Anda di halaman 1dari 37

Bregada Dalem Kraton

Ami. Candra. Dhita. Husna. Ratih

XII MIA 1
2018
Pangerten
• Bregada Dalem Keraton Ngayogyakarta Hadiningrat inggih menika alat pertahanan & keamanan
laladan Kesultanan Ngayogyakarta Hadiningrat, kaperang dados kesatuan (bregada/brigade). Bregada punika
rumiyin diagem kangge angkatan perang nanging sakniki sampun dingge dados babagan saking Upacara
Grebeg.
• Bregada dalem punika dibentuk wonten wayah pamrentahan Hamengkubuwono I abad 17,
tahun 1755 Masehi. Kirang luwih setengah abad, bregada dalem keraton kasohor cukup kuat. Wonten ing
wayah pamrentahan Hamengkubuwono II wonten perlawanan bersenjata nglawan serbuan saking
prajurit Inggris ingkang dipunmanggalani dening Jenderal Gillespie wonten ing sasi Juni 1812. Nanging saking
wayah Pemerintahan Hamengkubuwono III menika, kompeni Inggris mbibaraken angkatan perang
Kasultanan Yogyakarta. Wonten ing perjanjian 2 Oktober 1813 ingkang dipuntapakastani dening Sultan
Hamengkubuwono III lan Raffles, dipunserat menawi Kasultanan Yogyakarta boten dibenarake nggadhahi
angkatan bersenjata ingkang kuat.
• Keraton Kasultanan Yogyakarta nggadhahi kesatuan-kesatuan prajurit ingkang diarani bregada. Sakniki
wonten 10 bregada prajurit. Saben bregada dipunmanggalani dening Kapten, didampingi dening Panji,
ingkang nggadahi tugas mengatur dan memerintah sakabehan prajuri wonten saben bregada. Saben Panji
didampingi dening setunggal Wakil Panji. Sementara regu-regu wonten saben bregada dipandhegani dening
setunggal Sersan. Sedaya perwira wonten ing bregada dipimpin dening setunggal Pandega. Pucuk pimpinan
tertinggi bregada prajurit Keraton inggih menika Manggalayudha.

2
Pangerten
• Bregada Dalem Keraton Ngayogyakarta Hadiningrat = alat pertahanan & keamanan laladan Kesultanan
Ngayogyakarta Hadiningrat
• Rumiyin angkatan perang, sakniki dados babagan saking Upacara Grebeg.
• dibentuk wonten wayah pamrentahan Hamengkubuwono I abad 17, tahun 1755 M.
• kasohor cukup kuat. Wonten ing wayah pamrentahan Hamengkubuwono II, tahun 1812 M.
• Wayah Pemerintahan Hamengkubuwono III dipunbibaraken dening kompeni inggris, 2 Oktober 1813.
• Kesatuan – kesatuan prajurit ( bregada ) jumlahipun 10.
• Bregada dipunmanggalani Perwira pangkat Kapten
• Saben kapten didampingi setunggal perwira pangkat Panji, lan saben Panji didampingi setunggal Wakil Panji
• Regu - regu saben bregada dipandhegani setunggal Perwira pangkat Sersan
• Sedaya Perwira dipunmanggalani dening setunggal Pandhega
• Pucuk pimpinan tertinggi bregada inggih menika Manggalayudha.

ADD A FOOTER
3
Wirabraja Jagakarya Ketanggung Surakarsa
Dhaeng Prawirotama Mantrijeron Pandhega
Patangpuluh Nyutra Bugis Penambur

Bregada Dalem Keraton

ADD A FOOTER
4
Wirabraja

5
• Jejibahanipun minangka cucuking ngajurit salebeting perang
• Busana : sikepan,
• lonthong : satin,
• clana : panji warni sedaya abrit.
• Sepatu : pantofel cemeng,
• kaos kaki : pethak,
• songkok kudhup turi.
• Klebet/Gendera winastan Gula Klapa
• Dwajanipun : Kanjeng Kyai Santri, Kanjeng Kyai Slamet
• Tetabuhanipun : Gendhing Dayungan lan Ratadedali
• Papan dunungipun winastan Wirabraja

