Anda di halaman 1dari 6

PEMERINTAH KABUPATEN NGANJUK

DINAS PENDIDIKAN
KELOMPOK KERJA GURU (KKG) GUGUS SEKOLAH …
KECAMATAN PACE

NASKAH SOAL TRY OUT GUGUS


TAHUN PELAJARAN 2022/2023
LEMBAR SOAL
Mata Pelajaran : Bahasa Jawa
Hari/Tanggal : Kamis, 21 Maret 2024
Waktu : 09.30 – 11.00 WIB

PETUNJUK UMUM :
1. Tulislah nomor peserta pada sudut kanan atas Lembar Jawaban Ujian yang tersedia!
2. Periksa dan bacalah soal – soal sebelum kamu menjawabnya!
3. Kerjakan dengan bolpoin tidak boleh dengan pensil!
4. Laporkan kepada pengawas ujian, apabila terdapat tulisan yang kurang jelas, rusak, atau jumlah
soalnya kurang!
5. Dahulukan soal – soal yang kamu anggap mudah!
6. Periksalah pekerjaanmu sebelum diserahkan kepada pengawas ujian!
7. Lembar soal tidak boleh dicorat – coret!
Contoh : Pilihan Semula : A B C D
Dibetulkan : A B C D

I. Pilihen wansulan sing bener kanthi menehi tandha ping ( x ) ing aksara A, B, utawa C
minangka wangsulan sing bener!
Geguritan ing ngisor iki kanggo pitakon nomer 1 lan 2!
Desaku
Desaku aman lan makmur
Warga tansah guyup rukun
Gugur gunung mbangun desa
Sugih mlarat padha srawung
Enom tuwa lung-tinulung
Makarti saeka kapti
Desaku makmur lestari
Gemah ripah loh jinawi
1. Isine geguritan ing dhuwur babagan . . . .
A. desa kang ricuh C. desa kang makmur
B. desa kang kisruh D. desa kang luhur
2. Tembung saeka kapti, ing geguritan dhuwur iku tegese . . . .
A. kerukunan C. manunggal tekad
B. gotong royong D. kekarepan
3. Pacelathon
Bu Ratna : “Saka ngendi Ris?”
Risma : “Saking peken tumbas uwos bu!”
Bu Ratna : “Jare rega beras larang, pa wis mudhun regane?”
Risma :“... “
Ukara basa karma kang trep kanggo njangkepi pacelathon ing dhuwur yaiku . . . .
A. Nggih Bu, Sakniki sampun mudhun reginipun.
B. Nggih Bu, sakpunika sampun mandhap kok reginipun
C. Nggih Bu, sakpunika sampun mandhap reginipun
D. Nggih Bu, sakniki pun mandhap reginipun

1|Page
Crita rakyat ing ngisor kanggo pitakhon nomer 4 lan 5!
Kocap ing dongeng, jaman biyen ana ing kraton Kediri, ana putri loro kang asma Galuh
Candra Kirana lan Galuh Ajeng. Putri-putri mau sulistya ing rupa, menawa dicandra sarirane lan
tindak-tanduke, kurang candra luwih rupa. Kasulistyane sang Kusumaning ayu kondhang kaloka
tekan manca Negara.
Kala semana putri Galuh Candra Kirana wis dijodohake karo satriya Jenggala yaiku R.
Inu Kertapati. Galuh Ajeng ala bebudene, seneng tumindak duksiya marang Galuh Candra
Kirana.

