Anda di halaman 1dari 2

Assalamualaikum Wr. Wb.

Poro Bapak Kyai ingkang kulo mulyaken, poro Bapak Guru ingkang kulo mulyaken, poro tamu undangan
sangking wali murid soho undangan lintunipun ingkang kulo hormati.

Hadirin sekalian ingkang kulo hormati.


Sakderenge kulo matur nopo ingkang bade kulo aturaken mangke langkung rumiyin kulo muji syukur
dateng ngarsanipun Allah SWT. Ingkang sampun paring pinten-pinten rohmat, ni’mat dumateng kulo lan
panjenengan sedoyo sahinggo kulo lan panjenengan saget makempal wonten setunggal gedung
madrasah dalam rangka Haflah Tasyakur kelas III MA Al-Hikmah 02.

pidato bahasa jawa sambutan ketua panitia

Poro rawuh ingkang kulo hormati.


Wonten ing mriki kulo atas nami ketua panitia acara ngaturaken matur nuwun ingkang sak ageng-
agengipun dumateng poro Bapak Kyai lan Bapak Guru, Ibu Guru ingkang sampun nyediahaken tempat
lan perlengkapanipun.

Lan ing mriki kulo nyuwun tambahipun barokah dongo dumateng poro hadirin ingkang hadir ing acara
niki, mugi-mugi sedoyo ilmu, bimbingan lan kerja keras kawulo diparingi ilmu, bimbingan lan kerja keras
ingkang maslahah, manfa’ah lan barokah.

Poro rawuh ingkang terakhir kulo ngaturaken sedoyo kalepatan dumateng Bapak lan Ibu Wali murid
selami kulo wonten ing madrasah mriki sering-sering damel susah payahipun poro Bapak lan Ibu pramilo
sedoyo kesalahan kulo dipun aliraken samudra kema’afan lahir lan batin. Kulo akhiripun matur nuwun..

Wassalamualaikum Wr. Wb.


Assalamualaikum Wr. Wb.

Nuwun Bapak/Ibu Kepala Sekolah ingkang kinurmatan, tamu undhangan, Bapak/Ibu Guru saha
karyawan ingkang kula hormati, adhik-adhik kelas tuwin rencang-rencang ingkang kula tresnani.

Puji syukur konjuk wonten ing ngarsanipun Gusti Allah ingkang Maha Asih, awit ing wekdal menika kita
sedaya taksih pinaringan rahmat saengga ing wekdal menika kita saged makempal kanthi pinaringan
karaharjan.

Kula minangka wakil saking siswa kelas IX, ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa upami
dhumateng Bapak Ibu Guru, awit saking sih katresnan anggenipun nggulawentah dhumateng kula
sekanca, saengga saged ngrampungaken kewajiban anggen kula sakanca ngangsu kawruh wonten ing
pawitan menika.

Kula sakanca naming saged memuji, mugi-mugi sedaya amal lan kesaenan Bapak Ibu Guru pikantuk
pinwales saking Gusti Allah ingkang Maha Agung, saha tansah pinaringan kasarasan, kawilujengan lan
ketentreman saengga saged nggulawentah dhateng adhik-adhik sedaya ngantos dumugi paripurna
kanthi biji ingkang maremaken.
Mboten kesupen kula sakanca ugi nyuwun pangapunten, awit kula sakanca asring ndamel Bapak Ibu
duka lan kuciwa, awit saking atur saha solah bawa kula sakanca ingkang mboten mranani penggalih
panjenengan sedaya.

Dhumateng Bapak/Ibu Guru lan adhik-adhik sedaya, sepisan malih kula ndedonga mugi tansah
pinaringan rahmat saha barokahing Gusti Allah, Amin..

Wasana cekap semanten atur kula, menawi kathah kalepatan atur saha solah bawa ingkang boten
mranani penggalih, kula nyuwun pengampunten.

Wassalamualaikum Wr. Wb.

Nah kalau yang ini kita akan memberikan referensi tentang pidato Bahasa Jawa tentang perpisahan
sekolah. Seringkali kita ingin berpidato dan ingin menyampaikan pesan dan kesan selama bersekolah
akan tetapi kita sangat kesulitan untuk mengungkapkannya. Apalagi mengungkapkannya di depan orang
banyak dengan menggunakan bahasa Jawa. Kamu enggak perlu khawatir, simak aja teks pidato dibawah
ini :

Anda mungkin juga menyukai