Anda di halaman 1dari 7

Panggih Temanten

Pambuka
Dhumateng para rawuh, para pinisepuh ingkang dhahat kinurmatan.
Atur kawuningan bilih tata laksitaning adicara upacara wonten ing kalenggahan menika
kepareng enggal kawiwitan.
Nyuwun idi palilah dhumateng sagung para sepuh, kepareng hamurwakani adicara wonten
kalenggahan menika.

(Gendhing Iringan Renyep”

Assalamualaikum Wr. Wb
Sugeng…..
Winantu sagunging karahayon saha lumintuning budi astuhu, mugya tansah kajiwa lan
kasarira dhumateng panjenengan sedaya.
1. Dhumateng para alim ulama’ ingkang rinten dalu tansah sumandhing kitab suci
wahyuning illahi minangka panuntun kiblatinng penembah ingkang satuhu luhuring
budi.
2. Dhumateng para sesepuh pinisepuh ingkang hanggung hamestuti dhumateng
pepoyaning kautamen.
3. Para pengemban pangembating praja miwah pangarsaning nagari, minangka pandam
pandoming kawula dasih ingkang sinuba ing pakurmatan.
4. Para purna karya lebet praja ingkang mahabet luhure darma.
5. Miwah para kadang sutrisna mudha wreda ingkang pantes sinudarsana.
6. Punapa dene para tamu kakung sumawana putri ingkang dhahat kalingga murdaning
akrami.

Sinaraya hambuka wiwaraning suka, dhuwawaraning kandha, ya wenanging wicara. Langkung


rumiyin sumangga kawula dherekaken manengku puja, ngaturaken raos puji syukur
dhumateng ngarsa dalem Gusti ingkang maha Suci, Allah SWT ingkang sampun hambabar
daya pangaribawa dhumateng sagung para kawula satemah wonten ing alaming bagas
kwarasan, saengga saged manunggal nyawiji hangestreni lampahipun adicara wonteng ing
kalenggahan samenika.
Sholawat saha salam mugya tansah konjuk dhumateng junjungan kita Nabi Agung
Muhhamad SAW, minangka panutaning panembah tumuju margi kaleresan, margi ingkang
tumuju Ridaning Gusti inggih menika dunya ngantos akerat.
Para rawuh ingkang sinuba ing pakurmatan
Saderengipun, kawula aturaken sugeng rawuh, sugeng pepanggihan wonten ing
kalenggahan menika, bilih rantaman adicara ingkang sampun tinata rinakit dening para
kulawangsa, anenggih panggih temanten sarimbit.
Dhaupipun nimas ayu………….. Putri estri saking panjenenganipun bapa……… dalasan
ibu………..kalihan kang mas bagus……… atmaja putranipun bapa………dalasan ibu……..
Pramila dhumateng panjenganipun sami sumangga hangestreni lampahipun adicara
wiwit purwa, madya, wasana mugya tansah pinaringan gangsar lancar, mboten wonten
rubeda nir ing sambikala lumantar berkahing Gusti ingkang murbeng dumadi… amin amin
amin.

MIJILING MANTEN PUTRI


Pemberitahuan:
Para rawuh,
Kalenggahan menika putri sampun paripurna ngadisarira ngadibusana, sigra kepareng mijil
saking sasana mayang arum tumuju sasana rinengga/ pinajang
Rawuhipun pinanten putri kinurmatan kanthi gending Ketawang sekarteja

Panyandra:
Binarung swarane pradangga munya hangrangin, Ana ganda arum angambar hangebaki
sasana rinengga, tuhu punika tejaning temanten putri ingkang binayangakre mijil saking
sasana arum, kinanti manjing sasana rinengga. Lamun cinandra hangagem busana ingkang
edi tinata rapi, tinaretes sesotya lan kumala. Tinon saking mandrawa katon abyor mobyor
pating gelebyar, pating clorot katempuh ing pandam kurung ingkang angrenggani, lir kadya
kilat asesiring. Kawuryan puspita rinonce ing ukelira sinampiran wonten ing pamidhangan
kanan lamun katiuping samirana manda kongas gandane hangebaki sajroning sasana
pawiwahan.

