Anda di halaman 1dari 5

Laksitaning Acara Katuntun Dening Panatacara

Assalaamuallaikum warahmatullaahi wabarakaatuh.

Agungin pudya pudyastuti dhumateng Gusti ingkang Hamurbeng bawana, satemah hambabar
daya pangaribawa ingkang tumanduk dhumateng kawula dasih, cihna ing kaldhangan menika
panjenengan sedaya lan kula taksih saget nyawiji, manunggal wonten ing papan menika kanthi
rahayu wilujeng nir ing sambekala. Awit saking menika sumangga panjenengan sedaya lan kula
ngunjukaken suka syukur dhumateng Gusti ingkang Maha Wicaksana sinartan nyenyuwun
mugi-mugi salwiring gati wiwit purwa, madya, dumugi wasana samangke saget lulus raharja,
gangsar, rancag, tinebehna saking sedaya pambeng nir ing sambekala.

Nuwun dhumateng para rawuh ingkang satuhu kinormatan, para sepuh pinisepuh ingkang
sampun pana ing pamawas sarta lebda ing pitutur, para purna karya labet praja sarta sarjana
sujananing budi, (m)boten katalumpen dhumateng para kadang wreda muda taruna ingkang
satuhu bagya mulya.

Keparengna kula sowan wonten ing ngarsa panjenengan sedaya ing ngriki minangka
hangemban dhawuh saking pamangku gati nun inggih Bapa Raharjo dalah Ibu, piniji
mratitisaken pahargyan prasaja dhaupanipun Nimas Ayu Siwi Wilujeng S.Pd., ingkang ari menika
Ahad (Minggu), 17 November 2019 jinatu krama dening Dhimas Bagus Nanang Kuncara S.Hum
Nanang Kuncara S.Hum., atmaja putranipun Bapa Rohmat saha Ibu, ingkang mijil saking laladan
Pedhalangan, Tembalang - Semaragang.

Para Rawuh kakung putri ingkang winengku ing pakurmatan. (H)amurwakani laksitaning sedya
wigatosing gati, keparengna langkung rumiyin kula ngaturaken urut rantamaning adicara
ingkang sampun rinumpaka dening keluarga ingkang hamangun suka. Wondene adicara ingkang
badhe lumadi nun inggih, angka kaping:

pambuka

mijilipun temanten putri

praptaning temanten kakung

pasrah-tampi

panggih

krobongan

mapak besan
sungkeman

pambagya harja

panutup/puma

Mekaten para rawuh menggah reroncening adicara wonten ing wedhal menika. Salajengipun,
keparenga panjenengan sedaya keparengan hangestreni tumapaking gati kanthi suka renaning
penggalih dumugi paripurnaning adicara samangke.

Nuwun...

Acara Pambuka

Para rawuh kakung putri ingkang satuhu bagya mulya, sumangga adicara wonten ing
kalodhangan menika dipunbikak sesarengan. Mliginipun dhumateng para rawuh ingkang
ngrasuk agami Islam kasuwun sesarengan maos Al Faatihah kaping sapisan, dene dhumateng
para sedherek ingkang ngrasuk agami sanes saget njumbuhaken miturut agami saha
kapitadosan sowang-sowang. Sumangga...! Al Faatihah

Mekaten para lenggah adicara sampun kita bikak sesarengan kanthi waosan Al Faatihah lan
ndedonga sesarengan, mugi-mugi kanthi pandunga panjenengan sedaya kalawau adicara
samangke saget lulus raharja gancar rancak tan ana rubeda.

Aamiiin yaa Rabbal ‘ aalamin.

Acara Mijiling Temanten Putri

Ngancik adicara ingkang kaping kalih nun inggih mijilipun temanten putri saking tepas wangi
tumuju sasana rinengga. Samenika sampun wonten sasmita lan tengara bilih sampun puma
anggenipun temanten putri mulas wadana, sarira. Awit saking menika dhumateng para
sedherek ingkang hanganthi murih rahayuning sedya hamung sumangga.