4. Crita ing dhuwur kedadeyan ( latar panggonan ) ana ing . . . .


A. Kraton Majapahit C. Kraton Sumedang
B. Kraton Kediri D. Kraton Singosari
5. Dongeng ing dhuwur paraga kang watake ala ( antagonis ) yaiku . . . .
A. Galuh Candra Kirana C. R. Inu Kartapati
B. Galuh Ajeng D. R. Panji
Wacanen kang setiti!
Amarga manggone ing pinggir dalan gedhe, mula Pasar Iwak Badhuk rame terus. Wong
sing teka mrono werna-werna karepe, ana sing mung nglencer, ana sing golek iwak kali,ana sing
dodolan iwak kali, ya ana sing mampir mangan ing warung iwak kali sing ana ing Pasar Iwak
Badhuk. Ing dina Minggu lan prei pasar iwak Badhuk rame banget sing padha mara miras
plesiran.
6. Ukara utama paragraf ing dhuwur yaiku . . . .
A. Amarga manggone ana ing pinggir dalan gedhe, mula Pasar Iwak Badhuk rame terus.
B. Wong sing teka mrono werna-werna karepe.
C. Ana sing mung nglencer, ana sing golek iwak kali.
D. Ana sing mampir mangan ing warung iwak kali ing Pasar Iwak Badhuk

Tembang dolanan!
Padhang Bulan
Yo prakanca dolanan ing njaba
Padhang mbulan padhange kaya rina
Rembulane kang ngawe-awe
Ngelingake aja turu sore-sore

7. Tembang dolanan ing dhuwur isine . . . .


A. Dolanan ing njaba C. aja turu sore-sore
B. Mbulan kaya rina D. rembulan ngawe-awe
8. Gagasan pokok wacan ing dhuwur yaiku . . . .
A. Swarane gludhug, bledheg, uga thatit nambahi mirise ati.
B. Dina kuwi wiwit jam 01.00 awan udane deres banget.
C. Pak Bakri sing pakaryane bukak bengkel.
D. Bu Bakri sing bukak jahitan, omahe uga adoh karo kali Brantas.
Cuplikan pawarta!
Wingi udane deres banget. Swarane gludhug, bledheg lan kilat. Nambahi titrime kampong Musir
pinggir Kali Ngamben. Pak Kardi lan Bu Kardi sing omahe cedhak kali Ngamben ora bisa turu.
Atine tansah kuwatir ana banjir bandhang kaya tahun kepungkur. Rama anake kelas 5 wis turu
angkler.
9. Isine pawarta ing dhuwur yaiku . . . .
A. Wingi iku udane deres banget.
B. Pak Kardi lan Bu Kardi ora bisa turu.
C. Swarane gludhug, bledheg nambahi titrime kampung
D. Atine tansah kuwatir ana banjir bandhang kaya tahun kepungkur.
10. Parine Pak Darman wis arep panen, nanging isih ana loro sing . . . .
A. bangjo B. bangcuk C. bang – abang D. dubang
11. Warga desa Kelurahan padha sayuk . . . resik-resik ing lingkunganane dhewe-dhewe.
A. tentrem B. rukun C. sayuk D. saeka
12. Susanti kuwi pikirane landhep . . . mula bola-bali ora isa munggah kelas. Tembung entar kanggo
njangkepi . . . .
A. atine B. akale C. dhengkul D. pikire

2|Page
Tembang macapat
Sasmitaning para dwijo
Pamrih rukun lan saphadha sayekti
Mula aja tukar padu
Sapepadane rowing
Guyub rukun manunggaling mrih aruntut
Nut ing wedha winursita
Kawuryan sunaring Gusti

13. Aranane tembang macapat ing dhuwur yaiku . . . .


A. sinom B. pangkur C. mijil D. pocung
14. Guru lagu lan guru wilangan macapat ing dhuwur “mula aja tukar padu” yaiku . . . .
A. 8a B. 8u C. 8i D. 8o

Crita wayang
Kulawarga Pandhawa rembugan nemtokake sapa kang madeg senapati. Prabu Kresna
kelingan critane Resi Bhisma nalika isih enom. Panjenengane ora sengaja mateni Dewi Amba.
Mulane Prabu Kresna banjur duwe panemu menawa sing kudu madeg senapati yaiku Srikandhi
amarga Resi Bhisma wis prasetya yen ora bakal perang lawan wanita.
Nalika Srikandhi perang mungsuh Resi Bhisma, Resi Bhisma nglenggana menawa iki wis
titi wanci panjenengane kalah perang amarga Resi Bhisma wis netepi janjine ora nglawan perang
mungsuh Srikandhi.

