Anda di halaman 1dari 5

KEMENTERIAN AGAMA KABUPATEN KEDIRI

ULANGAN AKHIR SEMESTER GANJIL


MADRASAH IBTIDAIYAH
TAHUN PELAJARAN 2016/2017

Mata pelajaran : Bahasa Jawa Hari/ Tanggal : Sabtu, 10 Desember 2016 Nilai
Kelas / smt : VI / I Waktu : 07.30-09.00 wib
Nama : Nomor :

I. Wenehana tandha ping (x) ing aksara a, b, c, utawa d kang dadi wangsulan kang kok anggep
paling bener!
Wacan kanggo jawab soal nomer 1-4
Dr. Sutomo
Sutomo ingkang sakderengipun asma Subroto, miyos wonten Dusun Ngepeh, Nganjuk, Jawa
Wetan. Kala tanggal 30 Juli 1888, taksih sinau wonten Stovia (Sekolah Dokter Bumi Putera),
panjenengipun asring tukar krawuh kaliyan kancanipun parkawis rakyat salebetipun penjejahan
Walanda.
Saking aturipun Dr. Wahidin, pramila tanggal 20 Mei 1908 panjenenganipun ngedegaken
Budi Utomo. Pakempalan modern ingkang sepisanan madeg wonten Indonesia. Tamat Stovia taun
1911 angsal gelar dhokter, lajeng taun 1919 kajibah sekolah malih dhateng Walanda. Sasampunipun
kondur dhateng Indonesia, taun 1924 ngedegaken pakempalan minangka wadhahipun para pelajar
Indonesia yaiku Sekolah Tenun, Batik Kredit, Koperasi, Asrama, lan sanesipun.

1. Irah-irahane wacan ing dhuwur yaiku….


a. Budi Utomo c. Dr. Sutomo
b. Bumi Putera d. Dr. Wahidin
2. Dr. Sutomo miyos wonten Kadipaten….
a. Blitar c. Madiun
b. Kediri d. Nganjuk
3. Dr. Sutomo lan Dr. Wahidin ngedegake pakempalan Budi Utomo tanggal ….
A. 20 Mei 1908 c. 20 September 1919
B. 20 Nopember 1911 d. 20 Desember 1924
4. “Dr Sutomo miyos wonten dhusun Ngepeh, Nganjuk, Jawi Wetan.”
Tembung miyos nduweni teges yaiku….
A. Liwat c. medal
B. Lair d. metu
5. Budhe Arum punapa sampun tangi ?
Tembung "tangi" basa kramane yaiku....
A. Wungu c. Jumeneng
B. Pinarak d. Dhawuh
Gatekno wacan ing ngisor iki!
“ Ir. Soekarno miwiti sekolah ing ELS (SD) banjur HBS (SMA) suwene 6 taun lan
mlebu THS Bandung (ITB). Taun 1925, Soekarno pikantuk gelar insinyur (Ir). “
6. Gagasan baku wacan ing dhuwur yaiku ....
a. asal usule Ir. Soekarno c. panggon laire Ir. Soekarno
b. jaman nom-nomane Ir. Soekarno d. riwayat pendidikane Ir. Soekarno
7. Ukara ing ngisor iki kang nganggo tembung saroja yaiku ....
a. Arya lagi mangan nagasari.
b. Ing desaku yen bengi kahanane sepi mamring.
c. Pak Yudi dadi pamong desa.
d. Yen mikul pari aja abot sisih.
Bahasa Jawa VI/UAS Ganjil 2016-2017 1
8. Tembung loro utawa luwih kang kegandeng, banjur dadi tembung anyar diarani tembung ......
a. tembung asli c. tembung basa ngoko
b. tembung basa krama d. tembung camboran
9. Karo sopo wae lan ing panggonan ngendi wae ojo nganti ninggalake .....
a. blaka suto c. tata krama
b. nunjang palang d. tumpuk undung
Gatekno wacan ing ngisor iki!
Prabu Yudhistira
Prabu Yudhistira iku ratu Ngamarta, putra pembayune Prabu Pandhudewanata karo Dewi
Kunthi Talibrata, kadang Pandhawa sing tuwa dewe. Gelare lair, putrane Prabu Pandhu, nanging
sejatine putrane dewa Bathara Darma, dewaning adil lan kesabaran.
Yudhistira nalika isih nom-nomane selisih Puntadewa, kondang minangka titah kang aludira
seta alias getihe putih. Kang mangkono iku kagowo saka wateke sing jujur, selawase urip ora tahu
duro, ora tahu ngapusi. Kejaba iku ugo kondang kadidene narendra sing sabar darana.

