Anda di halaman 1dari 6

SAMBUTAN TUAN RUMAH

Assalamualaikum Wr.Wb

Dumateng poro sesepuh pini sepuh ingkang pantes kinabekten.

Poro bpk lan poro sederek ing kang kulo hormati.

Kawulo pinongko badan wakil sakeng kelompok rondo malem... ing kang sepisan
ngaturaken sugeng rawoh lan ngaturaken sewu2 angung ing panuwun dumateng
poro bpk lan poro sederek sedoyo ingkang sampun kerso ngrawuhi pepanggihan
wonten ing ndalu punika.

Mugi2 tindak panjenengan saking ndalem dumugi ing menika papan kareken
ngibadah lan pikantuk ganjaran saking ngarso dalem Allah SWT.

Ingkang sak lajengipun mbok bilih anggenipun nyediaken papan kirang nuju prono
estu kawulo nyuwun pangapunten ing kang kathah.

Ing wasono mekaten lan semanten atur kulo pinongko tuan rumah (Wakil saking
kelompok rondo malam...) wonten kilaf lan lepat nyuwun pangapunten.

Wassalamualaikum Wr. Wb
Pidato Pembawa Acara Tahlilan
Assalamualaikum Wr. Wb.

Alhamdulillah, Alhamdulllahilladzi anzala sakinata fiiqulubil muminin liyazdaadu


iimanan maaa immanihim. Asyhadu anlaa ilaaha ilallaah wahdahu laa syari kalah,
wa asyhadu anna muhammadan abduhu warosulu la nabiyya badah.

Allohumma sholli ala sayyidina Muhammad, waala alihi wasohbihi waman tabiahum
biihsanin ilaa yaumiddin.

qoolallahu taala fil quranil kariim, audzubillaahi minashaitonirrojiim, bismillah


hirrohmaanirrohiim :

amma badu :

almukarrom poro alim, poro kyai, soho poro ustadz,


ingkang kawulo mulya aken poro sepuh pini sepuh,
ingkang kawulo mulya aken poro hadirin sedoyo jamaah tahlil,
wabil khusus shohibul bait, shohibul hajat, Bapak .sekeluarga

alhamdulillah, monggo kito aturan puji syukur dumateng ngarsanipun Allah SWT
kanthi ucapan Alhamdulillahirobbil aalamiin, ingkang sampun paring pinten-pinten
kenikmatan dumateng kulo panjenengan sedoyo, dene menopo kulo panjenengan
sedoyo saget angrawuhi jamaah rutin wonten dalemipun Bapak kanthi
kawontenan sehat wal afiat mboten wonten rubedo menopo-menopo, Mugi-mugi
kehadiran kulo panjenengan sedoyo estu-estu dicatet kalian Allah SWT dadoso
amalan hasanah fiddini waddunya wal aakhirah, Amin 2X

sak lajengipun sholawat lan salam monggo kito aturaken dumateng junjungan kito
kanjeng nabi Muhammad SAW, biqouli Allahumma sholli alaa Muhammad
ingkang sampun paring pitedah dumateng kulo panjenengan sedoyo arupi diinul
Islam, arupi agami Islam, Mugi2 dalu menika ngantos akhir hayat kulo panjenengan
sedoyo tetep netepi agami Islam, lan mbenjang wonten yaumil qiyaamah, kulo
panjenengan sedoyo dadoso umatipun Muhammad ingkang angsal syafaatipun
kanjeng nabi Muhammad SAW. Amin 2X yaa robbal alamin

Bapak-bapak poro rawuh ingkang kawulo mulyaaken, dalu menika Bapak .


kagungan hajat inggih punika, kirim doa dumateng leluhuripun ingkang asma :
1. Almarhum Bapak..
2. Almarhum Bapak..
3. Almarhumah Ibu..
4. . lan
5. .
Bapak-bapak poro rawuh ingkang kawulo mulyaaken, dalu menika pembacaan yasin
lan tahlil kulo pasrahaken dumateng panjenenganipun Bapak .. lan mangke dipun
tutup doa kalian panjenenganipun Bapak ..

Monggo pakempalan dalu menika kito mulai kanthi pembukaan ummul quran
shurotul fatihah
Bismillahirrohmaanirrohim, ila hadrotin nabi mustofa Muhammad shollallohu alaihi
wasallam waala alihi wasohbihi wa azwajihi wadhurriyya tihi ajmain, ALFAATIHAH

Saklajengipun waosan yasin lan tahlilipun, dumateng panjenenganipun Bapak .


kawulo aturan..

PEMBACAAN YASIN DAN TAHLIL


PEMBACAAN DOA
ISTIRAHAT

Assalamualaikum Wr.Wb.

Bapak-bapak poro rawuh ingkang kawulo mulyaaken, mekaten kolo wau waosan
yasin, tahlil, lan doa sampun kolo lan panjenengan lampahi kanthi lancar lan
gangsar, Mugi-Mugi, menopo ingkang dados niat lan hajatipun Bapak estu-estu
dipun terami kalian Allah SWT. Amin

Atas Nami shohibul bait, shohibul hajat, Bapak .. ngaturaken agunging panuwun
atas kerawuhan lan doa kulo panjenengan sami, lan nyuwun ngapunten mbok bilih
anggenipun paring panghormatan, pinaraan ugi hidangan mboten nocoki dumateng
panjenengan jedoyo.

Kulo piyambak, selaku pranoto acoro, nyuwun pangapunten mbok bilih wonten
kirang langkung atur kulo dumateng panjenengan sedoyo.

Akhiru kalam, billahi taufiq wal hidayah, Assalamualaikum Wr. Wb.