6
• Nami Wirabraja kadhapuk saking, wira teges ‘wani' lan braja teges ‘landhep', menika saking basa Sansekerta.
• Miturut filosofis, Wirabraja inggih menika prajurit ingkang wantun nglawan musuh saha landhep panca
inderanipun. Wonten saben kahanan mesti peka. Dalam membela kebenaran pantang menyerah, pantang
mundur sadereng musuh saged dikalahake. Ngangge nami menika dipunarep supados maknanipun
nggadhahi daya magis ingkang maringi jiwa marang sakabehan anggota.
• Panji-panji/bendera/klebet/dwaja prajurit Wirabraja menika Gula-klapa, awujud segi sekawan panjang werni
dasar pethak, wonten saben sudut dihias centhung abrit minangka ujung lombok abang (kuku Bima).
Tengahipun Segi papat abrit ingkang isinipun segi wolu pethak.
• Gula-klapa saking 'gula' dan 'kelapa'. Maksutipun gula Jawa ingkang saking nira kalapa werni abrit. Lanjeng
Klapa werni pethak. Miturut filosofis maknanipun pasukan yang berani membela kesucian/kebenaran.

ADD A FOOTER
7
Dhaeng

ADD A FOOTER
8
• Asalipun saking Makasar.
• Busana : warni pethak
• Clana : warni pethak, kanthi garis abrit ing perangan jajanan.
• Songkok mancungan cemeng, kanthi rerenggan wulu ayam awarni
abrit pethak.
• Klebet/gendera bregada winastan Bahningsari.
• Dwajanipun : Kanjeng Kyai Jatimulya (Doyok).
• Tetabuhanipun : gendhing Ondhal-Andhil lan Kenaba.
• Papan dunungipun : prajurit punika winastan Dhaengan.

ADD A FOOTER
9
• Dhaeng saking basa Makasar minangka gelar bangsawan ten Makasar.
• Miturut filosofisipun Dhaeng ngandhut makna prajurit elit ingkang gagah, kendel kados prajurit
Makasarbermakna prajurit elit ingkang gagah wantun kayata prajurit Makasar
• Miturut sejarah, prajurit Dhaeng menika prajurit ingkang didatengaken Belanda kangge nguwati bala tentara
R.M. Said. R.M. Said salajengipun selisih kaliyan P. Mangkubumi. Ingkang awalipun bersekutu nglawan Belanda.
Puncakinpun inggih menika pegatanipun R.M. Said kaliyan garwanipun. Garwanipun R.M. Said menika putri
Hamengku Buwono I. Nalika ngewangsulaken garwanipun, R.M. Said (P. Mangkunegara) khawatir minangka
mangke Hamengku Buwono I marah. Akhiripun kawangsulanipun mantan istri, Kanjeng Ratu Bendara
diiringaken pasukan pilihan, menika prajurit Dhaeng. Salajengipun ing Kraton Yogyakarta, saged ditampa.
Prajurit Dhaeng ditampi kanthi sae. Awit keramahtamahanipun menika prajurit Dhaeng lajeng boten purun
wangsul Surakarta. Saklajengipun malah ngabdi marang Hamengku Buwono I. Laskar Dhaeng lajeng dening
Hamengku Buwono I diganti dados Bregada Dhaeng.
• Panji-panji/bendera/klebet/dwaja prajurit Dhaeng menika Bahningsari, awujud segi sekawan panjang kanthi
werni dhasar pethak. Tengahipun bintang segi wolu werni abrit. Bahningsari saking basa Sanskerta, ngemu teges
Bahning = ‘geni’ lan sari = ‘endah/inti’
• Mitrut filosofisipun ngandhut makna pasukan ingkang kakendelanipun boten telas kadosta semangat inti geni
ingkang boten natepadam.

ADD A FOOTER
10
Patangpuluh

ADD A FOOTER
11
• Busana : sikepan lurik khas Patangpuluh,
• Clana : cendhak abrit lan dhawa abrit,
• Sepatu : lars cemeng,
• songkok abrit lan cemeng.
• Klebet/gendera bregada Patangpuluh winastan Cakragora.
• Dwajanipun : Kanjeng Kyai Trisula.
• Tetabuhanipun : Gendhing Mars Bulu-Bulu lan Gendera.
• Papan dunungipun : prajurit punika winastan Patangpuluh..

