Anda di halaman 1dari 2

Assalamualaikum Wr.

Wb

Nuwun Kulo nuwun, mugi rahayu saha winantu sagungin karaharjan kajiwa lan kasariro
dhumateng kulo dalasan panjenengan sedaya.

Wonten ngersanipun Bapak Ketua Yayasan Ingkang tansah kulo hurmati

Bapak ketua MI Miftahul huda Pilangsari, Bapak Maskuri, S.Ag. M.Pd Ingkang kulo
hurmati

Bapak saha ibu guru ingkang tansah kulo bhekteni

Mboten katalumpen adik-adik lan rencang-rencang sedaya ingkang tansah cinaket ing
manah ingkang kulo tresnani.

Alhamdulillah puji syukur tansah kita haturaken dhumateng Gusti ingkang Maha Asih,
ingkang sampun hangluberaken rahmat sarta hidayahipun sahingga kita sedaya saget kempal,
hangempal. Nunggil papan, nunggil suasana, nunggil karsa kanthi winantu ing kawilujengan,
tebih ing rubeda, nir ing sambikala, wonten ing acara perpisahan menika.

Shalawat saha salam mugi tansah kunjuk katur wonten ngersanipun junjungan kita Nabi
Agung Muhammad SAW, Ingkang kita antu-antu syafaatipun mbenjang wonten ing titiwicana
katuping jagad. Biqoulina “Allahumma Sholli ala Sayyidina Muhammad”.

Bapak ibu guru saha para rawuh kakung lan putri kulo hurmati.

Kulo minangka sesulihing atur saking siswa Kelas 6 MI Miftahul Huda Pilangsari,
ngaturaken agunging panawun, dhumateng Bapak ibu guru sedaya. Awit keikhlasan saha
katresnan Bapak ibu guru anggenipun hanggulawentah para siswa. Saengga saged
ngrampungaken kewajiban ingkang sampun kalampahan sadangunipun 6 tahun. Mugi-mugi ilmu
ingkang sampun keparngaken dhateng sedaya siswa-siswi saged manfaat lan berkah, Amin
allahuma amin.

Kulo sak rencang mboten saged ngaturi piwales punapa-punapa hanamung saged
dedunga mugi gusti ingkang maha Asih tansah paring ganjaran ingkang martikel-tikel saha
mawantu-wantu dhumateng Bapak saha Ibu guru sedaya. Amin Allahumma Amin.

Bapak saha Ibu guru ingkang kula hurmati, ugi adik-adik kula sedaya ingkang tresnani
Sekedap maleh kulo sak rencang kelas 6 badhe ninggalaken pawiyatan punika, sanadyan
sampun perpisahan ingkang ateges tinebih ing netra, ananging mawantu-mawantu kulo tansah
nyenyuwun supados tasih tetep celak ing penggaleh.

Sregep anggenipun sinau lan nurut dhateng bapak ibu guru supaya angsal ilmu ingkang
berkah lan manfaat, akhiripun saged migunani dhateng negari lan agami murakabi dhateng
bebrayan agung. Amin Allahuma Amin.

Sak dangunipun kula sak rencang bebinahu wonten ing pawiyatan mriki meskinipun
kathah kekirangan, kathah kekhilafan, awit anggenipun sesrawungan kaliyan adik-adik kula,
utaminipun kaliyan Bapak saha Ibu Guru, pramila kula nyuwun agunging samdura pangaksami.

Bapak Ibu Guru saha pirawuh sami ingkang kinormatan.

Kulo kinten boten prayogi menawi kalantur-lantur anggen kula matur, pramila kula
cekapaken semanten pamatur kula. Hambak bilih wonten kiranging tatakrami anggen kulo
matur, kulo nyuwun agunging samudra pangaksami.

Akhirul Kalam Wallahul muwafiq ila aqwamitthoriq

Wassalamualaikum Wr.Wb

Anda mungkin juga menyukai