Anda di halaman 1dari 10

Pranata Cara Siraman

Katuran dumateng Bapa dalah biyung kinasih lenggah ing damper ingkang
sampun katata kanti laksana. Bapa lenggah ing sakiwa tengening
penganten.Sakderengipun jinamas ing warih, risang bagus/Ni mas Calon
temanten putra/putri ing ngarsanipun Bapa dalah biyung kinasih nyuwun idi
pangestu dalah nyuwun agunging pangaksama mring ingkang rama miwah
biyung kinasih. Awit calon temanten putra/putri badhe lumebet ing bebrayan
enggal.
Tangkeping asta sarwa sumembah ing pepedaning ingkang rama dalah
biyung, Calon temanten putri hangaturaken :
Rama dalah biyung kinasih, kula ngaturaken sungkem pangabekti saha
nyuwun agunging pangaksama sedaya kalepatan kula, sarta nyuwun
tambahing pandonga pangestu anggen kula badhe dhaup palakrama kaliyan
…………………..
Ngger,  putraku/putriku, dak tampa pangabektimu. Wis dadi kewajiban wong
tuwa loro manggulo wentah kowe yo ngger putraku/putriku, Yen ono nakale
lan wangkaling anak iku wis lumrah. Ora ono kaluputan sing kok sandang,
kalamun lego lilo aku lan ibumu paring pangapuro. Dak paringi pangestu
anggonmu arep jejodoan, tak dongakno  mring Gusti kang Mahakuwasa
mugo-mugo bgyo mulyo uripmu sempulur nganti sak lawase.
Sanadyano mboten namung meniko ingkang putra/putri sumungkem ing
pepadanira ingkang rama dalah biyung. Nanging raosing penggalih ingkang
rama dalah biyung satuhu beda.  Tatkala sinembah pepadane, kadya
sinendhal mayang bathine. Trenyuh jroning wardaya. Trenyuhing nala
ingkang datan sinayudan, satemah rama dalah biyung kuwawa ngampah
tumetesing waspa. Luh marawayan, tumetes tinampi kanthi lumahing asta
mring kang putra. Minangka pratandha tumuruning nugraha, bilih ingkang
rama dalah biyung ingkang sampun paring idi palilah, miwah pangestu
dhumateng kang putra hanggenira arsa dhaup palakrama.
Paripurna ngabekti ing pepadanira ingkang rama kakung dalah biyung
kinasih, Kang Putra calon temanten mring ingkang rama dalah biyung
lumampah tumuju sasana jamas pasiraman.
Amrih samekta miwah gangsar samudayanipun, keparenga kula aturi uninga
bilih ingkang badhe paring jamas pasiraman samangke inggih menika, para
pepundhen, para pini sepuh, pitu cacahipun. Pinilih gunggung pitu amrih
risang calon pinanganten putra/putri tansah pikantuh pitulungan, kinasih ing
sasama, cinaket mring Gusti.
Para pepundhen dalah pinisepuh ingkang kula aturaken kala wau inggih
menika :
1.  Rama …………..
2.  Biyung …………
3.  Eyang …………
Keparenga dumateng para pepundhen, para pinisepuh kasuwun
pangestunipun paring jamas pasiraman dhumateng risang calon
pinananganten putra/putri.
1.  Ingkang sepindhah paring jamas pasiraman nun inggih Rama kakung ………………
kanthi kebak ing pangati-ati, sarwa sarwi binarung donga suci lumebering toya
waradung saranduning sarira risang bagus/ahayu. Ancles kadya siniram tirta
sawindu, mahanani, ayem,temtrem sajroning nala.

2.  Ing kaping kalehipun, kasuwun ibu biyung kinasih paring pangestu sesuci, age-
age marepegi ingkang putra/putri. Kebak ing sutresna, jinamas ing warih risang
calon pianganten putra/putri. Waradin ing sarira saking pucuking rikma dumugi
samparaning rissang bagus/ahayu.