Binarung swaraning pradangga munya hangrangin, hambabar Ketawang Puspawarna. Kaya ana
ganda hangambar arum katiuping samirana manda. Kawistara jengkaring temanten putri mijil
saking panti busana.

Panti ateges papan busana ageman, mijil saking panti busana ateges miyos saking papan
ageman nedya marak sowan wonten ngarsanipun para tamu manjing ing salebeting sasana
pahargyan.

Panganten putri hangagem busana kang sarwa retna hamemba busananing garwa nata. Katon
pating galebyar pating pancurat, lamun rinumpaka ing ukara yayah silih prenah.
Hangagem puspita rinonce ingkang ukelira kasampiraken ing pamidhangan kanan, lamun
katiyuping samirana kongas gandane hangebeki sajroning sasana pahargyan.

Endah edining busana hangimbuhi gandhes luwes solah bawane, lamun cinandra ical sipating
jalma sawantah pan yayah Bathari Ratih ngeja wantah.

Acara MlJIIIng (Praptanlng) Temanten Kakung

Para rawuh ingkang satuhu pantes slnuba sekaring pakurmatan, temanten putri sampun
lenggah kanthi raras wonten ing kursi rinengga, pramlla saking menlka inggal lumadhi adicara
candhakipun, nun ingglh adicara kaping tiga "PRAPTANING TEMANTEN KAKUNG” saking sasana
palereman tumuju wonten ing sasana pahargyan. Nuwun

Geteeeer pater kaya ana teja kang manther, horeg sanjawineng sasana pahargyan bebasan
sorak hambata rubuh swarane, awit kena pangaribawane risang temanten kakung ingkang
ketingal agung, ageng lan wibawa lan uga pideksa.

Temanten kakung lamun cinandra bebasan kurang candra luwih warna. Dasar bagus ing warna,
dedeg pidheksa pangawak pradata. Langkung-langkung sinasaban busana kang tinaretes
benang kencana, sumunar agilar-gilar nanging datan hambelerengi. Saya malih hangagem
dhestar hamemba nata tan ana kang kuciwa

Dampyak-dampyak para kadang kaliyan warga wandana alur selur ndalidir tan ana pedhote
ingkang samya (h)angiring tindakipun temanten priya.

Wus ndungkap unggyan kang tinuju, gya lumadi laksitaning adicara pasrah tampi.

Acara Pasrah Tampi Temanten

Para rawuh kakung saha putri ingkang minulya. Ngancik adicara salajengipun nun inggih pasrah-
tampi. Parandene ingkang badhe hamakili minangka duta saking Bapa Rohmat saha Ibu, nun
inggih Bapa Bagyo Sudarsono. Parandene minangka sulih sarira saking pamengku gati nun
inggih Bapa Sugeng Widagdo. Pramila saking menika dhumatengpriyangung kekalih murih
rahayuning sedya hamung sumangga.

Nuwun...

Panggih

Wus paripurna pasrah panampinipun putra temanten kakung kanthi wilujeng nirbaya nir
wikara, rancag tanpa rubeda menapa-menapa.
Para Rawuh saha para lenggah ingkang satuhu bagya mulya. Samenika dumugi wahyaning
mangsakala laksitaning adicara panggih anut adat widi widana ingkang sampun sinengker.
Parandene adicara panggih menika badhe kapratitisaken dening Ibu juru sumbaganing
panganten/juru rias hanenggih...(nama juru rias), awit saking menika dhumateng Ibu
Widyaningsih murih rahayuning sedya mangga kasumanggakaken.

Panggihipun risang temanten sekalian lamun cinandra kadya “CANTHOKA INGKANG MUNYA
ING TIRTA, REBAT ASRI KALIAN SEKARING BALIMBING” (kairing gendhing kodok ngorek minggah
laras maya).

