Anda di halaman 1dari 19

Sasana 

Pawiwahan
Tuladha Panyandra Sasana Pawiwahan

Rep sidhem premanem tan ana sabawaning walang salisik, lah puniko pratandha
bebukaning panyondro, satuhu katah papan ingkang edi, papan ingkang endah lan nengsemaken,
hanangeng mboten kados edi lan endahing sasana pawiwahan. rawat rawat rinumpoko anenggih
panthi pundhi kang kaeko adi doso purwo, eko sawiji doso linuwih purwo wiwitan, panthi wus
ngarani sasana papan pramilo sinebating papan sewu datan jangkep sadoso, satus tang jangkep
tigo.
Senajan katah bale wismo ingkang aben cukit tepung taritis, jejel riyel riyel wismo
ginupit adu pager nunggal plataran, nanging mboten kadi ing dalem yo wismane  kang
hamengku gati, sanajan sanghyang suryo condro, katemben ngemengaken bodro irawan, kadulu
saking mandrowo panti kang kacarios,  katawis sumorot kadyo wayah gagad rahino, pating
glebyar pating kaluncar mowotejo hanelahi, awit saking doyo pangribawaning putro panganten.
Gapuraning pawiwahan rinenggo edining rerenggan janur kuning, sinonggo ing pisang
raja, cengkir gading, tebu wulung, pari sawuli, sekar  sarto wohing kapas, ron opo-opo, suket
alang alang, miwah roning kaluwih, ron waringin sarencekipun, pengaron ingkang isi sekar
setaman ingkang wasito sinandhi.
 Wimbuh amilangoni sasono pawiwahan kang pinajang dlancang rinonce, wilis, seto,
rekto miwah kresno.
           Rerengganing pahargyan saweneh, wonten ingkang awujud dlancang rinonce, pinatut
ingkang maneko warni ingkang pito jenar kacondro kadyo podang binorehan, ingkang warni
rekto yayah wukir kawelagar, ingkang biru moyo-moyo  pindho situbondholayu, dene wilis
kawistoro ijo royo-royo kadyo pantun ingkang nembe gumendung, ingkang seto sumorot suci
wening pindho sunaring mutyoro, lembak – lembak katiup maruto, ebah – ebah kadyo tirtaning
talogo adi.
           Satuhu lambanging kaweningan, mugi nyawabono dateng sri temanten ingkang arso
ngambah alam bebrayan, mugi kagungono raos sumeleh, miwah nengenaken kasabaran,
pindhane gulu bengawan weteng segoro, kang sarwo sarwi amomot sakaliring reh.
Panyandra Tamu
Sinigeg ingkang cinondro gantyo kang cinarito..
          Sinatriyo pundi to ingkang ka eko adi doso purwo eko marang sawiji, dasa sapuluh, purwo
kawiwitan, satuhu katah titahing jalmo, nanging satus tan jangkep sedoso yen sedoso  amung
sawiji, kang kasinungan budi utomo, budi utamaning kang sinatriyo mboten kadi luhuring budi
pamengku gati.
            Satuhu priyantun ingkang lurur kawibawane, jembar pacopane, bebasan suket godhong
dadi kadang , kalawan wrekso adoh dadi samyo mentelung, dadyo cerak samyo hamentiung.
 Ingkang adoh dadi sanak, kang cerak samsoyo sumanak, milo datan nggumunaken bilih ing
wanci meniko poro tamu sampun bek amblabar hangebeki pahargayan.
          Prasasat linobong ing penggalih ingkang dahat suko amarwoto suto tumanduk ingkang
ndaweg mangun bujo, kadi kelem karoban ing memanis sinanding kastubo manik.
       Kapanduking raos ingkang dahat tumenem ing kalbu, saksono ambuko osiking driyo, deniro
sumengko pangawak  brojo, lir keplasing warasto lungit, prentuling parasdyo miwah esthining
prayojono, tan ono liyan amung doyo-doyo denirarso asung swagoto, manembromo atur
pambagyaharjo, kunjuk sagunging para tamu minulyo.
        Amung kewolo, awit saking berag birawaning penggalih ingkang dahat amoro suko, sakolo
legeg putek, buneg jroning wardoyo, sanadyan saklimah tan kuwowo medhar pangandikan, awit
amung kandheg wonten ing tenggak.
         Mangkono pangudasmaraning driyo kang hamengkugati : …………  ingkang kawijil
kanthi aris, sinawung lukitaning tembung manis, manuhara kebak ing sagowara :
“ Dhuh …sahyaning para tamu ingkang anggung sinunggo ing akrami, sepinten tho gung
berawaning manah kulo ing kalenggahan puniko, awit sampun kapatedhan ing sih, kabelabak
luhuring budi dharmo saking andiko sadoyo, ingkang sampun kasdu minangkani sarining serat
sedhahan,  kepareng anjenengi anggen kulo netepi darmaning werdho, mangun bujo kromo,
amiwoho suto, amahargyo siwi,  inggih awit saking lumebering sih kadarman miwah
lumintuning darmastuti saking andiko sadoyo puniko, mugi pikantuk lelintu ingkang satraju
saking Gusti ingkang Maha Mirah, sarto agenging panuwun kulo ingkang mboten saged cinitro
ing ukoro, mboten sanes amung dahat katedho kalinggo murdho…..
“ Dhuh..darahing budoyo ingkang sampun kontab saindenging rat pramudito, lubering sih
dharmo saking andiko sadoyo, ingkang sampun kepareng jumurung ing karso , suko pepuji
mangastungkoro andyanono dhumateng anak kulo penganten kekalih, ingkang sampun widagdo
anambut guno talining akrami, satemah jumbuh ingkang samyo ginayuh, sembodo ingkang
samyo sinedyo, lestari ingkang samyo kaesthi, hinayuwan dening Gusti ingkang Maha Hayu,
humiring puji miwah pangastuti hayu hayu rahayu ring ulah ahayu…

B. NGATURAKEN SABEN ADICARA


*) Pengantin putri lenggah ing sasana rinengga

Para rawuh kakung saha putri ingkang tuhu berbudi mahambeg darma.
Ing salebeting panti busana, pinanganten putrid sampun purna nggenya hangrasuk busana
pengantin. Keparenging karsa nedya hangrumiyini lenggah ing sasana rinengga.
Pramila katr Juru pangdi busana, keparenga hamratitisaken adicara punika. Katur juru panata pita
suwara kasuwun hangiringi kanthi larasing gendhing ktw. Puspawarna laras pelog pathet barang
( = utawi ketawang Sekarteja laras Slendro pathet manyura ), sumangga.
( Cathetan : Menawi kairing gangsa gesang, nyuwunipun gendhing dhateng para kadang
pangrait, saged naming kanthi sasmita. Upaminipun makaten : Lumarabing sri atmaja panganten putrid
ing sasana rinengga, kairing para warara lamun cinandra yayah kairing sekar kang mawa teja.

( utai kairing sekar kang manca warna = Ktw Puspawarna ).


