PAKELIRAN PADAT
LAKON BABAD LOKAPALA
PURWADI
Oktober 2010
PAKELIRAN PADAT
LAKON BABAD LOKAPALA1
Purwadi
Jurusan Pendidikan Bahasa Daerah
Fakultas Bahasa dan Seni
Universitas Negeri Yogyakarta
Telp: 0274-550843-12; Email: purwadi@uny.ac.id
A. Sinopsis Cerita
Kerajaan Lokapala dipimpin oleh Prabu Danaraja atau Danapati. Beliau
adalah putra Begawan Wisrawa dan Dewi Lokati. Ada keinginan Sang Prabu
untuk mempersunting Dewi Sukesi, putri Prabu Sumali dari kerajaan Alengka.
Begawan Wisrawa pun hendak melamar Sekar Kedhaton Alengka tersebut
sebagai permaisuri prabu Danapati.
Banyak raja yang ingin memperistri Dewi Sukesi. Oleh karenanya di
negeri Alengka kemudian diadakan sayembara pilih. Dalam hati Dewi Sukesi mau
menjadi istri pada pria yang mampu mengajarkan kawruh sastra jendra
hayuningrat yekti pangruwating diyu. Sebuah ilmu tingkat tinggi yang terkenal
wingit dan wigati.
Menurut wewaler para dewa, ngelmu sastra jendra hayuningrat yekti
pangruwating diyu tidak boleh diajarkan kepada sembarang orang. Terlebih-lebih
dari pria pada wanita, akan sangat beresiko tinggi. Begawan Wisrawa yang
Lakon ini dipentaskan untuk mengawali kegiatan wisata kampus macapatan Jumat Legen yang
diselenggarakan oleh Jurusan Pendidikan Bahasa Daerah FBS UNY pada tanggal 7 Oktober
2010.
mengajarkan ilmu sastra jendra pada Dewi Sukesi ini mendapat welak dari Batara
Guru. Seketika Batara Guru menjelma pada diri Wisrawa dan Batari Uma
menjelma pada Dewi Sukesi. Maka Dewi Sukesi bertekad hanya mau melayani
Begawan Wisrawa. Repotnya lagi Wisrawa pun tidak menolak.
Ibarat nasi sudah menjadi bubur, atas inisiatif Prabu Sumali akhirnya Dewi
Sukesi pun terpaksa dikawinkan dengan Begawan Wisrawa. Dewi Sukesi lantas
melahirkan empat putra yaitu Dasamuka, Kumbakarna, Sarpakanaka dan
Wibisana.
Betapa kagetnya Dewi Lokati melihat suaminya menikah lagi dengan putri
yang seharusnya menjadi permaisuri putranya. Prabu Danaraja menerima keadaan
itu sebagai suratan takdir dengan iklhas legawa. Namun malapetaka terus
berlanjut ketika Dasamuka membunuh Dewi Lokati dan Prabu Danaraja. Sebagai
penghargaan atas keluhuran budi Prabu Danaraja, para dewa di kahyangan
mengangkat arwahnya menjadi dewa kekayaan dengan gelar Batara Kuwera. Di
sana Batara Kuwera diberi wewenang untuk menjaga Kembang Dewaretna, bunga
yang berfungsi untuk membagi rejeki di alam raya.
Adapun sumber penyusunan cerita Babad Lokapala ini diambilkan dari
beberapa buku, di antaranya Kawruh Asalipun Ringgit sarta Gegepokanipun
Kaliyan Agami ing Jaman Kina (Hazeu, 1987), Silsilah Wayang Purwa mawa
Carita Jilid I-VII (Padmosoekotjo, 1995), Kapustakan Jawi (Poerbatjaraka, 1964),
Serat Pustakaraja Purwa. Jilid 1-10. (Ranggawarsita, 1993), Babad Tanah Jawa
(Ramlan, 1975), Sejarahipun Para Ratu ing Surakarta dan Bedhahipun Lokapala
B. Iringan Gendhing
1. Jejer Negari Lokapala
Wayang
Iringan
.2.3.5.6
Ompak
.2.3.5.6
.2.3.5.6
..66 .565
..66 .565
Lagu
A.
B.
C.
D.
E.
F.
G.
