Anda di halaman 1dari 11

Assalamualaikum Wr. Wb.

Nuwun Bapak/Ibu Kepala Sekolah ingkang kinurmatan, tamu undhangan, Bapak/Ibu Guru saha karyawan
ingkang kula hormati, adhik-adhik kelas tuwin rencang-rencang ingkang kula tresnani.

Puji syukur konjuk wonten ing ngarsanipun Gusti Allah ingkang Maha Asih, awit ing wekdal menika kita
sedaya taksih pinaringan rahmat saengga ing wekdal menika kita saged makempal kanthi pinaringan
karaharjan.

Kula minangka wakil saking siswa kelas IX, ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa upami dhumateng
Bapak Ibu Guru, awit saking sih katresnan anggenipun nggulawentah dhumateng kula sekanca, saengga saged
ngrampungaken kewajiban anggen kula sakanca ngangsu kawruh wonten ing pawitan menika.

Kula sakanca naming saged memuji, mugi-mugi sedaya amal lan kesaenan Bapak Ibu Guru pikantuk pinwales
saking Gusti Allah ingkang Maha Agung, saha tansah pinaringan kasarasan, kawilujengan lan ketentreman
saengga saged nggulawentah dhateng adhik-adhik sedaya ngantos dumugi paripurna kanthi biji ingkang
maremaken.

Mboten kesupen kula sakanca ugi nyuwun pangapunten, awit kula sakanca asring ndamel Bapak Ibu duka lan
kuciwa, awit saking atur saha solah bawa kula sakanca ingkang mboten mranani penggalih panjenengan sedaya.

Dhumateng Bapak/Ibu Guru lan adhik-adhik sedaya, sepisan malih kula ndedonga mugi tansah pinaringan
rahmat saha barokahing Gusti Allah, Amin..

Wasana cekap semanten atur kula, menawi kathah kalepatan atur saha solah bawa ingkang boten mranani
penggalih, kula nyuwun pengampunten.

Wassalamualaikum Wr. Wb.


Assalamualaikum Wr. Wb.

Puji soho syukur monggo kita unjukaken dhumateng allah SWT ingkang sampun paring nikmat lah
hidayahipun kangge kita sedoyo, sehingga kita sedaya saget makempal wonten ing papan menika kanti kadaan
sehat wal afiat. Solawat lan salam mugi katetepna dhumateng nabi Muhammad sholallohualaihi wassalam
dumateng para keluarga, sokhabat, lan sedoyo umatipun dumugi akhir zaman samangkih amin.

Bapak ibu lan kanco-konco ingkang kinurmatan

Wonten ing mriki kula bade matur ingkang irah-irahan bahaya nipun ngagem narkoba lan obat-obatan ingkang
dipun larang, kito sedoyo sampun katah mirengaken pawartos, ningali pawartosTV, menawi sok sinteno
ingkang ngginaaken narkoba bade kenging bahayanipun narkoba kolo wau antawisipun bade ngrisak badan,
kesehatan bade ka ganggu, pikiran boten saget jejek lan sanesipun gangguan .

Narkoba minongko obat ingkang dipun larang, sak jatosipun baten kapareng dipun sade kanti bebas, awit
tumrap sok sinteno ingkang ngagem lan ngginakaken ateges piyambakipun sampun nglanggar paugeman lan
saget dipun paring pidono. Awit meniko kulo ngajak monggo kito tebibi obat-obat terlarang meniko ampun
ngantos kito cedak-cedak lan ngagem ingkang meniko ateges sampun kumowanton nglanggar aturan saking
pamarentah.

Ciri-ciri tiang ingkang remen mengonsumsi narkoba inggih meniko :

1. Tiang ingkang remen menyendiri mboten remen menawi kempal tiyang katah.

2. Tiyang ingkang remen wonten kamar tertutup kanti nyetel music ingkang keras

3. Tiyang ingkang remen tongkrongan wonten pinggir mergi

4. Tiyang ingkang ngelompok wonten panggenan ingkang sepi.

5. Tiyang ingkang remen ngrokok inggih condong dumateng minum minuman keras lan narkoba.

Awit meniko kulo ngajak dumateng sedoyo rencang menawi manggihi sederek ingkang nggadahi ciri kadaos
wonten ing nginggil kito kedah wicaksono, lan ampun ngantos kito ketularan dumateng tiyang ingkang
nggadahi karemenan minum narkoba kolo wau.

