Anda di halaman 1dari 2

Bahaya narkoba

Assalamualaikum Wr Wb
Dumateng pangarsanipun Bapak Kepala Sekolah SMP Negeri 2 jabon ingkang kinabekten,
Bapak Ibu guru pawiyatan SMP Negeri 2 jabon ingkang saestu sunuba ing pakurmatan;
Saha kanca-kanca ingkang kula tresnani.

Mangga kita sedaya sami ngaturaken puji syukur wonten ngarsa dalem Allah SWT ingkang
sampun nglimpahaken kanikmatan-Ipun saingga kita sedaya saged ngempal wonten mriki
kanthi lancal lan mboten wonten alangan satunggal menapa.
Shalawat saha salam mugi tansah katetepna dumatheng nabi junjungan kita sedaya, nabi
agung, nabi mulia, nabi Muhammad SAW, kaluarganipun, para sahabat uga pandherekipun
ngantos akhir zaman.
Sagung para rawuh ingkang kinurmatan,

Pidato bahasa jawa bahaya narkoba wonten injing menika keparenga kula matur ing ngarsa
panjenengan sami satunggaling sesorah kanthi irah-irah Bahayane Narkoba. Ananging
sakderengipun mbok bilih anggen kula matur samangkih kathah kalepatan lan kekeliruan
saestu kula nyuwun pangapunten.

Sagung para rawuh ingkan bagya mulya,


Kados menapa ingkang kita sami mangertosi bilih narkoba menika dados satuggaling
momok kang saestu mbebayani dening kita sedaya langkung-langkung sakabehi bangsa
Indonesia. Sinaosa Badan Narkotika Nasional utawi BNN sampun sae anggenipun ngemban
amanah kagem mbrantas penyalahgunaan narkoba ananging dugi detik menika taksih kathah
masyarakat ingkang ngginakaken obat terlarang menika kagem tujuan ingkang klentu.
Hukom ingkang mlampah ing Indonesia kadose dereng ndamel sedaya pelaku ajrih
dumateng hukuman menika.

Mila saking menika, wonten kasempatan menika ugi kula ngemutaken dumateng pribadi kula
piyambak dalah para rawuh sedaya bilih Narkoba lan zat adiktif sanesipun saestu anggadahi
dampak negatif ingkang kathah. Mboten namung ngrugekaken para panggina ananging ugi
saged ngrugekaken sanak kadang, rencang, ugi nagari Indonesia.

Tumindak-tumindak pengginaan narkoba kewau sejatosipun saged sami kita cegah


sesarengan. Nderek kegiatan sosial ingkang manfaat, ngindari pergaulan kaliyan panggina
utawi pengedar narkoba ugi sami-sami ngadelaken iman lan taqwa datheng ngarsa dalem
Allah SWT saestu saged nyegah pangginakan narkoba.

Sekolah utawi pawiyatan kados sekolah kita menika ugi sampun nyukakaken penyuluhan
dhateng kita sedaya babagan bahaya uga akibat saking panggina narkoba. Program benten
ingkang cekap wigati ugi sampun kathah, kados program waspaos Narkotika kaliyan cara
nepangi ciri-ciri siswa ingkang ngginakaken narkoba.

Konjuk punika sumanggaa kita sedaya sami-sami nebihi saha ndherek memberantas
pangginan narkoba. Mekaten pidato bahasa jawa bahaya narkoba ingkang saged kula
aturaken, menawi enten kalepatan ing sedayanipun, saestu kula nyuwun pangapunten.

Wa bilahit taufiq wal hidayah.


Wassalamualaikum Wr. Wb

Anda mungkin juga menyukai