MIJIL MANTEN KAKUNG


(keadaan tempat ubarampen temu sudah disiapkan)

Pemberitahuan:
DHumateng sagung para rawuh, kawuryan temanten kakung sagung para kulawarga
pandHerek pangrobyong temanten, sampun siyaga ing dhiri samapta ing gati, sigra
lumaksana tumuju wonten ing sasana panggih.
Rawuhipun pinanten kakung kinurmatan kaanthi gendhing kebogiro (mahesa kagiro)
(gendhing iringan : Kebo giro)
Panyandra:
Binarung swarane pradangga munya hangrangin, kawuryan jengkaring temanten kakung
ingkang kepareng lumaksana tumuju ing sasana rinengga. Remu-remu katon rahayu maya-
maya sinawung suka tejane temanten kakung, aninggih kangmas bagus ……….......................
Mubyar-mubyar busanane angemba busanane narapati. Lamun kadulu katon agung mrabu
miwah mrabawa. Dhampyak-dhampyak ingkang samya lumaksana angayap tindaknya sri
atmaja temanten kakung. Kawuryan wus prapteng unggyaning kang tinuju, sigro
pinurwakani panggih temanten sarimbit.
PANGGIH
(kondisi manten putra dan putri sudah berhadapan)
(Gendhing kodhok ngorek)

Panyandra:
Wus dumugi wahyaning mangsa kala, sesarengan dhumawahing kodrat saking berkahing
Gusti ingkang maha suci. Ana titahing Gusti kang asipat jalu tanapi wanita ingkang sumedya
hanetepi jejering agesang ngancik alaming madya amestuti, ila-ila ujaring para kina,
ingkang dhahat pinundhi-pundhi.

SILIH KEMBAR MAYANG

Panggihipun temanten sarimbit pinurwakani kanthi upacara “SILIH KEMBAR MAYANG” sigra
jumangkah sang pangemban sekar adi manca warna, anenggih jejaka sakembaran lan kenya
sakembaran, keparengipun leliru sekar cempaka mulya, sekar adi manca warni kalpataru
dewa ndaru, ya jaya ndaru, ingkang sinebat sekar mayang, minangka sarana dauping
pinanganten sarimbit.

SAWATAN GANTAL

Paripurnaning upacara silih kembar mayang laksitaning adicara “SAWATAN GANTAL”


jumangkah hamrepegi ing bokor kencana sri atmaja temanten kekalih, tempuking pandulu
catur netra kawuryan kumlawe astanya pinanganten sarimbit, dhumawahing adicara
“sawatan gantal”. Ingkang winastan gondang tutur lan gondang kasih.
Nuli kawuryan pinanganten sarimbit cecaketan daya-daya panggih kanthi “HANJAWAT
ASTA” dhaupipun ni mas ayu ……………… kalihan kangmas bagus ……………. Anggenipun
tumapak ing alaming kadewasan, bangun bale wisma manjing madyaning bebrayan agung.

WIJI DADI

Cat-kicating adicara panggih temanten, wus tinarbuka dHumawahing adicara “WIJIDADI”


tinapaking pada kanang antiga, pecah sanalikA, daya-daya temanten putri hanjengku sinambi
sumembah wonten ngajenge kang raka, sigra hamijiki samparane kang raka, sung pratandha
ngicali sakehing sukerta tulus mulya manggih raharja. Dados pasemon manunggaling pria lan
wanita, anampi amanah wujudipun pratima kang tata jalma putra ingkang migunani tumrap
agama, nusa lan bangsa.

-Hanampi sowan berkah pangestunipun temanten putri ingkang paripurna hamijiki ingkang
raka, sigra kajunjung drajadipun ingkang sinebat upacara junjung drajad utawi
“JUMENENGAN”. (temanten putri berdiri lalu mengitari temanten kakung)
-Galeyak-leyak nggenya lumaksana temanten putri hangiteri ingkang raka, sung pratandha
bilih temanten putri tansah tutwuri handayani mring kang garwa. Marang uger-ugering
kautamen

UNJUKAN TIRTA WENING

-Kawuryan wus sumandhing jajar temanten kekalih, Sigra jumangkah ingkang Rama lan
ingkang Ibu kepareng peparing “UNJUKAN TIRTA WENING” dhumateng sri atmaja temanten
sarimbit, anenggih tirta minang kalbu ingkang kapundut saking kendhi pratala, sung
pratandha mrih sabaring pakarti ing linambaran wening penggalih miwah meneping kalbu
kang tinemu hayu, hayem hangayomi.

