Anda di halaman 1dari 2

KELUARGO AGENG BAPAK SUTRISNO (almarhum) - IBU SOPIAH

DUSUN SEPAKUNG WETAN – DESA SEPAKUNG


KECAMATAN BANYUBIRU

Katur
Bopo/ Ibu ..............................................
ing -
....................................

Assalamu'alikum Wr. Wb.


Puji lan tasyakur mugi kunjuk pangarsanipun Gusti Allah SWT. ingkang sampun
paring asih soho kawelasan dumateng kawulo sagotrah. Sholawat lan salam mboten
katalumpen kaaturaken dumateng junjungan Nabi Agung Muhammad SAW. mugi lubering
syafa’at-Ipun saget kasasriro mranani gesang ing alam donyo dumugining alam
kelanggengan.
Awit pikantuk wilasaning Gusti Allah, kawulo sagotrah bade ngawontenaken
tasyakuran ijab ipun anak kulo Sujoko, ing pramilo nyuwun rawuhipun ingkang saperlu pun
suwuni pandongo pangestu benjang :

Dinten : Minggu Pon


Suryo : 19 Juni 2011
Tabuh : 12.00 siang
Manggen : Dusun Sepakung Wetan, Desa Sepakung

Rawuh panjenengan ingkang kawulo antu-antu, mugi rohmatipun Gusti Allah


ingkang arupi kesehatan kasariro dumateng kito sedoyo, rawuh panjenengan sami pun
aturaken agunging panuwun ingkang tanpo pepindan.

Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

Sepakung, 11 Juni 2011


Nderek ngajeng-ajeng

Ibu SOPIAH

UNDANGAN

Katur
Bopo/ Ibu
……………………………………
ing -

…………………………………..
Assalamu'alikum Wr. Wb.
Puji lan tasyakur mugi kunjuk pangarsanipun Gusti Allah SWT. ingkang sampun
paring asih soho kawelasan dumateng kawulo sagotrah. Sholawat lan salam mboten
katalumpen katur dumateng junjungan Nabi Agung Muhammad SAW. mugi lubering
syafa’at tansah kasasriro kajiwo mranani gesang ing alam donyo dumugining alam
kelanggengan.
Awit pikantuk sih wilasaning Gusti Allah, kawulo sagotrah bade nderek
mangayubagyo Wilujengan Dusun/ Merti Dusun, ing mbokbilih wonten danganipun
penggalih nyuwun rawuhipun benjang :

Dinten : Senin Pon


Suryo : 23 Juni 2014
Wekdal : Wanci ndalu
Mapan : Griyo kawulo, Dusun Sepakung Wetan, Desa Sepakung

Rawuh panjenengan sanget kawulo antu-antu ingkang saperlu pun suwuni pandongo
pangestu, mugi rohmatipun Gusti Allah ingkang arupi kasarasan tansah kasariro dumateng
kito sedoyo, rawuh panjenengan pun aturaken agunging panuwun ingkang tanpo pepindan.

Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

Sepakung, 17 Juni 2014


Nderek ngajeng-ajeng

Ibu SOPIAH/ SUJOKO

Anda mungkin juga menyukai