3.  Salajengipun keparenga ingkang Eyang, nun inggih Eyang ……………………………


paring pangestu dhumateng wayah, kanthi pangestu suci dhiri karana paring jamas
pasiraman toya suci perwita adi. Ketang tresnaning eyang marang wayah,
sakderengipun angguyur toya paring puji pandonga rahayu. Kanthi pinaringan toya
perwita sari mugiya calon pinanganten putra/putri hayem, tentrem, kadya
pinaringan pangayoman risang bagus/ahayu mring ingkang eyang dupi pinaringan
pamuji donga miwah siniram ing warih suci.

4.  Katuran dumateng…….


Mugi risang bagus/ahayu saged kasawaban mring kawegigan miwah kawicaksanan.
Satemah ing tembe saged kasil ing babagan pakaryan.

5.  Katuran dumateng ibu……….. paring jamas pasiraman, mugi Calon pinanganten
putra/putri sageta nderekaken sun tuladanaipun ibu…..

6.  Keparenga ibu……….. mugi calon pinanganten saged nulad mring ibu……………

7.  Ingkang pungkasan kasuwun dumateng ibu ………………….. paring idi pangestu
dalah  paring jamas pasiraman, mugya pinanganten putri saged handerekaken
hambangun kulawarga ingkang bagya mulya.

Jangkep pitu cacahe para pepundhen paring jamas pasiraman. Mugi-mugi suci lahir
lan bathine risang bagus/ahayu satemah madhep mantep anggenipun calon
pinanganten ing dinten benjang badhe nglampahi upacara suci sarta sakral agung
inggih punika adicara palakrama. Mawantu-wantu Bapak/Ibu ………… ngaturaken
agunging panuwun ingkang tanpa pepindhan, Muhung Gusti Kang Maha mirah
ingkang badhe males luhuring budi panjenengan sadaya. Amin.

SESUCI MECAH KEDHI

Saklajengipun Bapak ………….. paring toya sesuci ingkang mijil saking telengih
kendhi pratala. Kendhi wus ngarani wadhah, pratala ateges lemah. Ilining toya
boten pedhot mratandahani. Sempulur ing karahayon, sempulur anggenipun
kagungan kersa, sempulur ing sandang, boga, donya brana. Kanthi sesucen menika,
mugi-mugi risang bagus/ahayu anggenipun badhe ngayahi wajib, kalis ing godha
rencana, kalis ing sambikala, hamung rahayu kang bakal tinemu.
PANGKAS RIKMA

Titi laksana salajengipun nun inggih Bpk ………. arsa mangkas rikmane ingkang
putra/putri.

”Niat ingsun ngethok rikmamu angger putraku/nduk putriku, muga-muga dadiya


pratandha sempuluring tuwuhmu, wilujeng, rahayu, wiwit saiki putra/putriku wis
dewasa uwal saka pangkoning rama lan ibu”

Pangkasan rikma winadhah ing bokor, tinampi dening ingkang ibu. Mugi risang
putra/ahayu nyembadani kekudanganipun ingkang rama miwah ibu kadidene
sasmita pangkas rikma nun inggih wiwit samenika risang bagus/ahayu samekta
bawa priangga kalamun sampun kulawarga mangun gesang tembayatan kaliyan
ingkang garwa,

PONDHONGAN

Rama kakung tumindak bopong pungkasan, ingkang paring sasmita hambok bilih 
ing dinten menika rama kakung saged mbopong putra/putrinipun ingkang
pungkasan.

”Niat ingsun mbopong putra/putriku, iki dadiya bopong kang pungkasan, sabanjure
putra/putriku bisa bawa  priyangga urip tembayatan karo garwamu, kacukupan ing
sandhang boga, bisaa nemu mulya lan raharja ”.

NANEM RIKMA

”Niat ingsun nanem rikmane putra/putriku, kabeh lelakon kang kepungkur wis
kapendhem, hamung thukula kabecikan tumraping bebrayan, rahayu, widada, nir
ing sambi kala ”.