Tiyang ingkang nggadahi karemenan ngisap narkoba menawi dipun tinjau saking kesehatan, sangat
ngrugekaken dumateng badan kito, awit tiyang ingkang nggadahi karemenan ngisap narkoba meniko gampil
kenging penyakit-penyakit, antawisipun gagal ginjal, jantung lan paru, sahinggo badan mboten sehat, lan
inggakang paling bahaya inggih kawontenan pikiran mboten saget dikendalikan kanti sae, remen ngomong
ingkang ngelantur, tindak tanduk kurang sopan lan sak penunggalipun, tiyang ingkang remen minum narkoba
gadah kecenderungan ugal-ugalan lan kirang hormat dumateng tiyang sepuh lan sakkaminipun.

Tiyang mabuk mekaten mboten saged dipun control kesadaranipun, sak kepaenaipun piyambak lan sopan
santun ingkang kirang, lan gadah kebiasaan ingkah rumaos paling hebat, naming sakjatosipun tansah ribet lan
gampil sakit.
Awit menika kula ngajak dhumateng para warga masyarakat aja sepisan-pisano ngginaken narkoba lan obat-
obatan ingkang dipun larang lan kita ginaaken wekdal kanthi sae lan diginaaken kangge hal-hal ingkang positif
inggih punika : maca buku, olahraga sepak bola, olah raga bulu batminthon lan sakpanunggalane..

Bapak ibu lan kanco-konco ingkang kula hormati

Kanti pangertosan ingkang sampun kulo aturaken lan sebataken wonten ngajeng kolo wau, kulo ngajak monggo
kito tansah njagi badan kito ampun ngantos ngginaaken barang ingkang dipun larang. Mugi-mugi sesorahan
wonten ing dinten menika migunani dhumateng kita sedoyo lan andhadosna kita tiang ingkang becek. Ana
kupat lawuhe santen menawi wonten lepat kula nyuwon pangapunten..

Bilahitaufiq walhidayah

Asssalamualaikum Wr. Wb.

Ingkang kinurmatan bapak RT 02 RW 01. Bapak-Bapak , ibu-ibu ingkang minulya saha para wredha mudha
ingkang kula tresnani.

Ingkang sepindhah, sumangga kita panjataken puja lan puji syukur dhumateng ngasanipun Gusti Ingkang Maha
Kuwaos ingkang sampun paring kasehatan marang kita sedaya saengga kita saget kempal wonten acara punika
tansah sehat walafiat.

Salajengipun, kula aturaken sugeng rawuh wonten acara malam tirakatan kamardhikaan Indonesia ingkang
kaping sewidak pitu.

Bapak-ibu sarta sedherek-sedherek ingkang kinurmatan, kados sampun kita mangertosi sesarengan bilih rikala
tanggal 17 Agustus 1945, Indonesia mbiyawaraaken kamardhikan. Para pemimpin bangsa punika wusananipun
kasil maosaken teks proklamasi kamardhikan Indonesia lan gadhah cita-cita luhur inggih punika sila-sila
wonten Pancasila.

Bapak-ibu ingkang minulya, panjenengan kasuwun rawuh ing pahargyan punika, saperlu tirakatan, sesarengan
nyenyuwun dhumateng Gusti Allah, mugi-mugi nagari Indonesia saklajenipun langkung sae tinimbang
sakderengipun merdheka.

Bapak-ibu, sumangga kamardhikan menika dipunisi kalihan pembangunan ugi watak nasionalisme ingkang
katandur ing manah.

Wasana, cekap semanten atur kula. Bilih wonten klenta-klentu anggenipun kula matur, nyuwun pangapunten.

Wassalamualaikum Wr. Wb.


Assalamualaikum Wr.Wb

Bapak bapak saha Ibu Ibu ingkang satuhu kinurmatan

Langkung rumiyin sumangga kula panjenengan ngunjukaken puja puji syukur dhumteng Gusti ingkang
Murbeing dumadi. Sahingga kita saged pinanggih ing papan punika kanthi bagya mulya boten wonten alangan
satunggal punapa.

Kados sampun cetha bilih rikala tanggal 10 November 1945, Ing kiha Surabaya wonten prastawa perang ageng
antawisipun arek arek Surabaya ngusir penjajah ingkangg mbonceng Inggris lumarap ing tanah Jawa. Saking
semangat arek arek Surabaya menika lan kalajengaken pejuang rakyat ing daerah mriku. Sahingga damel
horeging donya, ngantos PBB tumut ngengingi prastawa punika.

Bapak bapak saha Ibu Ibu ingkang kinurmatan

Kathah pejuang ingkang ndhepani bantala mbela bangsa lan negara. Mila kangge mengeti pahlawan ingkang
sampun gugur kita tansah merangi kemlaratan lan kebodohan tumrap bangsa Indoneasia.