. . . Gendhing mungel . . . Panganten miyos .
Menawi badhe kacandra, sesampunipun gendhing dhawah gong lajeng kacandra.
Medaling P. Putri
Tuladha atur pranatacara medaling pengantin putri ngadani upacara tedhak jumenengan :
          Binarung swaraning pradangga munyo hangrangin, hambabar  ketawang Sekar teja, ana
gandha arum amgambar katiyuping samirana mandha, kawistoro jengkaring sri atmaja penganten
putri mijil saking tepas wangi, tepas mengku wredhi papan ingkang wangi wus hangarani, ateges
milil saking panthi busono nedyo humarak sowan wonten ngarsanipun para ingkang kinurmatan,
rawuh manjing salebeting sasana riningga kinanthen panjenenganipun ………..
         Sri panganten putri hangagem busana ingkang sarwo retno hangembo busananing garwo
noto, katon pating nggalebyar pating pancurat kalamun kasaru sunaring pandam kurung ingkang
hangrenggani sasana adi, pan yayah kartiko hasesilih prenah.
       Hangagem puspito rinonce ing ukeliro sinampiraken wonten ing pamidhangan kanan, lamun
katiyubing samirono manda kongso gandane hangebeki wisma pawiwahan.
         Endah edining busana, bamimbuhi gandes luwes solah bawane, lamuntho cinondro ical
sipating jalmo sawantah pan yayah bathari suwargo loka ingkang tumurun mangejawantah.
Tindakiro sri atmojo temanten putri hamucang kanginan, lengkeh-lengkeh pindho singo lopo,
sapecak mangu satindak kendel, pangudasmaraning driyo ingkang dereng kawijil ing lesan,
hangrantu praptaning mudho taruno minongko gegantilaning nala.
       Dhasar karenggo busono kang sarwo sarwi edipeni, anom dhasare ruruh ladak pasemone,
sulistyo rupane indah warnane, opo tho busanane… ?
         Lamun kacondro endahing penganten putri pindho sulistyaning rojo putri kang ndaweg
manjing ing ndatuloyo, dedeg piadege pidekso nenggih hangringin sungsang, kulit kadyo mas
sinangling rikmo memak ngembang bakung ngandan andan anut ombaking  narmodo, jonggo
ngolan olan pangarasan duren sajuring, wojo roto lir miji timun grono angrunggih, lati manggis
karengat, palarapan nan nelo cendhane idhep tumenging tawang, imbo njalirit lir wulan
tumanggal talingan nderesti hanyamur kuping, ati ati ngudup turi setyo kawistoro angidit ndamar
kanginan nenggih blalak blalak bawang sebungkul, idhep tumenging tawang pamidhangan nraju
mas lengen nggendewo pinentang, pucuking racikan amucuk ri pupus puspito payudoro nyengkir
gading, pocong manjange lan bangkekan mengkik mengkik nawon kemit, pupune ngembang
pudak sukune anyuthang walang jejempolane sikil tinoto pindho sirae ulo cabe, dhasare wong
ayu.
       Wus handungkap prapto ugyan ingkang tinuju, putro temanten putri nulyo kalenggahaken
wonten ing sasana rinenggo, hanggrantu laksitaning adicara ingkang sampun rinantam.

*) Rawuhipun Pengantin Kakung

Sagung para lenggah ingkang winantu ing kaharjan. Adicara urut tiga, nenggih rawuhipun
Pinanganten kakung. Awit saking punika, katur Manggalaning Pangombyong penganten kakung,
jengkar saking panti palereman, manjing sasana wiwahan. Dhumateng Juru panata pita swara,
kasuwun ambiwadha rawuhipun Penganten kakung kanthi larasing gendhing Ladrang Wilujeng
laras Pelog pathet baran, sumangga.
. . . Gendhing mungal, lajeng kacadra. . .

Medaling P. Kakung
Tuladha atur pranatacara wonten ing adicara medaling pengantin kakung saking wisma
palereman :
          Binarung pradonggo munyo angrangin, ono gondho angambar arum ngabeki jroning
sasana pawiwahan, nulyo, kawuryan ono tejo angenguwung mowo probo, gebyar gebyar mowo
tejo anelahi, sumambirat pindho soroting baskoro ingkang  mijil ing wayah gagad rahino,
kumenyar mowo prabowo kentar kentar winor  gondhowidho, sumirat ambabar tejo moyo, soyo
dangu soyo cetho, saya caket saya ngalela, pranyoto puniko candrane tementen kakung, ingkang
binayangkare mijil saking wismo palereman, kakanthi manjing sasana pahargyan.
         Mubyar mubyar busananing penganten kakung kang wimbo busananing narendro, lamun
kadulu saking mandrowo katon agung mrabu hamrabowo, agung tegese kebak ing kaendahan
kang sanyoto adi luhung, dene mrabu apindho jejering narendro kang kawiwoho nuhwring
sajugo, mrabowo tegese sinung kawibawan, kaprabawan adi endah milangoni.
           Dampyak dampyak ingkang samyo lumaksono, mbinayangkoro temantene kakung
ingkang ngembo busananing narpati, pinayungan songsong agung ingkang kawastanan songsong
agung tunggul asmoro.
             Ingkang samyo nginarebeg pinaragan dening poro kadang sentono, sutresno, sumitro
miwah wargo wandowo, ingkang sampun rilo dados bebarisaning pengombyong ingkang kedah
tutwuri mbinayangkare.
          Tindakiro lengkeh lengkeh anyardulolopo, lambehan kadi merak kasimpir nenggih
mblarak sempal, sarirane amraboto nenggih hangringin sungsang,
         Sembodo ing driyo, tan mengkoh ing pakewuh, yekto yen tamtomo, sumboho wirotomo
prawiro jayeng palugon, tatag, tangguh, tanggon lan tanggung jawab. Milo lamun kacondro
kasosro, kadi senopati ing narendro ingkang arso tedak siniwoko, lenggah ing dhampar dento.
           Prapteng dwiwaraning pawiwahan, naliko semono temanten kakung dahan ngunguni
werdoyo, dupi nguningani rerengganing pawiwaha. Kang dumadi saking pradopo monco warno

        Kandeg lankahnyo putro temanten kakung ing dwiwaraning pawiwahan, dupi wus tinoto titi
tataning gati, sigro jumangkah winang sroyo pametuking sekar cepoko, amurweng kondho
dumateng kang sampun kapiji.

