. Ukara ing ngisor iki dadekno basa krama
Ibu tuku gula, uyah, lan beras ing pasar.
PENILAIAN TENGAH SEMESTER 1 (PTS)
SD ISLAM KREATIF THE NAFF
AN ISLAMIC, CREATIVE, FUN AND ENTREPRENEUR BASED SCHOOL
Jl. Penanggungan 09 Bandar Lor-Mojoroto Kediri Tlpn. 085 106 665 544
TAHUN PELAJARAN 2020/2021

Mata Pelajaran : Bahasa Jawa Hari/Tanggal : Rabu, 23 September 2020


Kelas : VI (Enam) Nama :
Waktu : 10.00 – 11.30 Nomer Absen :

Bab 1 Memayu Hayuning Bawana


Wacanen waacana ing ngisor iki kang titi!
Prabu Jayabaya
Nalika Prabu Jayabaya Ngasta prapentahan Praja Kediri ngalami jaman kencana rukmi.
Tinggalane sejarah kang awujud prasasti yaiku Prasasti Hantang (Ngantang), Prasasti Talan, Prasasti
Jepun, lan Kitab Bharatayudha. Jroning Prasasti Ngantang disebutake ana sesanti kang unine “Panjalu
Jayanti” tegese kediri menang. Wektu kuwi Jayabaya bisa ngalahake Jenggala lan nyawijikake maneh
karo Kediri. Kemenangan Jayabaya karo Jenggala iku mujudake pralambang menange pandawa karo
kurawa kaya kang ditulis ing Kitab Bharatayudha karangan Empu Sedah lan Empu Panuluh.
Asma luhure Jayabaya kaya-kaya ora bisa dilalekne dening masyarakat Jawa. Mulane asmane
akeh ditulis ing kasusastraan Jaman Mataram Islam minangka Prabu Jayabaya. Jroning Babad Tanah jawi
lan Serat Aji Pamasa dikisahne menawa Jayabaya iku titisan Wisnu. Prabu Jayabaya ngasta paprentahan
nganti yuswa sepuh. Dikisahake, Prabu Jayabaya moksa ing Desa Menang Kecamatan Pagu, Kabupaten
Kediri.

I. Wenehana tanda ping (x) ing aksara A, b, c, utawa d ing sangarepe wangsulan kang bener !
1. Sesanti kang unine “Panjalu Jayanti” iku katulis ing prasasti ....
a. Ngantang c. Gianti
b. Talan d. Jepun
2. Kitab Bharatayudha iku seng ngarang ....
a. Empu Gandring lan Empu Pamasa c. Empu Sedah lan Empu Prapanca
b. Empu Panuluh lan Empu Prapanca d. Empu Sedah lan Empu Panuluh
3. Prabu Jayabaya iku titisane Dewa Wisnu katulis ing kitab ....
a. Hantang c. Babad Tanah Jawi
b. Panjalu Jayanti d. Bharatayudha
4. Prabu Jayabaya iku raja kang kondang saka raja ....
a. Jenggala c. Majapahit
b. Kediri d. Singosari
5. Prabu Jayabaya tau ngalahake praja ....
a. Blambangan c. Singosari
b. Jenggala d. Mataram
6. Sing dadi cirine teks persuasi yaiku ....
a. Ngajak lan ngyakinake sing maca c. Ora gelem tawa-tawa
b. Ngelingake pameran d. Gancaran bebas tanpa ajak-ajak
7. Ukara ing ngisor iki tuladha teks pawarta wujud andharan ngenani kedadean ....
a. Ibu seneng banget dina iki
b. Jaman saiki udan panas ora pas wancine
c. Gunung Kelud jeblug ing tanggal 14 Februari 2014
d. Banjir bandang wingi sore adinuga amarga alas kulon kae gundul
8. Matur nuwun sanget dene panjenengan sampun nyarujuki bab puniko.
Nyarujuki tegese pada karo ....
a. Maido c. Nekani
b. Nyengkuyung d. Mbalela
9. Urip tentrem raharja. Tegese tembung raharja yaiku ....
a. Makmur c. Begja
b. Kuwarasan d. Slamet
10. Pak Sholeh kalawau dalu ngunjuk jampi kalih gelas ageng. Basa ngokone ngunjuk yaiku ....
a. Ngombe c. Unjuk
b. Nyruput d. Nginum
11. Ibu tuku bawang, sarem, kalian gendis menyang pasar.
Ukara ing duwur yen didadekake krama inggil sing bener yaiku ....
a. Ibu tumbas bawang, sarem, kaliyan gendhis menyang pasar
b. Ibu mundhut bawang, sarem, kaliyan gendhis menyang peken
c. Ibu mundhut bawang, sarem, kaliyan gendhis dateng peken
d. Ibu tumbas bawang, sarem, kaliyan gendhis dateng pasar
12. Aku mongkong dadi bangsa Indonesia, mulane ....
a. Aku mongkong bisa bahasa Inggris
b. Aku luweh seneng karo film Amerika
c. Aku seneng barang-barang gawean Indonesia
d. Aku seneng lagu-lagu mancanegara
13. Sapa nedya coba-coba. Tembung nedya tegese ....
a. Nuli c. Bakal
b. Karep d. Wani

