Anda di halaman 1dari 1

Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Para bapak, para ibu dewan juri ingkang dahat kinurmatan lan rencang-rencang
ingkang kawula tresnani. Langkung rumiyin sumangga sesarengan ngujukaken
puji syukur wonten ngarsanipun gusti ingkang murbeng dumadi, ingkang sampun
paring rahmat lan hidayah, saengga kita saged makempal ing mriki. Ing dinten
punika kawula badhe ngaturaken sesorah babagan “cinta tanah air”.
Saderek-saderek sedanten……..
Minurut pengamatan kalian kulo raosaken akhir-akhir meniko kathah wargo
ingkang kirang menghargai negeri nasionalipun inggih puniko negeri “tercinta”
Indonesia. Hal meniko sanget ngrisauaken yen diterus-terusaken saget dados
masalah ingkang serius……..
Saderek-saderek, kawulo mudho sedanten……..
Wonten jaman sakniki sampun kathah “pengikisan” kebangsaan nasionalisme!
Meniko disebabaken kathah kawulo mudho ingkang ngelalekaken jatidirinipun
dados wargo Indonesia sebabipun poro kawulo mudho luwih condong marang
pergaulan utawi budoyo-budoyo Barat ingkang ndugi saking media cetak,
elektronik, ingkang rupo: acara-acara televisi, majalah, surat kabar, utawi kathah
wargo luwih seneng mundhut produk-produk luar negeri disebabaken regoipun
luwih mirah lan kualitasipun luwih sae……..
Saderek-saderek sebongso lan setanah air……….
Masalah-masalah meniko saget diicalaken lan saget mbangsulaken raos cinta
tanah air negeri “tercinta” Indonesia meniko kalian salah sawijine coro inggih
puniko mundhut barang-barang produksi Indonesia, menghormati jasanipun poro
Pahlawan lan poro Pejuang, tindak dhateng Museum-museum Nasional utawi
monumen-monumen perjuangan
Kulo raos meniko ingkang saget kulo sampekaken……. mugi- mugi saget
ndhatengaken perubahan lan saget mbangsulaken utawi nguataken roso
Nasionalisme kito sedanten.
Matur suwun kulo sampekaken………

Anda mungkin juga menyukai