15. Piweling ( amanat ) ana srajoning pethilan crita wayang ing dhuwur yaiku . . . .
A. Aja nglalekake lelabuhane wong liya C. Yen wis janji kudu dilakoni
B. Kudu lila labuh Negara D. Aja rangu mbelani bebener
16.
Yen ditulis nganggo aksara latin dadi . . . .

A. Iwak lele B. iwak wader C. iwak tawes D. iwak badher

Wacan ing ngisor iki kanggo pitakhon nomer 17, 18, lan 19!
Monumen Dr. Soetomo dumunung ing Desa Ngepeh Kecamatan Loceret Kabupaten
Nganjuk. Monumen iku dibangun minangka kanggo ngurmati perjuangane sing mbela nusa lan
bangsa. Monumen Dr. Soetomo sing awujud reca lungguh madhep ngidul sabenere manggon
ana ing daleme mbahe dhewe.

17. Irah-irahan kang mathuk kanggo wacan ing dhuwur yaiku . . . .


A. Monumen Dr. Soetomo C. Daleme Dr. Soetomo
B. Perjuangane Dr. Soetomo D. Miyose Dr. Soetomo
18. Ukara utama paragrap ing dhuwur yaiku . . . .
A. Monumen iku dibangun minangka kanggo ngurmati Dr. Soetomo
B. Monumen Dr. Soetomo dumunung ing Desa Ngepeh Kecamatan Loceret
C. Monumen Dr. Soetomo awujud reca lungguh madhep ngidul
D. Monumen Dr. Soetomo manggon ana daleme mbahe
19. Ki Hajar Dewantara miyos tanggal 2 Mei 1889 ing Ngayogjakarta. Wektu isih umur timur asmane
Raden Mas Suwardi Suryaningrat. Ukara pitakon kang mathuk kanggo wangsulan ing dhuwur
yaiku . . . .
A. Apa sebabe Ki Hajar Dewantara dibuang menyang Negara Walanda?
B. Apa semboyane Ki Hajar Dewantara?
C. Sapa asmane Ki Hajar Dewantara wektu isih timur?
D. Ki Hajar Dewantara iku karan pahlawan
20. Golekana bedane gambar 1 lan gambar 2 sing cocok!
A. Nilai luhur lan budi pekerti
B. Sinau supaya pinter lan ngrokok ngrusak
C. males sinau lan ngrokok rusak
D. sregep sinau lan ngrokok

3|Page
Tembang macapat!
Kinanthi
Anoman malumpat sampun
Prapteng witing nagasari
Mulat mangandhap katingal
Wanodya yu kuru aking
Gelung rusak wor lan kisma
Kang iga-iga kaeksi

21. Tembang Kinanthi ing dhuwur watake yaiku . . . .


A. sereng B. seneng C. sedih D. sumanak

Tembang Sinom!
Nuladha laku utama
Tumraping wong tanah Jawi
Wong agung ing Ngeksiganda
Panembahan Senopati
Kepati amarsudi
Sudanen hawa lan nepsu
Pinesu tapa brata
Tanapi ing siyang ratri
Amamangun karyenak tyasing sasama.

