Anda di halaman 1dari 35

Sugeng Rawuh

Siswa Permadani
Bregada XIII
Warsa 2022
Padhuwungan

Dening :
KRT. Lilik. S. Wursitonagoro. SPd :
KRT. Lilik. S . Wursitonagoro
Wiyosan :
Blora , 24 Juli 1960
Papan panggenan :
Jl. Sumodipura
RT:05-RW:01 Randublatung
Hp/wa :
085726824353
Pakaryan :
Pensiunan PNS
Samben :
Pamong Permadani
Nawala Kekancingan
Padhuwungan
Mangga para kadang " PERMADANI " sami hanguri-uri sarwi
hanyinau Padhuwungan.
Dhuwung / Keris salah satunggaling senjata tikam utawi suduk.
Keris / dhuwung nglambangn gesang tumuju salah
setunggaling tujuan akhir, takdir saha akherat.
Dhuwung rikala semanten kagem pelengkap gesang wonten
masyarakat. Keris dipun bentenaken wonten kalih , dipun
pirsani saking cara ndamelipun saha saking bahanipun.
Dhuwung wonten ingkang kagem pusaka Ageman ugi wonten
ingkang kagem pusaka Tayuhan.
Dhuwung kagem pusaka ageman, keris kasebat namung kagem
hiasan, utawi namung dipun agem woten acara -acara biasa.
Keris ageman kalebet keris mboten isi senaosa ingkang damel
Empu.
Padhuwungan
Dhuwung pusaka Tayuhan kalebet keris ingkang wonten isinipun ,
engkang yasa mawi laku / tirakat , maos mantra- mantra, saha
badanipun suci.
Para warga " PERMADANI " kedah mangertosi bab padhuwungan / keris
antawisipun :
1. Kedah saget mbedakaken pundhi dhuwung damelanipun Pandhe, saha
dhuwung damelanipun Empu.
2. Nami-nami peranganipun / Ricikanipun dhuwung. Kanthi mangertosi
perangan / Ricikanipun dhuwung lajeng saget nemthokaken saha
mangertosi nami-nami dhapur dhuwung.
3. Saget hamilah-milahaken dhuwung engkang tasih saget rimat, utawi
ingkang sampun mboten saget karimat.
4. Saget nitik sae lan awonipun Tosan alus lan kasaripun garapan /
babaran.
5. Saget maos / mangertosi keginaan Pamor dhuwung.
6. Mangertosi petangan dhuwung.
7. Mangertosi keginaan dhuwung miturut Lajer / Lenceng / Lurus lan
Eluking dhuwung.
8. Cara ngawisi / marangi / nyirami Tosan aji. ( Punika kalebet
pangrimating dhuwung )
Padhuwungan
Sak derengipun mangertosi bab pamor lan sak panunggalane
kedah nyumurupi langkung rumiyin babagan RICIKAN KERIS,
awit punika minangka pangertosan dhasar lan penting dipun
mangertosi, amargi saben-saben keris nggadhahi ciri piyambak-
piyabak.

Saking pangertosan RICIKAN KERIS sinten kemawon saget


mangertosi utawi nyireni ugi nyebataken nami DHAPUR KERIS.

Dhuwung / keris ingkang dipun wastani jangkep paling mboten


nggadhahi 26 werni bagian ricikan lan saking ndalem ricikan
punika nggadhahi nami piyambak- piyambak.
Keris
Keris saking jarwadhosok tembung KE lan RISKE : Saking tembung
KEKERAN artosipun Pager, Penghalang, Peringatan,
Pengendalian.RIS : artosipun tenang, lambat, halus.Menawi dipun
pirsani saking asal usulipun saking tembung Keris : artosipun Pager
Alus.
Dhuwung
Wonten ingkang mastani DHUWUNG : saking jarwodhosok tembung
DHU artosipun UDHU.WUNG saking tembung KUWUNG.Udhu
artosipun Andhil, Taruhan, rila, ilang / ical.Kuwung artosipun
Kawibawaan, Kasunyatan.DHUWUNG artosipun Andhil

