Anda di halaman 1dari 4

LEMBAGA PENDIDIKAN MA’ARIF NU

MI NAHDLATUL ULAMA KRANGGAN


PENILAIAN TENGAH SEMESTER I (GASAL)
TAHUN PELAJARAN 2022/2023

Nama : ............................. No absen : …………………


Hari / Tanggal : ............................ Waktu : 90 Menit
Kelas : VI (Enam) Mata Pelajaran : Bahasa Jawa

I. Wenehana tandha ping (x) ana aksara A, B, C utowo D ing sangarepe wangsulan kang mathuk!

Wacan kanggo pitakonan no. 1-4


Sekaten
Sekaten minangka upacara pengeten Maulid Nabi sing dianakake pitung dina, wiwit wulan Mulud
kaping 5 nganti 12 Mulud. Prosesi pertama yaiku nggawa 2 pusaka gamelan saka kraton menyang Masjid
Agung Solo. Kaloro gamelan duwe jeneng dhewe-dhewe. Sing pertama yaiku gamelan Kyai Guntur Madu sing
dipasang ing sisih kidul Mesjid Agung, dene sijine maneh yaiku gamelan Kyai Guntur Sari sing dipasang ing
sisih lor. Gamelan dimainake gantian wiwit esuk nganti tengah wengi. Para Abdi dalem kang putri podho
mangan kinang kang diwadai conthong. Jajanan khas sekaten yaiku cabuk rambak, wedang rondhe, endhog
asin, lan sego liwet.
Sawise pengetan sekaten kaleksanan pitung dina, ing Mulud tanggal 12 dianakake acara Grebeg
Mulud. Ana kono ana upacara slametan lan arak-arakan gunungan saka kraton tumuju ing Masjid Agung.
Gunungan iku karonce dening kacang-kacanngan, woh-wohan, sayuran lan liya-liyane. Nalika gunungan tekan
Mesjid Agung, gunungan iku dadi rebutan warga masyarakat sing nyekseni acara Grebek Mulud. Kanthi acara
Grebeg Mulud mau muga-muga pikantuk sukses lan rejeki kang lancar. Acara sekaten dipungkasi kanthi
mbalekake gamelan pusaka menyang kraton.
1. Sekaten minangka upacara pengetan Maulid Nabi sing dianakake pitung dina, wiwit tanggal 5 nganti
tanggal 12. Sekaten dianakake saben wulan ... .

a. suro c. Mulud

b. sapar d. Ba’da Mulud


2. Sekaten minangka budhaya jawa sing perlu dilestarikake. Sekaten dianakake ing kota.....

a. Surabaya c. Sragen

b. Salatiga d. Solo
3. Wacan ing ndhuwur, nduweni tema babagan... .

a. pendidikan c. kebudhayaan

b. kesehatan d. kerukunan
4. Para Abdi dalem kang putri padha mangan kinang kang wadahi conthong. Tegese tembung kang kacethak
kandhel yaiku ... .

a. wong seng nduweni kerathon. c. wong sing mimpin kerathon

b. wong sing kerja ing kerathon d. wong sing nggawe kerathon


5. Warisan budhaya perlu dilestarikake. Sing wajib nglestarikake warisan budhaya yaiku ... .

a. para tentara c. para seniman

b. putra bangsa d. warga manca


Wacan kanggo pitakon No 9-12
Gathutkaca gugur
Peperangan bengi kuwi medeni banget. Gathutkaca kedadeyan mateni satuma kurawa sing nduwe
jeneng Lembusana. Ning dheweke kelangan kapindho paklike yaiku Brajawikalpa sing tewas bareng
mungsung-mungsuh dekne kabeh, nduwe jeneng Lembusura lan Lembusana.
Gathutkaca akhire ngadep karo Karna, panduwe senjata kontawijaya. Dheweke ndadekake
kembaran awake saakeh sewu wong dadine gawe Karna rumangsa kebingungan. Dhuwur pituduh bapake,
yaiku Batara Surya, Karna kedadeyan nemu Gathutkaca asli. Dheweke pun cucul senjata Konta menyang
arah Gathutkaca. Gathutkaca nyoba ngindari kanti cara mabur sadhuwur- dhuwure. Ning arwah
Kalabendana dumakan muncul nangkep Kontawijaya karo nganteke kabar saka kahyangan menawa ajal
Gathutkaca wis tetapkan bengi kuwi.
Gathutkaca pasrah adhep keputusan saka para dewata. Neng deweke nduwe pesen supaya mayite
isih bisa digunakake kangg mateni mungsuh. Kalabendana setuju. Dheweke banjur njojoh puser Gathutkaca
nggunakake senjata Kontawijaya. Pusaka kuwi musnah nyawiji karo wrangkane, yaiku kayu mastaba sing
isih ana ing jero weteng Gathutkaca
Gathutkaca wis tewas saknalika. Arwah kalabendana banjur nguncalake mayite menyang arah
Karna. Karna kedadeyan mlumpat lan lolos saka pati. Nanging kretane rusak ektiban awake gathutkaca sing
mabur banter saka kahyangan. Pamburine, pecahan kreta melesat mabur samubarang arah lan mateni para
prajurit Kurawa sing ana ing teparo. Ora ketung akehe pira cacah dekne kabeh sing pada mati