10. Prabu Yudhistira iku ratu ana ing Negari …


a. ngamarta c. ngastina
b. ngalengka d. maespati
11. Ing ngisor iki sing ora klebu jenenge punakawan yaiku…
a. Gareng c. Petruk
b. Gathotkaca d. Semar
12. Wong sing diwawancarai jenenge…
a. reporter c. kameramen
b. wartawan d. nara sumber
13. Nalika mraktekake wawancara ngunakake unggah-ungguh basa sing bener lan sikap sing....
a. Alus c. sopan
b. Brangasan d. sumeleh
14. Pak Heri rumongso wirang ngerti polah tingkahe anake sing ala.
Ukara ing dhuwur cocok karo paribasan....
a. Anak polah bapa kepradah. c. Endhas pethak kebyukan empyak.
b. Cincing – cincing meksa klebus. d. Mburu uceng kelengan dheleg.
15. Tegese paribasan “ Mikul dhuwur mendhem jero.” yaiku....
a. wong sing seneng adu-adu. c. Kerukunan kang nganti tekan pati.
b. Pasulayan nganti dilabuhi. d. Bisa njunjung drajate wong tuwa.

Gatekno pethikan geguritan ing ngisor iki!


Aku Iki Penggurit
Aku iki penggurit kecepit,
nanging sugih anggit
Aku iki penggurit ora duwe ajang,
nanging isih bisa nggandhang
....
16. Tegese tembung sugih anggit ana ing geguritan dhuwur yaiku....
a. akeh angen-angen c. gayuh kekarepan
b. duwe kekarepan d. sithik angen-angen

17. Bab-bab sing ora kudu digatekake anggone maca geguritan yaiku....
a. Bisa meragaake kanti mimik lan ekspresi kang trep.
b. Isi lan karepe geguritan kasebut dingerteni banjur dirasaake.
c. Kudu nggatekake pocapan lan wiramane.
d. Kudu apal isine geguritan.
18. ke[bo[nb}gsTu/ Xmu
Ukara ing dhuwur yen ditulis nganggo aksara latin yaiku....
Bahasa Jawa VI/UAS Ganjil 2016-2017 2
a. Kebone bregas tur kuru. c. Kebone bringas tur lemu.
b. Kebone bregas tur lemu. d. Kebone bringas tut kuru.
Gatekno wacan ing ingisor iki kanggo jawab pertanyaan no. 19-21!
Tukang Nderes
Nyambut gawe dadi tukang nderes legen kuwi, isih isuk umun-umun kudu wis menek
klapa nderesane. Salah sijine tuladha kaya sing ditindakake dining keluargane mas Suprianto lan
mbok Painah, warga Desa Wates, Kediri. Minangka kanggo penggawean samben, kekarone
sinambi nderes legen seperlu digawe gula klapa. Yen wis dadi gula klapa, banjur didol menyang
pasar. Asile kena kanggo nyukupe kebutuhan saben dinane. Miturut kandane mbok Painah, deres
klapa kuwi mung kanggo samben. Sing baku nyambut gawe ulah tetanem sinambi ngingu wedus
etawa.
19. Sing biasane nderes klapa digawe penggawean samben yaiku....
a. Mas Suprianto lan mbok Painem. c. Mas Suprianto lan mbok Painah.
b. Mas Sukrianto lan mbok Paijah. d. Mas Supratno lan mbok Paitun.
20. Wektune menek klapa tumprape wong nderes kuwi yaiku....
a. Awan c. Bengi
b. Sore d. Isuk
21. Badheg asil nderes banjur diolah sarana digodhog dadi....
a. bubur sumsum c. Gula klapa
b. dawet srabi d. Jenang dodol
Gatekno cangkriman kang awujud tembang ing ngisor iki!
Bapak pocung, tanpa untu darbe siyung
badanira panjang
tutukira pun pesagi
dina-dina pocung nguntal buntutira.
22. Batangane cangkriman kang awujud tembang ing dhuwur yaiku....
a. Cacing c. Sabuk
b. Rante d. Tampar
23. “Sega sakepel dirubung tinggi.”
Batangane cangkriman ing dhuwur yaiku....
a. Salak c. Nanas
b. Sulak d. Jagung
24. Amir lan Umar mau diseneni gurune amarga tukaran neng kelas. Tembung diseneni kromo
inggile....
a. Diutus c. Diparingi
b. Ditimbali d. Didukani
25. Mas Ari kandha ,”Aku arep numpak sepur menyang Surabaya.”
Ukara ing duwur klebu ukara . . . . .
a. Crita c. Pakon
b. Kandha d. Pitakon
26. Simbah dawuh “ Kowe aja dolan nganti wengi!”
Yen diganti dadi kalimat ora langsung, yaiku ….
a. Simbah dawuh menawa aku ora oleh dolan nganti wengi.
b. Simbah dawuh, ora oleh dolan nganti wengi
c. Simbah ora dolan dolan nganti wengi
d. Simbah dawuh , kowe ora oleh dolan nganti wengi
27. Ing bahasa Indonesia diarani puisi, yen ing bahasa Jawa jenenge …..
a. Cangkriman c. parikan
b. Geguritan d. tembang
Bahasa Jawa VI/UAS Ganjil 2016-2017 3
Gatekno wacan ing ngisor iki kanggo jawab soal nomer 28 – 29!
Serangan Umum ing Yogya
Tanggal 18 Desember 1948 ing tengah wengi ana bel wara-wara menawa Walanda wis ora
kaiket perjanjian Renville. Jendral Spoor arep nganakake peperangan ing kutha Yogyakarta, tlatah
wewengkon RI. Pengumumane Walanda iku wis kapireng dening pora Tetungguling pemerintah
RI. Wektu kuwi pora tetungguling pemerintah RI ora bisa aweh kabarmenyang Yogya merga
sambungan telepon dening Walanda wis dipedhoti sadurunge.