Curiga
Wonten ingkang mastani CURIGA saking jarwodhosok tembung CURI lan
GA.CURI artosipun Padhas / Watu Padhas.GA saking tembung Raga.Curi
nggadhahi artos watu padhas ingkang lancip, papan panggenan ingkang
drawasi / mbebayani / bahaya.Raga artosipun badan, Jasmani Curiga
artosipun sela / watu lancip kagem nglindungi badan bok bilih wonten
bebaya.
Keris mbok bilih disandang wonten wingking disebat Wangkungan.
Warangka
WARANGKA DHUWUNG Warangka Keris utawi dhuwung kaperang dados
kalih :1. Gayaman2. LadrangGayaman diagem harianLadrang kagem
paseban , upacara, dines resmi
SELUT

SELUT DHUWUNGSandangan keris ujudipun cincin hias


ingkang bungkus bungkul Jejeran.
JENIS SELUT

SELUT DHUWUNGSandangan keris ujudipun cincin hias


ingkang bungkus bungkul Jejeran.
Ricikan Warangka
Ricikan Warangka Ladrang /
Ricikan Warangka Gayaman
Branggah
Ukiran
PENDOK

Pendok perabot kagem nglidungi warangka ugi kagem asesoris


warangka kersanipun ketingal sae / endah.Pendok kaperang dados
kalih inggih punika :
1. Pendok Selongsong
2. 2. Pendok Blewah
PUCUK KERIS / PANETES
Padhuwungan
Kagem nambahi seserepan Padhuwungan para kadang warga Permadani
saget nyinau wonten buku- buku Padhuwungan, kagem mangertosi
keginaan dhuwung miturut kawontenan pamoripun , pancen angel
sanget, jalaran kedhah mangertosi rumiyin nami pamoripun. Sak
lajengipun nembe saget mangertosi keginaan pamoripun.
Kamangka pamor dhuwung cacahipun atusan dumugi ewon. Mila kagem
nggampilaken anggenipun ngawuningani keginaan dhuwung miturut
pamoripun saget kanthi tatacara dipun perang dados tiga.
Dene tigang perangan antawisipun :
 Pamor ingkang wujudipun bunderan,
 Pamor ingkang wujudipun garis-garis / rambut, saha
 Pamor ingkang wujudipun segi sekawan / mojok / nyiku.
Padhuwungan
PAMOR BUNDERAN : Pamor ingkang wujudipun bunderan-bunderan ,
punika mratelakaken sifat Kadonyan. Werdinipun , mratelakaken sageta
ingkang ngrimat sageta tentrem, ayem, saha ndatengaken rezeki
paringanipun saking Gusti Ingkang Maha Kuwaos.
Pamor
PAMOR RAMBUT / GARIS-GARIS : Pamor ingkang wujudipun kados garis-
garis , duka wujudipun mujur punapa ikang malang. Pamor punika
kalebet pamor singkir. Dene werdinipun saget kangge hanulak sedaya
bebaya ing antawisipun : Saget kangge hanulak bebaya latu, bebaya angin,
bebaya toya, bebaya roh jahat / awon, ugi kakebet bebaya tenung,
santhet, saha guna-guna. Saksanesipun ugi saget hanulak bebaya sato
kewan buron wana, sedaya kewan mawa wisa, lan bebaya sanesipun .
Pamor
PAMOR WUJUD PERSEGI : Pamor ingkang wujud segi sekawan,
wujudipun mojok, utawi nyiku, punika werdinipun , sageta ingkang
kagungan sumrambah sedaya brayatipun tansah kiyat mboten gampil
kenging godho, kiyat hanampi pacoban, mugi tinebihna sedaya
kawontenan ingkang mboten sae.
PAMILIHING DHUWUNG
Pamilihing DHUWUNG ingkang sae antawaisipun :

1. Tangguh.
2. Wutuh.
3. Sepuh.
1. TANGGUH
Ingkang dipun wastani TANGGUH inggih punika perkiraan zaman utawi
warsa Garapan/babaran/dedamelan dhuwung.

