Anda di halaman 1dari 2

PRANATA ADICARA

BUKA BERSAMA
Assalamualaikum Wr.Wb

Kula aturaken puji syukur dumateng Allah swt. ingkang sampun paring rahmat lan
hidayah sahingga kita saged mlampah ing acara Buka Bersama. Shalawat sarta salam kita
aturaken dening Nabi Muhammad saw. ingkang kita tengga-tengga safaat ing Yaumul
Qiyamah menika.
Kula aturaken panuwun dening Bapak/Ibu lan para hadirin sedaya ingkang sampun dating
ing adicara menika.
Kula wonten ing mriki dados pranata adicara badhe maosaken rantamaning adicara
menika:
1
2
3
4
5
6

Pambuka
Waosan ayat suci Al-Quran
Atur pangandikan saking Ketua Panitia
Pengajian saking Ustadz Reza
Buka Bersama
Doa lan Panutup

Menika wau rantamaning adicara menika,gegandhengan wekdal sampun ndungkap dalu,


monggo pepanggihan menika enggal kita awiti. Menggah acara waosan basmalah
sesarengan.
.
Adicara kaping pindo waosan ayat suci Al-Quran saking sedherek Fatimah,wekdal saha
papan kula sumanggaaken.
.
Kula aturaken panuwun dumateng sedherek Fatimah, mugi-mugi amal sae
panjenengan pikanthuk pituwas ganjaran saking ngarsa dalem Allah swt. Amin.
Adicara kaping tiga inggih menika atur pangandikan dumateng Ketua Panitia, wekdal
saha papan kuola sumanggaaken.

Matur nuwun dumateng Ketua Panitia ingkang sampun paring pangandikan.

Adicara kaping sekawan inggih menika pengajian, ingkang dipun wiwiti saking Ustadz
Reza, sumonggo wekdal saha papan kula sumanggaaken.
.
Matur nuwun dumateng Uatadz SuTekno ingkang sampun wiwiti pengajian
menika. Mugi-mugi kita sedaya saged mendhet hikmah saking pengajian menika.
Adicara kaping gangsal inggih menika Buka Bersama. Monggo para hadirin sedaya
daharan saha unjukkan sampun cepakaken. Sakdherengipun monggo kita waosan doa
Buka Bersama sesarengan.
.
Adicara ingkang pungkasan inggih menika panutup. Sakdeherengipun kula ing mriki
dados pranata adicara menawi wonten kathah kalepatan kula nyuwun pangapunten
agunging pangaksami saking panjenengan sedaya. Monggo acara menika kita tutup
kanthi waosan hamdalah sesarengan.
.

Wabillahi taufik wal hidayah


Wassalamualaikum Wr.Wb.

Anda mungkin juga menyukai