Anda di halaman 1dari 14

NASKAH NEBUS KEMBAR MAYANG

BAPA JAPI, SONO, 13 MEI 2023

A. Pra Acara Uyon-uyon


Tim karawitan ngungelaken Gending-gending Mirunggan
1. Ldr. Selamet Sl. My.
2. Ldr. Santi Mulya kal. Ktw. Mijil Wigaringtyas Pl. Nem.
3. Ldr. Bayangkare kal. Lcr. Singa Nebah Sl. My.
4. Ldr. Dirgahayu kal. Lcr. Penghijauan Sl. My.

B. Naskah Nebus Kembar Mayang

1. Pambuka dening Panatacara (Kahiring Ktw. Mijil Wigaringtyas, Pl. Nem)


Nuwun para sesepuh, pinisepuh, myang pepundhen ingkang ingabekten, waradinipun
dhumateng para rawuh kakung-putri wredha-mudha minulya, kaparenga kula…. amurwani
lumampahing adi cara Nebus Kembar Mayang, peranganing tata cara adat penganten Jawi
ingkang ngewrat pitutur luhur. Lampahing adicara Nebus Kembar Mayang winangun ing
gelar seni ingkang sinengkuyung dening para seniman lan seniwati brayatipun pamangku
gati, Bapa Wiyono. Wondene para paraga ingkang nyalirani lampahing adicara punika
inggih punika :

1) Kaki lan Nyai Purba Wasesa : Bp. Japi


2) Badhe pengantin putri : Rara Ayu Indra Desy Pratama
3) Kaki lan Nyai Sarayajati : Didik Supriyadi & Nanik
4) Ki Wasitajati : Prof. DR. Widodo Brotosejati
Para cantriipun : ------
5) Dalang : ......................
6) Paraga karawitan : Pakar Jawi Unnes

Para rawuh kakung-putri, murih gancar lampah, purwa, madya, wusana mangih raharja
mangga kula dherekaken nyeyuwun sih wilasanipun Gusti kanthi apatrap mangesthi
miwah nyuwun pangestuning para laluhur myang pepundhen sami. Gancaring carita
panebusing kembar mayang enggal kapiyarsa.

C. Uruting babak
1. Babak Padhukuhan Kalisegara
a. Pambuka Sendhon Kaloran, Sl, My. dening Ki Dhalang
Galak ulat kadi thathit ambarung
Kang pamulu alus manis maweh kung, O……
Sembada gung, adedeg manda rangkung
Agoreh pantes dadya memalat kung, O …….
b. Janturan
Swuh rep data pitana, hanenggih pundi ta wastaning papan minangka bebukaning
carita, lah punika ta Gupit Mandragini, dalem agung paleremanipun Kyai Purba
Wasesa ing padhukuhan Kalisegara. Ki Purba Wasesa miyos saking puri tumingal
sumilir candrane (Ktw. Ilir-ilir Sl. My., hanyarengi miyosing Ki Purbawasesa
sekaliyan)

1
c. Pocapan
Wusnya prapteng unggyaning papan kang tinuju, Kyai Purba Wasesa ngudaraos
mring putripun ingkang sampun ngancik diwasa. Sulistyaning warna lan
jangkeping tatakrama dadya reraosaning para priya ing desa-ngadesa
sumarambah ing kitha-kitha sakanan kiringipun ingkang nedya hanjatukrama.
Kang mangkono nuwuhaken goreh penggalihing Kyai Purba Wasesa. Makaten
pangudaraosing ndriya kalamun kawedharna.

Ki Purba WS : ara nyana jebul anakku wadon diwasane dadi rebutaning para priya.
Ujaring mbok bakul sinambi wara amarga saka ayu warna tur
hambudaya.
Ki Purba WS : yen tak sawang, solah slagane anakku ing wektu iki rada beda, semune
rongeh-rongeh sajak ana grundelaning rasa kang ora kawetu. Kamangka
dhek samana wis kadhung nama panglamaring priya gek sedhela maneh
aku bakal mantu.
Ki Purba WS : Ya wis, nduk coba mreneo. (kahiring Srepeg Basiyan: 2, 3635 3632, 6612 3216, 5612
3216, 3365 3632)

