Anda di halaman 1dari 5

PENILAIAN AKHIR SEMESTER GENAP

TAHUN 2022/2023
SD ISLAM NURUL QUR’AN
Mupel : Bahasa Inggris Nama :
Kelas : III (tiga) No. Absen :
Waktu : 90 Menit
Nilai :
Tanggal :

I. Wenehana tanda ping (X) ana aksara a, b, c, lan d ing ngarep jawaban kang
trep!
1. Ingkang di arani Tembang Macapat Pocung yoiku ….
a. Tembang Macapat kang digawe parikan utawa bedekan
b. Tembang kang isi tembangnipun gambarake tentang pembentukan jati diri
utawa kemantepan awak dewe
c. Tembang macapat ingkang nggadahi sifat "kereng, nafsu" (keras bergairah)
d. Tembang kang nyritake filosofi urip manungsa
2. Tibaning swara ing pungkasaning gatra diarani ….
a. Guru Gatra c. Guru Lagu
b. Guru Wilangan d. Guru Baris
3. Cacahing wanda saben sagatra diarani ….
a. Guru Gatra c. Guru Lagu
b. Guru Wilangan d. Guru Baris
4. Ngel – mu – I – ku – ka – la – ko – ne – kan – thi – la – ku.
Iku diarani ….
a. Guru Gatra c. Guru Lagu
b. Guru Wilangan d. Guru Baris
5. Bedheka Tembang Pocung iki!
Bapak Pucung, dudu watu dudu gunung
Sangkamu ing sabrang
Ngon – ingone sang bupati
Yen lumampah, si pocung lembehan grana
Apa jawabane?
a. Gunung Gede c. Gajah
b. Pesawat d. Sepur
6. Tegese Grana yaiku….
a. Irung c. Sikil
b. Lambe d. Bathuk
7. Wacanen crita pengalaman ana ing ngisor iki!
Lunga Menyang Malioboro
Minggu sore Sita diajak bapak, lunga ana ing Malioboro. Anggone tekan Malioboro
numpak motor. Ora suwe aku wis tekan ana ing Pasar Sore Malioboro. Bapak
pengen ngersakake klambi batik kanggo Pakde Budi. Sesuk Pakde Budi rawuh ana
ing Yogyakarta. Klambi batik sing dituku iku arep diparingke Pakde Budi kanggo
oleh-oleh. Bapak wis milih klambi batik werna putih coklat motif kawung. Sita uga
tumbas miniatur pit ontel kang isa dipajang ana ing jero kamar. Bapak uga ngajak
Sita tuku panganan dienggo suguhan. Rampung anggone tuku pinuku, bapak
ngajak aku mulih.
Apa irah-irahan wacan ana ing dhuwur?
a. Lunga Menyang Malioboro c. Menyang Malioboro
b. Lunga Ing Malioboro d. Tuku batik ing Malioboro
8. Sapa wae tokoh kang ana ing wacan dhuwur?
a. Sita, Bapak lan Ibu c. Sita, Bapak lan Pedagang
b. Sita, Bapak lan Pakde Budi d. Sita lan Bapak
9. Apa sing dituku ana ing Malioboro?
a. Klambi batik, pit onthel lan c. Klambi batik, miniature pit
panganan onthel lan panganan
b. Klambi batik lan panganan d. Miniatur pit onthel lan
panganan
10. Motif klambi batik sing arep diwenehake yaiku ….
a. Motif gringsing c. Motif mega mendung
b. Motif kawung d. Motif parang rusak
11. Nangapa kok Bapak ngajak Sita lunga menyang Malioboro?
a. Tuku oleh oleh dienggo tamu c. Bapak kepingin lunga
menyang omahe Pakde Budi
b. Bapak kepingin klambi anyar d. Kepengen mlaku – mlaku
12. Kang klebu Tembang Dolanan yaiku kejaba….
a. Ilir ilir c. Padhang mbulan
b. Sluku sluku bathok d. Apuse
13. Gatekna lagu dolanan ana ing ngisor iki!
Sluku-sluku Bathok

Sluku-sluku bathok bathoke ela-elo


Si Rama menyang Solo leh-olehe payung motha
Mak jenthit lolo lobah wong mati ora obah
Nek obah medeni bocah nek urip goleka dhuwit

