Anda di halaman 1dari 7

Sekar Dhandhanggula Siraman berikut ini.

1.    Gya siniram hangganya Sang Putri, Tirta wening kang amawa cahya, Beborèh rekta warnané,
Ginosok hangganipun, Sinarengan mantra kang mijil, Larut memalanira, Ngaléla dinulu, Watak
setya tinarbuka, Tangguh tanggon teguh tumanggaping kardi, Santosa budinira.

Segeralah disiram tubuh sang putri,  Dengan air jernih yang berkilauan,  Diluluri dengan lulur berwarna
merah, Sembari digosok badannya,  Disertai dengan doa dan pujian syukur yang terucapkan,  Larutlah
segala sakit dan luka,  Sungguh mempesona bila dipandang, Berwatak setia dan terbuka, Tangguh, bisa
dipercaya, teguh, cekatan dalam menyelesaikan pekerjaan/kewajiban, Sentosa/kuat dalam berpendirian.

2. Sumamburat cahyanya nelahi, Ngégla cetha katon angaléla, Datan sisip pamawasé, Langking
beborèhipun, Puji harja mijil pangèsthi, Prawira watakira, Luhur budinipun, Tuhu tresna mring sasama,
Luluh lulus lila legawa tan lali, Kalis ing sambékala.

Samar-samar terlihatlah cahaya menyinari, Tampak indah mempesona,  Hitam warna lulurnya,  Doa
mohon keselataman terucapkan, Berwatak berani laksana ksatria, Berbudi pekerti luhur,  Sungguh-
sungguh mengasihi sesama,  Pandai membaur, tulus, sert selalu berbuat baik dengan ikhlas dan sepenuh
hati, Terhindar dari segala marabahaya.

3.   Angenguwung malengkung kaèksi, Gilar-gilar sumunar ing warna, Mancorong jenar urubé, Warna
jenar puniku, Watak sabar ingkang pinanggih, Utama lan narima, Waspadèng pandulu, Mardu mardawa
micara, Mawuhara tata titi tatas titis, Dadya tepa tuladha.

Tampak membubung tinggi seolah melengkung, Bersinar terang dalam nuansa warna, Berpijar cahaya
berwarna kuning, Warna kuning itu melambangkan watak yang selalu sabar,  Berperilaku terpuji dan
berserah diri kepada kehendak Tuhan,  Memiliki sifat dan sikap yang selalu waspada dan hati-
hati, Lemah-lembut dan menyenangkan dalam berbicara, Dalam bercakap-cakap menggunakan bahawa
yang baik, berhati-hati, serta tiada hal penting yang terlewatkan, Sehingga mampu  menjadi suri-teladan.

4.    Katon  padhang  sumilaking  warni, Surya candra daru lan kartika, Dadya sajuga soroté, Beborèh
warna biru, Setya tuhu ajrih lan asih, Tresna marang sudarma, Bekti watakipun, Trap susila anuraga, Datan
sisip nggènira manembah Gusti, Bagya mulya sinedya.

Tampaklah terang benderang dalam nuansa warna-warni, Matahari, rembulan, komet dan bintang-
gemintang, Semua sinar cahayanya menyatu,  Lulur berwarna biru,  Melambangkan kesetiaan, selalu
menghormati dalam kasih sayang,  Senantiasa mencintai kedua orang tua, Dan selalu berbakti kepada
mereka,  Sopan dan santun dalam bersikap,  Tiada pernah lupa bersyukurdan berdoa  kepada
Tuhan, Senantiasa mengupayakan kebahagiaan dan kesejahteraan hidup.

5. Ganda arum ingkang angebeki, Warna-warna warnining kang sekar, Katingal wening tirtané, Wungu
beborèhipun, Mengku werdi ingkang sejati, Lega lila ing nala, Éklas watakipun, Wahyu mulya kang
sinedya, Bagus alus tulus lair trusing batin, Mulya tekèng delahan.

Bau harum yang semerbak memenuhi,  Berasal dari beraneka macam bunga,  Air pun terlihat jernih, Lulur
berwarna ungu, Mengandung makna yang mendalam, Tiada pernah berkeluh-kesah meski hanya di
dalam hati,  Ikhlas sepenuh hati menjadi wataknya,  Mengharap dan mengupayakan turunnya
berkah,  Terpuji dan halus tingkah laku, tulus lahir maupun batin, Terpandang dan dihargai hingga akhir
hayat.

6.  Werdi agung pralambanging urip, Amancurat cahya kang katingal, Warna séta beborèhé, Langgeng
nggènnya amengku, Datan wudhar dènnya angèsthi, Manembah Maha Nata, Gusti Maha Agung, Netepi
jejering titah, Amung pasrah-sumarah ngarsa Hyang Widhi, Sandika ngèstu pada.
Makna luhur perlambang dan gambaran hidup,  Terlihat memancar laksana cahaya, Lulur berwarna
putih,  Abadilah dalam kebersamaan, Tak pernah berhenti dalam berdoa dan bersyukur, Berbakti kepada
Sang Maha Raja (Tuhan),  Tuhan Yang Maha Agung,  Memenuhi kewajiban sebagai umat manusia,  Selalu
berserah diri di hadapan Ilahi, Serta bersedia dan siap melaksanakan/menerima kehendak-Nya.

