Anda di halaman 1dari 4

MEMBUKA ACARA

Assalamuallaikum Wr Wb (Bagi yang muslim)

Lumintuning Puja Astawa saking Gusti ingkang Hamurbeng Rat,


Satemah hambabar daya pangaribawa ingkang tumanduk dhumateng
kawula dasih, cihna ing kaludangan menika panjenengan sedaya lan
kula taksih saget nyawiji wonten ing papan menika kanthi rahayu
wilujeng nir ing rubeda. Awit saking menika sumangga panjenengan lan
kula ngunjuaken suka syukur dhumateng Gusti ingkang Maha Wicaksana
sinertan nyenyuwun mugi-mugi salwiring gati wiwit purwa madya
dumugi wasana samangke saget lulus raharja,gancar rancak tinebehna
saking sedya pambeng nir ing sambekala.

Nuwun dhumateng para rawuh ingkang satuhu kinormatan


para sepuh pinisepuh ingkang sampun pana ing pamawas sarta lebda
ing pitutur
para purna karya labet praja sarta sarjana sujananing budi
boten katalumpen dhumateng para kadang wreda muda taruna ingkang
satuhu bagya mulya

Keparengna kula sowan wonten ing ngarsa panjenengan sedaya ing


ngriki hangemban dawuh saking pamangku gati nun inggih Bapa...(yang
punya hajat).....piniji mratitisaken pahargyan prasaja dhaupanipun
Nimas Ayu...(Nama pengantin putri)...ingkang ari menika jinatu krama
dening Dhimas Bagus .....(nama pengantin putra) atmaja putranipun
Bapa...(nama besan) ingkang mijil saking laladan (nama desa besan).

Para Rawuh kakung putri ingkang satuhu pantes hanampi sagunging


pakurmatan
hamurwakani lekasing sedya wigatosing gati, keparengna langkung
rumiyen kula aturaken urut rantamaning adicara ingkang sampun
rinumpaka dening keluarga ingkang hamangun suka.nun inggih adicara
ingkang kaping:
1. pambuka
2. mijilipun temanten putri
3. praptaning temanten kakung
4. pasrah-tampi
5. panggih
6. krobongan
7. mapak besan
8. sungkeman
9. photo temanten
10. pambagya harja
11. panutup/purna
Mekaten para rawuh menggah urut rantamaning adicara wonten ing
wedhal menika,ingkang saklajengipun keparenga panjenengan sedaya
hangestreni tumapaking gati kanthi suka renaning penggalih dumugi
wasana samangke.
Nuwun

Catatan: Dalam Bahasa Jawa akhiran kata "a" seringnya dibaca "o" (
oleh-oleh)
Contoh : menika=meniko, sedaya=sedoyo, adicara=adicoro
Dalam setiap sesi acara agar tidak sepi dan bisa menghidupkan suasana
perlu diputarkan gending-gending pahargyan temanten.Untuk
membuka acara gendingnya adalah Ktw. Mijil Wigaraningtyas Pl. 6 /
Pramugari Pl.Br

Dalam setiap acara terbagi beberapa sesi seperti yang sudah terdaftar
dalam susunan acara tersebut di atas. Sebagai pranatacara tentunya
dalam setiap sesinya harus mengarahkannya agar bisa urut dan
berjalan sesuai yang sudah direncanakan.

Berikut contoh mengarahkan sesi:

PAMBUKA

Para rawuh kakung putri ingkang satuhu bagya mulya,sumangga adicara


wonten ing wedhal menika dipun buka sesarengan,mliginipun
dhumateng ingkang ngrasuk agami Islam kasuwun sesarengan maos Al
Fatikhah kaping sepisan,dhumateng ingkang ngrasuk agami sanes saget
njumbuhaken miturut gegebengan saha kapitadosan sowang-sowang.
Sumangga (membaca al-fatikhah)........mekaten para lenggah adicara
sampun binuka, mugi-mugi kanthi pandunga panjenengan sedaya
kalawau adicara samangke saget lulus raharja gancar rancak tan ana
rubeda Aamiiin

MIJILIPUN TEMANTEN PUTRI


Ngancik adicara ingkang kaping kalih nun inggih mijlipun Temanten
Putri saking tepas wangi tumuju kursi rinengga,sakmenika sampun
wonten sasmita lan tengara bileh sampun purna anggenipun temanten
putri mulas wedana,ngedi sarira. Awit saking menika dhumateng para-
para ingkang hanganthi murih rahayuning sedya hamung sumangga.

Untuk sesi ini gending pahargyan yang diputar yaitu Ktw.Sekarteja


Sl.My / Ktw Puspawarna Sl.My
Agar semakin hidup mijilipun temanten putri ini bisa diberikan candra
yang contoh teksnya bisa di lihat pada artikel Contoh Teks Panyandra
Temanten Jawa Terbaru.untuk sesi berikutnya

PRAPTANING TEMANTEN KAKUNG


Para rawuh ingkang satuhu pantes sinuba sekaring
pakurmatan,temanten putri sampun lenggah kanthi raras wonten ing
kursi rinengga,pramila saking menika inggal lumadhi adicara
candhakipun nun inggih adicara kaping tiga PRAPTANING TEMANTEN
KAKUNG saking sasana palereman tumuju wonten ing sasana
pahargyan. Nuwun

untuk sesi ini gendingnya Ldr. Wilujeng dan biar tambah hidup
suasananya bisa diberikan candra yang contohnya bisa dilihat di Contoh
Candra Temanten Pada Acara Pernikahan Jawa.contoh teks berikutnya
adalah untuk sesi

PASRAH-TAMPI
Para rawuh kakung putri sinedhahan ingkang minulya. Ngancik
adiracara saklajengipun nun inggih pasrah-tampi. Parandene ingkang
badhe hamakili minangka duta saking Bapa..(Nama besan) nun inggih
Bapa ..(nama wakil pasrah).parandene minangka sulih sarira saking
pamangku gati nun inggih Bapa..(nama wakil tuan rumah/yang punya
hajat).pramila saking menika dhumateng priyangung kekalih murih
rahayuning sedya hamung sumangga. nuwun

untuk sesi ini tidak diputarkan gendhing-gendhing.


Nah! sementara ini dulu,untuk postingan contoh-contoh teks MC
Bahasa Jawa / Pranatacara di pernikahan berikutnya akan saya berikan
pada artikel yang selanjutnya.
Jika anda rasa ini bermanfaat tolong di share ya.salam budaya.

Anda mungkin juga menyukai