Assalamu’alaikum wr. wb
Ingkang kinurmatan Bapak Kepala Sekolah ugi Ustadz lan Ustadzah ingkang
satuhu luhuring budi lan rencang-rencang kelas 6 ingkang kula tresnani.
Monggo kito sedaya ngaturaken puji syukur dhumateng Gusti Alloh ingkang maha
Agung ingkang sampun maringaken sedoyo kanikmatan lan kewarasan dateng kito
sedoyo, dumugi sakmeniko kito sedaya saged kempal wonten ing adicara
perpisahan SDIT Lukman Al Hakim sak manika.
Mboten keraos kolo lan rencang sebrayat sampun ngelampahi ngangsu kawruh
wonten ing pawiyatan mriki. Wonten ing adicara menika, kulo kiyambak tuhu
rencang-rencang nyuwun agenging pangapunten sangking Ustadz lan Ustadzah
amargi wonten ing enem warso ngangsu kawruh wonten pawiyatan mriki kulo lan
sak rencang-rencang mebo menawi gadhah kalepatan ingkang dipun sengojo lan
mboten disengojo. Mugi-mugi Ustadz lan Ustadzah kerso ngapuntenaken sedoyo
kelepatan kulo lan rencang-rencang sedoyo.
Satuhunipun kulo lan sak konco awrat sanget badhe nilaraken pawiyatan menika
amargi sedoyo ingkang wonten dateng mriko sampun kados sederek lan kaluargo.
Namung amargi kulo lan rencang-rencang kedah nglanjutaken ngangsu kawruh
wonten ing pawiyatan ingkang luwih inggil, kulo lan rencang-rencang kedah saget
dening ikhlas nilaraken pawiyatan menika.
Kadosipun sampun cekap semanten anggenipun kulo matur. Bilih menawi wonten
kalepatan kulo nyuwun agenging pangapunten.
Wassalamu’alaikum wr. Wb
Pidato Bahasa Jawa Tentang Sekolah
Puji syukur konjuk wonten ing ngarsanipun Gusti Allah ingkang Maha Asih, awit
ing wekdal menika kita sedaya taksih pinaringan rahmat saengga ing wekdal
menika kita saged makempal kanthi pinaringan karaharjan.
Kula minangka wakil saking siswa kelas IX, ngaturaken agunging panuwun
ingkang tanpa upami dhumateng Bapak Ibu Guru, awit saking sih katresnan
anggenipun nggulawentah dhumateng kula sekanca, saengga saged
ngrampungaken kewajiban anggen kula sakanca ngangsu kawruh wonten ing
pawitan menika.
Kula sakanca naming saged memuji, mugi-mugi sedaya amal lan kesaenan Bapak
Ibu Guru pikantuk pinwales saking Gusti Allah ingkang Maha Agung, saha tansah
pinaringan kasarasan, kawilujengan lan ketentreman saengga saged
nggulawentah dhateng adhik-adhik sedaya ngantos dumugi paripurna kanthi biji
ingkang maremaken.
Mboten kesupen kula sakanca ugi nyuwun pangapunten, awit kula sakanca asring
ndamel Bapak Ibu duka lan kuciwa, awit saking atur saha solah bawa kula
sakanca ingkang mboten mranani penggalih panjenengan sedaya.
Dhumateng Bapak/Ibu Guru lan adhik-adhik sedaya, sepisan malih kula ndedonga
mugi tansah pinaringan rahmat saha barokahing Gusti Allah, Amin..
Wasana cekap semanten atur kula, menawi kathah kalepatan atur saha solah
bawa ingkang boten mranani penggalih, kula nyuwun pengampunten.
Assalamu’alaikum Wr Wb
Ingkang kinurmatan, bapak lan ibu guruu saha kanca-kanca ingkang tansah kula
tresnani. Sepindah sumangga kula lan panjenengan sedoyo ngaturaken puji syukur
maran g Gusti Allah ingkang maha luhung lan tansah paring nikmat lan rahmat
sahinggo kula lan panjenengan taksih saged golek ilmu, yaiku nindakaken sekolah.
Kula lan panjenenga mesti sampun sami mangertosi bilih tanggal 28 Oktober
bangsa Indonesia mengeti dinten Sumpah Pemuda. Inggih menika salah sawijining
prastawa skral ingkang nuduhake marang kabeh wong bilih bangsa Indonesia
bangsa ingkang anggadahi semangat berjuang, semangat nyawiji bhineka tunggal
ika, semanta merdeka lan dadi bangsa ingkang ngadeg jejeg. Wondene isi Sumpah
Pemuda inggih menika :
Isi sumpah lan janji menika wajib kita lestarekake lan diamalake kagem mujudake
pengarep- arep cita-cita kamardikan urip makmur, adil lan sejahtera.
Yaiku minangka pelajar / murid, kita wajib semangat lan mempeng anggenipun
sinau. Lan minangka pemuda (usia produktif) kita kedah semangat lan sregep
anggenipun nyambut damel ngsisi pembangunan bangsa.
Menika inkang saged kula aturaken babagan Sumpah Pemuda. Ayo kita junjung
tinggi kaluhuran Sumpah Pemuda.
Santen parutan klapa Cekap semanten atur kawula Numpak sepur nggawa tali
Ass. Wr.wb.
Kulo aturaken matur suwun kagem Ibu Ummu semono ugi kagem Saderek-saderek
sedanten ingkang sudi nyisih aken wedalipun ngrawuhi pidato meniko.
Saderek-saderek sedanten……..
Kulo raos meniko ingkang saget kulo sampekaken……. mugi- mugi saget
ndhatengaken perubahan lan saget mbangsulaken utawi nguataken roso
Nasionalisme kito sedanten.