Anda di halaman 1dari 6

1)

Assalaamualaikum warahmatullaahi wabarkaatuhu,


Alhamdulillaahirabbilaalamiin. Assholaatu was-salaamualaa asyrofil an-biyaa-i wal mursaliin.
Syayyidinaa wa maulana muhammadin waalaa alihi wa shohbihi aj-maiin. Amma bad.

Catatan :
1. Contoh salam pembuka ini hanya boleh diucapkandigunakan apabila pembawa acara /
pranatacara adalah seorang Muslim.
2. Apabila pembawa acara / pranatacara beragama Islam tetapi mayoritas yang hadir
bukan muslim, sebaiknya salam pembuka ini tidak digunakan.
3. Sebagai pengganti salam pembuka tersebut, bisa digunakan kalimat : Mugi sih
wilasaning Gusti ingkang Maha Peparing tansah kajiwa lan kasarira dhateng
panjenengan sedaya dalasan kula (atau menggunakan kalimat lain yang intinya
memanjatkan doa kepada Tuhan Yang Maha Esa), kemudian diteruskan dengan
kalimat di bawah ini.
Dhumateng ngarsanipun para pepundhen, para pinisepuh saha para sesepuh ingkang pantes
pinundhi. Para pangemban pangembating praja satriyaning negari, nun inggih
panjenenganipun Bapak Dukuh , Bapak Ketua RW .. menapa dene Bapak Ketua RT
ingkang tuhu kinabekten. Para Bapak saha Ibu minangka tokoh masyarakat ing tlatah
Pedukuhan ingkang tansah kula hormati. Mboten kesupen dhumateng para kanca
pengurus ..(nama organisasi) ingkang tansah kaantu-antu kiprahipun ing sak lebeting
gesang kemasyarakatan.
Langkung rumiyin keparenga kula ingkang piniji ndherekaken lampahing adicara pepanggihan
ing titiwanci punika, nyuwun lumunturing sih samodra pangksami dene kula cumanthaka
nggempil kamardikan nyigeg pangandikan panjenengan sedaya, saperlu badhe amurwakani
laksitaning adicara ing titiwanci punika.
Anamung sak derengipun, murih ing samangke sageta jumbuh menapa ingkang dados
wigatining pepanggiha menika, keparenga badhe kula aturaken menggah urut reroncening
adicara ingkang sampun karantam, ingkang ing samangke badhe kapurwakani kanthi adicara
ingkang angka sepisan nun inggih Pambuka. Kalajengaken adicara ingkang angka kalih, atur
pam bagyaharja saking Ketua .. Ndungkap adicara ingkang angka tiga, Pangandikan
saking Bapak Dukuh.. Adicara ingkang angka sekawan, minangka wigatining
pepanggihan menika nun inggih Musyawarah, ingkang samangke lampahing adicara
musyawarah menika kaaturaken dhateng sedherek Ketua Paripurnaning adicara
musyawarah, kalajengaken adicara mirunggan ingkang badhe kaaturaken wontenipun
sawetawis atur saking pengurus. Wondene adicara ingkang angka enem minangka
pungkasaning adicara, nun inggih adicara Panutup.
Para bapak, para ibu saha para sedehrek sedaya ingkang tansah kinurmatan. Sumangga
adicara pepanggihan ing titiwanci punika tumunten kita awiti. Minangka pambuka laksitaning
adicara, sumangga kita purwakani kanthi sareng-sareng ndedonga kanthi nenuwun lan
nyenyuwun dhumateng ngarsanipun Gusti Allah SWT karana maos lafal Basmalah, kula
dhereaken.
Ndungkap adicara ingkang angka kalih, atur pambagyaharja saking Ketua . Ingkang
menika dhumateng sedherek Ketua .kasumanggaaken.

=====(setelah pambagyaharja dari ketua selesai)=====

Mekaten manggah atur pambagyaharja ingkang sampun kaaturaken denening sedherek


. Kalajengaken adicara ingkang angka tiga, Pangandikan saking Bapak Dukuh
Dhumateng Bapak Dukuh . wekdal sacekapipun kaaturaken.
Sumangga.