3636
3636
5321
3636
6535
6262
2165
32166
6532
3216
2123
3212
6356
2356
Cakepan
Enjing bidhal gumuruh
Tambur suling gung maguru ngungkung
Binarunging krapyak myang watang agathik
Kang kapyarsa swaranipun
Lir ombaking samodra rob
Iringan
Buka : 1 6 3 2
A. 6 5 3 2
B. 6 5 3 2
C. 6 5 2 1
D. 6 5 2 1
E. 1 6 3 2
3 1 5/5 5
3265
3265
2165
2165
3265
Iringan
Buka:
A.
B.
C.
D.
E.
5672
6 5 32
6 5 32
6 5 67
6 5 67
7 6 32
7372
32
32
67
67
32
7675
65
65
65
65
65
4. Tancep Kayon
Wayang
: Gunungan
Iringan
: Gangsaran nem
Buka: kendang
tt6
6666
6666
Dhandhanggula
Rebo epon panitraning manis, Jumadilawal Jimawal warsa, enjing ping
pitulikur, kanem ing julung wujud, Sri tumurun anuju dadi, Paningron Sang
Hyang Jama, Hijrah Nabi sewu, rong atus wandasa gangsal, sinengkalan wiku
misik swara tunggil (1757), neng barisan Pijenan.
Kanjeng Gusti Pangeran Adipati, Purubaya nagri Surakarta, mangun
warsita karsane, aluraning leluhur, kang linaran linuri-luri, kinurmat pinusaka,
sinawung ing kidung, sejarah ing Tanah Jawa, lan sejarah sagung para Nabi,
sinawung ing sarkara.
Kang amarna sejarah ing Jawi, lan amarna sejarah ing Arab, datan pae
supangate, samya ngluri leluhur, ingkang sinung kamulyan sami, abdinya Mantri
Muka, kang kinen mangapus, Hangabei Sindusastra, pangriptane pinurwa duk
Kangjeng Nabi, Adam Munsa Fiolah.
Nabi Adam peputra Nabi Sis, Jeng Nabi Sis putra Sayid Anwas, Sang
Sayid Anwas putrane, Sultan Kinan ranipun, Sultan Kinan Peputra Lail, Mahlail
putra Sultan, Barat asesunu, Jeng Nabi Edris peputra, nama Sultan Mungtawasal
kang sesiwi, anama Sultan Lamah.
Sultan Lamah putra Nabi Sakhib, Nabi Sakhib Nuh jejulukira, gya Sayid Sampun
putrane, Sayid Sampun sesunu, Sang Irfaksad putra Sang Salih, peputra Sayid
Ngabar, putra Sultan Rangu, Rangu putra Saruh Raja, putra Sayid Nakur putra
patih Tarih, jejuluk patih Ajar.
Sinom
Brawijaya kang kaping pat, Prabu Bratanjung sesiwi, nama Prabu
Brawijaya, kang kaping gangsal mungkasi, nagri ing Majapait, Brawijaya
asesunu, Raden Bondan Kejawan, Lembu Peteng Tarub nenggih, apeputra Ki
Ageng Getas Pendhawa.
Kinanthi
Nahan kang wus madeg Ratu, Hyang Nurasa kang winarni, ing dalu nis
saking putra, tan matur mring jajah bibi, lelana jajah wanarga, wus lami
lampahireki.
Anut saparaning suku, tan ana sinedyeng galih, murang marga sreng
sinerang, ngambah jurang iring-iring, prapteng pulo ing Dewata, kendel
amartapeng wukir.
Yata wonten kang winuwus, Ratu Jin Prabu Rawangin, kang ngratoni ing
Dewata, ngreh sagung wadya bala Jin, gadhah putra mung satunggal, peparab
Dewi Rawati.
Kasub ing sapraja punjul, diwasa nging dereng krami, mangkana Sang lir
kusuma, ing dalu dereng aguling, aneng pasareja nira, ana kaki-kaki prapti.
Saking ngajiwat lon muwus, heh nini wruhanireki, jathukrama nira prapta,
atapa pucaking wukir, anama Sang Hyang Nurasa, Kusuma Jin trah Nabi Sis.
Asmaradana
Mangkana Dewi Rawati, cinarita sampun wawrat, dupi prapta ing
mangsane, babar jalu putranira, pekik kadya kang rama, cahyane penet sumunu,
nama Sang Hyang Darmajaka.