*) Adicara Panggih

Sanggyaning para rawuh kakung saha putri ingkang tansah sinuba ing akrami, sampun
wahyaning mangsa kala tumapaking prastawa gati Panggihing Pinanganten sarimbit. Pramila :
 Dhumateng- Ibu Juru Sumbaga, keparenga hamratitisaken adicara punika.
 Kadang Panata- Pita Swara, kasuwun ambiwadha kanthi larasing gendhing Kodhok ngorek –
minggah Ktw. Laras maya Pelog barang.
  Tuladha atur pranatacara wonten ing adicara panggih pengantin:
          Wus dumugi wahyaning mongso kolo dumawahing kodrat, saking panguaosing Gustu
ingkang Moho Wikan, Welas, Tresno lan Asih, naliko semono ono titahing Gusti kang asipat
jalu lan wanito, ingkang sumedyo netepi jejering agesang ngancik ing alam bebrayan, amestuti
ilo-ilo ujaring poro kino ingkang dahat pinundhi pundhi, sarto angleluri laksito harjo nulad edi
endahing budoyo, nulodho budoyo kang sarwo sarwi adi luhung, tumuju dateng kautamen.
       Dhampyak – dhampyak poro kadang wandowo ingkang samyo hangayap tindakipun putro
temanten kakung , kandeg sawetawis sareng dumugi dwiwaraning pawiwahan.
Gantyo kang winursito…
       Ingkang jengkar saking sasana rinenggo, anenggih puniko warnanipun temanten putri ,
kinarebeg sagunging poro – poro ingkang samyo humiring, kinanti myang poro-poro kang wis
pinanci.
Dene kang munggeng tut wuri hanenggih warnariro jejoko kenyo tumaruno kalih ingkang ngasto
kembar mayang kawasto, kalpataru, dewondaru, joyodaru ingkang kinaryo sarono dauping
temanten sarimbit. Tindakiro lengkeh – lengkeh kadyo sarjulo lopo riyak anggajah nggoling,
lambean amblarak sempal yayah merak kasimpir,
` Gendhing laras moyo…
       Minggah ungeling ketawang laras moyo, tumapaking podo nut wiromo swaraning
pradonggo kang munyo hangrangin, rinambang ungeling munggang kang kapiyarso ing akoso.
Kadyo saur manuk anglur selur asung pepuji pangestu marang penganten kekalih, mrih
kasembadan sedyo anggenipun bebrayan ngantos dumugi kaki nini, tebih ing rubedo celak ing
kanugrahan lan kabagyan
         Soyo caket soyo caket anggenipun lumaksono, risang temanten putri dupi wus dumugi
papan kang wus sinedyo, sigro kandeg sawetawis, temanten sami apagut tingal, tempuking
paningal catur netro, catur wus ngarani papat netro mripat, podo sakolo wonten doyo
pangribowo ingkang ambabar karso dadyo sarono pambukaning roso ginaib ingkang tumenem
ing sanubari, tempuking pandulu satemah mbabar  raos geter ing telenging nolo
        Gantalan :
      Datan saronto risang penganten putri ambalang gantal, namung sakedeping netro risang
pinanganten kakung  mbales ambalang gantal, punopo tho menggah darunanipun gantal ingkang
dados bebalanganing putro tinemanten,,?
          Gantal nun ninggih suruh ingkang matemu ros, ingkang minongko sarono ambuntel
sarananing ganten, suruh tinangsulan ing lawe seto satuhu ngemu pralmpito,
       Suruh, kesusu selak kepingin weruh, suruh lamun tho pradopo bedo lumah lawan kurepe,
nanging lamun ginigit tunggal rasane, sanajan sajugo jejer priyo satunggal mijil wanito, kalamun
sampun gambuhing penggalih, manunggal roso cipto miwah karsane, temu ing raos, tinangsulan
ing raos tresno ingkang suci, bakal pinasthi dadyo jatu kramane, pinesthi dadi jodhone.
        Pambalangiro penganten putri tumuju ing jaja miwah jengku, gantal ing jaja amrih sri
panganten kakung darbe raos asih mring garwo, tumuju ing jengku, penganten putri tansah
ngajeng – ajeng ing pamengku, sageto penganten kakung mengku wanodyo dados
pangayomaning brayat.
      Pembalanging gantal penanganten kakung nering palaraban miwah jaja, tumuju ing
palaraban ngemu wasito panyuwun mrih wanodyo mulur ing cipto, dene ing jaja amrih mekaring
roso, satemah penganten putri saget menggalih kanthi weninging roso, saniskaraning tumindak
miwah wicoro mung  karenak tyasing sasomo.
Pasangan :
      Purno ambalang gantalan kanthi bombonging manah…..kebak raos ingkang tumenem ing
sanubari, kawuryan penganten kekalih wus jajar sumandhing aneng luhuring pasangan
linambaran roning pisang rojo, pasemone nyoto lamun daupiro wus pinesthi dadi pasanganiro,
kang anggung kinudang kudang, bangkit mandireng pribadi, winimbuh ing kawibawan, lir
jejering narendrotomo.
        Mandhap saking pasangan, ingkang sarimbit gyo marepeki antigo cinaket ing bokor
kencono, minongko wadahing sekar setaman, sakolo ponang antigo tinapak ing
podo,,Pyar,,,pecah sanaliko,,pramilo doyo-doyo penganten putri laju ajengku sarwi sumembah
mring kakung, purno deniro sumembah gya amijiki samparaning ingkang roko kang winastan
ranupodo, ranu wus ngarani toya, podo teges samparan, kang putri mijiki samparaning kang roko
kanthi sedyo ngatonaken darmo bekti mring garwo, amberat sawarnaning sukerto, satemah
anggeniro lumebet ing alam madyo gesang bebrayan, saged lulus raharjo manggih kamulyan.
       Toya perwito kang minongko sarono pambasuhing podo, manunggal mring sekar triwarno,
nunninggih mawar , mlati miwah kenongo, gandhane sekar den pepuji amrih ing tembe ngambar
arum gandhane risang pinanganten, kuncoro asmane, biso dadi tepo palupining brayat mudho.
Paripurno winijikan samparaniro jinunjung lenggah risang pinanganten putri kebak ing raos
tresno asih, pralampitane, risang pinanganten minongko jejering priyo, kasdu ngangkat drajating
wanodyo, amrih saget jajar kaliyan drajating priyo.
  
       Singep sindur :
             Paripurnaning gati kang titi laksono adicoro panggih, lajeng jumeneng jajar putro
tinemanten kekalih sandhing kekanten asto, satuhu sajajar drajating priyo lan wanito, sanadyan
wanodyo datan nyingkur kodrating wanito minongko garwo, risang pinanganten asro lumampah
tumuju ing sasana rinenggo , aloke kang samyo humyat….
       Gandheng renteng – renteng kekanthen asto risang pinanganten sarimbit datan ginggang
sarambut pinoro sosro, sarwi singep sindur ingkang awarni rekto miwah seto deneng romo ibu,
kanthi pangajab bebrayaning putro sarimbit  tinuntun ing rehing kautamen, pinanggiyo ing budi
rahayu linambar raos tresno, rhosa, tepo, sembodo lan kumawuluh, Wani ing bebener, ajrih ing
kaduragan lan kanistan,
         Kadyo rojo myang prameswari arso tedhak siniwoko lenggah ing dhampar dento,
sapungkurnyo risang penganten inggih bapak-ibu………..suko reno ing wardoyo bapak –
ibu…………dupi wus biso ngentasi wajibing wredho molokrama aken putro pinanganten
sarimbit nun inggih kang ahayu roro………kaliyan sang abagus ………priyo kang mijil saking
tlatah………satuhu putro kekudanganipun bapak-ibu……, wus widagdo nambut guno talining
akrami. Poro kadang samyo tutwuri mring tindakiro risang pinanganten, jumurung mring
karsaniro risang pinanganten, anggeniro darbe karso mangun bale wismo, mangun kulowargo,
mugi ing tembe enggal saged antuk kamulyan gesang, atut runtut reruntungan kadyo mimi lan
mintuno, saking dunyo dumugyo delahan.
        Sampun tumuju ugyan kang tinuju nenggih risang pinanganten wonten ing sasana
rinenggo , gunging panuwun dhumateng poro tamu ingkang sampun suko pakurmatan
tumapaking adicoro panggih, kepareng lenggah ing sasana sakawit,
      Kawuryan sri pinanganten sampun lenggah ing sasano mulyo , suko ing driyo risang
pinangantyan putri, ginontho ing wardoyo, kadyo puspo warnane.