DULANG PUNGKASAN

”Niat ingsun ndulang putra/putriku, pamujiku dulangan iki dadiya dulangan kang
pungkasan. Ing sabanjure putra/putriku bisaa madeg ing pribadine dewe, nampa
kanugrahaning Gusti, dadiya pangayoming sasama, sempulur ing salawase, widada,
nir ing sambikala

SADE DHAWET

Kawuryan Bpk/Ibu ……… sampun miyos saking panti. Ibu ………. ngindhit wakul
minangka wadhahing arta asiling sade dhawet. Dene ingkang garwa nenggih Bapak
………. ngasta songsong, kang wus sawega paring pepayung mring kang garwa.
Ateges dadi wong tinitah kakung mono kudu bisa paring pengayoman mring ingkang
garwa amrih ingkang tinitah wadon ayem, tentrem, kalis saking was sumelang .
Sarwa-sarwi Ibu ……… mundhut dhawet, dhawet kaaturaken Bapak ……………..
” Bapakne, piye rasane ? ”
” Enak tenan , Bune ”

Rame anggenaira antri samya mundhut dhawet,  dadya pratandha kalamun ing
dinten benjing, rawuhipun para tamu antri dalidir kadya kang samya mundhut
dhawet.

Sarwa-sarwi mirah, hanggenira Ibu ………….sade dhawet, dhawete ayu, manis ing
rasa, mila samya suka pari suka ingkang samya antri badhe mundhut dhawet.
Mboten wonten ingkang kuciwa ing rasa, samya suka ing nala.

Kajawi punika, sadayan dhawet ugi dados pratandha bilih bpk/ibu ……….. suka dene
mring sesami. Satemene sapa wonge murah mring sasama, bakal pinaringan murah
mring Gusti kang Maha Kuwasa.

Makaten napa ingkang saget kula aturaken wonten adicara Siraman menika, mboten
kesupen kula ing ngriki minangka sesulihipun ingkang hamengku gati, ngambali atur
sugeng rawuh sinartan atur agunging panuwun ingkan tanpa pepindang rehning
panjenengan para tamu sampun minangkani pamundhutipun Bpk/Ibu …………….

PARA RAWUH PARA LENGGAH

Dening kula nindakaken urut reroncenipun adicara, milai purwa dumugi paripurna
tartamtu kathah kekirangananipun ugi kekilafan kula, mila menika kula namung
nyenyadhong lumunturing sih samodra pangaksama dumateng ingkang hamengku
gati ugi panjenengan sedaya, labed budi daya kula manungsa. Nuwun.  @@k
Pambuka
Assalamu Alaikum wr.wb
Nuwun, kulanuwun. Panjenenganipun para pepundhen, para sesepuh, para
pinisepuh ingkang hanggung mastuti dhumateng pepayoning kautamen, ingkang
pantes pinundhi-pundhi saha kinabekten. Punapa dene panjenenganipun para tamu
kakung sumawana putri ingkang dahat kalingga murdaning akrami.
Nyuwun panagapunten, dene kula cumanthaka sowan
mangarsa,  hanggempil kamardikan panjenengan ingkang katemben wawan
pangandikan. Kula piniji hanjejeri minangka pangendaliwara keparenga hambuka
wiwaraning suka wenganing wicara dwaraning kandha, saperlu mratitisaken murih
rancaking titilaksana adicara pawiwawahan prasaja ing ratri kalenggahan punika.
Mugi pangayoman, miwah berkah Dalem Gusti ingkang Maha Mirah miwah
Maha Asih, tansah rumentaha tumrap panjenenganipun para tamu samenika sarta
ing salajengipun.
Nuwun, panjenenganipun para pinisepuh, ingkang dahat pinundhi, para tamu
ingkang satuhu kinurmatan. Keparenga langkung rumiyin kula ngunjuaken puji sokur
ing Ngarsa Dalem Pangeran, Allah SWT, dene awit saking lumbering berkah Dalem,
kula saha panjenengan sedaya sami kepareng lenggah ing papan menika kanthi
widada, nir ing sambekala. Inggih saged hangestreni tumapaking gati adicara
siraman calon pinanganten putri  Sekar Asih, Spd, putra putrinipun bapak Suharyo
sekalian.