Diwasanira nglangkungi, subrata amati raga, datan winarna lamine,
ingkang ibu malih wawrat, prapteng mangsane babar, jalu malih putranipun, pekik
cahyane gumawang.
Ramebu suka tan sipi, sinung nama Sang Hyang Wenang, Sang Hyang
Wenang peparabe, dene wening ingkang cahya, luwih saking kang raka, diwasa
sru tapanipun, pan wus pirang-pirang warsa.
Atapa sajroning bumi, tapa sajroning dahana, tapa jroning samodra rob,
myang tapa sumangsang wreksa, tapa luhuring mega, tapeng guwa wana gunung,
telas saliring atapa.
Salir tapa den dlajahi, kang sinedya ngungkulana, saisining jagat kabeh,
awya ana kang memadha, ing guna sektinira, lan sakarsa karsanipun, jinurungan
tinekanan.
Pangkur
Yata wau kang winarna, ingkang lagya lelana jro jeladri, Sang Hyang
Tunggal lampahipun, sayah kepati nendra, aneng sela Sang Hyang Tunggal lir
jinumput, dening Hyang Latawalujwa, tinibakaken jro puri.
Purane Rekatatama, pan katrima panedhane semedi, cumlorot kadya
andaru, tibane Sang Hyang Tunggal, neng pamujan pan masih sakeca turu,
Rekatatama nggrahita, linuwar denya semedi.
Angrasa yen tinarima, panedhane dening Hyang Ujwalati, tibane kang
badhe mantu, winungu kang anendra, Sang Hyang Tunggal wungune apungunpungun, waune nendra neng sela, ing mangke neng dalem puri.
Tur aneng sanggar pamujan, saha wonten yuyu geng nggegilani,
Rekatatama lingnya rum, ngger teja suleksana, ulun tanya punapa ta jinisipun, ejin
utawi manungsa, pinangkanipun ing pundi.
Lawan sinten kang sinambat, dene dhawah wonten pidikan mami, Sang
Hyang Tunggal langkung ngungun, de yuyu basa janma, anauri pasaja, ing
sabdanipun, yen sira takon mring wang, satuhu lamun jinis jin.
Durma
Wus tinurun titihanira puspaka, nenggih saking swargadi, myang
kapraboning prang, makutha nawa retna, miwah sanjata linuwih, kunta baswara,
pamunahing ngajurit.
Mijil oreg ing njawi sampun sumekta, sagungnya pradipati, jejel
pagelaran, saka praboning aprang, wadyane aglar ing njawi, manungsa ditya, tan
kena wor kang baris.
Ngalun-alun jejel wadya njro sadaya, busana warni-warni, ki patih
Banendra, parentah wus mamatah, mring sagunging pra dipati, anindhihana, ing
wadyanira sami.
Bala ditya pinangku ngarsane nata, manungsa mungging wuri, tengara wus
budhal, panganjuring ngayuda, manggala pangirit baris, ditya Gohmuka, gunrah
wadya nireki.
Patang kethi ditya wadyane Gohmuka, gora godha samya ngrik, gumuruh
gurnita, surak amangap-mangap, kumebul dahana mijil,saking tutuknya, tuhu
ngebat-ebati.
DAFTAR PUSTAKA
Hazeu. 1987. Kawruh Asalipun Ringgit sarta Gegepokanipun Kaliyan Agami ing
Jaman Kina. Jakarta: Balai Pustaka.
Padmosoekotjo. 1995. Silsilah Wayang Purwa mawa Carita Jilid I-VII. Surabaya:
Citra Jaya Murti.
Poerbatjaraka. 1964. Kapustakan Jawi, Jakarta : Djambatan.
Ranggawarsita. 1993. Serat Pustakaraja Purwa. Jilid 1-10. Yogyakarta: Yayasan
Centhini.
Ramlan. 1975. Babad Tanah Jawa. Kuala Lumpur. Dewan Bahasa dan Pustaka.
Sindusastra. 1978. Sejarahipun Para Ratu ing Surakarta. Jakarta: Departemen
Pendidikan Kebudayaan.
__________. 1978. Bedhahipun Lokapala. Jakarta: Departemen Pendidikan
Kebudayaan.
Yasadipura I. 1912. Serat Rama. Jakarta: Balai Pustaka.
Zoetmulder. 1985. Kalangwan: Sastra Jawa Kuna Selayang Pandang. Jakarta:
Djambatan.
10