*) UPACARA ADAT

Salajengipun badhe katindhakaken Upacara adat, wiwit saking bobot timbang, Kacar kucur
ngantos dhahar walimah. Pramila katur Ibu Juru Pangadi busana keparenga mratitisaken.
(Menawi upacara dhahar walimah sampun purna, lajeng besan rawuh)
  Tuladha atur pranatacara mlebet adicara Bobot timbang :
           Jangkeping adicoro panggihing risang putro tinemanten sarimbit kalajengaken adicoro
bobot timbang.
       Penganten kekalih kapangku dening kang romo kanthi astho kekelih, karangkulaken ing
pamidhanganipun tementen sekaliyan,Sineksenan dening ingkang ibu miwah poro- poro ingkang
humiyat, punopo malih poro sepuh ingkang mahambeg dharmo, prasemonipun bilih romo ibu
kekalih sampun satraju mengestoni, lan jumurung puji hastawanipun dhateng dhaupipun
temanten sekaliyan, kanthi sampun mboten badhe emban cindhe emban siladan, anggenipun
angrengkuh dhumateng putro temanten sekaliyan, putro kekalih karengkuh kados yugo
piyambak, mboten wonten pundi ingkang sinebat putro mantu sadoyo kaanggep sami.
        Kacar kucur :
      Panjenenganipun poro tamu kang mahambeg luhuring dharmo kakung sumawono putri,
pinaringan sih wilasaning Gusti kang Moho Agung, Temanten sekaliyan sampun kalampahan
panggih, kaparengo gyo ngadani adicoro tonpo koyo kacar kucur.
        Kacaryos dupi wus ngancik ing titi laksono, penganten kakung gyo jumeneng ngasto tilam
lampus, isi wos kapuroto jowo kethos polowijo sekar ponco warno miwah arto receh, kasuntak
ing pangkoning kang garwo, katadahan katampi mawi sindur ingkang awarni rekto
       Guno tompo koyo kyai ambarsejati nenggih risang pinanganten kakung paring tompo koyo
mring nyai ambarsejati nenggih risang pinanganten putri, guno tompo koyo pralambang  tanggel 
jawabing priyo.
          Minongko tetungguling kulawargo darbe  tanggel jawab nyekapi sandang  baga ing
kulawarga, tompa kaya kacang kawak, dhele kawak, jagung kawak, woh jenar, arto
pralambanging boga, wastra, miwah hartaka, mugi risang panganten ing tembe kacekapan
sandang baga. syukur bage  pinaringan kesugihan, lamun pinaringan kesugihan sageda lumeber
mring para kadang sentana tangga tepalih.
          Kawuryan risang pinanganten putri nampi tompa kaya datan wonten ingkang marebel
sanajan kang sajugo, mratandhani dados wanodyo ingkang gemi nastiti, surti  tur ngati-ati.
         Asiling tompo koyo laju katitipaken mring wanodyo kang pinitados rumekso
kawidagdaning tampo koyo nun inggih ingkang ibu…………paripurno nitipaken tompo koyo,
pinanganten sarimbit wangsul ing sasana sakawit, nenggih sasa na rinenggo.
     Dhahar  Kembul :
Tumuli risang pinanganten nindaaken dhahar kembul, dhahar nedo kembul yo wus ngarani
sesarengan, pralambang sageto tumangkep manggih sih katresnanipun temanten kakung putri,
jumbuh ingkang ginayuh, sak yek sak eko karti sembodo ingkang sinedyo, rengganeng boso
ngaten sinebat manunggaling karso marganing mulyo
    Ngunjuk toya wening :
         Paripurno dhahar kembul, sri pinanganten sarimbit ngunjuk toyo wening, dadi pratandha,
kalamun risang pinanganten badhe necep maduning asmoro janmo, manunggalaken ing roso,
satemah mijilaken komo warni seto saking pokaling bapa, miwah komo warni rekto saking
pokaling reno, ing tembe saged mbabar putro kang minongko rerengganing balewismo,
         Ngunjuk toyo wening ugi dados pratandha, kalamun sedoyo tumindak miwah muna muni,
badhe kapenggalih kanthi weninging nolo, satemah amung rahayu kang bakal tinemu, kados
unen – unen, ajining dhiri gumantung lathi, ajining raga gumantung busono, lan ajining awak
gumantung soko tumindak.

*) BESAN RAWUH

Kala mangsa menika, Besan sekalian kepareng badhe rawuh.


Pramila katur Radyan Sadewa sekalian garwa, kasuwun hangaturi besan sarimbit jengkar saking
sasana palereman manjing sasana pawiwahan.

Katur ,......... keparenga jengkar saking palenggahan hamapag rawuhing besan Sarimbit ing
korining wisma pawiwahan.
Rawuhipun Besan kinurmatan gendhing Ladrang Tirta Kencana, Kadang Panata pita swara
sumangga.
-------Gendhing Munya, kacandra ----- ngantos Besan lenggah –

·         Tuladha atur pranatacara mlebet upacara metuk besan :


Sampun sawetawis anggenyo jumeneng ing wiwaraning sasana wiwoho panjenenganipun bapak
– ibu…………, tumuli salajengipun bapak – ibu……….badhe mapak ingkang beksan, kalamun
pinanggyo age-age ingkang hamengku gati ngaturaken pambagyo kawilujengan,
Wus jengkar saking plenggahaniro bapak-ibu,,,,,,,,arso mapak ingkang beksan bapak-ibu………
sampun antu-antu praptaning kang besan, arso mbage kabagyan awit dhauping putro temanten,
naliko samono lumaksono bapak-ibu……..tansah suko ing galih, kacihno esem tansah sinunggih
ing lathi, satindak tumuleh manganan, sapecak tumuleh mengering, lamun rinumpoko kadyo
asung pambagyo mring poro tamu ingkang minulyo.
Sampun pinanggyo ingkang bebesanan ing wiwaraning sasana wiwoho, ingkang bebesanan
samyo ajejawat asto, bapak – ibu………ngaturaken kawilujengan.
Sugeng rawuh dhumateng ingkang beksan bapak-ibu…………ingkang rawuh saking tlatah……..
Anggeniro lumaksono poro ibu wonten ing ngarso, poro bapak  wonten ing pungkur, meniko
dados pratondho, kalamun poro priyo suko pangayoman marang poro wanito, poro priyo suko
panjurung tumindaking poro wanodyo kang datan nalisir saking paugeraning kautamen.
Wus gambuh penggalihiro ingkang bebesanan, suko reno ing driyo dupi uningo ingkang lenggah
jajar ing sasana mulyo, langkung – langkung poro tamu ingkang sampun lenggah pepak sinarojo,
paring pangestu dhumateng risang pinanganten, den gegadahang amrih ingkang putro kang
lenggah ing sasana mulyo, satuhu bakal mulyo uripe, nemu kagabyan lang karaharjan, kepareng
ingkang besan kadereaken lenggah ing sisih keringiro risang pinanganten, paripurno ngaturaken
palenggahan pakurmatan dhumateng ingkang beksan, bapak – ibu ……wangsul ing sasana
sakawit.

*) SUNGKEMAN

Sagung Hadilenggah ingkang tuhu kinurmatan, sasampunipun Rama Ibu pinanganten sarimbit
kepareng lenggah, daya-daya pinanganten sekalian arsa hangaturaken Sungkem mring rama ibu.
Pramila dhumateng Ibu Juru Pangadi Busana kasuwun amratitisaken Upacara sungkeman.
Kadang Panata pita swara kasuwun hangiringi kanthi gendhing Ladrang Mugi Rahayu laras
Slendro pathet manyura.