SINDHURAN
(Gendhing laras maya)

-Paripurna kaparingan unjukan tirta wening, Sigra kaboyong sri atmaja temanten sarimbit
tumuju ing sasana pawiwahan, kanthi tata laksitaning adicara sindur binayung utawi
SINDURAN.

Kawuryan temanten sarimbit wus sinengepan mawi sindhur ingkang warni reta miwah seta,
reta minangka pakartining kanjeng Ibu, parandene ingkang seta pakartining ingkang rama.

Lon lonan samya lumaksana tumuju sasana rinengga ingkang rama tansah ing ngarsa sung
tuladha, sri atmaja temanten sarimbit. Wonten ing satengahe Rama Ibu ing madya mangun
karsa, dene ibu tut wuri handayani.

PANGKON TIMBANG

-Samono kawuryan wus prapteng unggyaning kang tinuju, sigra kalajengaken panggih
temanten kanthi upacara sinebat upacara “PANGKON TIMBANG” timbang bobot, sung
pratandha bilih ingkang rama dalah ingkang Ibu mboten emban cindhe emban siladan,
Ateges mboten mbenten-mbentenaken ing boboting katresnan.

Kanjeng ibu kepareng nyuwun pirsa,

Ibu : “pakne pakne.. abot sing endi?”


Bapak : “brambang-brambang jahe ya jahe, sawise daktimbang jebul padha abote bune “

Rama dalasan Ibu kang mboten mbedak-mbedakaken anggenipun nggulawenthah lan paring
katresnan dhumateng temanten sarimbit.
TANEM JERO

-Laksitaning adicara panggih temanten sarimbit sinebat upacara “TANEM JERO” kepareng
kalenggahan temanten kekalih wonten ing sasana dhampar kencana.
Kanthi anyembut asmane Gusti ingkang maha suci Bismillahirohmannirrohim “Ngger thole
cah bagus, cah ayu, kene tak lungguhne papan kamulyan. Wiwitana anggenmu netepi
darmaning agesang, mbangun bale wisma manjing madyaning bebrayan agung muga
tansah pikantuk kanugrahaning Gusti”

-Paripurnaning adicara tanem jero sigra katindakaken adicara “KACAR KUCUR” utawi tampa
kaya. Pendyah suka sukur mring ibu pertiwi

KACAR KUCUR
(Gendhing Kt Ibu Pertiwi)

Panyandra:
Kacar kucur wong liya dadi sedulur, kacang kawak dhele kawak wong liya dadi sanak. [[
Hyang kang paring sandhang kaki-kaki, Nini-nini kang hangopeni, slura-sluru mburu bandha
kang pada mlayu.]]
Hamengku werdi bilih temanten kakung anggadhahi tanggel jawab paring sandhang,
pangan lan papan dhumateng temanten putri satemah manggih kulawarga bagya mulya.
(dana kaya dititipkan Rama Ibu)

DHAHAR KLIMAH

Para pilenggah kakung sumawana putri ingkang winantu sagunging pakurmatan, laksitaning
adicara sinebat “Dhahar klimah” utawa kembul bujana.
(disertai dengan domas pembawap kembar mayang putri yang membawa nasi dan minum)

Panyandra:
Kawuryan pinanganten sarimbit dulang-dinulang awujudipun sekul sewu rasa, ana asin,
manis, kecut lan sapanunggalipun. Ingkang hamengku werdi sinandhi bilih sedaya reribet
rerunteg sageta sinangga sesarengan.

MAPAG BESAN

Para rawuh ingkang tuhu bagya mulya, paripurna dhahar klimah laksitaning adicara kepareng
kalajengaken adicara “MAPAG BESAN”
(Gendhing Mari Kangen/ Mugi Rahayu)
Panyandra :
Jengkar saking palenggahan panjenenganipun ingkang hamengku gati, sigra lumaksana
tumuju gapura rinengga kepareng hamapag besan kekalih. Daya-daya pepanggihan besan
kekalih kanthi hanjawat asta,
Kawuryan lumaksana tumuju sasana pinajang, kembar busanane, kembar agemane
amujudaken sampun manunggal anggenipun handerekaken temanten sarimbit tumapak
alaming kadewasan.
Pramila sajroning lumaksana tansah manengku puja, hanyuwun marang ngarsaning Gusti
kang Maha Suci, Mugya temanten sarimbit anggenipun hamiwiti lelumban wonten
samodraning bebrayan Agung, tansah pikantuk kanugrahing Gusti Kang Murbeng Dumadi,
anenggih kulawarga ingkang bagya mulya.