6. “Pusaka kuwi musnah nyawiji karo wrangkane, yaiku kayu mastaba sing isih ana ing jero weteng
Gathutkaca ”ukara nyawiji nduwene arti... .

a. remuk c. mlebu

b. lebur d. dadi siji


7. Sing kalebu dasaname gathutkaca yaiku...
a. Jabang Tetuka, Arimbiatmaja, c. Jabang Tetuka, Arimbiatmaja,
raden Permaadi Bimasiwi
b. Arimb atmaja, Dananjaya, d. Bharatasresta, Bimasiwi, Jabang
Bimasiwi Tetuka
8. Sifat utawa watak kang diduweni gathutkaca yaiku....

a. sak penake dewe c. barangasan lan ugal-ugalan


d. setia, pemberani, lan remen
b. congkak lan pangiri
tetulung
9. Amanat utawa piwulang luhur sing ana ing wacan ndhuwur yaiku ...

a. wedi marang perang c. belani sing kalah

b. nduweni sikap ksatria d. ora mbela negara


10. Gatekna gambar ing ngisor iki!

Gambar wayang ing ndhuwur iku nduweni jeneng ....

a. Adipati Karna c. Prabu Kresna

b. Gathutkaca d. Pandhu Dewanata


11. Ing ngisor iki gamane Raden Gathutkaca yaiku ...

a. Cakra c. Pasopati

b. Gada Rujakpala d. Caping Basunanda


12. Ing ngisor iiki klebu sumber crita wayang kang misuwur ... .

a. crita sinetron c. epos Mahabharata

b. dongeng sikancil d. hikayat si Miskin


13. Gelaran wayang kulit diiringi musik ... .

a. jass c. dangdut

b. gamelan d. kroncong
14. Raden Gathutkaca kasatriyan ing ….

a. Pringgodani c. madukara

b. Jodhipati d. Dharawati
15. Aran utawa jenenge liya Raden Werkudara, kejaba... .

a. Brata Sena c. Arya Panenggak

b. Raden Suwirya d. Wijasasena


16. Paraga sing nembang ing pawayangan diarani ... .

a. sindhen c. gamelan

b. dhalang d. niyaga
17. Saben crita wayang mesthi ngandhut. ...

a. watek c. tema

b. piwulang luhur d. alur


18. Ing ngisor iki wateke Raden Gathutkaca, kejaba ... .

a. jujur c. seneng tetulung

b. goroh d. mbela bebener


19. Ing ngisor iki kang klebu jenenge pandhawa, kejaba....

a. Raden Dursasana c. Nakula

b. Raden Werkudara d. Sadewa


20. Paragrap kang ukara pokoke manggn ing ngarep paragrap, banjur kasusul ukara ukara panjlentreh
diarani ....

a. dhedhuktip c. dheskripsi

b. indhuktip d. narathip
21. Kang kudu digatekake nalika gawe karangan, kejaba ....

a. nemtokake tema c. basane kang becik

b. milih irah-irahan d. nulis nganggo aksara latin


22. Tembung kang isih wutuh durung rineketan wuwuhan apa-apa diarani tembung ... .

a. lingga c. kriya

b. anndhahan d. kaananan
23. Ing ngisor iki tuladha ater -ater tripuruso,kejaba... .

a. adhik dak tukokno roti c. bukuku kok gawa kanggo nyatet

b. kebone disapu ibu d. adhik nggarap PR


24. Tembung sing wis owah saka linggane amarga kawuwuhi wuwuhan yaiku ....

a. lingga c. kriya
b. andhahan d. kaanan
25. Tuladha tembung ater-ater tripurusa yaiku ....

a. dak tutku c. ngombe

b. mangan d. resik

II. Isinena ceceg-ceceg ing ngisor iki kanthi trep!


1. Nalika perang bratayudha, Raden Gathutkaca madeg ....
2. Seni tradisional sing diwiwiti lan dikembangake ing tlatah jawa yaiku ....
3. Wuwuhan sing manggone ing mburine tembung yaiku ...
4. Patihe prabu duryudana jenenge....
5. Raden Gathutkaca iku putrane Raden Werkudara patutan karo ....

III. Wangsulana pitakon pitakon ing ngisor iki kanthi trep lan bener!
1. Sebutna gamane Raden Gathutkacai!
2. Tulisna piwulang luhur crita wayang gathutkaca gugur kanggo para siswa kang sekolah!
3. Sebutna sapa bae sing aran Pandhawa!
4. Gawenen ukara nganggo ater-ater tripurusa!
5. Sebutna tuladha perangan prastawa budaya kang misuwur ing jawa tengah!

Anda mungkin juga menyukai