Atur Pranatacara wonten ing adicara sungkeman pengantin :


          Poro rawuh kakung putri miwah saguning poro sepuh ingkang mahambeg dharmo, dupi
sampun paripurno titi laksono adicoro panggih miwah tonpo koyo, kaparengo ngrumpoko
dhumateng adicoro sungkeman. Dhuwung kalolos dening panjenenganipun bapak…………awit
badhe atur pangabekten dhumateng pinisepuh milo datan prayogi lamun asikep gegaman. Arih
tindakiro sri pinanganten sarimbit  lumarap marak sowan ing ngarsanipun romo saha ibu,
kekelihipun kanthi kapratitisaken deneng panjenenganipun bapak – ibu….
“ Hung wilaheng ngawi genam emas punomo sidhem,,
              Penganten kakung wus jengkar saking dampar dento kursi rinenggo, anganthi ingkang
garwo lumarap ngabyantoro myang kang poro pinundhi, nenggih romo dalasan ingkang ibu,
lampah jengku bebasan soto matarangan, esthining penggalih amung sumedyo sumungkem
dhateng padanipun ingkang  romo ibu, sigro tumungkul yayah konjem pertiwi wadanane
temanten sarimbit,
            Tangkepeng asto sarwo sumembah ing jengku ering kanan, sinartan eninging cipto
rumasuk ing sanubari, anyuwun rumentahing pudyo hastowo saking romo miwah ibu, mring
esthining driyo deniro bebrayan, tansah manggih kanugrahan, kabagyan lan kamulyan saking
Gusti kang Moho Welas lan Asih.
              Dupi sinungkeman ing pepadaniro ingkang romo miwah ibu, datan biso ngunandhiko,
kadyo sinendhal mayang bathine, sumedhot ing galih, dhene putro sing linairake saiki wus
dewoso arep mangun bale wismo, datan karoso trenyuhing nolo akaryo tumetesing waspo lamun
kacondro kadyo mutyoro rinonce, ingelus – elus pamidhangane ingkang putro, ingusap – usap
rekmane, ingaras kebak ing raos tresno asih.
Punopo tho menggah darunane…..?
         Jro sumungkem anguswo pepadane ingkang rama ibu, penganten anggung enget marang
purwaning dumadi duk rikolo linairake aneng jagad pepadhang, ginadhang gadhang kinudhang
kudhang wiwit alit sahinggo dewoso,
           Enget marang romo ingkang wus sembodo angukir jiwa ragane miwah dadyo lantaraning
tumuwuh.
               Enget marang ibu ingkang wus kuwowo dadyo papaning yugo broto salebeting nawa
candra dasa ari, sarto anglelinthing anggulowentah wiwit kalane ing ngguwo garbo nganti
tumekeng akhir  dewoso, rumaos menawi ageng sanget anggenipun katah dwusanipun dateng
romo ibu lan kapetangan budhi. enget kapan saged atur piwales.
           Eling – eling risang panganten wiwit timur mulo anggung ginunggung mring pepoyaning
kautamen, amilo namung sakedhep netro wus bangkit angusadani onenging nolo, nadyan
anandhang sungkowo cekap ing samudono.
           Waspodo ing semu dupi anguningani bilih ingkang putro deniro karantang galih, kadyo
kawijil pengendikane aris kang kebak ing wasito adi, makaten tho umpamiyo kawijil ing lesan . :
“ Duh anaakku ngger temanten sakloron….
“ Duk kalane isih cilik siro dak kekudang yen tho dewosomu biso winengku dening satriyo
tomo / wanito tomo, ingkang sembodo hangayomi jiwo raganiro ing mengko tumekeng delahan,
ing kalungguhan iki, sepiro tho lego bungahing atiku dene kekudanganku jebul wus dadi
kasunyatan, kang menkono lelungsen dak bebekali, kanthi dak suwunake kamurahaning Gusti
ingkang Moho Agung, Pangestune romo ibu marang siro sakloron bebasan tansah anglur selur
pindho ilineng narmodo, mugo nggeniro polokromo biso tuwuh hangremboko, nganthi
tumekaning kaki nini, alandesan dharmaning roso tresno kang hangremboko, binarung lan
pangestune romo ibu kang wus satruju dumurungi marang polokaramamu , biso atut saruntut
kadi mimi lan mintuno, mugyo tansah manggih kabagyan miwah kamulyan, tebih ing sukerto lan
godho rencono, sarto dak sesuwun ing rino pantaran ratri, mugi enggal antuk talining brayat ,
yoiku wujuding pratimo ingkang bangkit biso toto jalmo, ingkang datan liyo momongan
minongko rengganing bale wismo lan talining bebrayan “.
Dupi wus paripurno anggenipun sungkem pangabekten dateng padanipun romo-ibu, temanten
lajeng kanthi kebak toto lan kasusilan, subositaning putro dateng tiyang sepuh, jumangkah lon-
lonan arso nglenggahi dhampar rinenggo ingkang kasosro sarwo sarwi edipeni.

Paripurno upacara krobongan …. Kalajeng upacara pahargyan ….

Assalamu alikum Wr. Wb.


All Mukarrom Poro Alim Ulama’ poro Kyai ingkang satuhu dahat kinurmatan.
Poro sesepuh, pinisepuh, sanak lan kadang ingtkang sinubo ing pakurmatan.
Poro pilenggah kakung sumawono putri, sumrambahipun poro duto saroyo pangombyong
temanten.......ingkang tansah suko basuki.

Agunging raos syukur dumateng ngarso dalem Allah SWT. Ingkan sampun paring lumebering
hidayah, soho kanikmatan dumateng kito lan panjenengan sami, sumonggo kito ikroraken kanti
waosan tahmid: Alhamdulillahirabbil “alamin.

Shalawat ugi salam mugio tansah kaaturaken dumateng junjungan kito Nabi Agung Muhammad
SAW.ingkan saestu kito nyadong lumunturing syafa’at benjang wonten pakewuh ipun dinten
qiyamat.

Poro rawuh ingkang pinundi, mboten ateges cumantoko kawulo jumeneng wonten ngarso
panjenengan sami anamung piniji minongko pambiworo lampahing adicoro pasamuhan
walimatul urs ipun Raden Bagus ... bin ... kalian Raden ajeng Roro ... binti ...

Nuninggih poro pilenggah, runtuting adicoro ingkang sampun karonce dening keluargo:

Adicoro Pambuka
waosan pustoko suci al Qur’an
Atur pambagyo pinongko atur pasrah
Istirahat / Kirab temante
wedar Sabdo/ mauidhoh hasanah
Doa-Penutup

Keparengo panoto adicoro ndereaken lekasing pawiwahan puniko kanti pambuko surotul fatihah,
Liridloillah--------

Mekaten adicoro sampun binuko mugio lampahing adicoro awit purno dalah wusono pinaringan
rahayu tebih ing sambikolo.

Kalajengaken adicoro ingkang dumawah ongko kalih, lumantuning waosan ayat-ayat suci al-
Qur’an ingkang bade kaseliraaken dening .... wekdal soho panggenan kaaturaken.
(pembacaan ayat al Quran)

Kanti ayat-ayat ingkang sampun kawahos mugi-mugi dadosno manfaat kususipun dumateng
ingkang maos,ugi dumateng temanten kekalih, sumrambahipun dumateng kulo lan panjenengan
sami.