28. Walanda ngumumake yen wis ora kaiket perjanjian Renville yaiku tanggal....
a. 18 Desember 1948 c. 8 Januari 1949
b. 28 Desember 1948 d. 18 Januari 1949

29. Sing arep nganakake peperangan ing kutha Yogya yaiku....


a. Jendral Spoor c. Letkol Suharto
b. Jendral Sudirman d. Mayor Sujono

30. Bapak (turu) kulo adus . Ukara ing jero kurung benere ....
a. Siram c. Turu
b. Sare d. Adus
31. Bapak angsale rawuh jam sekawan. tembung sing digaris ngisor ngokone yaiku....
a. Teka c. Dugi
b. Muleh d. Budhal
Gatekno pacelathon ing ngisor iki!
Tabrakan
Guru : “Ing ndalan mau rame-rame ana apa, Sari ?”
Sari : “Wonten kacilakaan, Bu !”
Guru : “Trus kepiye kahanane ?”
Sari : “Ketingalipun radi sanget, ingkang setunggal astanipun ceklek, lajeng
setunggalipun maleh sukunipun pepes.”
32. Basa sing digunakake guru jroning pacelathon ing ndhuwur yaiku ....
a.ngoko alus c. krama lugu
b. ngoko lugu d. krama alus

33. Bocah-bocah ngedekake tendha ing sacedhake grojogan


Ukara kang digaris nerangake…..
a.katrangan panggonan c. katrangan tujuwan
b. katrangan wektu d. katrangan sebab
Getekno wacan ing ngisor iki kanggo jawab soal 34-35!
Sawunggaling Satriya saka Surabaya
Sawunggaling asli saka kampung Lidah Surabaya, jeneng asline Jaka Bereg. Dheweke
sejatine isih putrane bupati Surabaya asma Adipati Jayengrana. Ibune asma Dewi Sangkrah, garwa
selire sang Adipati, watake sabar nriman. Jaka Bereg manggon ing desane karo ibu eyange asma
Wangsadrana. Eyang Wangsadrana watake prasaja lan seneng pitutur. Jaka Bereg duwe sawung
utama jago sing seneng mangan woh galing. Jagone yen tarung menangan, mulane Jaka Bereg uga
diceluk Sawunggaling sing tegese ayam jago seneng mangan woh galing. Sawunggaling watake
sabar, jujur, lan kendel.
34. Jeneng asline Sawunggaling yaiku.…
a.Jaka tarup c. Jayengrono
b. Jaka Bereg d. Wangsadrana
35. Sawunggaling duweni watak.…
a.kendel c. prasaja
b. nriman d. seneng pitutur
Bahasa Jawa VI/UAS Ganjil 2016-2017 4
II. Isenana ceceg-ceceg ing ngisor iki nganggo tembung kang mathuk!
36. Yen arep mlebu menyang omahe wong liya kudu …. luwih dhisik.
Tembung saroja sing cocok kanggo ngisi titik-titik yaiku ….
37. Bapakku saiki urung duwe duwit. Tembung sing dicetak miring krama aluse yaiku ….
38. Pakulitane wong Indonesia asli kuwi rata-rata …
Gatekno pitakonan wawancara ing ngisor iki!
A : “Pinten tarifipun ndandosaken rasoan setunggal stel, bu?”
A : “Sedinten saget damel pinten stel?”
39. Pitakonan ing dhuwur cocok kanggo wawancara karo wong sing penggaweane....
40. Supaya kepenak dirungokake, geguritan kudu diwaca nganggo swara sing....
41. Cangkriman “Disuguhi opak angin”. Batangane ....
42. Wong kang penggaweane nglakoake sepur diarani....
43. Mas Candra takon marang Dimas, “ Kowe mau mrene karo sopo.... “
Tanda waca sing bener kanggo ukoro ing dhuwur yaiku …
44. Kulo mangke badhe lungo dateng omahe bu guru. tembung sing katulis miring kromo aluse ....
45. Bapak nandur jagung nang sawah. Ingkang nuduhake dados katrangan yaiku tembung…

III. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi patitis!


46. Gawea ukara nganggo tembung saroja :
a. Ajur muwur
b. Tumpang tindih

47. Sebutna 3 wae perkara sing disiapake sakdurunge ngenekake wawancara !

48. Gaweo ukara sing polane “ K. Waktu + Jejer + Wasesa + Lesan + K. Cacah !

49. Salinen nganggo aksara jawa ukara ing ngisor iki!


Omahku dilabur pak Kardi supaya apik.
50. Salinen nganggo akasara latin ukara ing ngisor iki!
bvuxsik\

Bahasa Jawa VI/UAS Ganjil 2016-2017 5

Anda mungkin juga menyukai