=====(setelah Sambutan Dukuh selesai)=====

Kaaturaken agunging panuwun dhumateng panjenenganipun Bapak Dukuh..


ingkang sampun kepareng paring pangandikan, ingkang sedaya pangandikan kala wau
minangka pambombong lan pambimbing tumrap pengurus saha anggota ..(nama
organisasi) ing tlatah Pedukuhan ..
Para Bapak, para ibu saha para sedherek sedaya ingkang kinurmatan, lumebet adicara
ingkang angka sekawan, minangka wigatining adicara pepanggihan ing titiwanci menika,
inggih adicara Musyawarah. Wondene lampahing adicara musyawarah menika, sawetahipun
kula aturaken dhateng sedherek Ketua .. (nama organisasi). Dhumateng sedherek ..
(nama Ketua) kasumanggaaken.

=====(setelah jalannya musyawarah selesai)=====

Alhamdulillaahirabbilaalamiin. Sampun paripurna adicara musyawarah ing titiwanci menika


lan saestu sampun pinanggih rembag ingkang gumathok minangka paugeraning pakaryan
utawi kegiatan ingkang badhe sareng-sareng kita lampahi ing wekdal ingkang badhe dhateng.
Para lenggah ingkang kinurmatan, ndungkap adicara ingkang angka gangsal, sawetawis atur
saking pengurus ingkang badhe kaaturaken dening sedherek sekretaris. Dhumateng sedherek
sekretaris, wekdal kasumanggaaken.

=====(setelah sekretaris selesai menyampaikan)=====

Mekaten sawetawis atur saking sedherek sekretaris, mugi ndadosna kawigatosan dhumateng
para anggota lan minggahipun dhumateng sedaya para lenggah.
Para Bapak sumrambah para Ibu saha para sedherek sedaya ingkang kinurmatan, titi
laksananing adicara pepanggihan ing wekdal punika wiwit purwa, madya dumugi wusananing
pepanggihan sampun lumampah kathi wilujeng nir ing sambekala. Minangka panutuping
adicara, sumangga adicara ing titiwanci menika kita pungkasi ngiras pantes minangka raos
syukur dhumateng ngarsanipun Gusti Allah SWT karana maos lafal Hamdalah, kula
dherekaken. . Alhamdulillaahirabbilaalamiin

Para lenggah ingkang kinurmatan, ing mbok bilih sak dangunipun kula ndherekaken
lampahing adicara, inggih minangka jejering pranatacara kathah atur ingkang kirang nuju
prana menapa dena tindak-tanduk kula ingkang kirang mranani, saestu kanthi andhap asoring
manah kula nyuwun lumunturing sih samodra pangaksami, nyuwun aguning pangapunten.
Wusana, wassalaamu;alaikum warahmatullaahi wabarakaatuhu.
2)
Pranatacara Acara Kumpulan Pemudha/Karang Taruna
September 9, 2013 by aspakkulon

Jika sebelumnya postingan tentang pranatacara Pamitan Haji maka kali ini akan saya tulis
tentang pranatacara acara perkumpulan pemuda/karang taruna dalam bahasa Jawa. Semoga
Bermanfaat.
Assalaamualaikum WR.WB
Nuwun,
Dhumateng Bapak , mandhapipun Mas/Mbak ., ingkang kinurmatan lan sedaya
mudha-mudhi dusun Kantongan ingkang kula tresnani.
Sadherengipun sumangga kita ngaturken raos puji syukur kita dhumateng Allah SWT, ingkang
sampun paring Rahmat saha Hidayahipun dhumateng kita sedaya. Sahingga kita sedaya
saged rawuh wonten ing kempalan rutin mudha-mudhi dusun Kantongan, kanthi boten
wonten alangan satunggal menapa.
Boten kesupen Sholawat sarta salam mangga kula lan panjenengan aturaken dhumateng
Rasulullah SAW ingkang dipuntengga-tengga syafaatipun wonten ing Yaumul Qiyamah.
Sakdherengipun acara kawiwitan, keparenga kula pranatacara badhe maosakaen menggah
reruncening acara ing wekdal menika, adicara kaping setunggal inggih menika PAMBUKA,
Kaping kalihipun TAHLILAN, Kaping Tiga inggih acara INTI, Kaping sekawan inggih LAIN-LAIN,
Kaping gangsal inggih menika PANUTUP, para lenggah sedaya ingkang winantu suka basuki,
menika wau reuncening acara kempalan rutin mudha-mudhi dusun Kantongan wonten ing
wekdal menika.
Para lenggah ingkang winantu suka basuki ngancik acara ingkang angka setunggal inggih
menika pambuka, sumangga acara ing wekdal menika dipun wiwiti kanti waosan BASMALLAH
sesarengan, kula derekkaken. Bismillah ..
Para mudha-mudhi dusun Kantongan ingkang kula tresnani, acara sak lajengipun inggih
menika Tahlilan ingkang badhe dipun pimpin dhumateng Mas/Mbak . Dhumateng Mas/Mbak
. kula sumanggaaken..
Matur nuwun dhumateng Mas/Mbak. Ingkang sampun mimpin acara Tahlilan. Ngancik acara
salajengipun inggih menika acara INTI , dhumateng Mas/Mbak .. kasuwun mimpin acara inti
ing wkdal menika. Sumangga.
Matur nuwun dhumateng panjenenganipun Mas/Mbak. Ingkang sampun mimpin acara inti.
Lumampah adicara salajengipun inggih maenika lain-lain, dhumateng kanca-kanca mudha-