*) Atur Pasrah
Ndungkap adicoro ingkang ongko tigo nuninggih atur pambagyo pinongko pasrah
temanten ... ,dumateng duto saroro pangombyong ingkang sampun kajibah kasumanggaaken.
Dumateng panjenengan ipoun kaaturaken agunging panuwun

*) Kirab Kanarendran
Para tamu kakung saha putri ingkang dahat minulyeng budi. Sampun sawatawis Pinanganten
sarimbit nggenya lenggah ing dhampar pinasri. Keparenging karsa nedya manjing sasana busana,
saperlu gantos busana. Pramila daya-daya hangancik adicara urut pitu, nenggih Kirabing
Penganten. Dhumateng Ibu Juru Pangadi busana keparena hamratitisaken adicara punika
(menawi wonten Subomanggala) dhumateng Ki Subomanggala keparenga siyaga ing diri sawega
pita suwara., (menawi wonten Subomanggala) praptanipun Ki Subamanggala kairing gendhing
Ayak-ayak Slendro manyuro, dene jengkaripun Pinanganten sarimbit keparenga hangiringi
kanthi larasing gendhing Ktw. Langen gito sri narendra. -----------------gendhing mungel ---
temanten manjing panti busana ------------

Tuladha atur pranatacara wonten ing adicara kirab 1 ( Kanarendran ) :


            Dhampyak runtut swaranyo angayut –ayut, lah puniko tho wau swaraning pradonggo,
ambabar ketawang langen gito srinalendro, humiring tindakiro sekaring pahargyan pawiwahan
nenggih risang pinanganten kekalih, ingkang arso kirab ongko sepisan, saperlu gantos busono
kastriyan, ingkang satuhu ilo ilo ujaring poro kino ingkang dhahat pinundhi pundi, sarto
angleluri laksito harjo nulad edi endahing budoyo.
              Sinten to ingkang sinaroyo anawung kridho minongko pangarsaning lampah ingkang
sinebat subo manggolo yo manggolo subo,, ? Satuhu puniko panjenenganipun bapak……….
Dhasar dedeg pidekso apengawak praboto, sembodo ing driyo tan amengkuh saliring kewuh,
bangkit angentasi karyo, kasembuh wiwit naliko timur mulo anggung ginunggung ginolo-nolo
inguling marang pepoyaning kautamen, milo mboten nama mokal kalamun to anggeniro kapiji
minongko subo manggolo, anggung anengenaken mring kasusilan miwah subosito.
              Kautamaning sang subo manggolo soyo ngalelo, kacihno lebdo ing adi endahing
kabudayan, katitik anggeniro mangarsani kirabing temanten tumapak pada tinata runtut atut nut
wiramaning gendhing, sinawung ebahing asto mangulah langen mataya, kawuryan wadono
madhep pandulu tumungkul ing bantolo, sakedhap sakedhap asto angapurancang, jumbuh
kaliyan sesanti ing ngarso sung tulodho.
             Sawurining sang subo manggolo ana mudho tumaruno lumaksono jajar kalih, ingkang
dhahat mabukuh pratondho prayetneng kewuh, sayekti puniko ingkang sunaroyo mangulah
kridho minongko yudho manggolo kaprah sinebat talang pati, pratiwo manggolo, ugi winastan
satriyo kembar, kaparagan dening kang abagus,,,,,,,dalasan bagus………….
          Kekalihipun samyo kembar, kembar ing busono, kembar ing warno, dinulu sasat jambe
sinigar, sinaring pasuryan sumunu wenes angilar – ngilar, busono sarwi jenar, pro kenyo
kumesar andulu bregase satriyo kembar.
       Ingkang tutwuri ono kenyo tanggung andon lampah, tuhu puniko minongko patahing
pangantyan ingkang pinaragan putri alit sakembaran, kembar busana kembar warno kembar
sariro, kembar dedeg piadeg bebasan jambe sinigar dinulu seje rupane ginigit podho rasane ,
anggenipun lumaksono sambi gegojegan, parandene datan saru lamun dinulu, kawuryan malah
akaryo reseping paningal, candranipun ponang patahing panganten kadi putri andong tinawi
nenggih wulan pergi wulan pergi wati, sanadyan paribasan durung tedhas nggeget suruh durung
tedhas nggigit jambe, parandene sampun bangkit angarah prono akaryo sengseming wardoyo,
ingkang mengkono keno kinaryo pracihno lamun mbenjang dewoso bakal bangkit angentasi
karyo.
         Gebyar gebyar pating calorot busanane. Endah asri yayah kawuryan, lah puniko chandrane
temanten sarimbit, kacondro kadyo daru leleno, opo tho busanane…?
          Penganten kakung ngagem makutho kanigoro awarno kresno, pinalipit ing rukmi
ginepeng, pinathik ing kumolo retno sesumping sekar kanthil, datan kantun ngagem sangsangan
kencono, ingkang kinaryo rebut asri kaliyan sangsangan puspo rinonce, munggwing jonggo
lemebering pamidhangan kawuryan sasat taksoko mijil saking situbondolayu, wimbuh akaryo
pantese panganten kakung, ageman warni kresno sinulam ing benang kencono, pating celorot
cahyane sumunar katon tejane, paningset cindhe baludru wangkingang ladrang ukiran nunggak
semi, selut cetho anglelelo sadriji gedhene, pinathik ing sesetyo noworetno, miwah rinenggo
puspito adi rinonce satekem gedhene, anglelewer ebah ebah kinaryo lumampah ngegreng mrabu
kadulu, nyamping sido asih sinerat rumit angrawit, pinarodo ing kencono tinaretes gumebyar
anelahi, canelo werno kresno rinenggeng sesotyo, pating galebyar kinaryo lumaksono, tinon
saking mandrowo pindho sirahing naga raja ingkang nuju tapak maruto.
       Sinigeng gantyo kang cinarito, kuwung kuwung akekuwung ambabar tejo mandha maya,
tejaning risang suryeng ratri, pranyoto lamun tan kuciwo memanise, meloking wadono sumunar
angilar – ilar angelam-lami pindho kencono binabar.
           Palarapaning penganten putri sinungging pepaes awarni kresno, ireng, meles, menges
anjenges pantes, cecundhuk pinetho wulan tumanggal, den apit centhung kanan kering lir peksi
jiwo jiwo, cundhuk mentul pinasang titi toto pinatut ebah ebah katiyubing maruto sumilir, kadi
kembang dewo ndaru, lamun ginupit ing wardoyo, kadyo astane kenyo sulistyo angawe awe
kekasihe, ukel kapetho bokor mengkurep, kapenet ing sesekaran pinilih, siniseg ing sarana kang
sarwo manik, amung amimbuhi kasulistyane risang penganten putri.
          Kebayak landhung lengkung warnane, ugi tan kari sinulam ing benang rukmo, kaistho
sekar tunjung seto, tuhu endah tuhu edi, milo penganten putri datan siwah sekaring kedathon,
Sangsangan mas sinangling carup wor sangsangan sekar melati, ginubah kamulewer maripit ing
jojo lir nogo taksoko marepek angalon lampah, sido asih nyampinge  kembar kaliyan kang
kakung, pralampito kembar tresnane, kembar bibit bebet bobote, raket supeket akekanthen asto,
tan genggang sarekmo, sanepo renggang gulo kumepyur pulut.
             Cat kicating podo jumangkah gumebyar dening rerengganing canelo kang satwo sesetyo,
asri dinulu kadi wredhu lumaku ing wanci ndalu.
            Ingkang lumaksono aning wuriniro salajur sisih jajar kalih, ono kenyo ingkang maksih
remojo putri, sulistyo ing warni, mumpuni ing kardi, dhasar merak ati atut panembahe ing Gusti,
angrungkebi jejering wanito jati yo sejatining wanito, Nulad mring laksitaning poro putri
pinunjul ing uni, bekti tresno mring sesami, sanyoto katah pro mudho tumaruno anandhang
wigeno andulu poro kenyo listuhayu kumrangsanging  raos kadyo kaselak jajar sumandhing, lah
puniko to warnaniro putri kang apindho dhomas.
          Menawi ing tlatah ngayugyokarto winastan pager hayu, menawi wonten surokarto
winastan dhomas, Dho wilangan kalih mas puniko kawan atus, jangkep wolungatus putri kang
apindho dhomas.
         Wekdal puniko putri ingkang pindho dhomas namung enem ingkang ndereaken jengkaring
putro temanten, mengku pralampito dhateng putro temanten, biso o hanetepi harto karyo harto
brata karyaning bebrayan agung, ingkang ateges  nemtoaken putro temanten ingkang  ginebeng
nem perkawis , inggih puniko :
vWahyaning raos hasmoro nadha, inggih sengseming pangucap
vWahyaning raos hasmoro nala, inggih sengseming manah
vWahyaning raos hasmoro turo, inggih sengseming sih
vWahyaning raos hasmoro gama, inggih sengseming saresmi
vWahyaning raos hasmoro turidho, inggih sengseming kaprihatosan
Wahyaning raos hasmoro tontro, inggih sengseming turun.
          Wondene ingkang lumaris suwantatiro, poro kadang wargo wandowo, sami sami sarimbit
kalyan kang garwo, esthining parasdyo, suko asung puji pangastuti mring penganten , mugi
tuluso bebrayan bagyo harjo ring dunyo prapteng delahan.
              Inkang tut wuri handayani ing salampahiro, inggih puniko ingkang romo ibunipun
penganten putri, jejer kalenggahanipun dados pethiting kirab, satindak tumuleh nganan, sapecak
umenger ngering, lamun tho kawijilo pangunandikaniro, estu atur pujo pambagyo katur
sagunging poro tamu sutresno, jojo ebek bombong mongkog karoban luhuring budi dharmane
para rawuh ingkang sredho sudi angestreni dhauping putro siwi.
               Kawuwoso lampahing risang pinanganten anjog ing wiwaraning sasana budoyo, nulyo
sang subo manggolo suko sasmito mring ingkang binojokromo, kinen gyo angrucat  busono
noropati gumantyo busono satryo aditama manjing jroning sasana busono.
Sanggya adilenggah ingkang tuhu winantu ing kawiryan.
Sinambi hangrantu pinanganten sarimbit purna nggenya gantos busana, ing mangke para kadang
mudha juru ladi kepareng sowan hangaturaken pasugatan katur sagung para tamu minulya.
Pramila hambok bilih ing mangke wonten ngarsa panjenengan kaaturaken pasugatan, kasuwun
mugi wonten keparengipun hangedhapi pasugatan ingkang katur kanthi mardikaning penggalih/
Kinarya haminyak sepining suwasana, ing mangke badhe katur larasing gendhing
---------------------(sumangga mardika kapilih ingkang prayogi) Dhumateng kadang panatapita,
sumangga.