Lampahing Ki Purbawasesa jinantur dening Ki Dalang


Ki Purba WS :Anakku ngger cah ayu, tak gatekake slagamu rada beda karo adate, ana
apa ta ndhuk? apa angonmu nama panglamar dhek semana kliru, yen
pancen mangkono mengka rama kang bakal murungake. Utawa ana
prekara liyane? Coba matura blaka suta wae dhuk.
Rara ayu Indra :Inggih rama. sak derengipun matur lepat nyuwun pangapunten sampun
damel ribeting manah. Panglamaring kang mas Ibrahim Lahy sak estu
kula tampi kanthi sengseming ati, kula sampun mantep sanget. Semanten
ugi Mas ,mandar kula sampun prasapa badhe gesang sesarengan
mangun bale wisma renteng reruntungan tan purun gingang sarikma
rama.
Ki Purba WS : We lha dalah. sida bakal mantu iki, lan sedhela maneh nduwe putu sing
wis tak impi-impi siyang dalu, hemmm. Ning apa kang ndadekake
rongehing rongehing atimu nduk?
Rara ayu : Emmm, anu rama…. lepat nyuwun pangapunten. Jroning tirakat ing
pasingitan kula ngimpi rama.
Ki Purba WS : Ngimpi apa kowe ndhuk, blokowa wae.
Rara ayu : Ing pangimpen kula dipun pangguhi Jawata. Panjenenganipun
dhawuh yen ta kepingin langgeng anggen kula mangun bale wisma
ngantos puputing yuswa, jroning upacara pawiwahan pengantin kedah
wonten sekar mayang sak kembaran Kalpataru Dewandaru rama…
(Gending Kagetan)
Ki Purba WS :O o o, ngono ngger, ya ya ndhuk bebasan anak polah bapa
kepradhah, sanadyan rama babar pisan durung pirsa sekar mayang
sak kembaran Kalpataru Dewandaru nanging bakal mbudidaya
mujudake pamintamu dhuk. (Srepeg Basiyan kasirep)

2
Janturan
Lir katampeging samodra rob jajaning Ki PWS dupi anampi aturing Rara Ayu Indra,
sadayan awrating penggalih kadya amikul bumi, nanging pamothaing keng putra badhe
dipun wujudi. Sakala Ki PWS amantheng raos, milang-miling sinten ingkang badhe
kasuwun ngluwari pamothahing keng putra. Jroning pamiling emut mring Ki Sarayajati,
satunggaling janma limpad seprapat tamat saking Ngijo Pura. Bebasan tan kena rinaosan
lan pinidak ayang-ayange, dupi Ki PWS nyebat asmanipun, tanpa kanyana jleg, Ki
Sarayajati prapta ing ngarsanipun. (Srepeg Basiyan Wudar lajeng suwuk)

Sak rawuhipun lajeng wawan rembag

Ki Sarayajati : Kula nuwun, kula ingkang sowan Ki Purbawasesa


Ki Purba WS : inggih Ki Sarayajati, sak rawuhipun kula ngaturaken pasegahan
panakrami. Maturnuwun panjenengan kersa rawuh ing sudhung kula.
Ki Sarayajati : jroning pinten-pinten dinten kula menika bebasan mangan ora enak,
turu ra kepenak, dolan ora jenak, neng ngomah bingung tansah kemutan
panjenengan kepingin sowan, wonten prekawis menapa Ki?
Ki Purba WS : Panjenengan menika pancen janma limpad lantip ing panggraita.
Mekaten Ki, anak kula gendhuk---- menika rak badhe palakrami, dhaup
kaliyan jejaka saking---- nami----. Kekalihipun sampun mantep mandar
sampun prasapa gesang sesarengan pindha mimi-hamintuna. Nanging
jroning pangimpen ing pasingitan, anak kula nampi dhawuhing Jawata
murih lestarine balewisma kinen angupadi sekar mayang sak kembaran
kalpataru dewandaru minangka jangkeping sarana. Miturut petang kula
mboten wonten tiyang sanes ingkang saget mujudaken panyuwunan menika
kajawi namung panjenengan.
Ki Sarayajati :Jagad Dewa Bathara mustikaning jagad raya, nun inggih Ki, sadayan
awrata kinaya ngapa, dhawuh panjenengan kula sendikani. Murih
gancaring lampah kula nyuwun pangestu miwah sangu klasa bangka
sinulam suket kalanjana lss ,
Ki Purba WS : inggih Ki, sedaya sarana sampun kasamektaaken.
Ki Sarayajati : Menawi makaten kula bidhal sak menika.
Ki Purba WS :Inggih Ki Sarayajati, pamuji kula ndherekaken tindak panjenengan.
(Srepeg Basiyan kasirep)