Mugi mugi Pahlawan ingkang sampun gugur, amal lan kesaenanipun katampi dening Gusti ugi bangsa
Indonesia sageda dados negara ingkang makmur lan kacekapan.

Kula cekapi semanten anggen kula matur, bilih wonten kathah kalepatan ing atur mawantu wantu nyuwun
agunging samudra pangaksami.

Wassalamualaikum Wr. Wb.


Salam,
Nuwun, para tamu undangan ingkang kula hormati, para mudha-mudhi ingkang satuhu kula tresnani.

Sampun kawuningan bilih saben tanggal 10 November bangsa kita mengeti Hari Pahlawan. Kangge ngengeti
bilih rikala tanggal 10 November 1945, ing Surabaya wonten prastawa perang ageng ing antawisipun bangsa
Indonesia ingkang dipun pelopori arek-arek Surabaya nyingkiraken Walanda ingkang manut sekutu (Inggris)
mlebet ing tanah Jawi.

Saking semangatipun arek-arek Surabaya lan rakyat ing tlatah Indonesia sanesipun. Ing selajengipun damel
horeging donya, ngantos dewan keamanan PBB tumut campur tangah ngengingi peristiwa menika.

Poro rawuh sedaya, saha mudha-mudhi ingkang kula hormati. Ing pangetan menika kula mboten badhe caos
gegambaran bab peristiwa ing tanggal 10 November 1945. Nanging badhe ngengetaken bab semangat
perjuangan pahlawan perlu kalajengaken kangge nindakaken pembangunan.

Kanthi rahmating Gusti Allah ingkang Maha Adil, para pejuang wekdal semanten saged ngrebat wilayah
Surabaya. Arek-arek Surabaya ingkang dipun pendhegani dening panjenengan Bung Tomo kanthi sora paring
semangat. Jiwa lan semangat 10 November taksih wonten manahipun bangsa kanggeh mbangun negari
Indonesia. Kathah para pejuang gugur ngurbanaken jiwa raga lan bandha kangge mbela bangsa lan negari.
Pramila mangga sesarengan kita lajengaken menapa ingkang dados gegayuhaning para pahlawan.

Para rawuh ingkang kulo hormati, cekap semanten atur kula bilih wonten kiranging atur saha solah bawaw
ingkang kirang mranani penggalih panjenengan. Mawantu-wantu kula nyuwun agenging samodra pengaksami.
Mugi-mugi bangsa kita tansah pikantuk rahmat tuwin hidayah saking Gusti Allah ingkang Maha Kuasa. Amin..
Assalamualaikum Warahmatullahi Wabarakaatuh.

Poro bapak, ibu lan sederek sedoyo ingkang kulo hormati. Ing dalem dinten ingkang berbahagiya niki monggo
kulo lan pan-jenengan sedoyo ngucapaken raos syukur dumateng ngersanipun Allah swt. ingkang sampun
maringi nikmat lan rahmatipun sehinggo wakdal niki kito sedoyo saget kempal wonten meriki panggenan
kaperlu ngengeti dinten pendidikan Nasional ingkang tepatipun tanggai kaping kalih saking wulan Mei tahun ;
.

Perlu sanget kito sedoyo sumerapi mbok beleh pemerintah Indonesia ing dalem kitab UUD 1945 sampun dipun
programaken wajib belajar dumateng warga negarinipun milahi umur pitung tahun. Kito ugi sumerap ing dalem
agami kito Islam ingkang sampun lami ngantos pinten-pinten abad niku, wakdal nabi saw. taksih gesang
sampun mrogramaken utawi anjuraken wajib belajar dumateng umatipun niku sedoyo maksudipun supados
umat beliau dados umat ingkang nggadahi ilmu pengetahuan lan ugi supados dados umat beliau saw. ingkang
boten bodoh. Masalah niki kados pengendakane nabi saw. ing dalem hadits riwayat Ibnu Abdil Baar ingkang
artosipun :

Nggoleko ilmu iku senajan ona negari Chino. Saktemene nggolek ilmu iku dipun wajibno ingatasi saben-saben
wong Islam. Lan saktemene malaikat iku bakal ngerendahno sayape marang wong sing nggolek ilmu sebab
repote marang pengga-wean iku.

Poro rawuh sedoyo ingkang kulo hormati.

Lan kelawan ngengeti dinten pendidikan Nasional niki monggo kulo lan panjenengan sedoyo ningkataken
malih anggenipun kito ing dalem mados ilmu, nopo niku arupi ilmu agami utawi arupi ilmu pengetahuan
umum. Ilmu ingkang wonten hubunganipun kaliyan gesang ing dunyo kemawon lan wonten ilmu ingkang
wonten hubungane kaliyan akhirat.