Kawuryan wus prapteng unggyaning kang tinuju sigra lenggah satata wonten ing sasana
dhampar kencana, kepareng paring berkah pangestu dhumateng pinanganten sarimbit
dhumawahing adicara “SUNGKEMAN utawi Pangabekten”.

SUNGKEMAN

Para pilenggah kakung sumawana putri ingkang satuhu luhuring budi, laksitaning adicara
kepareng kalajengaken kanthi adicara “sungkeman”.
(saderengipun ngaraspada dhumateng rama ibu pinaganten kepareng hanglolos duwung
saha canelanipun)
(Gendhing : Kt Ibu Pertiwi)

Panyandra:
Binarung swarane pradangga munya hangrangin, kawuryan temanten kekalih sigra
lumaksana sowan wonten ngarsaning ingkang rama kalihan ingkang ibu, laku ndhodhok
nuli ngaras pada dhumateng ingkang rama dalasan ingkang ibu. Kanthi atur sesanti
menggah kawijiling lisan:

Putri: Duh ibu pepundhen kula, ingkang ngukir jiwaraga kula, kawula ngaturaken sungkem
konjuk dhumateng panjenengan, nyuwun tambahing pangestu anggen kawula mbangun
kulawarga.

Ibu: Ndhuk cah ayu, dakpangestoni anggenmu jejodhohan, piwelingku aja nganti lali sabar
anggonmu leladi marang garwa lan kulawargamu.

Putra : kanjeng Rama lan kanjeng ibu kula ingkang sowan, ngaturaken sungkem konjuk
dhumateng panjenengan, nyuwun tambahing pangestu anggen kawula kepareng hanetepi
darmaning agesang.

Rama: Thole, ngger anakku dakpangestoni anggenmu jejodhohan piwelingepun rama


awakmu saiki wis dadi pimpinane kulawarga. Mula aja nganti sliramu uwal saka uger-ugering
kautamen.
Putra: ngaturaken agunging panuwun Rama-ibu, ngestokaken dhawuh, dunga pangestu
panjenengan mugya dados jimat paripih kawula sakaluwarga.

(sowan ke orangtua satunya)

Putra: Kanjeng Rama lan kanjeng Ibu Pepundhen kula, ngaturaken sungkem kula konjuk
dhumateng panjenengan, kuwula nyuwun agunging samudra pangaksami awit kula dereng
saged paring bebungah menapa-menapa dhumateng panjenengan. ananging sampun
kepareng owal saking panguwasaning panjenengan, nyuwun idi pamit kepareng bangun
kulawarga piyambak.

Ibu : Ngger anakku sakloron, apa ta rasa bombong bungahe manah wong tuwa, kajaba
namung weruh yen sliramu wis dewasa, mbangun kulawarga dhewe, mugya kasembadan ya
ngger oleh kanugrahaning Gusti.

Purnaning sri atmaja pinanganten kekalih ngaras pada sungkem dhumateng pepundhen
sepuh rama ibu, mugya ridaning pepunden sepuh dadosa ridaning Gusti ingkang murbeng
dumadi, satemah temanten sarimbit dados kulawarga ingkang Bagya mulya.

PENUTUP
(Gendhing Ayak-ayak)
Nuwun
Dhumateng para pepundhen sepuh, para adi sepuh ingkang sinuba ing pangkurmatan,
bilih lampahipun adicara panggih temanten wonten ing kalenggahan menika sampun
handungkap paripurna.
Kawula minangka jejering pambiwara, mbok bilih anggen kawula ngabyantara ngaturaken
urut reroncening adicara wiwit purwa, madya, wasana, wonten kirang jantrikipun saha
wonten kirang sampurnanipun, Kula nyuwun agunging Samodra pangaksami.
Ing wasana kawula aturaken sugeng pepanggihan malih ing sanes wekdal. Jaya jaya wijayanti
kang tumuwuh hanjayeng bawana, Sura dira jayaningrat lebur dening pangestuti.

Nuwun nuwun sagung dumadi

Wassalamu alaikum warihmatllohi wabarokatuh

Anda mungkin juga menyukai