Doa
Sumangga kula derekaken sesarengan manungkul puja-puji-santhi wonten
ngarsaning Gusti Ingkang Maha Suci, ingkang sampun kepareng paring rahmat lan
nikmat gumelaring alam agesang wonten madyaning bebrayan agung.  Katitik
rahayu sagung dumadi tansah kajiwa kasalira dhumateng panjenengan sadaya
dalasan kawula, saengga kita saged hanglonggaraken penggalih hamenakaken
wanci sarta kaperluan,  rawuh kempal manunggal ing pawiwahan punika, saperlu
hanjenengi sarta paring berkah pangestu dhumateng Bapa …….. sakulawangsa
anggenipun hanetepi dharmaning sepuh hangrakit sekar cepaka mulya,  hamiwaha
putra mahargya siwi, tetepa winengku ing suka basuki.
Langkung rumiyin, sumangga kita tansah angunjukaken puja puji syukur
wonten ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Agung, awit saking rahmat saha
hidayahipun saengga ing ari punika kita saged pinanggih kanthi wilujeng kalising
sambekala, mugiya tansah rahayu ing salami laminipun, kalebet kula, panjenengan
sedaya. Amin-amin ya rabbal alamin.
Sagung para rawuh ingkang dhahat kinurmatan,

Ngabekten     
Para tamu kakung sumawana putri, wondene menggah
reroncening tata adicara ingkang sampun rinancang rinacik rinumpaka dening para
kulawangsa. Katuran dumateng Bapa dalah biyung kinasih lenggah ing damper
ingkang sampun katata kanti laksana. Bapa lenggah ing sakiwa tengening
penganten.
Sakderengipun jinamas ing warih, Ni mas Calon temanten putrid ing
ngarsanipun Bapa dalah biyung kinasih nyuwun idi pangestu dalah nyuwun agunging
pangaksama mring ingkang rama miwah biyung kinasih. Awit calon temanten putrid
badhe lumebet ing bebrayan enggal.
Sanadyano mboten namung meniko ingkang putra sumungkem ing
pepadanira ingkang rama dalah biyung. Nanging raosing penggalih ingkang rama
dalah biyung satuhu beda.  Tatkala sinembah pepadane, kadya sinendhal mayang
bathine. Trenyuh jroning wardaya. Trenyuhing nala ingkang datan sinayudan,
satemah rama dalah biyung kuwawa ngamaph tumetesing waspa. Luh marawayan,
tumetes tinampi kanthi lumahing asta mring kang putra. Minangka pratandha
tumuruning nugraha, bilih ingkang rama dalah biyung ingkang sampun paring idi
palilaah, miwah pangestu dhumateng kang putra henggenira arsa dhaup palakrama.
Paripurna ngabekti ing pepdanira ingkang rama kakung dalah biyung kinasih,
Kang Putra calon temanten mring ingkang rama dalah biyung lumampah tumuju
sasana jamas pasiraman.

