Anda di halaman 1dari 3

Teks Sesorah 1

Bebaya Narkoba

Assalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh

Katur panjenenganipun Bapak saha Ibu dwija ingkang kinurmatan, ugi kanca-kanca ingkang
kula tresnani. Sakderengipun langkung rumiyen sumangga tansah ngunjukaken puji syukur
kula tresnani. Sakderengipun langkung rumiyen sumangga tansah ngunjukaken puji syukur
wonten ngarsaning Gusti ingkang Maha Agung. Inggih awit panjenengan dalasan kula tasih
pinarengaken kepal manunggal kanthi pinaringan kasaran saha kawilujengan. Kepareng kula
matur sak untawis, ngaturaken babagan bahaya narkoba, kita mangertosi wekdal menika
narkoba saben dinten dados pawartos lumantar, tivi, napa dene media masa utawi koran.

Kita mangertosi bilih narkoba menika dados perkawis ageng tumraping negri langkung-
langkung agami, awit sinten kemawon ingkang ngagem narkoba, tumindak kados menika
badhe nalisir saking kasusilan. Tumindak ingkang ngrusakaken tiyang sens, ugi kathah
ingkang mlebet kunjara amargi narkoba. Awit tiyang ingkang ngonsumsi narkoba, ical
kesadaranipun lan gampil tumindak anarkis, kados ipun, mejahi tiyang, mbegal, jambret lan
sanes-sanes ipun. Narkoba ngrusak jasmani saha rohani, sak sinten kemawon tiyang ingkang
ngonsumsi, mboten pejabat, mboten artis, mboten rakyat, mboten guru, mboten murid,
mboten sugih, mboten miskin, pramila kanthi mekaten, mangga sesarengan kita tebihi
langkung-langkung dumateng generasi mudha, minangka kasumaning bangsa mangga kita
sesarengan berjuang merangi narkoba, ampung ngantos kita gampil kepikut barang ingkang
haram menika, ingkang badhe mbeta kita dhateng tumindak ingkang tebih saking kautaman.

Kula kinten mekaten ingkang saged kula atur aken mugi-mugi saged dadosaken pepenget
tumrap kita sedaya lan mbok bilih egen kula matur kathah klenta-klentinipun kula nyuwun
agengipun pangaksami. Panutuping atur wabillahi taufik wal hidayah.

Wassalammualikum warahmatullahi wabarakatuh


Teks Sesorah 2

Sumpah Pemuda

Assalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh

Bapak Kepala Sekolah ingkang satuhu kula bekteni, Bapak saha Ibu Dwija saha karyawan
SMA Negeri 1 Surakarta ingkang satuhu kinurmatan, sarta kanca-kanca ingkang kula
tresnani. Ingkang sepisan sumangga kula panjenengan sedaya ngaturaken puji syukur
dhateng Gusti Allah ingkang maha welas asih ingkang tansah paring nikmat saha rahmat
satemah kula saha panjenengan saged pados ngelmu inggih menika taksih saged sinau
wonten ing pawiyatan kita menika.

Kaping kalih kula nuwun sewu sampun kumawantun jumeneng wonten ngarsa panjenengan
sedaya saperlu badhe ngaturaken sesorah bab Sumpah Pemuda. Kula panjenengan sadaya
tamtu sampun sami mangertosi bilih tanggal 28 Oktober bangsa Indonesia mangeti dinten
Sumpah Pemuda. Inggih menika salah satunggaling kadadosan sakral ingkang nedahaken
dhateng sedaya tiyang blih bangsa Indonesia bangsa ingkang anggadhahi semangat juang,
semangat nyawiji Bhineka Tunggal Ika, dados bangsa ingkang jumeneng kanthi jejeg.
Wondene wosipun Sumpah Pemuda ingkang menika:

1. Kami putra dan putri Indonesia mengaku bertanah air satu, tanah air Indonesia
2. Kami putra dan putri Indonesia mengaku berbangsa satu, bangsa Indonesia
3. Kami putra dan putri Indonesia mengaku berbahasa satu, bahasa Indonesia

Wosipun sumpah saha prasetya menika wajib kula saha panjenengan sedaya jaga saha
dipunwarisaken dhumateng putra wayah kagem mujudaken gegayuhan kamardikan
sahagesangkanthi gemah ripah loh jinawi tata tentrem kerta raharja, adil saha sejahtera.
Kita mingka siswa nggadhahi jejibahan njagi semangat dalah mempeng anggenipun sinau.
Minangka pemuda kita ugi kedah semangat saha sregep anggenipun nyambut damel ngisi
pambangunipun bangsa.

Mbok bilih menika saged kula aturaken ngengingi babagan Sumpah Pemuda. Pramila cekap
semanten atur kula, mbok bilih kathah klenta-klentining atur kula tansah nyuwun agunging
pangaksami.

Wassalammualikum warahmatullahi wabarakatuh


Wangsulan pitakon-pitakon ngisor iki kanthi bener!

1. Adhedhasar sesorah (1 lan 2) ing dhuwur, tulisan purwakaning sesorah!


2. Adhedhasar sesorah (1 lan 2) ing dhuwur, tulisana isine sesorah!
3. Manut isine ancas sesorah (1 lan 2) ing dhuwur kalebu sesorah?
4. Sebutna lan jlentrehake ancas sesorah!
5. Saka pethilan tembung saka sesorah (1 lan 2) ing dhuwur, golekana tegese
a. Kepareng
b. Anggayengaken
c. Rantaman
d. Amekaraken
e. Cubluk

Anda mungkin juga menyukai