Anda di halaman 1dari 2

Pidato Bahasa Jawa Perpisahan Sekolah

Asslamualaikum Wr. Wb.


Bapak kepala sekolah ingkang satuhu kinabekten, bapak ibu guru ingkag dahat kinurmatan, rencang
saha adik kelas ingkang kula tresnani.

Puji syukur dhumateng Gusti ingkang Maha Agung. Ingkang sampun anglu beraken rahmat sarta
hidayah. Dene kula panjenengan sami saged makenpal wonten ing sekolahan kangge ngawontenanken
perpisahan.
Bapak/Ibu guru ingkang dahat kinurmatan mboten kantun kula minangka wakilipun putra putri siswa
kelas sanga atur agunging panuwun ingkang tanpa upami awit keiklasan saha sih katresnan Bapak/Ibu
Guru nggulawenthah dhumateng para siswa waengga saget ngampungake kewajiban ingkang sampun
kalampahan sadangipun tigang tahun, khanti pikantuk surat tandha tamat blajar.

Sedangipun tigang taun kula ngangsa kawruh wonten ing pawiyatan wonten ing panggulemah thanipun,
ngantos wonten pengeketing batin seingga karengku kados putraputri piyambak.

Bapak ibu tuwin adik adik ingkang satuhu kula kurmati saha kula trisnani. Sakedhap malih kula
sarencang rencang nilaraken pawiyatan punika. Awrat anggen kula matur kados pundi raosipun nilar
Bapak/Ibu Guru saha adik adik, amargi kawontenan kedah mekaken, pramila kepeksan kula kaliyan
rencang rencang nilaraken Bapak/Ibu Guru saha adik adik kelas pitu tuwin kelas wolu sanadjan ta
sampun perpisahan ingkang ateges tindih ing natra. Mewantu wantu kula tansah nyenyuwun supados
taksih celak ing pengasih.
Pawiyatan ingkang sampun metahu tahun sampun tansah cecaketan kaliyan kula, kula sarencang
rumaos cuwa penggalih, badhe nilaraken pawiyatan menika, amargi kahanan saka karsaning gusti,
wonten pepaggihan tamtu badhe wonten perpisahan, punika kados sampun sampan kodrat mboten
kenging dipun owahi maleh.
Kula sarancang kelas sanga ingkang badhe nilaraken pawiyatan punika tansah nyenyuwun lan ndedanga
adik adik sageda kasil anggen ipun ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan punika, kula minangka
wakilipun rencang kelas sanga tansah nyuwun, mugi mugi adik adik sregep anggenipun sinau lan tansah
mituhu dhumateng Bapak/Ibu Guru.

Mboten kantun ugi kulo dalah rencang kelas sanga tansah memuji dhumateng gusti ingkang Maha
Agung, supados Bapak/Ibu Guru saa adik adik pikantuk nikmateng pangeran wilujeng mboten wonten
alangan satunggal punapa.

Kulo kinten mboten prayogi menawi atur pamitan pamitan punika kulo pepanjang. Kulo naming tansah
nyuwun tambahing donga pangestu saking Bapak/Ibu Guru saha adik adik. Sageda wilujeng
sasampunipun medal saking pawiyatan punik lan sageda pikantuk pawiyatan luhur kangge ngangsu
kawruh ngilmu ingkang langkung inggil. Ingkang mboten nglajengaken sageda pangestu pedamelan
ingkang samurwat kaliyan pangetosan ingkang sampun tinampi.

Mbok menawi wonting kirang tata karma anggen kulo matur saha sisip sembiring atur, kulo minongko
wakil kelas sanga tansah nyuwun agunging panuwun igkang tanpa upami.
Akhirul kalam billahi taufik wal hidayah.
Wassalamualaikum Wr. Wb.
Pidato Bahasa Jawa Perpisahan Sekolah

Assalamualaikum Wr. Wb.

Bapak Kepala sekolah ingkang kinurmatan. Bapak, Ibu Guru ingkang satuhu
luhuring budi. Para kanca, siswa-siswi SMPN temayang ingkang kula tresnani. Sumangga
langkung rumiyin sami ngaturaken syukur dhu-mateng Gusti Mahakwasa ingkang
kepareng paring rahmat lan hidayahipun. Kita sadaya taksih saged kempal manunggal
kanthi tentrem, bagas, waras, kebak ing kabagyan saenggo kita sedaya saget sesarengan
kempal dhateng adicara perpisahan siswa kelas 9 punika. Sa’sampunipun Muji Syukur
dateng Allah SWT, soho nyuwunaken tambahan Rohmat Keselametan dateng Rosululloh
SAW.
Kula siswa kelas 9 ingkang mewakili kanca-kanca kelas 9 ngaturaken matur sembah
nuwun kagem sedaya bapak ibu guru ingkang sampun mbulawantah kula sakanca
dangunipun tigang warsa dateng pawiyatan menika, matur suwun sanget kulo piambak
kalian wakilipun sedoyo rencang aturaken kagem bapak ibu guru.
Tigang warsa mboten keraos mpun dipun lampahi temtu kula kalian sedoyo
rencang nggegadahi imutan sae lan awon mugi lantaran sedanten emutan puniko wau
kula soho sedoyo rencang bakal nuwuhi raos kangen sanget dateng smp temayang ngriki.
Mboten ketilar kulo selaku wakilipun kelas 9 ngaturaken gunging samudro bapak ibu guru
sedoyo supados kerso ngapuntenaken sedoyo klenta klentu kulo lan rancang sami.
Kula sakanca inggih badhe nyuwun pangestunipun supados kula sakanca saget nglebeti
pawiyatan enggal ingkang sae ingkang sampun dhados tujuan kula sakanca. Ugi nyuwun
dongo supados kula sakanca saget dados tiyang ingkang migunani kagem keluarga,
masyarakat, ugi bongso lan negara. Sejatosipun kula sakanca kraos awrat sanget kagem
nilaraken pawiyatan menika.
Kula inggih gadhah sekedik pesen kagem adek-adek kelas 7 kaliyan 8 kususepun
kagem kulo piyambak supados sinau ingkang sregep. Kedah emut marang ajaran islam
perkawis manfaataken wekdal, wekdal puniko gentos ning mboten keraos mulo ampun
ngantos leno deneng ngisi wektu, ibadah kalian sinau salah sawijinipun kwajiban kulo
kalian adek adek sedoyo, utawin diartosaken usaha kalian do’a, tujuane
setunggalkemawon inggih puniko supados saget wujudaken cita-cita nipun ugi dados lare
ingkang lanthip slamet ndonyo akhirat amin.
Cekap semanten saking kula, manawi anggen kula sakanca kagungan sisip
sembering. Ingkang klenthu, kula nyuwun agunge panga puten dumateng sedaya
kemawon. Kula aturaken matur sembah suwun.

Wassalamualaikum Wr. Wb.

Anda mungkin juga menyukai