Anda di halaman 1dari 2

Assalamualaikum Wr.

Wb

1.
2.
3.
4.

Para rawuh ingkang satuhu kinormatan, mangga kita ngaturaken puji syukur dumateng Gusti ingkang Maha Agung , ingkang sampun
maringi mapinten-pinten kanikmatan, kasarasan, lan karohmatan saengga kita saged kempal wonten ing papan puniki acara Pelepasan kelas
IX SMP N 1 Pleret angkatan 2011/2012 tanpa alangan punopo .
Sholawat serta salam tansah kita ngaturaken marang Nabi Agung kita Muhammad SAW , ingkang kita anti-anti safaattipun ing
yaumul qiyamah . amin
Para rawuh ingkang kula kurmati , saderengipun adicara kawiwitan kepareng kula ngaturaken tuntuting adicara ing enjing menika .
Pambuka
Pangandikan-pangandikan
Sumening
Pungkasan
Bapak ibu lan sederek sedaya mangga kita buka kanthi waosan basmallah
mugi-mugi acara punika saged lancar .
Acara saklajengipun pangandikan , pangandikan ingkang sepindhah menika saking bapak kepala sekolah , dumateng bapak Eko
Sulistiyono kula sumanggakaken .
(.........)
Matur suwun dumateng bapak Eko Sulistiyono ingkang sampun maringi pangandikan .
Pangandikan ingkang kaping kalih inggih menika wakilipun kelas IX , dumateng Rida Lestari kula sumanggaken .
(......)
Matur suwun dumateng Rida Lestari ingkang sampun maringi pangandikan.
Adicara saklajengipun inggih menika atur pambagya saking ketua OSIS minangka wakilipun siswa kelas 7 lan 8 . Dumateng Ayu
Dewi wekdal saha papan kula sumanggaken.
(......)
Matur nuwun dumateng ketua OSIS , mugi-mugi andadosaken penggalih panjenengan sedaya .
Acara saklajengipun inggih menika sumening , gegandhengan sampun cumwis daharan saha unjukan monggo kita dahar sesarengan.
Mboten ngirangi anggenippun dahar lan ngunjuk mangga kita tutup acara puniki kanthi waosan hamdallah ...
Wassalamualaikum Wr.Wb

PRANATA ADICARA
BUKA BERSAMA
Assalamualaikum Wr.Wb

Kula aturaken puji syukur dumateng Allah swt. ingkang sampun paring rahmat lan hidayah sahingga kita saged mlampah ing acara Buka Bersama.
Shalawat sarta salam kita aturaken dening Nabi Muhammad saw. ingkang kita tengga-tengga safaat ing Yaumul Qiyamah menika.
Kula aturaken panuwun dening Bapak/Ibu lan para hadirin sedaya ingkang sampun dating ing adicara menika.
Kula wonten ing mriki dados pranata adicara badhe maosaken rantamaning adicara menika:
1. Pambuka
2. Waosan ayat suci Al-Quran
3. Atur pangandikan saking Ketua Panitia
4. Pengajian saking Ustadz Reza
5. Buka Bersama
6. Doa lan Panutup

Menika wau rantamaning adicara menika,gegandhengan wekdal sampun ndungkap dalu, monggo pepanggihan menika enggal kita awiti. Menggah acara
waosan basmalah sesarengan.
.

Adicara kaping pindo waosan ayat suci Al-Quran saking sedherek Fatimah,wekdal saha papan kula sumanggaaken.
.
Kula aturaken panuwun dumateng sedherek Fatimah, mugi-mugi amal sae panjenengan pikanthuk pituwas ganjaran saking ngarsa dalem Allah
swt. Amin.
Adicara kaping tiga inggih menika atur pangandikan dumateng Ketua Panitia, wekdal saha papan kuola sumanggaaken.
.

Matur nuwun dumateng Ketua Panitia ingkang sampun paring pangandikan.

Adicara kaping sekawan inggih menika pengajian, ingkang dipun wiwiti saking Ustadz Reza, sumonggo wekdal saha papan kula sumanggaaken.
.
Matur nuwun dumateng Uatadz Reza ingkang sampun wiwiti pengajian menika. Mugi-mugi kita sedaya saged mendhet hikmah saking
pengajian menika.
Adicara kaping gangsal inggih menika Buka Bersama. Monggo para hadirin sedaya daharan saha unjukkan sampun cepakaken. Sakdherengipun
monggo kita waosan doa Buka Bersama sesarengan.
.
Adicara ingkang pungkasan inggih menika panutup. Sakdeherengipun kula ing mriki dados pranata adicara menawi wonten kathah kalepatan kula
nyuwun pangapunten agunging pangaksami saking panjenengan sedaya. Monggo acara menika kita tutup kanthi waosan hamdalah sesarengan.
.

Wabillahi taufik wal hidayah


Wassalamualaikum Wr.Wb.

Anda mungkin juga menyukai