22. Guru wilangan lan guru lagu tembang sinom ing dhuwur yaiku . . . .
A. 10i, 6o, 10e, 6i, 6u C. 8a, 8i, 8a, 8i, 7i, 8u, 7a, 8i, 12a
B. 8u, 8i, 8a, 8i,8a, 8i D. 8a, 11i, 8u,7a, 12u, 8a, 8i
23. Paribasan “Bathok bolu isi madu” iku tegese . . . .
A. Wong pinter nanging sugih kepinteran C. Wong gedhe menang kerahe
B. Wong asar nanging sugih kepinteran D. Wong cilik menang omongane
24. Amerga ana salah ssawijining took kang ana ing jero pasar Kertosono, konslet kabele banjur
dadekake kobongan. Geni sing ana pasar mbulat-mbulat. Bareng ana kobongan ing pasar
Kertosono polahe wong-wong kaya . . . .
A. Bantheng ketaton C. gagak reraton
B. Gabah deninteri D. jambe sinigar
25. Sega sak kepel dirubung tinggi. Batangane cangkriman iku . . . .
A. Nanas B. salak C. rambutan D. manggis
26. Wiwa wite, lesbadhange. Cangkriman ing dhuwur bacutane yaiku . . . .
A. Karwa dhonge B. karwa thenge C. karwa pake D. karwa wite
27. Batangane cangkriman bubur panas kokopen. Cangkriman sing bener yaiku . . . .
A. Bunas kopen B. burnas kopen C. bupanas kopen D. burnas open

Tanggap wacana (pidato) kanggo pitakon nomer 31 lan 32!


Ana ing tlatah Nganjuk wis akeh sing nindhakake wira usaha kayadene bathik ing Prambon,
dumbleg raja ing Gondang, kerajinan gambol kayu jati ing Ngluyu, uga ing desa kita lan
sakiwatengene ana wira usaha kasur lantai lan sapanunggalane. Anane warna-warna
kewirausahaan ing Nganjuk bias dadi lapangan pakaryan uga bias nyuda pengangguran. Mula
anak-anakku karang taruna ora perlu cilik ati apa maneh nglokro ing babagan pegawean. Yen ora
bias dadi pegawai utawa karyawan luwih becik buka wira usaha.

28. Tanggap wacana ( pidato ) ing dhuwur isine babagan . . . .


A. Yen dadi pegawai utawa karyawan becike buka wira usaha
B. Wira usaha bias nyuda pengangguran
C. Warna-warna wira usaha ing Nganjuk
D. Karang taruna ora perlu cilik ati
29. Tanggap wacana ( pidato ) ing dhuwur temane kang cocok yaiku . . . .
A. Karang taruna C. wira usaha
B. karang pamitran D. gotong-royong

4|Page
30. Wasana basa ( kalimat panutup ) kang mathuk kanggo pidato yaiku . . . .
A. Punika ingkang saged kula aturaken, pramila cekap semanten atur kula, mbok bilih kathah
klenta-klentuning atur, kula nuywun agunging pangaksami.
B. Bapak ibu, sumangga sesarengan ngunjukaken puji syukur dhumateng Gusti ingkang Maha
Kuwaos.
C. Sumpah Pemuda punika satunggaling kedadosan sacral ingkang nedhahaken dhateng
sedaya bangsa Indonesia.
D. Kula minangka wakil kelas VI ngaturaken puji syukur dhateng Gusti Maha Kuwaos.
31. Kebone pitu kuru-kuru.
Kebone pitu yen ditulis nganggo aksara jawa yaiku . . . .

32. Panglamare Kleting Kuning wis . . . dening Andhe-Andhe Lumut.


Tembung nganggo seselan in kanggo ngisi titik-titik yaiku . . . .
A. tinuju B. tinuku C. tinampa D. sinilih
33.
Gambar wayang ing sisih kiwa iki arane . . . .
A. Bima C. Nakula
B. Puntadewa D. Sadewa

34. Adhik mangan sate.


Ukara mangan sate yen ditulis nganggo aksara jawa dadi . . . .

……………..
35. Setitekna tembang Pocung iki!
Pocung
Bapak pocung dudu watu dudu gunung
Asal saka Plembang
Dedegira ageng inggil
Yen lumaku si pocung lembehan grana
Batangane tembang Pocung ing dhuwur yaiku . . . .
A. sapi B. kebo C. unta D. gajah
36. Setitekna tembang Pangkur iki!

Pangkur
Sesantining Nuswantara
Beda-beda adat tradhisi yekti
Nyawiji siji satuhu
Bhinneka Tunggal Ika
Dadi kekiyataning bangsa kang patut
Runtut reka sing katata
Nuswantara jati dhiri

Guru lagu tembang ing dhuwur yaiku . . . .