Allahumma sholli alaa Muhammad.


Contoh Teks Pembawa Acara Bahasa Jawa :

Poro Bapak, poro ibu, hadirin sedoyo ingkang kulo hormati!

Ingkang pertami-tami lan langkung utami kula sebagai pembawa acara ngaturi,
mangga, ampun bosen-bosen kula lan panjenengan sedoyo ngaturaken puja lan puji
syukur kita, dateng Allah Subhaanahu wataala ingkang sampun maringi kita sedoyo,
pinten-pinten kenimatan ingkang mboten kewilang kataEh, baik kenimatan dzahir
maupun batin.

Terutama nimat ingkang paling agung inggih meniko nimat iman lan nimat Islam.
Alhamdulillahi Rabbil alamin. Karena dengan izin-Nya, Irodah-Nya, Kita sedoyo ing
wekdal siang puniki taksih dipun paring kesehatan, taksih dipun paring kesempatan
dan juga kita masih dipinjami-Nya umur, Sehingga kita sedoyo saged kempal
sareng-sareng, bermuwajjahah, bertatap muka bersilaturahim dalam acara haflah
akhirussanah Madrasah diniyah Bustanul wildan. Semoga acara yang kita hadiri
bersama ini mendapatkan kelancaran, ketertiban dan ridlo dari Allah Subhanahu
wataala, Allaahumma Amin.

Sholawat ugi salam mugi tetep ingatase insan paling mulyo ing seluruh alam,
Junjungan kito Nabi Besar Muhammad SAW. Mugi-mugi kito sedoyo selaku umatipun
mbenjang angsal syafaatipun ing dinten qiyamat. Amin..

Poro rawuh ingkang minulyo!


Wonten ing mriki kawulo kapatah sebagai Pembawa Acara wontenipun haflah
akhirussanah ingkang dipun wontenaken dening sedoyo siswa siswi Madrasah
Diniyah Bustanul Wildan periode 2014-2015.

Langsung mawon kawulo wahosaken susunan acara sebagai berikut:


Acara ingkang nomer I Pembukaan
Acara ingkang nomer II Pembacaan ayat suci Al-Quran lan lantunan Sholawat Nabi
Acara ingkang nomer III Prakata utawi sambutan Panitia
Acara ingkang nomer IV Ceramah Agama utawi Mauidzoh Hasanah
Acara ingkang nomer V Penutup/ Doa
Poro Bapak, poro Ibu hadirin ingkang kaulo hormati!
Mekatenlah susunan acara ingkang bade kelaksanakaken wonten ing saat meniko.
Lan mugi-mugi acara-acara meniko dipun ridhoi dening Alloh SWT. dipun paringi
kemudahan, kelancaran lan barokahipun Alloh SWT.

Lan monggo kito mulai mawon acara kito kelawan acara ingkang kaping
setunggal. Kito buka kanti wahosan Ummul Kitab, Sabul matsani surotil Faatihah:



....

Matur kesuwun kaulo aturaken kangge Poro Bapak lan poro Ibu ingkang sampun
buka acara kito kanti wahosan surah al-fatihah. Mugi-mugi kelawan wahosan surat
al-fatihah kolo wahu acara kito dipun paringi kelancaran, keberkahan lan ridloipun
Alloh SWT. Amin ya Robbal Alamin.

Acara ingkang kaping kalih inggih puniko wahosan ayat suci Al-Quran lan
lantunan sholawat Nabi ingkang bade dipun wahos dening Al-Ustadz Abdulloh.
Dumateng Al-Ustadz Abdulloh dipun sumonggo aken.

Poro rawuh mekaten kolo wahu wahosan ayat suci Al-Quran lan lantunan
sholawat Nabi ingkang sampun dipun laksanakaken dening Al-Ustadz Abdulloh.
Mugi-mugi dados sebab lumeberipun pahala lan barokah dateng ingkang mahos lan
kangge kito sedoyo ingkang mirengaken. Dumateng ingkang mahos kaulo aturaken
matur kesuwun.

Acara ingkang kaping tigo inggih puniko Prakata utawi Sambutan saking
Panitia acara, wonten hal puniko bade dipun sampe aken dening Bapak Zaid.
Dumateng Bapak zaid dipun sumangga aken.

Poro rawuh, mekaten kolo wahu prakata utawi sambutan saking atas nama
Panitia Acara ingkang sampun dipun sampe aken dening Bapak zaid. Dumateng
panjenenganipun kulo aturaken matur nuwun.

Acara ingkang kaping gangsal lank aping nem inggih puniko merupakan
mauidzoh hasanah utawi ceramah agama lan doa penutup acara ingkang bade
dipun sampe aken dening Al-Mukarrom, Al-fadlil Romo KH. Umar. Dumateng Al-
Mukarrom, Al-fadlil Romo KH. Umar dipun sumangga aken.

Poro Bapak Poro Ibu, mekaten kolo wahu mauidzoh hasanah lan doa
penutup ingkang sampun dipun sampe aken dening Al-Mukarrom, Al-fadlil Romo KH.
Umar. Mugi-mugi punopo ingkang sampun dipun sampeaken dados ilmu ingkang
manfaat kanggge kulo lan panjenengan sedoyo fid-diini wad-dunya wal-akhiroh.
Amin amin yaa robbal aalamin.,

Poro rawuh sedoyo, Alhamdulillah sedoyo acara sampun kelampah kanti


tertib lan lancar. Wonten ing mriki kawulo sebagai pembawa acara awal ngantos
akhir atas sedoyo kesalahan kulo, kulo nyuwun agungipun pangapunten. Kulo akhiri

Anda mungkin juga menyukai