3
2. Babak 2
Janturan Ki Saraya jati medal pasilan gya angupadi ing pundi papan dunungipun sekar Kalpataru
Dewandaru. Tindakira angasta klasa bangka sinulam suket kalanjana lan sakehing rajabrana kinarya
sarana amboyong sekar adi manca warna. Saya dangu saya tebih lampahira. Ing samargi-margi
tansah amemuji mring panguwaosing Gusti murih saged amujudi pamitaning Ki PWS. Nanging
sampun sawatawis dangu anggenira lumampah dereng wonten pratanda badhe kasembadaning sedya.
Kawistingal lampahira Ki Sarayajati rangu-rangu, sakedap-sakedhap tumoleh pindha taksaka kapidak
pethitira. Katitik saking tepunging wimba lan petenging pasemon, lamun tumenga atebah jaja,
tumungkul atampel wentis mratandhani ribeting penggalih. Kandheg lampahira ngya nyuwun
pitedahing Gusti (Gending wudhar lajeng suwuk).

Ki Sarayajati Nyekar Mijil Pl. Nem.


Hyang dewadi sumbeing aurip
Apa bisa klakon
Nadyan saguh tan weruh wujude
Sekar mayang dumunung ing ngendi
Yen ana sayekti
Sun boyong mrih gambuh

Kalajengaken buka Celuk Nyi Saraya Jati Nyekar Ktw. Driasmara Pl. Nem.
Lampahing Kaki lan nyai Sarayajati kahiring Ktw. Driasmara Pl. Nem.
Purna ungeling gending, ing sak tengahing margi Ki Sarayajati reraosan.

Ki Sarayajati: Nyai, wis sawetara wektu anggone awake dhewe nampa dhawuh Ki
Purbawasesa, nanging nganti dina iki durung ana tandha-tandha bakal
antuk gawe. Iba wiranging manah yen ta nora bisa mujudake dhawuhe Ki
Purbawasesa. Becike piye nyai….
Nyai SJ :Kula ugi mboten mangertos kyai, nembe sepisan menika antuk dhawuh wae
mujudake barang kang angel digoleki. Mbok nggih ta yen ngajak kula
menika bangsa tumbas brambang, lombok wonten peken utawi mangsak
pecel, opor, kupat lan sak panunggalaipun rak kula saged nyembadani ta
Kyai, dados mboten kedharang- dharang kados ngaten menika ….
Ki Sarayajati: Iya nyai, nanging aja dadi atimu lan aja dhemen ngundhamana lelakon
kang wus kawuri. Awake dhewe ana ing Kalisegara Gunungpati dituwakke
malah dadi paran para, mula ya kudu bisa mrantasi karya, apa maneh wis
kadhung saguh, mula kudu wani lan bisa mrantasi nyai…….

4
Pocapan
Wauta, lampahing Kaki lan Nyai Sarayajati sampun ngancik tigang candra lawase. Ewa
semanten dereng wonten sisik melik wonten pundi papan dununge barang ingkang den
upadi. Jroning jibeging raos, ing tepis wiringing tlatah Sekargading, lamat-lamat
kapiyarsa suwantening kekidungan, dadya kagyat Ki Sarayajati. Makaten kalamun
kawijilig lisan.

Ki Sarayajati: Lho nyai, kowe mireng apa ora, kae ana swara kidung lamat-lamat
angrerangin saka arah lor wetan kang bisa mengkorogake githok, coba
rungakna?
Nyai SJ : Inggih saya cetha kyai-----
Ki Sj : Ayo ditakyinake mbok menawa bisa ngentneg-entengi pakaryane dhewe….
(Kahiring Srepeg Mataraman Sl. Sanga, lajeng kasirep)

Pocapan
Sinigeg caritane lampahing Kaki lan Nyai Sarayajati. Gantya kang winuwus, ing
Palereman Bratasejati Ngesti Tunggal, Ki Wasitajati kaadhep para cantrik ingkang nembe
nyekar kekidungan lan nyuraos wewarah ingkang kaserat ing wedha-wedha suci.
Suwantening kidung anganyut-anyut maweh raras renaning driya, kalamun cinandra
kadya Gondhang Kasih…. (Ki Wasitajati myang para cantrik miyos Kahiring Ktw.
Gondhang Kasih, Pl. Lima)

