Anda di halaman 1dari 4

LEMBAR KERJA PESERTA DIDIK (LKPD) 5

PANATACARA LAN PAMEDHAR SABDA

Jeneng : VRISMA PUTRI OKTAVIANIS


Kelas : IX E
No. Absen : 31

Kompetensi Dasar
4.3 Berpidato atau menjadi pewara pada suatu kegiatan sekolah sesuai konteks.
Indikator Pencapaian Kompetensi
4.3.1 Menulis kerangka pidato.
4.3.2 Mengembangkan kerangka pidato menjadi naskah pidato lengkap sesuai konteks.

A. Runtuting Pasinaon (Langkah Pembelajaran) :


1. Para siswa nggatekne kanthi titi materi ngenani nulis teks pamedhar sabda kang
diunggah dening guru.
2. Ngumpulake informasi saka maneka sumber pasinaon (buku, LKS, pepak basa Jawa,
internet, lsp) ngenani teknik nulis teks pamedhar sabda.
3. Nulis cengkorongan teks pamedhar sabda jumbuh karo salah siji saka saperangan tema
kang diparingake dening guru.
4. Ngrembakake cengkorongan dadi teks pamedhar sabda kang jangkep.
5. Ngunggah asile pakaryan utawa dikumpulake langsung marang guru (yen ora ana
jaringan internet).

B. Garapan (Soal)
1. Gawea cengkorongan teks pamedhar sabda kanthi milih salah siji saka tema kang
cumawis ing ngisor iki!
a. Ambal Warsa Sekolah Kaping 37 (Ulang Tahun Sekolah Ke-37)
b. Sesulih Kelas IX Nalika Purnawiyata (Wakil Kelas IX Ketika Perpisahan)
c. Pengetan Dina Pendhidhikan Nasional
d. Pengetan Dina Kartini
e. Pengetan Dina Kamardikan
2. Rembakakna cengkorongan kasebut dadi teks pamedhar sabda kang jangkep!

C. Papan Garap
1. Cengkorongan
Tema Sesulih Kelas IX Nalika Purnawiyata (Wakil Kelas IX Ketika
Perpisahan)
Judhul Matur Nuwun Gurku

Salam Pambuka Assalamu’alikum Wr.Wb


Nuwun
Ingkang satuhu dhahat kinurmatan, PLT Kepala SMP Negeri 1
Ponorogo, Bapa Setiantono, S.Pd.
Ingkang satuhu pantes sinudarsana, Bapak/Ibu guru, karyawan
SMP Negeri 1 Ponorogo Saha kanca-kanca ingkang
binagyamulya.
Pambuka Langkung rumiyin, sumangga panjenengan kawula dherekaken
sami manengku puja dalah puji syukur konjuk dhumateng ngarsa
dalem Allah SWT, awit saking sih katresnanipun kawula
panjenengan taksih pinaringan kabagaswarasan saha kamulyan
ngantos dinten sapunika.
Shalawat ugi salam mugia tansah konjuk dhumateng mustikaning
jagad kekasihing Allah, inggih Nabi Muhammad SAW. ingkang
tansah kawula panjenengan antu-antu syafaat saha
pitulunganipun benjing wonten Yaumul Qiyamah. Aamiin
Allahumma Aamiin.
Ancasing Gati Para rawuh ingkang minulya, wonten ari kalenggahan punika
kawula pinangka perwakilan saking kanca-kanca kelas IX
ngaturaken gunging panuwun dhumateng Bapak/Ibu guru,
ingkang sampun paring piwucal dhumateng kita sedaya.
Raosipun nembe kala wingi kita tumapak wonten ing sekolahan
mriki lan nembe kala wingi pitepangan kaliyan Bapak/Ibu guru
sedaya. Ananging awit saking asringipun kepanggih lan
sesrawungan, ngantos samangke mboten namung tepang
ananging mangertos sak estu kados pundi kaprebadenipun
Bapak/Ibu guru.
Ing awalipun kawula namung satunggaling peksi ingkang dereng
mengertos pundi caranipun ngobahaken sewiwi. Sak lajengipun
kanthi kawigatosan ingkang sanget saking panjenengan
Bapak/Ibu guru ingkang paring pitedah kados pundi caranipun
kawula sanget mabur.
Para kanca seperjuangan ingkang badhe nglajengaken
pendhidhhikan dhateng jenjang ingkang langkung inggil, mangga
kita lajengaken perjuangan kita lan mugia kita sami pikantuk
keberhasilan saha kesuksesan, lan mugi-mugi kita sedaya saget
amujudaken cita-cita kita.
Kawula sak kanca ngaturaken agunging sih samudra
pangaksami, awit mboten saget dipun pungkiri bilih sifat kawula
taksih kekanak-kanakan, susah dipun dhawuhi lan mbok bilih
handadosaken Bapak/Ibu guru jengkel utawi duka. Pramila kanthi
menika kawula sak kanca sepindhah maleh ngaturaken agunging
pangaksama lan datan katalompen kawula ngaturaken gunging
panuwun ingkang tanpa pepindhan dhumateng Bapak/Ibu guru
ingkang sampun kersa nggulawenthah kawula sak kanca ngantos
ing wekdal sak mengke.