Ngracik Toya
Kawuryan rising rahayu sampun lenggah ing sasana jamas pasiraman. Tumuli
Bapak Ibu Suraji ngracik toya suci perwita kang minangka sarana jamas pasiraman
calon pinanganten putri.
Ingkang rinacik ingkang sepisan, Bapak Suraji mundhut toya saking kraton
sinuntak ing bokor, salajengipun ugi toya saking lepen tempuran. Warih saking
kraton, her saking lepen tempuran, miwah toya saking dalem riki sampun
manunggal dadya sawiji. Mugi rising ahayu samangke kasawaban saking
wibawaning kraton sarta saged manjing ajur-ajer warih ing lepen tempuran.
Ingkang kaping kalih, Bapak Suraji nglebetaken klapa sepuh sagandheng.
Mugi menika dadya pralampita gegandhenganipun tiyang sepuh, nun inggih besan
kekalih, awit saking manunggaling putra calon pinanganten sarimbit. Wohing klapa,
sangsaya tuwa sangsaya wicaksana. Mugi kekalih besan, samya agegadhengan asta,
nyawiji paring pangestu miwah pitutur sejati mrih ingkang putra calon pinanganten
saged manggih kamulyaning gesang.
Ingkang kaping tiga, Bapak Suraji kabyantu Ibu Suraji manunggalaken sekar
sritaman nyawiji kalian toya lan klapa, Sri ateges ratu, taman nenggih gumelaring
puspa. Sritaman ateges retuning sekar, wujude mawar, mlathi, kanthil, miwah
kenanga. Pralampita apa kang binawar saking kedaling lathi para wredha sageda
tansah kumanthil-kanthil ing wardaya, kumenang kenang ing tung-tunging nala.
Amrih arum gandanipun sekar sri taman, den sedya mrih gesangipun rising calon
penanganten saged angambar arum gandane kadya gandane sekar sri taman.
Ngintun Toya
Sampun rinacik toya suci perwita adi dening Bapak Ibu Suraji. Salajengipun
mring karsaning kang hamengku gati, nun inggih Bapak-Ibu Sudiro kinen
ngaturaken toya suci adi perwira adi dhumateng Bapak Ibu Sudirman nenggih calon
besan. Toya suci perwita minangka sarana jamas pasiraman rising calon
peninganten kakung. Sampun mangarsa Bapak Ibu Sudiro. Makatenta
pangandikanya ingkang handuta.
Sampun bidhal ingkang dinuta, daya-daya nggenira lumaksana, parasing
sedya hamung kumudu-mudu hangentasi karya, prapta ing dalemipun Bapak Ibu
Sudirman.
Siraman
Amrih samekta miwah gangsar samudayanipun, keparenga kula aturi uninga
bilih ingkang badhe paring jamas pasiraman samangke inggih menika, para
pepundhen, para pini sepuh, pitu cacahipun. Pinilih gunggung pitu amrih risang
calaon pinanganten putri tansah pikantuh pitulungan, kinasih ing sasama, cinaket
mring Gusti.
Para pepundhen dalah pinisepuh ingkang kula aturaken kala wau inggih
menika :
1.      Bapak Suraji
2.      Ibu Suraji
3.      Eyang Maisa
4.      Ibu Mujina
5.      Ibu Istifaroh
6.      Ibu Devina
7.      Ibu Astutik
Keparenga dumateng para pepundhen, para pinisepuh kasuwun
pangestunipun paring jamas pasiraman dhumateng risang calon pinananganten
putri.
1.      Ingkang sepisan paring jamas pasiraman nun inggih Bapak Suraji kanthi kebak
ing pangati-ati, sarwa sarwi binarung donga suci lumebering toya waradung
saranduning sarira risang ahayu. Ancles kadya siniram tirta sawindu, mahanani,
ayem,temtrem sajroning kala.
2.      Ing kaping kalehipun, kasuwun ibu biyung kinasih paring pangestu sesuci, age-
age marepegi ingkang putri. Kebak ing sutresna, jinamas ing warih risang calaon
pianganten putri. Waradin ing sarira saking pucuking rikma dumugi samparaning
ahayu.
3.      Salajengipun keparenga ingkang Eyang, nun inggih Eyang Maisa paring pangestu
dhumateng wayah, kanthi pangestu suci dhiri karana paring jamas pasiraman toya
suci perwita adi. Ketang tresnaning eyang marang wayah, sakderengipun angguyur
toya paring puji pandonga rahayu. Kanthi pianringan toya perwita sari mugiya calon
pinanganten putri hayem, tentrem, kadya pinaringan pangayoman risang ahayu
mring ingkang eyang dupi piaringan pamuji donga miwah siniram ing warih suci.
4.      Katuran dumateng Ibu Mujina
Mugi risang ahayu saged kasawaban mring kawegigan miwah kawicaksanan.
Satemah ing tembe saged kasil ing babagan pakaryan
5.      Katuran dumateng ibu Istifaroh paring jamas pasiraman, mugi Calon pinanganten
putri sageta nderekaken sun tuladanaipun ibu…..
6.      Keparenga ibu Devina mugi calon pinanganten saged nulad mring ibu Devina
7.      Ingkang pungkasan kasuwun dumateng ibu Astutik paring idi pangestu dalah 
paring jamas pasiraman, mugya pinanganten putri saged handerekaken hambangun
kulawarga ingkang bagya mulya.