mudhi Kantongan ingkang gadhah pamanggih, panyaruwe utawi pamrayogi kangge


majengaken Kepemudhaan menika kula sumanggaaken.
Matur nuwun dhumateng kanca-kanca ingkang sampun paring pamanggih, panyaruwe, lan
pamrayogi, mugi-mugi sedaya kala wae saged migunani dhumateng kita sedaya. amin
Acara salajengipun inggih menika panutup. Ananging saderengipun adicara dipuntutup kula
pranatacara wonten mriki menawi anggen kula nglantaraken acara menika kathah
kekiranganipun kathah bab-bab ingkang boten mranani wonten ing penggalih panjenengan
sedaya kula nyuwun agunging pangapunten, matur rnuwun. Mangga adicara kita tutup
kanthi waosan TAHMID/HAMDALAH kanthi sesarengan, sumangga. ALHAMDULILLAH Cekap
semanten atur kula.
WassalaamuAlaikum WR.WB

3)
Assalaamualaikum Wr.Wb

Wonten ngarsanipun Pembina Karang Taruna RT 2 / RW 2 nuninggih panjenenganipun


Bapak Misrun, ingkang dahat kinurmatan.

Ketua Karang Taruna lan sak jenjang peraangkatipun ingkang kinurmatan.

Rencang-rencang karang taruna ingkang kulo tresnani.


Sepindah monggo kito aturken raos puji syukur kito dumateng Alloh SWT, engkang sampun
pareng Rahmat lan karunianipun dumateng kito sedoyo. Sahinggo kito saged makempal ing
(Acara yang sedang berlangsung) puniko.
Sholawat sarto salam monggo sami kito aturaken dumateng Rosululloh SAW engkang kito
antu-antu syafaatipun wonten ing Yaumil Qiyamah.
Poro rawuh ingkang kinurmatan, kulo minongko pranoto adicoro ing ndalu meniko bade
maosakaen runtutaning acoro ing ndalu meniko:
Sepindah Pambuko
Kapeng kalihipun sambutan saking Penyelenggara / Panitia
Kapeng tigo sambutan saking Pembina Karang Taruna
Kapeng sekawan sambutan saking Ketua Karang Taruna
Kapeng gangsal Laporan Keuangan
Kapeng enem Istirahat
Kaping pitu Lain-lain
Kaping wolu Penutup
Mengeti wedal sakwetawis ndalu, monggo adicoro ing ndalu puniko kito bikak sesarengan
kanti waosan BASMALLAH sesarengan.
Ndungkap adicoro sak lajengipun nuninggh adicoro ingkang ongko kaleh. Adicoro ingkang
ongko kalih nuninggih sambutan sangking penyelenggara / panitia ingkang sak mangke bade
kaslirani dumateng panjenenganipun dumateng panjenenganipun .
sumonggo.
Matur nuwun dumateng panjenenganipu .
Ndungkap adicoro sak lajengipun nuninggh adicoro ingkang ongko tigo. Adicoro ingkang
ongko tigo nuninggih sambutan sangking Pembina Karang Taruna, dumateng
panjenenganipun . sumonggo.
Matur nuwun dumateng panjenenganipu .
Ndungkap adicoro sak lajengipun nuninggh adicoro ingkang ongko sekawan. Adicoro ingkang
ongko sekawan nuninggih sambutan sangking Ketua Karang Taruna, dumateng