Ki Wasitajati
5
3. Babak 3
Para cantrik samya ngidung
1. Ana kidung rumeksa ing
wengi Teguh hayu luputa ing
lara Luputa bilahi kabeh
Jim setan datan purun
Paneluhan tenung tan wani
Miwah panggawe ala
Gunane wong luput
Geni atemahan tirta
Maling adoh tan ana ngarah mring mami
Guna dudu pan sirna
2. Sakehing lara pan samya bali
Sakeh ama pan sami miruda
Welas asih pandulune
Sakehing braja luput
Kadi kapuk tibaning wesi
Sakehing wisa tawa
Sato galak nurut
Kayu aeng lemah sangar
Songing landhak guwaning wong lemah miring
Myang pakiponing merak
3. Ki Wasitajati Ngidung Badrasanti
Para cantrik taken werdinipun sekar-sekar ingkang kakidungaken, Ki Wasitajati
njentrehaken setunggal mbaka satunggal sinawung gegojegan sak wetawis.

Ki Wasitajati :Wis cetha werdining sekar-sekar mau, trik, aja padha susah
atimu,pancen nggegulang kawruh lan ngelmu mono ora gampang,
sing sabar ya. Kana, golek-golek wedang kana. Pacitan iwak ya
kenek lho Trik. Iwak sawah. Wah jan, nyamleng tenan.

Cantrik :Mboten Kyai, badhe nyuwun priksa. Lhe rampung wajibe awake
dhewe niki njing napa ta Kyai?”

:Lha iya ta Trik. Wis sangang candra lawase awake dhewe tapa

6
ngrame nunggu dagangan. Ewa semana aja maneh payu, ana wong
ngenyang wae ora. Njur kapan ya Trik dagangan iki ndang payu.

Cantrik :”Lha wong barang sae. Kembang wujude loro kembar tur bunder-
bunder mencorong kaya ngaten. Nek didol sak-sak’e nggih eman-
eman. Pama kula pek dhewe ngoten dos pundi Kyai?”

Ki Wasitajati :Lha apa maneh kok kowe, aku dhewe wae nek nyawang wujude
kaya ngono ki jane ya isih butuh. Sabar Trik, nadyan aku ki ya …
ngampet. Wis wujude becik tur gandane arum ngambar-ambar
ngebaki padhepokan. Ning iki dudu bageyanne dhewe. Awake
dhewe mung didhawuhi nunggu. Kang nembung kembang iki wis
ana udakara selawe cacahe ning durung ana sing bisa mangsuli
sesandi kang dak aturke.

Cantrik :Wah poma kula niku isa dadi tawon ngoten rada bebas nggih?

Ki Wasitajati :Arep ngentup ngono pa piye? Aja maneh kok ngentup, ngambung
we ra oleh ya Trik? ………
[katungka rawuhe Ki Sarayajati (KSJ)]

Ki Sarayajati :Kula nuwun, nuwun Kyai…!


Lajeng Sekar Pocung (garap ketoprakan)
Kula nuwun, ndherek tepang gladhi wanuh
Nyuwun pangaksama
Nami kula Srayajati
Keparengna nupiksa papan menika

Ki Wasitajati :Oh mangga, sumangga Kyai tindak mlebet…!

Ki Wasitajati :[Pocung] ”Wisik ulun, Ki Wasita jati tuhu, lan papan punika,
Karanggeneng Ngesti Tunggil, kula njagi sekar adi mancawarna.

Ki Sarayajati :Hastungkara Jagad. Jebul mriki Padhepokan Kranggeneng Ngesti


Tunggal, lan panjenengan punika Ki Wasitajati, dene menika sekar
adi mancawarna.

:Inggih Kyai pancen kasinggihan. Kosok wangsul kaparenga kula


Ki Wasitajati ndherek tepang nggladhi wanuh.
:Inggih Ki Wasitajati, waleh-waleh punapa, ingkang sudi amastani
Ki Sarayajati kula pun Sarayajati, wingking saking Sekargading, Kalisegara
Gunungpati, Kithagora Semarang. Nguni kula kautus dening Ki
Purbawasesa kinen ngupadi sekar adi mancawarna inggih kembar

7
mayang. Kedharang-dharang lampah kula ngantos dumugi ing
papan mriki.

Ki Wasitajati :Ooo makaten… lhaaah dhawah kaleresan Kyai. Sekar ingkang


panjenengan upadi sampun wonten ngarsa ndika niki. Nggih niki
sekare.