Jangkep pitu cacahe para pepundhen paring jamas pasiraman. Mugi-mugi


suci lahir lan bathine risang ahayu satemah mdhep mantep anggenipun calon
pinanganten ing dinten benjang badhe nglampahi upacara suci sarta sakral agung
inggih punika adicara palakrama. Mawantu-wantu Bapak/Ibu Heri ngaturaken
agunging panuwun ingkang tanpa pepindhan, Muhung Gusti Kang Maha mirah
ingkang badhe males luhuring budi panjenengan sadaya. Amin.
Sesuci Mecah Kedhi
Saklajengipun Bapak Suraji paring toya sesuci ingkang mijil saking telengih kendhi
pratala. Kendhi wus ngarani wadhah, pratala ateges lemah. Ilining toya boten
pedhot mratandahani. Sempulur ing karahayon, sempulur anggenipun kagungan
kersa, sempulur ing sandang, bogam, donya brana. Kanthi sesucen menika, mugi-
mugi risang ahayu anggenipun badhe ngayahi wajib, kalis ing godha rencana, kalis
ing sambikala, hamung rahayu kang bakal tinemu.
Pangkas Rikma
Titi laksana salajengipun nun inggih Bapak Suraji arsa mangkas rikmane ingkang
putri.
”Niat ingsun ngethok rikmamu angger putraku/nduk putriku, muga-muga dadiya
pratandha sempuluring tuwuhmu, wilujeng, rahayu, wiwit saiki putra/putriku wis
dewasa uwal saka pangkoning rama lan ibu”
Pangkasan rikma winadhah ing bokor, tinampi dening ingkang ibu. Mugi risang
putra/ahayu nyembadani kekudanganipun ingkang rama miwah ibu kadidene
sasmita pangkas rikma nun inggih wiwit samenika risang bagus/ahayu samekta
bawa priangga kalamun sampun kulawarga mangun gesang tembayatan kaliyan
ingkang garwa,
Pondhongan
Rama kakung tumindak bopong pungkasan, ingkang paring sasmita hambok bilih 
ing dinten menika rama kakung saged mbopong putrinipun ingkang pungkasan.
”Niat ingsun mbopong putra/putriku, iki dadiya bopong kang pungkasan, sabanjure
putra/putriku bisa bawa  priyangga urip tembayatan karo garwamu, kacukupan ing
sandhang boga, bisaa nemu mulya lan raharja ”.
Tanem Rikma
Kawuryan Bapak Ibu Suraji sampun mijil saking wisma arsa tumuju wonten ing
pundi dumununging papan ingkang kangge hananem rikma. Pundi dununging papan
minangka hananem rikma, nunggih wonten ing palataran wiwaraning gapura
ingkang sisih kiwa. Kawuryan sampun sawega, ingkang ibu sarwi ngunandika,
Goteking kandha, ujaring bakul sinambe wara, bilih papan ingkang minangka sasana
paneming rikma bisa kanggo tamba kangen. Benjing kalamun ingkang sampun
palakrama temtu badhe uwal saking pangkoning bapa miwah ibu, bawa priyangga
mandhireng pribadi, mpan wonten ing wisma priang gesang mulya kalyan ingkang
garwa.
Pepisahan mekaten sawanci-wanci saged nuwuhaken raos kapang ing wardaya.
Nalika raos kapang datan bisa sinayudan, ingkang bapak miwah ibu cekap mriksani
papan ingkang kangge nanem rikmane calon penganten, satemah raos kapang
saged ical musna, anane mung rasa suka lan bombong mring uripe putrane.
 ”Niat ingsun nanem rikmane putra/putriku, kabeh lelakon kang kepungkur wis
kapendhem, hamung thukula kabecikan tumraping bebrayan, rahayu, widada, nir