ADD A FOOTER
12
• Asal usulipun nami Patangpuluh dereng wonten andharan ingkang jelas. Nanging Patangpuluh boten wonten
hubungane kaliyan jumlah anggotanipun.
• Panji-panji/bendera/klebet/dwaja prajurit Patangpuluh inggih menika Cakragora,
• Bentukipun empat persegi panjang werni dasar cemeng. Tengahipun bintang segi enem abrit.
• Saking basa Sansekerta teges 'dahsyat, menakutkan'.
• Miturut filosofis maknanipun pasukan ingkang nggadhahi kekuatan ingkang mantep satemah saged nglawan
kabeh jenisipun musuh.

ADD A FOOTER
13
Jagakarya

ADD A FOOTER
14
• Busana : Sikepan lurik khas Jagakarya
• Kutang jene emas
• Sepatu : pantopel cemeng
• Kaos kaki : biru sepuh
• Songkok cemeng
• Klebet winastan Papasan
• Dwajanipun : Kanjeng Kyai Trisula
• Tetabuhanipun : Gendhing Mars Bulu – Nulu lan Gendera
• Papan dunungipun winastan Jagakaryan

ADD A FOOTER
15
• Prajurit Jagakarya kadhapuk saking jaga lan karya. 'jaga' saking basa Sansekerta ngandhut arti 'njaga', menika
'karya' saking basa Kawi ngandhut arti 'tugas, gawean'.
• Miturut filosofis Jagakarya ngandhut makna 'pasukan ingkang ngemban tugas tansah njaga lan ngamanke
lakune pamrentahan ing sajroning kerajaan’.
• Panji-panji/bendera/klebet/dwaja prajurit Jagakarya menika Papasan, awujud segi sekawan kanthi werni
dasar abrit. Tengahipun menika lingkaran.
• Papasan saking name tanduran utawi manuk papasan. Pendapat liyane, Papasan saking dasar 'papas‘ dados
'amapas" ngandhut ‘mrantasi' (Wojowasito, 1977:190).
• Miturut filosofis papasan ngandhut makna pasukan kendel ingkang saged mrantasi mungsuh kanthi
semangat.

ADD A FOOTER
16
Prawiratama

ADD A FOOTER
17
• Busana : Sikepan cemeng
• Clana : cendhak abrit lan panjang abrit
• Sepatu : lars cemeng
• Songkok awujud kerang, cemeng
• Klebet winastan Genirogo Bantheng Ketaton
• Dwajanipun : Kanjeng Kyai Trisula
• Tetabuhanipun : Gendhing Mars Pandeburg lan
Balang
• Papan dunungipun winastan Prawirataman

ADD A FOOTER
18
• Nami Prawiratama kadhapuk saking prawira lan tama. 'prawira‘ saking basa Kawi ngandhut arti ‘kendhel,
perwira', 'prajurit', menika "tama" utawa "utama" saking basa Sansekerta ingkang ngandhut arti 'utama, luwih';
wonten basa Kawi ngandhut arti 'ahli, pandai'.
• Miturut filosofis Prawiratama ngandhut makna pasukan ingkang wantun wonten ing saben tumindak, tansah
bijak.
• Panji-panji/bendera/klebet/dwaja prajurit Prawiratama adalah Geniroga, awujud segi sekawan panjang werni
dasar cemeng lan tengahipun lingkaran abrit.
• Geniroga saking geni ngandhut arti ‘geni', lan Sansekerta 'roga' ngandhut arti 'sakit'.
• Miturut filosofis ngandhut makna pasukan ingkang dipunarep – arep saged tansah ngalahaken mungsuh
kanthi gampil.

