Anda di halaman 1dari 3

Assalaamu’alaikum warahmatullaahi wabarkaatuhu,

Alhamdulillaahirabbil’aalamiin. Assholaatu was-salaamu’alaa asyrofil an-biyaa-i wal mursaliin.


Syayyidinaa wa maulana muhammadin wa’alaa alihi wa shohbihi aj-ma’iin. Amma ba’d.

Catatan :

Contoh salam pembuka ini hanya boleh diucapkan’digunakan apabila pembawa acara / pranatacara
adalah seorang Muslim.

Apabila pembawa acara / pranatacara beragama Islam tetapi mayoritas yang hadir bukan muslim,
sebaiknya salam pembuka ini tidak digunakan.

Sebagai pengganti salam pembuka tersebut, bisa digunakan kalimat : “Mugi sih wilasaning Gusti ingkang
Maha Peparing tansah kajiwa lan kasarira dhateng panjenengan sedaya dalasan kula” (atau
menggunakan kalimat lain yang intinya memanjatkan do’a kepada Tuhan Yang Maha Esa), kemudian
diteruskan dengan kalimat di bawah ini.

Dhumateng ngarsanipun para pepundhen, para pinisepuh saha para sesepuh ingkang pantes pinundhi.
Para pangemban pangembating praja satriyaning negari, nun inggih panjenenganipun Bapak Dukuh ……,
Bapak Ketua RW ….. menapa dene Bapak Ketua RT…… ingkang tuhu kinabekten. Para Bapak saha Ibu
minangka tokoh masyarakat ing tlatah Pedukuhan …… ingkang tansah kula hormati. Mboten kesupen
dhumateng para kanca pengurus …………..(nama organisasi) ingkang tansah kaantu-antu kiprahipun ing
sak lebeting gesang kemasyarakatan.

Langkung rumiyin keparenga kula ingkang piniji ndherekaken lampahing adicara pepanggihan ing
titiwanci punika, nyuwun lumunturing sih samodra pangksami dene kula cumanthaka nggempil
kamardikan nyigeg pangandikan panjenengan sedaya, saperlu badhe amurwakani laksitaning adicara ing
titiwanci punika.

Anamung sak derengipun, murih ing samangke sageta jumbuh menapa ingkang dados wigatining
pepanggiha menika, keparenga badhe kula aturaken menggah urut reroncening adicara ingkang sampun
karantam, ingkang ing samangke badhe kapurwakani kanthi adicara ingkang angka sepisan nun inggih
Pambuka. Kalajengaken adicara ingkang angka kalih, atur pam bagyaharja saking Ketua …….. Ndungkap
adicara ingkang angka tiga, Pangandikan saking Bapak Dukuh……………….. Adicara ingkang angka sekawan,
minangka wigatining pepanggihan menika nun inggih Musyawarah, ingkang samangke lampahing adicara
musyawarah menika kaaturaken dhateng sedherek Ketua…………… Paripurnaning adicara musyawarah,
kalajengaken adicara mirunggan ingkang badhe kaaturaken wontenipun sawetawis atur saking pengurus.
Wondene adicara ingkang angka enem minangka pungkasaning adicara, nun inggih adicara Panutup.

Para bapak, para ibu saha para sedehrek sedaya ingkang tansah kinurmatan. Sumangga adicara
pepanggihan ing titiwanci punika tumunten kita awiti. Minangka pambuka laksitaning adicara, sumangga
kita purwakani kanthi sareng-sareng ndedonga kanthi nenuwun lan nyenyuwun dhumateng ngarsanipun
Gusti Allah SWT karana maos lafal Basmalah, kula dhereaken.

Ndungkap adicara ingkang angka kalih, atur pambagyaharja saking Ketua ……………. Ingkang menika
dhumateng sedherek Ketua ….kasumanggaaken.

=====(setelah pambagyaharja dari ketua selesai)=====

Mekaten manggah atur pambagyaharja ingkang sampun kaaturaken denening sedherek …………………….
Kalajengaken adicara ingkang angka tiga, Pangandikan saking Bapak Dukuh …………………… Dhumateng
Bapak Dukuh …………. wekdal sacekapipun kaaturaken. Sumangga.

=====(setelah Sambutan Dukuh selesai)=====

Kaaturaken agunging panuwun dhumateng panjenenganipun Bapak Dukuh……………….. ingkang sampun


kepareng paring pangandikan, ingkang sedaya pangandikan kala wau minangka pambombong lan
pambimbing tumrap pengurus saha anggota ………..(nama organisasi) ing tlatah Pedukuhan ………………..

Para Bapak, para ibu saha para sedherek sedaya ingkang kinurmatan, lumebet adicara ingkang angka
sekawan, minangka wigatining adicara pepanggihan ing titiwanci menika, inggih adicara Musyawarah.
Wondene lampahing adicara musyawarah menika, sawetahipun kula aturaken dhateng sedherek Ketua
……….. (nama organisasi). Dhumateng sedherek …….. (nama Ketua) kasumanggaaken.

=====(setelah jalannya musyawarah selesai)=====

Alhamdulillaahirabbil’aalamiin. Sampun paripurna adicara musyawarah ing titiwanci menika lan saestu
sampun pinanggih rembag ingkang gumathok minangka paugeraning pakaryan utawi kegiatan ingkang
badhe sareng-sareng kita lampahi ing wekdal ingkang badhe dhateng.

Para lenggah ingkang kinurmatan, ndungkap adicara ingkang angka gangsal, sawetawis atur saking
pengurus ingkang badhe kaaturaken dening sedherek sekretaris. Dhumateng sedherek sekretaris, wekdal
kasumanggaaken.

=====(setelah sekretaris selesai menyampaikan)=====


Mekaten sawetawis atur saking sedherek sekretaris, mugi ndadosna kawigatosan dhumateng para
anggota lan minggahipun dhumateng sedaya para lenggah.

Para Bapak sumrambah para Ibu saha para sedherek sedaya ingkang kinurmatan, titi laksananing adicara
pepanggihan ing wekdal punika wiwit purwa, madya dumugi wusananing pepanggihan sampun
lumampah kathi wilujeng nir ing sambekala. Minangka panutuping adicara, sumangga adicara ing
titiwanci menika kita pungkasi ngiras pantes minangka raos syukur dhumateng ngarsanipun Gusti Allah
SWT karana maos lafal Hamdalah, kula dherekaken. ……. Alhamdulillaahirabbil’aalamiin…

Para lenggah ingkang kinurmatan, ing mbok bilih sak dangunipun kula ndherekaken lampahing adicara,
inggih minangka jejering pranatacara kathah atur ingkang kirang nuju prana menapa dena tindak-tanduk
kula ingkang kirang mranani, saestu kanthi andhap asoring manah kula nyuwun lumunturing sih samodra
pangaksami, nyuwun aguning pangapunten.

Wusana, wassalaamu;alaikum warahmatullaahi wabarakaatuhu.

Anda mungkin juga menyukai