Sluku tegese…
a. Tangan c. Driji
b. Sikil d. Awak
14. Tegese bathoke ela-elo yaiku ….
a. Dzikir c. Diakon ngresik’i batin
b. Diakon tumindak becik d. Bathok e menga mengo
marang liyan
15. Gatekna Tembang Dolanan ana ing ngisor iki!
Lir – ilir
Lir-ilir, lir-ilir
Tandure wus sumilir
Tak ijo royo-royo
Tak sengguh temanten anyar
Cah angon, cah angon
Penekno blimbing kuwi
Lunyu-lunyu penekno
Kanggo mbasuh dodotiro
Dodotiro, dodoiro
Kumitir bedah ing pinggir
Dondomono, jlumatono
Kanggo sebo mengko sore
Mumpung padhang rembulane
Mumpung jembar kalangane
Yo sorako, sorak iyo!!
Irah – irahan Tembang Dolanan ana ing dhuwur yaiku…
a. Lir – ilir c. Manten anyar
b. Tandure wus sumilir d. Cah angon menek blimbing
16. Apa sing ijo royo – royo?
a. Blimbinge c. Sawahe
b. Godhong blimbing d. Tandure
17. Sapa kang dikon menek wit blimbing?
a. Cah wadon c. Cah angon
b. Cah lanang d. Wong sing duwe wiy blimbing
18. Dodotiro tegese….
a. Ngumbah c. Klambimu
b. Suwek d. Dienggo
19. Aksara Jawa sing durung enthuk sandhangan utawa pasangan (isih wuda)
diarani…
a. Aksara Wilangan c. Aksara Sandhangan
b. Aksara Jawa Legenda d. Aksara Sandhangan
Wyanjana
20. Cacahe Aksara Jawa ana ….
a. 10 c. 20
b. 15 d. 25
21. Wacane ….
a. Da c. Wa
b. Tha d. Dha
22. Aksara “Ra” yaiku ….
a. c.

b. d.

23. Wacane aksara jawa ing sisih kiwa yaiku ….


a. Bata c. Rama
b. Cara d. Sala

24. Wacane aksara jawa ing sisih kiwa yaiku ….


a. Singa c. Lawa
b. Lima d. Baya

25. “Jagaraga” yen di tulis aksara jawa yaiku ….


a. c.

b. d.

II. Isenana ceceg – ceceg ana ing ngisor iki!


26. Guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu tembang pucung yaiku….
27. Getekna Tembang Dolanan ana ing ngisor iki!
Bapak Pucung, cangkeme madhep mandhuwur
Sabamu ing sendhang
Pencoanmu lambung kering
Prapteng wisma, Si Pucung mutah guwaya
Isine Tembang Pocung ing dhuwur yaiku….
28. Wacanen crita pengalaman ana ing ngisor iki!
Bal – balan
Dhek wingi aku bal-balan karo kanca-kanca. Olehku bal-balan ana ing alun-alun
Rembang. Ana ing alun-alun kuwi sing bal-balan akeh banget. saliyane aku lan
kanca- kancaku sakelas, ana uga kelompok liyane. Malah uga ana uga kelompok
bocah SMP lan bocah SMA.
Bal-balan wingi kuwi rame banget amarga pertandingan antarane kelas 3A
kelasku, karo kelas 3B. Mung kebeneran sekolahku cedak karo alun-alun. Mula
pertandingane ana ing alun-alun. Saliyane pertandingan bal-balan, alun-alun
Rembang kuwi pancen wis umum yen sore kanggo papan dolanan.
Dhek wingi kuwi, aku dadi penyerang tengah. Kancaku nyerang ana loro yaiku
Bambang lan Sansan. Karene kanca- kancaku, aku kuwi sakbenere ora pati pinter
nanging playuku banter. Dene Bambang lan Sasan kuwi ora pati banter playune
nanging jan titis tenan yen nyadhuk bal.
Babak sepisan aku kasil ngegolake nganti kaping loro. Nanging bocah kelas 3B
bisa mbales ana ing babak loro. Mula nganti bubaran ora ana sing menang lan
sing kalah. Senajan seri, aku tetep bungah amarga aku kasil njebol gawange kelas
3B sing dijaga Supri.

Apa sing dilakoni tokoh miturut ana ing wacan?


29. Kapan wancine tokoh kuwi bal-balan?
30. Sapa sing menang ana ing tandhing bal-balan miturut ing wacan?
31. Gatekna Tembang Dolanan ana ing ngisor iki!
Yo 'pra kanca dolanan ing jaba
padhang wulan padhange kaya rina
Rembulane e sing awe-awe
ngelingake aja padha turu sore
Yo 'pra kanca dolanan ing jaba
rame-rame kene akeh kancane
Langite pancen sumebyar rina
Yo padha dolanan sinambi guyonan
Tembang ing duwur iku, kalebu tembang ….
32. Rina tegese yoiku ….
33. Aksara jawa ing sisih macane ….

Pitakon nomor 34 lan nomor 35


Tulisen nganggo aksara jawa!
34. “Padha ngaca”
35. “Nyata ana”

III. Wangsulana pitakon –pitakon ing ngisor iki kanthi pratitis !


36. Apa kang diarani pengalaman lucu?
37. Apa paweling ana ini tembang “Jamuran”?
38. Owahana ukara ing ngisor iki nganggo basa krama!
“Simbah bali saka Salatiga”

39. Tulisen ukara ing ngisor iki nganggo aksara jawa


“Cara maca Jawa”
40. Salinen aksara jawa ngisor iki nganggo aksara latin!
a.

b.

Anda mungkin juga menyukai