ing sambi kala ”.
Pecok Tumpeng
            Paripurna Bapak Ibu Suraji metak rikma ingkang putra, daya daya tumuju
wonten pundi dumuning papan amangkas tumpeng. Para kadang kula saking paket
pengantin sampun sawega hanyawisaken. Nalika samana Bapak Ibu Suraji sampun
sumandhing ing tumpeng. Sarwa sarwi kebak ing pangati-ati 1.  Bapak Suraji
mangkas tumpeng, tumuli kaparingaken dhumateng garwa nenggih ibu V. Sampun
katampi pucuking tumpeng, gandheng renteng renteng Bapak Ibu Suraji tumuju
wonten panti busana, nenggih panti risang calon pinanganten putri kang nembe
sinumbaga mring juru sumbaga.
Pangkasaning tumpeng minangka sarana dulang pungkasan. Mratandhani kalamun
Bapak Ibu Suraji paring wasiat dhumateng ingkang putri supados tansah bekti mring
Pangeran, datan supen mring jatining panembah, tansah mudhi dhawuhipun Gusti,
sarta nyingkiri ing pepacuhipun.
Dulang Pungkasan
Sade Dhawet
Kawuryan Bpk/Ibu ……… sampun miyos saking panti. Ibu ………. ngindhit wakul
minangka wadhahing arta asiling sade dhawet. Dene ingkang garwa nenggih Bapak
………. ngasta songsong, kang wus sawega paring pepayung mring kang garwa.
Ateges dadi wong tinitah kakung mono kudu bisa paring pengayoman mring ingkang
garwa amrih ingkang tinitah wadon ayem, tentrem, kalis saking was sumelang .
Sarwa-sarwi Ibu ……… mundhut dhawet, dhawet kaaturaken Bapak ……………..
” Bapakne, piye rasane ? ”
” Enak tenan , Bune ”
Rame anggenaira antri samya mundhut dhawet,  dadya pratandha kalamun ing
dinten benjing, rawuhipun para tamu antri dalidir kadya kang samya mundhut
dhawet.
Sarwa-sarwi mirah, hanggenira Ibu ………….sade dhawet, dhawete ayu, manis ing
rasa, mila samya suka pari suka ingkang samya antri badhe mundhut dhawet.
Mboten wonten ingkang kuciwa ing rasa, samya suka ing nala.
Kajawi punika, sadayan dhawet ugi dados pratandha bilih bpk/ibu ……….. suka dene
mring sesami. Satemene sapa wonge murah mring sasama, bakal pinaringan murah
mring Gusti kang Maha Kuwasa.
Makaten napa ingkang saget kula aturaken wonten adicara Siraman menika, mboten
kesupen kula ing ngriki minangka sesulihipun ingkang hamengku gati, ngambali atur
sugeng rawuh sinartan atur agunging panuwun ingkan tanpa pepindang rehning
panjenengan para tamu sampun minangkani pamundhutipun Bpk/Ibu …………….

Panutup
Makaten napa ingkang saget kula aturaken wonten adicara Siraman menika, mboten
kesupen kula ing ngriki minangka sesulihipun ingkang hamengku gati, ngambali atur
sugeng rawuh sinartan atur agunging panuwun ingkan tanpa pepindang rehning
panjenengan para tamu sampun minangkani pamundhutipun Bpk/Ibu Suraji.

Para rawuh para lenggah,


Dening kula nindakaken urut reroncenipun adicara, milai purwa dumugi paripurna
tartamtu kathah kekirangananipun ugi kekilafan kula, mila menika kula namung
nyenyadhong lumunturing sih samodra pangaksama dumateng ingkang hamengku
gati ugi panjenengan sedaya, labed budi daya kula manungsa. Nuwun.

Anda mungkin juga menyukai