ADD A FOOTER
19
Nyutra

ADD A FOOTER
20
Nyutra 1,
• Busana : Kutang abrit
• Clana : Panji cemeng
• Kampuh biru sepuh
• Kuluk cemeng lan udheng cemeng
• Klebet winastan Padma Sri Kresna
Nyutra 2,
• Busana : Kutang cemeng
• Clana : Panji abrit
• Kampuh biru sepuh
• Kuluk abrit lan udheng abrit
• Klebet winastan Podhang ngisep Sari

• Dwajanipun : Kanjeng Kyai Trisula


• Tetabuhanipun : Gendhing Surengprang lan Tamtama Balik
• Papan dunungipun winastan Nyutran
ADD A FOOTER
21
• Nyutra saking dasar sutra angsal awalan N. sutra wonten basa Kawi ngandhut arti 1) 'unggul', 2) lulungidan
(ketajaman), 3) 'pipingitan/'sinengker’ (Winter, K.F., 1928, 233,266); menika wonten basa Jawa ngandhut arti 'bakal kain
kang alus‘ (sutra); menika awalan N- ngadhut arti 'aktip sehubungan dengan sutra'.
• Prajurit Nyutra = prajurit pengawal pribadi Sri Sultan. kesayangan raja, selalu dekat dengan raja.
• Miturut filosofis Nyutra ngandhut makna pasukan ingkang alus minangka alusipun sutera ingkang njaga raja. Nanging
gadhah kalandhepan rasa lan katrampila.
• Prajurit Nyutra gadhah senjata pepak (tombak, towok lan tameng, bedhil saha jemparing). Saderenng Hamengku
Buwono IX, anggota Prajurit Nyutra wajib saged nari.
• Panji-panji/bendera/klebet/dwaja prajurit Nyutra mrnika Podhang ngingsep sari dan Padma-sri-kresna. Podhang
ngingsep sari awujud segi sekawan panjang werni dasar jene tengahipun lingkaran abrit. Padma-sri-kresna awujud segi
sekawan panjang cemeng werni dasar jene tengahipun lingkaran cemeng.
• Podhang ngingsep sari saking podhang ngandhut arti 'kepodang (manuk wulu jene emas)', ngingsep = 'mengisap', lan
sari = 'inti, sari'.
• Miturut filosofis Nyutra Abrit ngandhut makna pasukan ingkang tansah nyepeng kaluhuran.
• Padma-sri-kresna saking 3 basa Sansekerta, menika: "padma" ngandhut arti ‘kembang teratai', "sri" = 'cahya, endah', lan
"kresna" = ‘cemeng'.
• Miturut filosofis Nyutra Hitam ngandhut makna pasukan ingkang tansah mbrantas samubarang ala , kados Sri Kresna
minangka titisan Dewa Wisnu. ADD A FOOTER
22
Ketanggung

ADD A FOOTER
23
• Busana : Sikepan khas Ketanggung
• Clana : cemeng pethak
• Sepatu : lars cemeng
• Songkok mancungan cemeng
• Klebet winastan Cakraswandana
• Dwajanipun : Kanjeng Kyai Nenggala
• Tetabuhanipun : Gendhing Bergola Milir/Lintrik Emas lan
Harjuna Mangsah/Bima Kurda
• Papan dunungipun winastan Ketanggungan

ADD A FOOTER
24
• Ketanggung saking "tanggung" angsal awalan ke-. "tanggung" = 'beban, berat1. menika ke- ten mriki
minangka mbangetke maknanipun.
• Miturut filosofis Ketanggung ngandhut makna pasukan kanthi tanggel jawab ingkang ageng. Saking
kawontenanipun Puliyer (Wirawicitra / Wirawredhatama / Operwachmester).
• Panji-panji/bendera/klebet/dwaja prajurit Ketanggung menika Cakra-swandana, awujud segi sekawan
panjang werni cemeng tengahipun bintang segi enem werni pethak.
• Cakra-swandana saking basa Sansekerta "cakra" (senjata awujud roda gerigi) lan Kawi "swandana" ngandhut
arti 'kendaraan/kereta'.
• Miturut filosofis Ketanggung ngandhut makna pasukan ingkang nggadhahi senjata cakra ingkang saged
ngobrak – abrik mungsuh.