Ki Sarayajati :Wee lha dalah. lha… nuwun sewu, larah-larahipun kados pundi
dene panjenengan saged nenggani sekar adi mancawarna wonten
papan mriki punika Kyai?

Ki Wasitajati :Makaten Kyai dongengipun. Duk ing nguni Kahyangan Jong Giri
Kaelasa kataman ing gara-gara awit saking dayanipun satriya tama
kang nedheng tarak brata. Lajeng Sang Hyang Guru animbali
hapsari cacah pitu kinen karya sarana sireping gara-gara.

Ki Sarayajati :Hapsari cacah pitu punika sinten kemawon, lan karsanipun Sang
Hyang Guru kados pundi Kyai?

:Hapsari cacah pitu punika: Bathari Supraba, Prabasini, Warsiki,


Ki Wasitajati
Irim-Irim, Gagar Mayang, Leng-leng Sari miwah Leng-leng
Mandanu. Sang Hyang Guru dhawuh pra hapsari kinen yasa sekar
adi mancawarna, kalpa taru, dewandaru jayandaru, katelah sinebat
kembar mayang. Sekar punika dados nugraha tumrap satriya kang
sampun labuh labet dhateng kayangan. Dene sekar punika sadaya
peranganipun mengku wardi. Makaten Kyai.

:Lajeng peranganing sekar punika werdinipun punapa Kyai?


Ki Sarayajati
:Nuwun sewu lepat nyuwun pangaksama. Sejatosipun sekar adi
Ki Wasitajati mancawarna punika tumraping para Leluhur Jawi dados
satunggaling pralampita piwulang kaweruh kasampurnan. Mila
wiwit saking kajeng, pang ron ngantos oyodipun sadaya wonten
naminipun lan wonten werdinipun. Mandar kula nyuwun tulung
wewarah ingkang awujud sekar Dhandhanggula menika
panjenengan sekaraken rumiyin

Ana kayu apurwa sawiji, epangira aran keblat papat, agodhong


Ki Sarayajati mega rumembe, apradapa kekuwung, kembang lintang salaga
langit, sari andaru kilat, woh surya lan tengsu, asirat bun lawan
udan, apepucak akasa bongkah pratiwi, oyode bayu bajra.
Hanyarkara sinanggid memanis
angrumpaka sekar manca warna
dhahat endah ing warnane

8
warna-warna sinebut
kembar mayang dennya mastani
pranyata edi endah nenggih kalpataru
mamet sengseming wardaya
dewa ndaru jaya ndaru edi peni
mustikaning puspita

Nut carita du king nguni-uni


ila-ila ujaring pra kina
gung pinundhi prapteng mangke
kembar mayang punika
rinakiting pra widadari
kinarya sung nugraha
satriya linangkung
ingkang asung bekti darma
labuh labet mring dewa kang mahaluwih
mberat sukertaningrat

Kalampahan dumugi sapriki


dadya srana kang apalakrama
mangka jangkeping pasrenne
sinten kewala mantu
amiwaha atmajaneki
mahargya marang putra
ingkang nedya dhaup
parikedah kanthi srana
ubarampe wujuding puspita adi
winastan kembar mayang

Kang mangkana esthining panggalih


amrih bisa lestari widada
sri penganten sakarone
jinangkung ing Hyang Agung
saniskara ingkang kaesthi
sembada kang sinedya
jumbuh kang ginayuh
guyub rukun ing bebrayan
sih sinihan panganten kakung lan putrid
winantu bagya mulya
Lajeng werdinipun sekar menika kados pundi Kyai, kawiwitan
saking Kajeng lan oyodipun punika punapa lan dospundi
werdinipun Kyai?

9
Ki Wasitajati :Kajengipun kawastanan Kayu Purwa Sejati. Kayu punika kayun,
kayun punika kayat, tegesipun urip, purwa punika wiwitan, sejati
sampun mastani. Dene werdinipun inggih urip punika ingkang
dados purwaning dumadi mapan wonten karep. Dene oyodipun
sinebat bayu bajra punika mlebu metuning napas lambang
kasantosaning budi lan kekiyataning manah. Werdinipun,
salebetipun nglampahi gesang janji isih bisa ngolah mlebu-
metuning napas sejati ora ana barang abot, barang angel lan
barang rekasa yen pancen dikarepake. Ning yen tiyang mboten
karep, enthenga nggih sinangga awrat. Makaten Kyai.