panjenenganipun . sumonggo.
Matur nuwun dumateng panjenenganipu .
Ndungkap adicoro sak lajengipun nuninggh adicoro ingkang ongko gangsal. Adicoro ingkang
ongko gangsal nuninggih Laporan Keuangan Karang Taruna, dumateng panjenenganipun
. sumonggo.
Matur nuwun dumateng panjenenganipu .
Ndungkap adicoro sak lajengipun nuninggh adicoro ingkang ongko enem. Adicoro ingkang
ongko enem nuninggih Istirahat. Dumateng panitia utawi penyelenggara kawulo aturaken sak
cekapipun.
Makanan sudah keluar: monggo kulo aturi dipun rahabi kanti merdikaning penggalih
Ndungkap adicoro sak lajengipun nuninggh adicoro ingkang ongko pitu. Adicoro ingkang
ongko pitu nuninggih Lain-lain, wonten adicoro lain-lain kasuwon dumateng panjenenganipun
dumateng panjenenganipun . sumonggo.
Matur nuwun dumateng panjenenganipu .
Ndungkap adicoro sak lajengipun nuninggh adicoro ingkang ongko wolu. Adicoro ingkang
ongko wolu nuninggih Penutup. Sak derengipun acoro ing ndalu meniko kito tutup, kulo ing
mriki sak dangunipun ndereaken lampahing adicoro ing ndalu meniko kathah kalepatan kulo
nyuwun lumunturing sih samudro pangarsami.
Monggo acoro ing (waktu) puniko kito tutup kanthi sareng-sareng maos TAHMID.
Wasalamualaikum Wr. Wb
Teks Pembawa Acara , Karang Taruna Tunas Jaya Mandiri , RT 2 / RW 2 Kemiri Lor
4)
ONTOH TEKS PRANATACARA

Adicara

: Rapat Karang Taruna

Dening

: Bapak Sugiman & Dicky D. N

Sagunging para rawuh ingkang dahat kinurmatan.


Assalamualaikum. Wr. Wb.
Puji syukur konjuk wonten ngarsa dalem Allah. S.W. T ingkang sampun paring rohmat
saha barokahipun saengga kula lan panjenengan sedaya saget kempal wonten ing rapat
karang taruna ing dalu menika. Kula ingkang tampi jejibahan jejer pranatacara ngaturaken
pambagya sugeng rawuh.
Salajengipun keparenga kula ngaturaken rantamaning adicara ing dalu menika.
Adicara ingkang kaping setunggal inggih menika pambuka, adicara ingkang kaping kalih
inggih menika atur pangandika ketua karang taruna, adicara ingkang kaping tiga inggih
menika atur pangandika bendahara, ingkang kaping sekawan inggih menika panutup.
Adicara ingkang kaping setunggal inggih menika pambuka. Sumangga wonten ing
wekdal menika dipun wiwiti kanthi ndedonga sesarengan. Wonten ing papan palenggahan,
ndonga kawiwitan. Ndonga kacekap. Matur nuwun.
Ndungkap adicara saklajengipun inggih menika atur pangandika ketua karang taruna, wekdal
saha papan kula sumanggaaken. Matur nuwun.

Adicara saklajengipun inggih menika atur pangandika bendahara, wekdal saha papan kula
sumanggaaken. Matur nuwun.
Adicara ingkang pungkasan inggih menika panutup.
Sumangga adicara ing dalu menika dipun pungkasi kanthi ndedonga sesarengan.
Wonten ing papan palenggahan, ndonga kawiwitan. Ndonga kacekap. Matur nuwun.
Menawi wonten kirang saha kalepatan ing atur kula ingkang mboten mranani penggalih, kula
nyuwun pangapunten. Ingkang badhe kondur, kula nderekaken sugeng kondur.
Nuwun, nuwun, matur nuwun.
Wassalamualaikum Wr. Wb.
Diposkan oleh Ita Inong di 12.12

Anda mungkin juga menyukai