Anda di halaman 1dari 1

Assalamualaikum wr. wb.

Bapak kepala sekolah ingkang kinurmatan.

Bapak, Ibu Guru ingkang satuhu luhuring budi.

Para kanca, siswa – siswi ingkang kula tresnani.

Sumangga langkung rumiyin sami ngaturaken syukur dhumateng Gusti Maha Kuasa
ingkang kepareng paring rahmat lan hidayahipun. Kita sedaya taksih saged kempal
manunggal kanthi tentrem, bagas, waras, kebak ing sekolahan niki.

Pangetan dinten Kartini wigatos sanget tumrap kula penjenengan sedaya. R.A Kartini
pindhanipun sekar ingkang tansah mbabar angambar ganda arum ing bangsa Indonesia.
Panjenenganipun punika pangarsa tumrap wanita ingkang karyanipun mligi kangge
majengipun wanita wiwit duk rikala bangsa indonesia taksih dipuncengkrem dening bangsa
penjajah.

Labuh lebetipun R.A Kartini saestu luhur sanget tumrap kaum wanita. Langkung –
langkung ingkang wekdal sapunika ingkang taksih kedah meres penggalih kangge
majengipun bangsa. Panyengkuyungipun para wanita mboten saged dipunremehaken, malah
kepara langkung bobotipun tumrap pembangunan majengipun bangsa punika.

Pancen sampun dipundokrataken para wanita saha limrah nggadahi raos ingkang
kalangkung alus. Sanadyan makaten geget ing manah tansah makantar pindha waja ngudi
kautaman. Sedaya punika inggih awit saking pangaribawanipun lelabetanipun Ibu Kartini
ingkang sampun tumanem ngrembaka ing mahanipun wanita Indonesia.

Sampun cetha ing panggesanipun bangsa kathah wanita ingkang saged kiprah kadi
dene para priya ing babagan warna – warni. Ingkang Makaten punika saestu saged damel
mongkoging manah.

Kanthi makaten punika sumangga kadang – kadang putri sami saged nglajengaken
gegayuhan tuwin lelabetahipun Ibuk kartini ingkang luhur punika. Ingkang mboten kenging
dipunlirwakaken inggih punika tansah ngudi jatidhirinipun putri indonesia. Putri Indonesia
ingkang prasaja, mrantasi sadhengah karya. Semanten saha makaten atur kula. Mugi sami
kepareng maringi pangapunten tumrap sedaya kekirangan lan kelepatan kula.

Wassalamualaikum wr. wb.

Anda mungkin juga menyukai