*) Kirab Kasatriyan

Para rawuh kakung saha putrid ingkang tuhu kinurmatan. Ing mangke pinanganten sarimbit
sampun purna nggenya gantos busana. Salajengipun kepareng badhe lenggah malih ing dhampar
pinasri, kanthi rinumpaka ing adicara Kirab Kasatriyan. Pramila dhumateng Ibu Juru pangadi
busana Ki Subomanggala, kasuwun hamratitisaken adicara menika.
Dhumateng kadang panata pita suwara , keparenga hangiringi kanthi larasing gendhing Ktw.
Subokastawa Laras Pelog Pt. 6. ----------------Gendhing mungal, Temanten miyos ngantos
lenggah) --------------------

Tuladha atur pranatacara wonten ing upacara kirab 2 ( Kasatriyan )


Wus tinarbuko wiwaraning sasana busono, kumenyar asung prabowo, kenthar kenthar angambar
kongas gandhaniro marbuk arum wewangi, sumirat mirat tejo maya maya, soyo dangu soyo
melengoni, soyo cerak soyo angranuhi, sanyoto tejane sang pinanganten mijil saking wismo
busono arso mahas ning wismo wiwoho.
 Gyat kang samyo humiyat…..
Wit pasemone sang  pinangantyen ngagem busono kasatriyan kang sarwo endah, katingal gagah
pidekso myang gandes luwes sang rinojo putri, wenang den ucapno pepindhane wong agung ing
ngeksi gandha duk ing uni.
Dhasar satriyo pekik ing warno ngagem busono kang sarwi ……pating calorot pating galebyar
sunare pepindhane kartiko kang asesilih prenah, sang dyah ayu tumungkul semu mesem ing
wardoyo rinenggo ing sesotya maneko warno.
Penganten kakung Wus lukar busono satryo sangsoyo angenguwung prabane, sangsoyo
mencorong guwayane, sangsoyo manteb penggalihe, cinondro kadi bagus danang sutowijoyo
atmojoniro ki gedhe pamenahan, akekanthen asto kaliyan roro dewi semangkin atmojoniro  sri
sultan drowo ing kalinyamat,  lagyo angenggar enggar driyo ameng ameng aneng udyono
mriksani panjrahing sari puspito, ingkang nedheng mangudar mewangi sang senopati kembar
kadi sang suwondo geni atmajane ki demang sangkal putung kalawan sang agung sadayu
yoganiro ki sadewo , kekalihipun tus mijil saking tlatah jatianom, pramilo lamun kadulu
pasuryane sumunar pindho sang purnomo sidi.
Tindakipun penganten sarimbit sami atut runtut reruntungan, sih kinasihan gegandengan asto,
mratandhani bilih kekalihipun sampun sami mangun sedyo, badhe tansah sesarengan pindho
mimi lan mintuno ngantos kaken kaken lan ninen ninen saking dunyo podo dumugyo delahan .
Kang apindho putri asta sata anglur selur dalidir kadyo putri boyongan saking wewengkon
predikan ing toyo biru.
Sumusul ingkang munggwing wuntat, puniko romo ibunipun memayungi lampahing penganten
sarimbit, sedoyo berowo sarto mempen ugi puji puji santi astuti basuki kang kaudi, lestari kang
kaesthi.
Panjenenganipun bapak……sarimbit minongko pini sepuh penganten kekalih, katingal
kekembeng waspo, nangins sanes waspo dhukiro, namung kabekto saking raos bombonging
manah linandhesan puji syukur mring Gusti ingkang akaryo jagad, awit sampun karoban ing sih
nugroho saenggo saget anjenengi pawiwahan ing kalenggahan puniko.
Sang subomanggolo minongko pangarsaning  kirab, sakedap kedap tumuleh atur tenggara
dhumateng kang nedheng kirab, tan prabedo myang poro-poro kirab, poro pinisepuh poro tamu 
kang kebak ing suko bagyo, katingal konjem lenggah semu mesem,
Kawistoro lamun kalegan ing sedyo, pramilo ing batos tansah paring puji dungo pudyastowo
mrih penganten kekalih tansah teguh, rahayu basuki salami – lami.
 Sang pinanganten tuhu loro-loroning atunggal tunggal tungguling aloro, kang sawiji priyo kang
sawiji putri, geleng gilig geleng rumasuk jumbuh  angurut ing cipto, rasa, karso, daya miwah
karyane, munggeng jajar kalenggahane sowang sowang rumongso handarbeni, wajib
hangrungkebi, mulat sariro hangroso wani.
 Pilah pinilih sajuru juru, giling geleng golong gegelengane, datan warsuh sang sinatriyo kembat
menggah ingkang ginupito ing madyo tan lyan sang penganten kekalih, wondene kang winedhar
ing wuri ingkang romo ibu, ingkang anggung mangastungkoro mrih paran parasdyane putri
binerkahan.
Ingkang putro ginadhang gadhang tatag angadepi godha panggoda, amberat salwiring ridhu
pangridhu, kawagang dadyo pangarso hangayomi, hangayemi, hangayani sanggyaning dasih
kaswasih.
Pilih pinilih sajuru juru golong geleng gegelengane datan warsuh tataning titi laksito, napak tilas
sang sujono, sarjono pinasthiko ingkang wus cinandhi ing amiyat,  jinempana  ing maruto,
nenggih ki hajar dewantoro, ing ngarso sung tulodho, ing madyo mangun karso, tut wuri
handayani.
Tan rinaos tindaking sang subo manggolo ndungkap ing sasana rinenggo, pramilo sigro ngaturi
penganten kekalih mapan lenggah ing dhampar rinengo.
Tanggap sasmitho sang pengantyan kekalih, sigro mapan lenggah satata marak ing ngarsanipun
poro tamu, saperlu nyeyadhong berkah pangesthu.
sumringah bingar sinawung suko ing wardoyo sang subomanggolo sidho karyo, tulus lulus
angentasi karyo, nut laksitaning paratama.
Purno samudayanipun sang subo manggolo asung sasmito mring sang pindho noropati miwah
parameswari, ingaturan lenggah ing sasana minulyo, salajengipun sang subo manggolo hangiring
wangsul mring ingkang samyo angiring ambayangkara, ingaturang bedhol wangsul ing papane
sowang sowang, cinondhro lir sata matarangan.