ADD A FOOTER
25
Mantrijeron

ADD A FOOTER
26
• Busana : Sikepan lurik khas Mantrijero
• Clana : panji lurik
• Sepatu : pantopel cemeng
• Kaos kaki : Pethak
• Songkok awujud mancungan cemeng
• Klebet winastan Purnamasidhi
• Papan dunungipun winastan Mantrijeron

ADD A FOOTER
27
• Mantrijero saking"mantri" lan "jero". "mantri" saking basa Sansekerta nggadhahi makna 'juru wicara, matri,
utawa jabatan wonten ing inggilipun bupati ingkang nggadahi wewenang wonten ing salah sawijining
struktur '. Menika “jero" =‘wonten lebet'.
• Miturt harfiah Mantrijero nggadahi makna 'juru wicara utawa mantra wonten lebet'
• Miturut filosofis Mantrijero nggadahi makna pasukan ingkang gadhahi wewenang mutusaken sedaya perkara
wonten ing lingkungan kraton.
• Panji-panji/bendera/klebet/dwaja prajurit Mantrijeromenika Purnamasidhi, awujud segi sekawan kanthi
werni cemeng. Tengahipun undheran werni pethak.
• Purnamasidhi saking basa sanskerta "purnama" lan "siddhi" = 'sempurna'.
• Miturut filosofis Purnamasidhi gadhahi makna pasukan ingkang tansah dipunarep arep saged maringi
pepadhang.

ADD A FOOTER
28
Bugis

ADD A FOOTER
29
• Busana : kurung cemeng
• Clana : panjang cemeng
• Sepatu : pantopel cemeng
• Songkok cemeng
• Klebet winastan Wulandadari
• Dwajanipun : Kanjeng Kyai Trisula
• Papan dunungipun winastan Bugisan

ADD A FOOTER
30
• Bugis saking basa Bugis. Prajurit Bugis saderengipun Hamengku Buwono IX gadhah jejibahan wonten ing
Kepatihan minangka pengawal Pepatih Dalem. Saking Hamengku Buwono IX dados salah satunggaling
bregada dalem kraton lan wonten ing upacara Grebeg nggadhahi jejibahan ngawal
• Miturut filosofis Prajurit Bugis ngandhut makna pasukan ingkang kuat, kados awal mula saking Bugis,
Sulawesi.
• Panji-panji/bendera/klebet/dwaja prajurit Bugis menika Wulan-dadari, segi sekawan panjang warna dhasar
cemeng, tengahipun undheran jeneemas.
• Wulan-dadari saking "wulan" ='bulan' lan "dadari" = 'mekar'.
• Miturut filosofis ngandhut makna pasukan ingkang dipunarep – arep paring pepadhang.

ADD A FOOTER
31
Surakarsa

ADD A FOOTER
32
• Busana : Sikepan pethak
• Clana : panjang pethak
• Kain sapit urang
• Terompah
• Songkok cemeng
• Klebet winastan Pareanom
• Papan dunungipun winastan Surakarsan

ADD A FOOTER
33
• Surakarsa saking sura lan karsa. "sura" saking basa ngandhut arti ‘kendel', "karsa" ngandhut arti 'kekarepan'.
• Riyin Prajurit Surakarsa kagungan jejibahan ngawal pangeran adipati anom. 'Putra Mahkota'; sanes babagan
saking bregada dalem kraton.
• Miturut filosofis Surakarsa = pasukan ingkang kendel lan njaga kasarasan putra Mahkota.
• Saking Hamengku Buwono IX, pasukan menika dados salah satunggaling bregada dalem kraton lan wonten
ing upacara grebeg ngawal gunungan ing wingking. (Yudodiprojo, 1995).
• Panji-panji/bendera/klebet/dwaja prajurit Surakarsa menika Pareanom, awujud segi sekawan kanthi warna
dasar ijem ing tegahipun undheran jene.
• Pareanom saking "pare" (tanduran sayur pare), lan "anom" ngandhut arti ‘enem'.
• Miturut filosofis Pareanom ngandhut makna prajurit ingkang gadhah semangat mudha-mudhi.

ADD A FOOTER
34
Pandhega

ADD A FOOTER
35
Korps Musik Penambur

ADD A FOOTER
36
Matur Nuwun!

Anda mungkin juga menyukai