Bab 2 Bhineka Tunggal Ika


14. Tembang pirang-pirang pada kang isih sejenis, iku istilah jroning tembang macapat yaiku ....
a. pupuh c. wanda
b. pada d. gatra
15. Duduk wuluh, truh, pegat lan wuluh iku sasmitone tembang ....
a. Gambuh c. Megatruh
b. Durma d. Pangkur
16. Tinarbuka, mula pantes kanggo nelakake pitutur nasehat lan uga crita katresnan utawa asmara iku
watake tembang ....
a. Mijil c. Asmaradana
b. Pangkur d. Pocung
17. Cacahing gatra saben sapada sinebut ....
a. Guru lagu c. Guru wilangan
b. Guru gatra d. Guru pitutur
18. Guru wilangan lan guru lagu tembang Pangkur yaiku ....
a. 10i, 6o, 10e, 10i, 6i, 6u c. 8a, 8a, 8e, 8a, 7a, 8u, 8a
b. 12a, 7i, 6a, 7a, 8i, 5a, 7a d. 8a, 11i, 8u,7a,12u,8a,8i
19. Kampul, maskentir, kambang, kentir Sasmitone saking tembang ....
a. Maskumambang c. Dhandhanggula
b. Asmaradana d. Kinanthi
Wacan ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakon No. 20 - 22
Sekar gambuh ping catur,
Kang cinatur polah kang kalantur,
Tanpa tutur katula tula katali,
Kadaluwarsa katutuh,
Kapatuh pan dadi awon.
20. Tembang Macapat ing duwur jenenge tembang ....
a. Kinanthi c. Gambuh
b. Megatruh d. Maskumambang
21. Guru wilangan lan guru lagune gatra katelu ing tembang dhuwur yaiku ....
a. 10 i c. 8 i
b. 12 i d. 7 i
22. Tembang ing dhuwur satemen cangkriman. Batangane ....
a. Pepeling c. Penggeleng
b. Paugeran d. Pakulino
23. “Dènira manjing dahana, Alungguh sajroning geni” . Ukara iki wujudake sasmitane tembang ....
a. Gambuh c. Pangkur
b. Sinom d. Pocung
24. Kesengsem kuwi watake salah sijine tembang macapat, yaiku tembang ....
a. Dhandhanggula c. Megatruh
b. Mijil d. Kinanthi

Bab 3 Tokoh lan Asil Temuane


Wacanen waacana ing ngisor iki kang titi!
Jejering wong tuwo kuwi aja nganti emban cindhe lan emban siladan marang para putra lan
putrine. Wong tuwa sing becik kuwi kudune bisa tumindak adil marang putra-putrine. Kanthi mangkono
wong tuwa bakal diajeni dening putra-putrine jalaran yoga anjaga yogi. Kejaba sak kuwi wong tuwa
kudu tansah njaga aja nganti putra-putrine ana kang kena masalah. Arepe dikayangapa yen putra-putrine
nemoni masalah, ala becike anak wong tuwa mesthi bakal kecangking merga anak polah bapa kepradah.
Semono uga kosok baline jejering anak kuwi kudu bisa mikul dhuwur mendhem jero marang wong tuwa
kekarone, aja nganti ucul saka kudangan. Saben satindak laku kudu ngati-ati merga yitna yuwana lena
kena.