*)  ATUR PAMBAGYAHARJA

Sanggya para rawuh kakung saha putrid ingkang satuhu berbudi mahambeg darma.
Ndungkap adicara urut enem, nenggih atur pambagyaharja saking kulawarga ingkang hamangku
karsa. Saestunipun R/ Harjuna nedya lumarab atur pribadi, parandene kabekta saking sanget
bombing saha bingahing penggalih hanampi rawuh panjenengan sedaya, satemah tan saged
kawijil sedya pamaturipun. Pramila atur pambagya harja badhe kasarira panjenenganipun R/
Wisnumurti. Katur R. Wisnumurti sumangga kula dherekaken jengkar saking palenggahan
jumeneng ing sasana sabda, dhumateng R. Harjuna sekalian kasuwun jumeneng hangampingi.
---------------- Atur pambagya paripurna ----------------
Makaten wijiling atur pambagyaharja saking kulawarga ingkang hamangku karsa, ingkang
sampun kawedhar lumantar R/ Wisnumurti.

*) SABDA TAMA/ WURSITAWARA

Sagung adilenggah ingkang tansah kinaroban robing samodra yuwana basuki.


Ing mangke Pinanganten sarimbit sampun lenggah malih ing dhampar pinasri. Ing semu
kekalihipun tasih mangu-mangu jroning kalbu, karana rumaos kiranging sangu nggenya badhe
hanggebyur ing samodraning agesang bebrayan. Pramila tansah hangantu paringipun wasita adi
saking para sepuh.
Pramila daya-daya hangancik adicara ingkang urut 8 nenggih wedharing sabda tama, ingkang
badhe dipun paringaken dening R/ Puntadewa. Katur Ingkang tuhu kinabekten, panjenenganipun
R. Puntadewa, sumangga kula dherekaken.

-----------------Wursitawara kababar ngantos purna --------


Makaten wedharing wursitawara saking panjenenganipun R/ Puntadewa , mugi-mugi dening
pinanganten sarimbit saged kancandhi pindha jimat paripih kinarya oboring lampah nggennya
badhe lelumban ing madyaning agesang bebrayan.

*)HASTUNGKARA/DO’A
Pra tamu kakung sumawana putrid ingkang tuhu kinurmatan.
Hangancik adicara ingkang urut 9 , nenggih paringipun puja hastungkara saking sagung para
tamu, ingkang mangke kasuwun dipun pangarsani dening Eyang Wiyasa.
Katur Panjenenganipun Eyang Wiyasa, sumangga kula dherekaken
-----------------------Hastungkara purna --------------------
Sagung para rawuh ingkang minulyeng budi.
Saderengipun kula dherekaken hangancik adicara salajengipun, keparenga lajuning adicara kula
sigeg langkung rumiyin, saperlu atur kalodhangan dhumateng para kadang juru ladi
hangaturakaen pasugatan katur sagung para tamu minulya.
Pramila hambokbilih ing mangke wonten ngarsa panjenengan sedaya sampun kaaturaken
pasugatan, kasuwun mugi wonten keparengipun hangedhapi pasugatan kanthi mardikaning
penggalih. Kinarya hamyak sepining suwasana ing mangke badhe katur larasing gendhing
………….ing pangajab saged hanambahi raos eca nggenya hanikmati pasugatan.

*) PANUTUP

Sanggyaning para rawuh kakung saha putrid ingkang tuhu kinurmatan.


Mboten dangu malih pahargyan punika badhe paripurna. Namung Saderengipun kula dherekaken
hangancik adicara panutup, keparenga kula ingkang piniji handherekaken lampahing adicara,
saestu nglenggana kathah kekirangan saha kalepatan ingkang mboten adamel suka renaming
penggalih sagung para tamu. Pramila kula namung saged hangaturaken tebah siti wohing dami
kinukus binuntel roning kalapa, sedaya kekirangan saha kalepatan nyuwun gunging pangaksama.
Sagung Para tamu ingkang satuhu berbudi mahambeg darma. Pinangka pratandha paripurnaning
pahargyan, pinanganten sarimbit jinajaran rama ibu keparenga jengkar saking palenggahan,
tumuli jumeneng wonten korining sasana pahargyan, saperlu hanampi paring pangestunipun
sagung para tamu.
Dhumateng Ibu Juru Pangadi busana kasuwun hamratitisaken, dhumateng kadang panatapita
suwara, kasuwun hangiringi kanthi larasing gendhing Ayak-ayak umbul donga S1. Myr.
Ing wasana sumangga kula dherekaken hamungkasi pahargyan ing siyang punika kanthi
hamemuji manjalmaning sesanti- Jaya-jaya wijayanti mugi rahayu ingkang samya pinanggih.
Pinangka panutuping atur, kula hangaturaken agunging panuwun, sugeng kondur mugi widada
ing marga.
Wassalamu’alaikum wr. wb

Anda mungkin juga menyukai