Reeep tidhem premanem, datan ana sabawane walang salisik, bebasan gegodhongan tan ebah
awit samirana tan lurnampah, kang kapyarsa amung swaranya pradangga lokananta ingkang
munya ing sasana wiwaha, senadyan hamung lumantar swaraning pita swara. Awit sedaya
kalawau kena pangaribawane kang samya binoja krama.

Tuhu wes pinesti ana titahing Gusti ingkang asipat jalu lan wanita ingkang nedya ngancik ing
ngalam madya hanenggih sambut silaning akrama.

Acara Ngldak Endhog

Kawistara kanang antiga tinapak padha pecah sanalika denlng temanten kakung. Punika asung
pralampita billh temanten kakung calon dados lantaraning tuwuh/wijl ingkang suci, pratima
bangkit tata jalma, putra klnarya tetalining akrama.

Acara Masuh Ampeyan

Tanggap temanten putri gita-gita hanjengku mring pepadaning keng raka, sarwi sumembah
sarta hamijl pepadaning ingkang garwa, (h)amasuh ampeyaning keng garwa.

Acara Slnduran

Tltipurna adicara panggih, tumuli lumadl adicara sinduran. Kawistara temanten kekalih
slnengepan sindur ingkang kaaturaken dening ingkang Ibu. tanggapin sasmita ingkang Bapa
gita-gita angasta poncoting sindur tumuli hanganthi putra temanten kekalih tumuju ing kursi
palakrami.

Kawuryaaan alon-alon tindhake lan banget pangati-atine ingkang Bapa tuwin Ibu hanganthi
putra temanten sekaliyan tumuju unggyan kang tinuju. Punika asung pralampita dhumateng
kang binoja krama, mugi-mugi anggenipun nepusi jangkaning agesang mangun brayat anyar,
tansah kebak ing pangati-ati .datan grusa-grusu mundhak kesluru, tan milik barang kang elok
jalaran keselak muluk.

Krobongan
Tinon wus paripurna upacara panggih, satuhu trep pindha curiga panggih kaliyan warangka.
Bebasan getih rong tetes, daging rong kepel, balung rong ceklek, samangke sampun manunggal
dadya sajuga. Sang jejaka miwah sang kenya, mangkya wus manunggal ing karep, nunggal
sedya, nunggal tekad, nunggal ati, nunggal raga, nungal jiwa mangun brayat anyar wonten
madayaning bebrayan agung.

Para rawuh saha para lenggah, ngancik adicara candakipun nun inggih upacara adat krobongan,
anut satataning adat widhi widana ingkang taksih lumampah wonten ing laladan ngriki.

Upacara krobongan punika antawisipun :

bobot Timbang

tandur

kacar-kucur

dahar kembul

Kanthi pinayungan karaharjan., saha kawilujengan tebih ing sambekala panggihing sri atmaja
panganten kekalih. Sigra kalajengaken upacara krobongan ingkang kapurwakani kanthi upacara
tanem jero panganten.

Bobot timbang ugi ngemu pasemon (m)boten mbedak-bedakaken antawisipun putranipun


piyambak punapa putra mantu, sadaya kawengku kados putra pribadi.

f 1. Sapisan upacara tanem jero panganten kekalih kalanggehaken wonten rinengga sasana saka
dening rama. Wondone asta ketumpangaken wonten pamidhanganipun panganten kekalih
ingkang hamengku teges: Ing kalenggahan punika panganten kekalih sampun sinengkakaken
ingaluhur kawisudha mlnngka Raja sedinten Ratu sedalu.

j 2. Paripurnane acara tanem jero sigra kalajengaken upaca kacar-kucur. Kacur-kacur, kacur-
kacur..... tuna sanak bathi sanak, wong liya dadi sedulur, makarya lancar, rejeki mancur. Kacur-
kacur paring pasemon

Anda mungkin juga menyukai