Semanten ugi kito sumerap bentenipun kaliyan tiyang ingkang nggadahi kaliyan boten nggadah ilmu. Lan
mugiyo amal lan ngabekti kulo lan panjenengan sedoyo dipun terami Allah swt. Amiin yaa Rabbal Aalamiin.
Akhirul Kalaam.

Wassalamualaikum Warahmatullahi Wabarakaatuh.


Pidato tentang Lingkungan

Assalamualaikum warrohmatullohi wabarokatuh.

Dhumateng Bapak Kepala Sekolah

Dhumateng Bapak lan Ibu guru

Lan dhumateng rencang sedaya ingkang kulo tresnani

Hadirin ingkang kulo tresnani

Monggo kita sesarengan njunjungake puja lan puji syukur marang Gusti allah SWT amargi sampun maringi
berkah lan karunia. Saengga kita sedaya saged makempal sesarengan kanti sehat wal afiat.

Hadirin ingkang kulo tresnani

Kaping pisan ingkang kita sedaya perlu sadari lingkungan kuwi panggenan kangge kita sedaya nggantungaken
urip, umat manungsa. Amargi meniko kita sedaya kudu njaga lingkungan sae-sae supados bumi ngasilaken
keuntungan kangge kita sanes kerugian utawi bencana kangge kita.

Hadirin ingkang kulo tresnani

Salah sasawijining cara lingkungan mboten maringi bencanan kangge kita yakuwi njaga kebersihan lingkungan.
Tegesipun kebersihan lingkungan ingkang salerese yakuwi lingkungan kang layak kanggge dipanggoni
manungsa lan kesehatan manungsa saged terjaga amarginipun menika kita sedaya kudu njaga kebersihan
lingkungan supados nyiptakaken urip ingkang layang lan sejahtera.

Hadirin ingkang kulo tresnani

Njaga kebersihan lingkungan yakuwi cara kang becik kangge nyegah penyakit-penyakit ingkang ngintai ing
musim udan kayak saniki. Njaga kebersihan lingkungan saged diwiwiti saking ngresiki sekolah kita tresnani,
SMK Negeri 1 Brebes menawi sekolah kita resik tiang sanesipun mboten sungkan kangge nyontoh kabiasaan
becik kita sedaya. Kangge ngresiki sekolah kita iki. Dampak positif yakuwi kagiyatan belajar mengajar dados
nyaman amargi lingkungane resik.

Cekap sementen ingkang kula aturaken, mbok bilih wonten klenta-klentunipun kulo nyuwun pangampunten.

Wassalamualaikum warrohmatullohi wabarokatuh.

Assalamualaikum wr. Wb.

Bapak Kepala sekolah ingkang kinurmatan.


Bapak, Ibu Guru ingkang satuhu luhuring budi.
Ugi mboten kesupen rencang-rencang ingkang kaula tresnani.
Sumangga langkung rumiyin sami ngaturaken puji syukur dhu-mateng Gusti Mahakwasa ingkang kepareng
paring rahmat lan hidayahipun sahingga kita sadaya taksih saged kempal ing acara punika kanthi mboten
wonten alangan setunggal punopo. Sholawat saha salam senantiasa kita haturaken dumateng junjungan kita
Nabi Agung Muhammad S.A.W. ingkang kita tengga-tengga syafaatipun benjang ing dinten akhir,. kanthi
ucapan Allahhumma sholli ala syaidina muhammad wa ala ali syaidina muhammad ,
kula jumeneng ten ngriki ajeng medaraken babagan Karesikan lingkungan. karesikan lingkungan wigatos
sanget tumrap kula panjenengan sadaya. Kedah kita emut bilih lingkungan inggih punika panggenan kangge
gesang kita sedaya, sahingga kita kedah nguri-nguri lingkungan niki supaya dados pagesangan ingkang ayem,
tentrem ugi sejahtera. njagi karesikan lingkungan punika salah sijining upaya ingkang utama kangge nyegah
aneka penyakit.
Selaku kita warga sekolah, karesikan lingkungan saget kita tumrapaken ing lingkungan sekolah ingkang kita
tresnani puniko. Mbok bilih lingkungan sekolah kita resik kita ugi ingkang angsal dampak positifipun inggih
punika KBM dados aman lan nyaman. Karesikan lingkungan sekolah saget ditindakaken kanthi cara buwang
larahan/sampah ing panggenan ingkang sampon disediaken, numindakaken piket kelas kanthi teratur.
Cekap Semanten atur kaula, mbok bilih wonten kekurangan ugi kekhilafanipun kaula nyuwun agunging
samudro pangapunten.