25. Tegese tembung “emban cindhe emban siladan” tegese ....


a. ora adil c. gampang nesu
b. njaluk wuruk d. seneng tetulung
26. Wong tuwa sing nemu reribet merga saka polahe anak, mujudake tegese saka unen-unen ....
a. yitna yuwana lena kena c. mikul dhuwur mendhem jero
b. emban cindhe emban siladan d. anak polah bapa kepradah
27. Jejere wong tuwa iku marang anake kudune ....
a. mbedak-mbedakne c. tumindak adil
b. njaluk wuruk d. gampang nyeneni
28. Unen-unen sing ajeg penganggone ngemu surasa pepindhan, sing dipindhakake sesipatan utawa
kahanan kang sambung rapet karo ulah kridhaning manungsa diarani ....
a. Paribasan c. Parikan
b. Bebasan d. Saloka
29. Wong sing marani bebaya kena diparibasakake ....
a. kriwikan dadi grojogan c. timun wungkuk jaga imbuh
b. timun mungsuh duren d. kutuk marani sunduk
30. Unen-unen sing ajeg penganggone ngemu teges entar lan pepindhan, sing dipindhakake magepokan
karo sing disemoni utawa disanepani diarani ....
a. Bebasan c. Saloka
b. Parikan d. Paribasan
31. Kaya asu karo kucing tegese saloka yaiku ....
a. Kegedhen kekarepan c. kena apus kanthi gampang
b. wong pinter disombongi d. ora bisa rukun
32. Kemladheyan ngajak sempal tegese saloka yaiku ....
a. gelem kepenake, emoh rekasane c. duwe pepenginan sing mikal kelakone
b. wong nunut nanging ndadekake cilaka d. uripe rekasa merga kakehan anak
33. Kowe kuwi padha karo ...., njaluk tulung marang wong liya ora gelem mara menyang omahe.
a. tumbak cucukan c. nggenthong umos
b. tulung menthung d. nemu kuwuk
34. Ukara ing ngisor iki sing kalebu saloka yaiku ....
a. Bebek mungsuh mliwis c. Nabok nyilih tangan
b. Kebo kabotan sungu d. Tumbu oleh tutup
35. Kowe kudu dadi wong mbok aja .... jalaran yen seng adu-adu bakal digething wong liya,
a. tumbak cucukan c. nemu kuwuk
b. nggenthong umos d. tulung menthung
II. Isilah titik-titik di bawah ini dengan jawaban yang benar pada lembar jawaban yang disediakan!
Bab 1 Memayu Hayuning Bawana
36. Pawarta sing diandharake kuwi kudune akurat, tegese informasi sing diandharake kudu ....
37. Tembung kang isine mamerake lan ngajak supaya dideleng, dituku, lan digunakake diarani ....
38. Informasi sing diandharake kudu bisa dipercaya, iku tegese pawarta netepi anane wewaton ....
39. Unsur pembangunan teks informasi kang nuduhake ngenani proses utawa alur dumadine sawijining
kedadeyan diarani ....

Bab 2 Bhineka Tunggal Ika


Wacan tembang Asmaradana
Asmaradana
Aja turu soré kaki Sandhang kelawan pangan
Ana Déwa nganglang jagad Yaiku bagéyanipun
Nyangking bokor kencanané Wong melek sabar narima
Isine donga tetulak
40. Guru Wilangan lan guru lagu tembang Asmaradana gatra 3 yaiku ....
Mijil
Jalak uren mawurahan sami Ana manuk mamatuk sasari
Samadya andon woh Angsoka sulastri
Amuwuhi malad wiyadine Ruru karya gandrung
41. Watak temang mijil ing duwur kuwi yaiku ....

42. aksara jawa iki yen ditulis aksara latin dadine ....

Bab 3 Tokoh lan Asil Temuane


43. Unen-unen sing wis gumathok racikane (ora kena diowahi) lan ngemu teges tetandhingan,
pepindhan, saemper pasemon diarani ....
44. Mubra mubru blabur madu. Paribasan iku tegese ....
45. Kesandhung ing rata, .... tutukane paribasan iku ....

III. Jawablah pertanyaan-pertanyaan di bawah ini dengan jawaban yang benar pada lembar jawaban yang
tersedia!
Bab 1 Memayu Hayuning Bawana
46. Sebutna 3 ciri-cirine teks informasi!

Bab 2 Bhineka Tunggal Ika


47. Apa pangertiane Guru gatra, Guru wilangan lan Guru lagu?
48. Sebutna 5 tembang macapat !

Bab 3 Tokoh lan Asil Temuane


49. Apa pangertiane Bebasan lan Saloka!
50. Gawea Tuladha Bebasan, Paribasan lan Saloka! 1 wae lan apa artine ?

Anda mungkin juga menyukai