A. a, a, u, i, a, u, i B. a, i, u, a, u, a, i C. i, a, u, i, u, i, a D. u, i, u, a, u, i, a

5|Page
37. Kakehan gludug kurang udan. Tegese paribasan kasebut yaiku . . . .
A. akeh omonge kurang kasunyatane C. sethithik omong ora ana nyatane
B. akeh omonge akeh nyatane D. sethitthik omonge akeh nyatane
38. Rani iku salah sijine bocah wadon kelas 6 sing ayu rupane, pinter, apik tumindhake, lan ora
bedakake kanca siji lan sijine. Watak sing diduweni Rani iku padha karo watake wong tuwane,
mula kena diarani watake anak biasane niru wong tuwane.
Bebasan kang mathuk kanggo ukara ing dhuwur yaiku ora ana banyu . . . .
A. mili nyang ratan B. mili nyang kali C. mili mendhuwur D. mili nyang sawah
39. Cangkriman sing batangane nanas yaiku . . . .
A. Pitik walik saba kebon C. Pitik walik saba tegal
B. Pitik walik saba sawah D. Pitik walik saba kutha

40. Bapak Pocung, tanpa untu darbe siyung badanira panjang tutukira pesagi ….
Ukara kanggo njangkepi cangkriman sing mathuk kanggo gambar sisih kiwa
yaiku . . . .
A. Dina-dina Pocung nguntal naga
B. Dina-dina Pocung nguntal upa
C. Dina-dina Pocung nguntal sega
D. Dina-dina Pocung nguntal buta

II. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki!


Asal usul Desa Ngasem
Sak jrone pesta iku, akeh tentara pimpinan Walanda sing melu teka mangan panganan
sing disuguhake. Amarga kalengahane saka saka tentara Walanda, digunakake karo Mbah
Tegopati kanggo nglucuti senjata lan ngringkus uga mateni tentara Walanda akeh sing mati,
mula karo masyarakat desa iki dikenal dadi “Desa Ngasem”
41. Tulisen amanat sing ana ing cerita ing dhuwur!
Wangsulan : …………………………………………………………………………………………….…
…………………………………………………………………………………………….…
…………………………………………………………………………………………….…
42. 1. Wayang kulit iku sawijining kabudayan jawa kanga di luhung
2. Kang nonton wayang rame banget nganti jejel riyel
3. Ki Dalang lan sindhene dijupuk saka Solo
4. Pagelaran wayang kulit ana ing Balai Desa Warujayeng kanthi lakon laire Pari Kesit.
Tulisen ukara-ukara ing dhuwur supaya dadi paragraph sing runtut!
Wangsulan : ………………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………….…
…………………………………………………………………………………………….…
43. Warsito Purwo Taruna kepilih tokoh ilmuwan kang nampa hadiah saka BJ. Habibie Award ke-8.
Priya kelahiran Surakarta iki sawijing ilmuwan penemu alat pemindai sing nggunakake medan
listrik kang akeh gunane kanggo bidang medis lan industry. Alat pemindai iku gunakake system
ECVT utawa Electrical Capacitance Volume Temograpy.
Tulisen kesimpulan isine wacan ing dhuwur!
Wangsulan : ………………………………………………………………………………………………
………………………………………………………………………………………………
……………………………………………………………………………………………...
44. Gawea tuladha ukara paribasan lan tegese nganggo tembung becik siji bae!
Wangsulan : ………………………………………………………………………………………………
………………………………………………………………………………………………
………………………………………………………………………………………………
45. Tulisen 4 (papat) ukara pambuka ana ing tanggap wacana (pidato) kanggo syukuran munggah
kelas enem (6)!
Wangsulan : …………………………………………………………………………………………….
…………………………………………………………………………………………….
…………………………………………………………………………………………….

6|Page

Anda mungkin juga menyukai