Anda di halaman 1dari 6

13 - 16

PIDATO

NO SOAL 13

13 A

Wasana cekap samanten atur kula minangka sesulih kanca-kanca kelas IX sedaya, mbok bilih
wonten galap-gangsuling saha benceng cewenging atur, kula tansah nyuwun lumunturing
samodra sih pangaksami. Nuwun.

Punggelan pidhato kasebut kalebu perangan ….

Kunci Jawaban : panutup

13 B

Cekap semanten atur kula, menawi wonten kirang langkungipun, kula nyuwun agunging
samodra pangaksami. Nuwun.

Punggelan pidhato kasebut kalebu perangan ….

Kunci Jawaban : panutup

13 C

Pungkasaning atur, kula minangka pranata adicara nyuwun agunging samodra pangaksami
kagem sedaya kirang langkungipun tindak tanduk saha subasita ingkang kirang mranani. Nuwun.

Punggelan pidhato kasebut kalebu perangan ….

Kunci Jawaban : panutup


NO SOAL 14

14 A

Isinen cecak-cecak iki supaya dadi panutup pidhato kang becik!

Puji syukur konjuk … ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Kuwasa, ingkang sampun paring
kasarasan sahengga kita sedaya saged makempal wonten ing adicara dinten punika.

Kunci Jawaban : dhumateng

14 B

Isinen cecak-cecak iki supaya dadi panutup pidhato kang becik!

Mugi-mugi lumantar adicara punika saged ndadosaken kita sedaya siswa ingkang wasis,
pinunjul, bekti marang tiyang sepuh, lan taat … Gusti Ingkang Maha Kuwasa.

Kunci Jawaban : dhumateng

14 C

Isinen cecak-cecak iki supaya dadi panutup pidhato kang becik!

Wasana cekap semanten atur kula. Menawi wonten lepat … para rawuh sedaya, kula aturaken
agunging samodra pangaksama. Nuwun.

Kunci Jawaban : dhumateng


NO SOAL 15

15 A

Pasangna pranyatan karo struktur teks ing kiwane kanthi bener!


PRANYATAN STRUKTUR TEKS
Puji syukur konjuk dhumateng
Panyapa
ngarsanipun Gusti Allah.
Assalamualaikum, Sugeng enjing Salam pambuka
Bapak Ibu ingkang minulya Pambuka

Kunci Jawaban :
PRANYATAN STRUKTUR TEKS
Puji syukur konjuk dhumateng
Panyapa
ngarsanipun Gusti Allah.
Assalamualaikum, Sugeng enjing Salam pambuka
Bapak Ibu ingkang minulya Pambuka

15 B

Pasangna pranyatan karo struktur teks ing kiwane kanthi bener!


PRANYATAN STRUKTUR TEKS
Shalawat saha salam konjuk
dhumateng junjungan kita Nabi Panyapa
Muhammad SAW.
Mugi-mugi adicara dinten punika
saged paring manfaat dhumateng Pangarep-arep
kita sedaya.
Para rawuh ingkang kinurmatan Pambuka

Kunci Jawaban :
PRANYATAN STRUKTUR TEKS
Shalawat saha salam konjuk Panyapa
dhumateng junjungan kita Nabi
Muhammad SAW.
Mugi-mugi adicara dinten punika Salam pambuka
saged paring manfaat dhumateng
kita sedaya.
Para rawuh ingkang kinurmatan Pambuka
15 C

Pasangna pranyatan karo struktur teks ing kiwane kanthi bener!


PRANYATAN STRUKTUR TEKS
Wasana cepak semanten atur kula,
bilih wonten kirang langkungipun,
Panyapa
kula nyuwun agunging
pangaksama. Nuwun.
Bapak Ibu ingkang kinurmatan Pangarep-arep
Adicara punika diajab saged dados
motivasi kagem para siswa supados Pambuka
gadhah semangat anggenipun sinau.

Kunci Jawaban :
PRANYATAN STRUKTUR TEKS
Wasana cepak semanten atur kula,
bilih wonten kirang langkungipun,
Panyapa
kula nyuwun agunging
pangaksama. Nuwun.
Adicara punika diajab saged dados
motivasi kagem para siswa supados Panutup
gadhah semangat anggenipun sinau.
Bapak Ibu ingkang kinurmatan Surasa
NO SOAL 16

16 A

Wacanen punggelan pidhato iki!

Bapak, ibu, para undhangan ingkang kawula urmati lan para mitra ingkang kula tresnani, kula
minangka Ketua Karang Taruna desa Wonorejo, badhe ngaturi bakti uninga babagan kegiyatan
Karang Taruna ingkang awujud kegiyatan kerja bakti. Kegiyatan kerja bakti ingkang
dipuntindakaken nggadhahi ancas kangge persiyapan mengeti dinten kamardhikan Indonesia
ingkang kaping 75 dhateng desa kita.

Punggelan pidhato kasebut isine ngenani ….


a. Karang Taruna desa Wonorejo
b. kegiyatan Karang Taruna desa Wonorejo
c. ancas kegiyatan kerja bakti Karang Taruna desa Wonorejo
d. kegiyatan kerja bakti dening Karang Taruna desa Wonorejo

Kunci Jawaban : d. kegiyatan kerja bakti dening Karang Taruna desa Wonorejo

16 B

Wacanen punggelan pidhato iki!

Anggenipun nglampahi ing babagan kewirausahaan, supados saged anggadhahi sawijining usaha
ingkang sae, kita kedah saged pados kalodhangan usaha, mujudaken sipat mental saha jiwa
ingkang tansah aktif, kedah saged nglampahaken, mumpuni, mangertosi saha gadhah
pengalaman kangge njurung kreativitas supados punapa ingkang kita idham-idhamaken saged
kaleksanan. Kajawi usaha punika saged mbiyantu saha nyekapi kabutuhan kulawarga kita ugi
saged mbiyantu pamarintah ngirangi pengangguran saha ningkataken kesejahteraan masyarakat.

Punggelan pidhato kasebut isine ngenani ….


a. duwe pengalaman lan kreativitas
b. sipat mental lan jiwa kang tansah aktif
c. usaha madhiri bisa ngurangi pengangguran
d. upaya kanggo duweni usaha mandhiri kang becik

Kunci Jawaban : d. upaya kanggo duweni usaha mandhiri kang becik

16 C
Wacanen punggelan pidhato iki!

Minangka pranata adicara, kula aturaken sugeng rawuh lan atur panuwun ingkang tanpa upami,
dene panjenengan sami sampun kersa angrawuhi pamundhutipun Bapak lan Ibu Sosro ingkang
ing dinten punika hamengku karsa tasyakuran manggeni griya enggal. Lumantar adicara
tasyakuran punika, Bapak saha Ibu Sosro badhe ngaturaken raos syukur dhumateng Gusti Allah
Ingkang Maha Agung, amargi punapa ingkang dipunidham-idhamaken saged ginayuh inggih
punika awujud griya enggal.

Punggelan pidhato kasebut isine ngenani ….


a. ngidhamake omah anyar
b. Bapak lan Ibu Sosro tuku omah anyar
c. matur nuwun wis rawuh ing tasyakuran
d. tasyakuran omah anyare Bapak lan Ibu Sosro

Kunci Jawaban : d. tasyakuran omah anyare Bapak lan Ibu Sosro

Anda mungkin juga menyukai