Panutup Mbok bilih cekap semanten anggen kawula matur, mbok bilih
wonten kitaling atur, kawula namung saget nyadhong duka
nyuwun agunging pangaksama.
Salam Panutup Nuwun,
Wassalamu’alaikum Wr.Wb

2. Teks Pamedhar Sabda


Assalamu’alikum Wr.Wb
Nuwun

Ingkang satuhu dhahat kinurmatan, PLT Kepala SMP Negeri 1 Ponorogo, Bapa
Setiantono, S.Pd.
Ingkang satuhu pantes sinudarsana, Bapak/Ibu guru, karyawan SMP Negeri 1
Ponorogo. Saha kanca-kanca ingkang binagyamulya.

Langkung rumiyin, sumangga panjenengan kawula dherekaken sami manengku puja


dalah puji syukur konjuk dhumateng ngarsa dalemAllah SWT, awit saking sih
katresnanipun kawula panjenengan taksih pinaringan kabagaswarasan saha
kamulyan ngantos dinten sapunika.

Shalawat ugi salam mugia tansah konjuk dhumateng mustikaning jagad kekasihing
Allah, inggih Nabi Muhammad SAW. ingkang tansah kula panjenengan antu-antu
syafaat saha pitulunganipun benjing wonten Yaumul Qiyamah. Aamiin Allahumma
Aamiin.

Para rawuh ingkang minulya, wonten ari kalenggahan punika kawula pinangka
perwakilan saking kanca-kanca kelas IX ngaturaken gunging panuwun dhumateng
Bapak/Ibu guru, ingkang sampun paring piwucal dhumateng kita sedaya.
Raosipun nembe kala wingi kita tumapak wonten ing sekolahan mriki lan nembe kala
wingi pitepangan kaliyan Bapak/Ibu guru sedaya. Ananging awit saking asringipun
kepanggih lan sesrawungan, ngantos samangke mboten namung tepang ananging
mangertos sak estu kados pundi kaprebadenipun Bapak/Ibu guru.

Ing awalipun kawula namung satunggaling peksi ingkang dereng mengertos pundi
caranipun ngobahaken sewiwi. Sak lajengipun kanthi kawigatosan ingkang sanget
saking panjenengan Bapak/Ibu guru ingkang paring pitedah kados pundi caranipun
kawula sanget mabur.

Para kanca seperjuangan ingkang badhe nglajengaken pendhidhhikan dhateng


jenjang ingkang langkung inggil, mangga kita lajengaken perjuangan kita lan mugia
kita sami pikantuk keberhasilan saha kesuksesan, lan mugi-mugi kita sedaya saget
amujudaken cita-cita kita.

Kawula sak kanca ngaturaken agunging sih samudra pangaksami, awit mboten saget
dipun pungkiri bilih sifat kawula taksih kekanak-kanakan, susah dipun dhawuhi lan
mbok bilih handadosaken Bapak/Ibu guru jengkel utawi duka. Pramila kanthi menika
kawula sak kanca sepindhah maleh ngaturaken agunging pangaksama lan datan
katalompen kawula ngaturaken gunging panuwun ingkang tanpa pepindhan
dhumateng Bapak/Ibu guru ingkang sampun kersa nggulawenthah kawula sak kanca
ngantos ing wekdal sak mengke.

Mbok bilih cekap semanten anggen kawula matur, mbok bilih wonten kitaling atur,
kawula namung saget nyadhong duka nyuwun agunging pangaksama.

Nuwun,
Wassalamu’alaikum Wr.Wb

Anda mungkin juga menyukai