Ki Sarayajati :Lajeng pangipun punapa Kyai?

Ki Wasitajati :Pangipun awasta keblat papat. Ingkang manglung mangetan aran


Girang Puspandriya, manglung mangidul aran Janur nurcahya,
mangilen name Waringin Jatilaksana, dene ingkang manglung
mangaler nama Andong Birawangga. Dene werdinipun; sekaring
gesang punika dados gagasan, dene ingkang ginagas inggih
ingkang ndadosaken sengseming manah. Mila tiyang punika
direwangi rekasa direwangi prihatin ngesthi purbaning Gusti,
napakake awak pamrihe mung pados katentreman. Makaten Kyai

Ki Sarayajati :Nuwun sewu, salajengipun babar pisan kajlentrehna satunggal


mbok ka satunggal, kula nedya nganglungaken jangga nilingaken
karna, Kyai.

:O inggih syokur menawi makaten, kula gancaraken mawon.


Ki Wasitajati
Godhongipun nami mega rumembe utawi mendhung tumiyung, lan
pradapanipun kekuwung punika kaluwung, kembang lintang salaga
langit, sari andaru kilat, woh surya lan tengsu utawi srengenge lan
rembulan, asirat bun lan udan, pucakipun akasa bungkahipun
pratiwi. Dene werdinipun makaten; tiyang punika wadag asal
saking Ibu Bumi inggih Ibu Pertiwi, alus saking Bapa Akasa isi
srengenge lintang rembulan ndaru lan kilat nur lan cahya, punika
leluhur kawitanipun sadaya titah. Yen ing akasa katingal wonten
mendhung punika ateges badhe jawah, yen dados jawah anelesi
bumi, temah nukulaken tataneman lan kajeng-kajeng, ingkang
sejatosipun mastani bilih asale kabeh makhluk kang ngendhog,
manak, lan thukul punika saking toya, dipun wastani tirta prawita-
di, tirta kamandanu, inggih tirtaning panggesangan. Sejatosipun
toya jawah punika purwanipun saking samodra, kenging panasing
surya sumubipun kempal wonten akasa lajeng dados jawah dhawah
dhateng bumi malih. Pralambang sapa nandur bakal ngundhuh,
sapa utang bakal nyaur, lan sapa nyilih bakal mbalekake. Mila
sami-sami nandur sasaged-saged nandura wiji kang utama,
berkahipun dados kabagyan lan kamulyan, makaten Kyai.

10
Ki Sarayajati :Ooo, dados sekar adi mancawarna mengku makna ta. Kula kinten
ya mung janur diuntel-untel dinggo hiasan ngaten mawon, jebul
wonten wardinipun. Malah-malah dados kanugrahan. Gandheng
sekar adi mancawarna mapan wonten mriki, ateges panjenengan
pikantuk kanugrahan punika ta Kyai?

Ki Wasitajati :Ooo mboten Kyai. Sejatosipun kula namung kadhawuhan anengga


kemawon. Sok sintena ingkang badhe gadhah damel mantu kenging
mboyong sekar punika nanging wonten sarananipun, inggih kedah
liniru mawa sarana lan menawi sampun purna ing karya kedah
dipun wangsulaken .

Ki Sarayajati :Lajeng sarana lirunipun punapa Kyai?

Ki Wasitajati :Lirunipun sadak lawe sajodo, klasa Bangka, lan degan cengkir
Kyai.

:Sadak lawe punika punapa ta Kyai?


Ki Sarayajati

:Sadak-lawe punika sedhah utawi suruh temu rose ingkang lininting


Ki Wasitajati katangsulan lawe wenang.
:Lajeng mangke caranipun mangsulaken kados pundi, Kyai.
Ki Sarayajati
:Caranipun mangsulaken, menawi kembar mayang sampun kagem
Ki Wasitajati ndhaupaken penganten, kembar mayang kabucala dhateng dalan
gung pra sekawanan. Ing pangesthi ambucal sukertane penganten.
Makaten, Kyai.

:Rehne sampun trawaca kaparenga kembar mayang daya-daya kula


Ki Sarayajati boyong, Kyai.