Wassalamualaikum wr. wb
Assalamualaikum Wr.Wb

Ingkang kula hormati Bapak Septiono Ponco Usodo S. Pd minangka kepala SMA Negeri 1 Comal. Bapak/Ibu
Guru, Staf TU, kaliyan kanca-kanca ingkang kula tresnani

Puji syukur katur ing ngarsanipun Gusti Allah ingkang Maha Agung ingkang sampun paring
kanugrahan, kebagaswarasan dhumateng kula panjenengan sedaya. Saengga kula lan panjenengan saget
bimakempal ing papan panggenan menika lan saget ngendikakaken yaiku nyambut bakti sosial. Selajengipun,
sholawat salam mugi-mugi tansah kaaturaken dhumateng Nabi Agung Muhammad SAW, sumrambah
dhumateng kulawarganipun, sahabatipun, saha pandherekipun. Mugi-mugi kula panjenengan sedaya pikantuk
syafaat ing donya saha akhirat. Amin
Bapak/Ibu Guru lan kanca-kanca ingkang kinurmatan
Kitha remen kalian keindahan lan kebersihan. Kebersihan lan keindahan menika satunggaling kunci
ketentreman. Ingkang asri lan sae badhe cepet ical kaindahanipun prikala mendeke mawon kanti kotor lan
mboten kumrawat, kadosa ageman sae ingkang kotor dados mboten sae, semanten ugi kados untu ingkang rapi
nanging kotor menika mboten diremeni.
Mula kangge njaga kabersihan lingkungan sekolah manga kitha laksanakaken kerja bakti. Tartamta
kemawon kanthi kerja bakti punika kitha wiwiti kanthi ambudayakaken tresna datheng kebersihan lingkungan
punika. Mula, bocah-bocah didawuhi Bapak/Ibu Guru kangge Gotong Royong supaya lingkungan sekolahane
resik lan boten enten wabah penyakit.
Kangge nglancaraken kegiyatan menika, bocah-bocah didadosi Bapak/Ibu guru, betho alat-alat resik-resik saka
griya. Resik-resik didadosi bapak Pembina ing sekolah kanthi lancar minangka kula ngaturaken resik-resik saka
lingkungan sekolah, kamar mandi, mushola lan liya-liyane. Mula saben sakelas dibagi saben sak regu-regu
supaya enggal.
Bapak/Ibu Guru lan kanca-kanca ingkang kinurmatan
Kebersihan menika satunggaling pokok kesehatan, menawi lingkungan sekolah kitha resik, mila gesang kitha
badhe jeraos nyampun.
Mekaten atur kula, mbok bilih wonten tithaling kula nyuwun pangapunten, kiranging suba sita miwah tumpang
suhing basa lan sastra panutuping atur.

Wassalamualaikum Wr.Wb

Assalamualaikum Wr. Wb.

Ingkang kinurmatan Bapak-Bapak , ibu-ibu ingkang minulya saha para wredha mudha ingkang kula tresnani.

Ingkang sepindhah, sumangga kita panjataken puja lan puji syukur dhumateng ngasanipun Gusti Ingkang Maha
Kuwaos ingkang sampun paring kasehatan marang kita sedaya saengga kita saget kempal wonten acara punika
tansah sehat walafiat.

Salajengipun, kula aturaken sugeng rawuh wonten acara malam tirakatan kamardhikaan Indonesia ingkang
kaping sewidak pitu.

Bapak-ibu sarta sedherek-sedherek ingkang kinurmatan, kados sampun kita mangertosi sesarengan bilih rikala
tanggal 17 Agustus 1945, Indonesia mbiyawaraaken kamardhikan. Para pemimpin bangsa punika wusananipun
kasil maosaken teks proklamasi kamardhikan Indonesia lan gadhah cita-cita luhur inggih punika sila-sila
wonten Pancasila.

Bapak-ibu ingkang minulya, panjenengan kasuwun rawuh ing pahargyan punika, saperlu tirakatan, sesarengan
nyenyuwun dhumateng Gusti Allah, mugi-mugi nagari Indonesia saklajenipun langkung sae tinimbang
sakderengipun merdeka.
Bapak-ibu, sumangga kamardhikan menika dipunisi kalihan pembangunan ugi watak nasionalisme ingkang
katandur ing manah.
Wasana, cekap semanten atur kula. Bilih wonten klenta-klentu anggenipun kula matur, nyuwun pangapunten.

Wassalamualaikum Wr. Wb.

Anda mungkin juga menyukai