7.    Paripurna nggènira sesuci, Siram jamas reresik sarira, Kang minangka pungkasané, Wilis
beborèhipun, Wicaksana wataking jalmi, Kéblat panembahira, Pana ing pandulu, Cinaketan mring Hyang
Suksma, Lekasira pantes tinulad sasami, Purwa madya wasana.

Selesai sudah dalam bersuci,  Mandi keramas membersihkan diri,  Yang menjadi penutup, Lulur berwarna
hijau,  Bijaksanalah sebagai manusia, Tekun dalam bersujud syukur, Waspada, berhati-hati dalam
berpikir dan bertindak,  Dengan demikian pasti akan selalu dilindungi oleh Tuhan,  Segala tingkah lakunya
akan pantas menjadi suri-teladan, Dari awal, pertengahan, hingga akhir hayatnya.

REREPEN KIRAB KASATRIYAN

Untuk mengiringi kirab kasatriyan pada upacara penganten adat jawa, biasanya dikumandangan
kidungan atau rerepan. Berikut ini salah satu rerepan dengan tembang sekar sinom.

Rerepan Kangge Nyarengi Kirab Kasatriyan


Sekar Sinom

Mijil kang pindha narendra,


den garubyuk para cethi,
mancorong ponang wadana,
pindha Komajaya Ratih,
rinengga-rengga peni,
gawok ngungun kang handulu,
sinung prabawa maya,
hangadhang mulya sejati,
jroning driya asung pamuji Hyang Suksma.

Pamujine mengku brata,


meminta sihing Hyang Widhi,
satindak lan tandukira,
mugyantuk berkahing Gusti,
uga muna lan muni,
tinebihna salah dudu,
tinuntun budi tama,
pantes tinulad para janmi,
pindha nata gya salin agem satriya.

Hageman satriya tama,


pinhane sang Gunungsari,
iku kang temanten priya,
kang putri lir ragil kuning,
prasetya trus nyawiji,
mrih lestari runtut-atut,
ngesti mengkoni putra,
tali tresna jaman mangkin,
dwi kang putra wus cukup rengganing karma.

Tindake sang sinatriya,


kairing puji hastuti,
wiraga mengku prabawa,
mrabawani kang mriksani,
hamemayu sesame,
mahambeg satriya tuhu,
yeku trah Pancasila,
ngudi mulya lahir batin,
tansah eling waspada bakti mring praja.

Widada manggih yuwana,


sari kang pindha Narpati,
rineksa pra wredha mudha,
sumunar lir Dewa-Dewi,
kongsi kaki lan nini,
paminta kapranan kalbu,
amrih bisa sembada,
ing akhir manggih Swarga di,
wiji mulya kinarya ngrengga Nagara.

Panjenenganipun para rawuh saha para lenggah, sampun handungkap prapteng unggyan ingkang tinuju,
subamanggala gya sung sasmita mring sri temanten nulya kalenggahaken wonten sasana adi, sang suba
manggala sumawana para kadang Wandawa binger jroning wardaya karana wus bangkit hangentasi karya
mulya wangsul mring papanira sowang-sowang nedya lerem salira kanthi suka pari suka sumangga nun
nuwun.

REREPEN JENGKARING SUBA MANGGALA

Rerepan Dhandhanggula
Kangge Nyarengi Jengkaring Suba Manggala

Hanyarkara sinanggit memanis,


hangrumpaka pahargyan prasaja,
dahat edi sanyatane,
sinten kang nembe mantu,
hamiwaha atmajaneki,
mahargya marang putra,
ingkang sampun dhaup,
bapak ………………………….
sekalian kang hanggung tulus marsudi,
budayaning priyangga.

Wus manunggal keblat hanyawiji,


amrih bisa lestari widada,
Sri penganten sakarone,
jinangkung ing Hyang Agung,
saniskara ingkang kaesthi,
sembada kang sinedya,
jumbuh kang ginayuh,
guyub rukun ing bebrayan,
runtut atut tumekaning kaki lan nini,
manggiha bagya mulya.

REREPEN UPACARA SUNGKEMAN

Pada acara sungkeman oleh kedua calon mempelai kepada orang tua, biasanya dialunkan rerepan atau
kidungan dhandhanggula.

Rerepan Dhandhanggula
Kangge Nyarengi Upacara Sungkem

Rama ibu kang luhuring budi,


Ingkang hangukir jiwa lan raga,
Kang agung pangurbanane,
Paring pituduh luhur,
Rina wengi tansah hangesthi,
Mrih rahayuning putra,
Lulus kang ginayuh,
Sadaya ribet rubeda,
Linambaran kanthi sabarang penggalih,
Tuhu pantes sinembah.

