Anda di halaman 1dari 2

‫اسالم عليكم ورحمة هللا وبر كاته‬

‫ان الحمد هلل نحمده ونستعينه ونستغفره ونستهديه ونعوذباهلل من شرورانفسنا‬

‫ومن سيئات اءمالنا من يهده هللا فال مضل له ومن يضلل فال هادي له‬

‫ الهم صل وسلم وبارك علي محمد‬. ‫اشهدان الاله واشهدان محمداعبده ورسوله‬

‫ اما بعد‬. ‫وعلى اله وصحبه ومن اهتدى بهداه الى يوم ااقيامة‬

Para dewan juri ingkang kinurmatan


Para Bapak lan Ibu Guru sedoyo ingkang kulo hormati lan
Rencang-rencang ingkang kulo tresnani
Para dewan juri ingkang kulo hormati
Wonten kesempatan ingkang berbahagiaa niki, monggo kita lan panjenengan sedoyo raos
syukur dumateng ngarsanipun Gusti Allah Swt, ingkang sampun paring pinten-pinten nikmat
arupi sehat sehinggo kita saget makempal ing siang meniko mugi-mugi saget lumaku kanthi
lancar.
Kaping kalihipun mugio keselamatan lan kesejahteraan tetep dipun curahaken dhumateng
Nabi kita Muhammad Swt, keluarganipun poro sahabatipun lan sedaya pengikutipun.
Para dewan juri ingkang kulo hormati
Wonten kesempatan wekdal meniko kulo badhe nyampeake sesorah ingkang tema “Tresna
Bumi Pertiwi”
Indonesia yaiku Bumi Pertiwi kita ning ngendi papan dununging kita, tiang sepuh lan
sederek-sederek kita lahir. Indonesia yaiku tempate kita gesang lan bermasyarakat. Minangka
kita patut tresna marang Bumi Pertiwi Indonesia.
Menapa ingkang dimaksud tresna Bumi Pertiwi ? tresno yaiku sawijining roso tresno lan
sakbenere ingkang nduweni rasa welas lan asih kalian sesuatu. Merga roso tresna iku mongko
badhe teko dorongan kangge ngkrawat, njaga, ngrumat lan ngayomi saking ancaman.
Saktemene saking definisi tresno wonten inggil, mongko saged kita arteaken minangka
tresno bumi pertiwi yaiku sawijining lelampah utawi sikap ikhlas berkorban kangge bumi
pertiwi lan njaga saking maneka werna ganguan lan ancaman ingkang saged mbebayani lanjutan
gesang Bumi Pertiwi kita.
Islam ugi ngajarake tentang Cinta tanah Air yaiku Hubbul Wathan Minal Iman
artosipun “Cinta Tanah Air bagian dari iman”
Minurut pengamatan kalian kulo raosaken akhir-akhir meniko kathah wargo ingkang kirang
menghargai negeri nasionalipun inggih puniko negeri “tercinta” Indonesia.
Hal meniko sanget ngrisauaken yen diterus-terusaken saget dados masalah ingkang
serius. Rencang-rencang, kawulo mudho sedanten…….. Wonten jaman sakniki sampun kathah
“pengikisan” kebangsaan nasionalisme! Meniko disebabaken kathah kawulo mudho ingkang
ngelalekaken jatidirinipun dados wargo Indonesia sebabipun poro kawulo mudho luwih
condong marang pergaulan utawi budoyo-budoyo Barat ingkang ndugi saking media cetak,
elektronik, ingkang rupo: acara-acara televisi, majalah, surat kabar, utawi kathah wargo luwih
seneng mundhut produk-produk luar negeri disebabaken regonipun luwih mirah lan kualitasipun
luwih sae..,
Rencang-rencang sedanten lan bapak ibu guru sebongso lan setanah air…Masalah-
masalah meniko saget diicalaken lan saget mbangsulaken raos cinta tanah air negeri “tercinta”
Indonesia meniko kalian salah sawijine coro inggih puniko mundhut barang-barang produksi
Indonesia, menghormati jasanipun poro Pahlawan lan poro Pejuang, tindak dhateng Museum-
museum Nasional utawi monumen-monumen perjuangan
Kulo raos meniko ingkang saget kulo sampekaken... mugi- mugi saget ndhatengaken
perubahan lan saget mbangsulaken utawi nguataken roso Nasionalisme kito sedanten.

Tuku santen dhateng peken.


Pekene peken Doro
Kulo kinten cekap semanten.
Sedoyo lepat nyuwon pangapuro.

Wallahul muafiq illa akwamithoriq


Wasalamualaikum Wr. Wb

Anda mungkin juga menyukai