:Inggih Ki Sarajati nyumanggakaken. Namung kula titip weling,


Ki Wasitajati pamboyonging kembar mayang kedah mboten kanthi malang-
tumoleh, sampun ngantos kendel ing marga yen ta dereng dumugi
papan dunungipun ingkang nyaraya panjenengan. Lan panjenengan
kula kantheni abdi kula pun pringga baya lan pringga rumeksa
pangajab sampun ngantos manggih rubeda ing marga. Lan
saderengipun sekar kaboyong langkung rumiyin badhe kula
mantrami mawi mantram sakti supados mboten alum ronipun lan
mboten gogrok sekaripun.

Singgah-singgah kala singgah

11
Pan suminggah durga kala sumingkir
Singa sirah singa suku
Singa tan kasat mata
Singa tenggak singa suku singa bahu
Kabeh padha sumingkira
Ing telenging jalanidhi

Aja nggodha angrencana


Apaningsun ya sun jatining urip
Dumadiku saka henung
Heneng heninging cipta
Singangsana ing tawang towang prajaku
Ingaran pura kencana
Bebetening rajeng wesi

Pocapan
Purna anggenira Ki Wasitajati miwah Ki Sarayajati wawan pangandikan. Ki Sarayajati
gya medal pasilan mboyong sekar adi manca warna. Mangkana dayane kang sekar adi
macawarna, yen megar ngebaki jagad yen mingkup among sak mrica ginugut. Mancorong
tejane sor prabawa hyang pratanggapati. Ganda arum kaladuk angambar-ambar tan
kanyut lampahing angin daya kaduk rena penggalihe Ki Sarayajati.
(tindakipun Ki Sarayajati kahiring Ktw. Kaduk rena Sl. Sanga)

Janturan
Megar kang payung ngayomi mustikeng sekar, bawane kang payung agung yen megar
ngeyupi pitung kabupaten. Ki Saraya jati kang ngembani wajib lumampah lon-lonan
kebak ing pangati-ati, eling wangsiting Ki Wasitajati datan kenging noleh mburi,
sedyaning kayun lampahira ywa kongsi kasandhunging rata kabentusing tawang. Dresing
riwe lungkrahing sarira datan kapaelu, tan kandheg ing lampah yen ta dereng prateng
wismane kang andhuta saraya. Ana sekar cepaka kang mangling ing marga gya kapethik
kinarya sesumping mrih hayu harjaning kayun. Wus lumebet ing gapura wisma rinengga,
daya-daya Ki Purbawasesa gupuh denira amapag kondure Ki Saraya Jati.

[Gendhing wudhar, lajeng suwuk].


Ki Sarayajati sampun prapteng wisma paleremanipun Ki Purbawasesa gya sigra humatur
mring ki purba wasesa ing reh menapa ingkang dados sesanggemaning lampah. Daya daya
12
gapyuk anggenipun sowan sami kapang ing manah.

Ki Sarayajati : kulanuwun Ki Purbawasesa


Ki Purba Wasesa :Mangga-mangga Kyai katuran lenggah prayogi.
Ki Sarayajati :Inggih Ki, kula sampun pikantuk damel, punika wujudipun sekar adi
mancawarna nggih kembar mayang.
Ki Purba Wasesa :Inggih Ki Sarayajati kula maturnuwun dene panjenengan sampun
sembada mboyong kembar mayang nyuwun kaliyan cantrik

13
dipunpapanaken ing papan wigati, kyai.
Ki Sarayajati :Ki Purbawasesa, sanesipun kembar mayang ugi pikantuk berkah
saking ki wasitajati arupa Catur Wedha supados diparingke calon
garwane nimas Anisa Purnamasari kyai. kaparenga dipun waosaken
lan dipun paringaken minangka jejimat mbangun balesomah kyai.

Ki Purba Wasesa :Inggih Ki Saraya Jati matur nuwun lan enggal tak leksanakake
dhawuhmu, mangga pinarak rumiyin kyai kula badhe maos catur
wedha menika.

Ki Purba Wasesa : kyai, awit sedaya sampun paripurna ing reh tugas kula kepareng kula
sakrombongan badhe nyuwun pamit kyai”
Ki Purba Wasesa : yen mangkono ngaturke panuwun kang tanpa upami kyai Sarayajati.

Ki Dhalang
”Wau ta Ki Sarayajati wus masrahaken kembar mayang lan catur wedha dhateng Ki
Purbawasesa. Ki Saraya Jati medal saking wisma. Kondurira tinututan mendhung
sepayung, sigra mungkur saking wisma….

--- Ktw. Gambuh ----


Panatacara Panutup

Widodo BS

14

Anda mungkin juga menyukai