Kadya sinendhal rasaning ati,


Panyungkeme kang putra sayuga,
Tumetes deres waspane,
Tan kanawa jroning kalbu,
Ngondhok-ondhok rasaning galih,
Alon ngandikanira,
Dhuh angger putraku,
Sun tampa panyungkemira,
Muga-muga antuk barkahing hyang Widi,
Nggonira jejodhohan.

Piwelingku aja nganti lali,


Anggonira mbangun bale wisma,
Runtut atut sakarone,
Adohna tukar padu,
Tansah eling sabarang ati,
Kuwat nampa panandhang,
Tan gampang amutung,
Dadiya tepa tuladha,
Uripira migunani mring sesame,
Hayu-hayu pinanggya.
Rerepan Kangge Nyarengi Kirab
Kasatriyan
Sekar Sinom
Mijil kang pindha narendra,
den garubyuk para cethi,
mancorong ponang wadana,
pindha Komajaya Ratih,
rinengga-rengga peni,
gawok ngungun kang handulu,
sinung prabawa maya,
hangadhang mulya sejati,
jroning driya asung pamuji Hyang Suksma.
Pamujine mengku brata,
meminta sihing Hyang Widhi,
satindak lan tandukira,
mugyantuk berkahing Gusti,
uga muna lan muni,
tinebihna salah dudu,
tinuntun budi tama,
pantes tinulad para janmi,
pindha nata gya salin agem satriya.
Hageman satriya tama,
pinhane sang Gunungsari,
iku kang temanten priya,
kang putri lir ragil kuning,
prasetya trus nyawiji,
mrih lestari runtut-atut,
ngesti mengkoni putra,
tali tresna jaman mangkin,
dwi kang putra wus cukup rengganing
karma.
Tindake sang sinatriya,
kairing puji hastuti,
wiraga mengku prabawa,
mrabawani kang mriksani,
hamemayu sesame,
mahambeg satriya tuhu,
yeku trah Pancasila,
ngudi mulya lahir batin,
tansah eling waspada bakti mring praja.
Widada manggih yuwana,
sari kang pindha Narpati,
rineksa pra wredha mudha,
sumunar lir Dewa-Dewi,
kongsi kaki lan nini,
paminta kapranan kalbu,
amrih bisa sembada,
ing akhir manggih Swarga di,
wiji mulya kinarya ngrengga Nagara.
Panjenenganipun para rawuh saha para
lenggah, sampun handungkap prapteng
unggyan ingkang tinuju, subamanggala gya
sung sasmita mring sri temanten nulya
kalenggahaken wonten sasana adi, sang
suba manggala sumawana para kadang
Wandawa binger jroning wardaya karana
wus bangkit hangentasi karya mulya
wangsul mring papanira sowang-sowang
nedya lerem salira kanthi suka pari suka
sumangga nun nuwun.
REREPEN JENGKARING SUBA MANGGALA
Rerepan Dhandhanggula
Kangge Nyarengi Jengkaring Suba
Manggala
Hanyarkara sinanggit memanis,
hangrumpaka pahargyan prasaja,
dahat edi sanyatane,
sinten kang nembe mantu,
hamiwaha atmajaneki,
mahargya marang putra,
ingkang sampun dhaup,
bapak ………………………….
sekalian kang hanggung tulus marsudi,
budayaning priyangga.
Wus manunggal keblat hanyawiji,
amrih bisa lestari widada,
Sri penganten sakarone,
jinangkung ing Hyang Agung,
saniskara ingkang kaesthi,
sembada kang sinedya,
jumbuh kang ginayuh,
guyub rukun ing bebrayan,
runtut atut tumekaning kaki lan nini,
manggiha bagya mulya.
REREPEN UPACARA SUNGKEMAN
Pada acara sungkeman oleh kedua calon
mempelai kepada orang tua, biasanya
dialunkan rerepan atau kidungan
dhandhanggula.
Rerepan Dhandhanggula
Kangge Nyarengi Upacara Sungkem
Rama ibu kang luhuring budi,
Ingkang hangukir jiwa lan raga,
Kang agung pangurbanane,
Paring pituduh luhur,
Rina wengi tansah hangesthi,
Mrih rahayuning putra,
Lulus kang ginayuh,
Sadaya ribet rubeda,
Linambaran kanthi sabarang penggalih,
Tuhu pantes sinembah.
Kadya sinendhal rasaning ati,
Panyungkeme kang putra sayuga,
Tumetes deres waspane,
Tan kanawa jroning kalbu,
Ngondhok-ondhok rasaning galih,
Alon ngandikanira,
Dhuh angger putraku,
Sun tampa panyungkemira,
Muga-muga antuk barkahing hyang Widi,
Nggonira jejodhohan.
Piwelingku aja nganti lali,
Anggonira mbangun bale wisma,
Runtut atut sakarone,
Adohna tukar padu,
Tansah eling sabarang ati,
Kuwat nampa panandhang,
Tan gampang amutung,
Dadiya tepa tuladha,
Uripira migunani mring sesame,
Hayu-hayu pinanggya

Anda mungkin juga menyukai