TANGGUH Dhuwung kaperang dados 5 inggih menika :


1. Tangguh Kuno ( Budho ) antawis Tahun 125 M – 1125 M
Antawisipun Jaman Kerajaan : Purwacarita, Medang Siwanda, Medang
Kamulan, Gilingwesi, Pengging Wiraradya, Kahuripan lan Kediri
2. Tangguh MADYA KUNA ( Kuna Pertengahan ) Tahun 1126 M – 1250 M
Antawisipun Jaman Kerajaan : Jenggala, Kediri, Pajajaran lan Cirebon.
3. Tangguh SEPUH TENGAHAN Tahun 1126 M – 1250 M
Antawisipun Jaman Kerajaan : Jenggala, Kediri, Pajajaran lan Cirebon.
PAMILIHING DHUWUNG

4. Tangguh TENGAHAN antawis Tahun 1460 M – 1613 M


Antawisipun Jaman Kerajaan : Demak, Madiun , Pajang lan Mataram.
5. Tangguh NOM ( Kuna Pertengahan ) Tahun 1126 M – 1250 M
Antawisipun Jaman Kerajaan : Jenggala, Kediri, Pajajaran lan Cirebon.
6. Tangguh SEPUH TENGAHAN Tahun 1126 M – 1250 M
Antawisipun Jaman Kerajaan : Jenggala, Kediri, Pajajaran lan Cirebon.
TATACARA NGAGEM KERIS NGAYOGYAKARTA
TATACARA NGAGEM KERIS SURAKARTA
TATACARA NGAGEM KERIS SURAKARTA

1. Lele Sinunduk /Satriya Keplayu / Turut Bokong;


Katindakaken dening abdi dalem gandhek nalika masrahaken
barang dhumateng piyantun ingkang hanggadhahi pangkat
utawi bangsawan.
TATACARA NGAGEM KERIS SURAKARTA

2. Kureban :
diagem prajurit infantri ingkang mawi gegaman nalika ngangge keris
TATACARA NGAGEM KERIS SURAKARTA

3. Kempitan Tengen :
Caranapun ngangge kagem njaga keris
TATACARA NGAGEM KERIS SURAKARTA

4. Kempitan Kiwa :
kagem kahanan waspada wonten kahanan perang utawa ing wilayah
kirang aman
TATACARA NGAGEM KERIS SURAKARTA

4. Nganggar :
Dipunagem ing pupu kiwa dipuntindakaken menawi wonten tiyang
ingkang kersa ngagem keris langkung saking setunggal
TATACARA NGAGEM KERIS SURAKARTA
6. Ngoglèng :
dipun agem wekdal siyaga ing gati.
Ngogleng wonten tiga, inggih punika :
 Ngogleng,
 Ngogleng Tanggung ,
 Ngogleng Methit.
TATACARA NGAGEM KERIS SURAKARTA

7. Kewalan:
Cara ngagem keris rikala nitih jaran utawa pasukan kavaleri
TATACARA NGAGEM KERIS SURAKARTA
8. Nyothé Ngajeng ( Surakarta & Yogyakarta ):
Cara ngagem keris ingkang dipun selipaken wonten ngajng
mliginipun dipun agem para ngulama
TATACARA NGAGEM KERIS SURAKARTA

9. Nyothé Wingking ( Surakarta & Yogyakarta ):


Dipun agem para priyayi utawi pangageng rikala nitih jaran

10. Nyothé Methit :


Dipun ageng déning para pangageng Karaton badhe sowan
Ratu/Raja.
Tata Cara Memakai Keris NGAYOGYAKARTA
Klabang Pinipitan, paling populer di Yogya
ketika sedang Siaga, di Surakarta disebut
Ngogleng
Ngoglèng, ketika seseorang ingin menonjolkan
dirinya di depan umum, di Solo disebut
Ngogleng Methit
Lélé Sinundukan atau Satriyo Keplayu,
dilakukan ketika melakukan aktivitas yang
membutuhkan banyak gerak
Munyuk Ngilo, dikenakan para pengelana
Mangking, dilakukan ketika sedang
menunggang kuda
Netep, dikenakan dalam posisi berdiri pada
saat melakukan banyak aktivitas
Nyothé Kiwa, dilakukan pada saat siaga atau
genting, di Solo disebut Kempitan Kiwa
Kewalan, dilakukan oleh para prajurit yang
bersenjatakan pedang, atau para penari kelana
Nganggar, dilakukan para prajurit atau juga
raja, pejabat kraton yang membawa senjata
lain di samping mengenakan
DHAPUR SABUK INTEN & SEMPANA

Design n create by KRAT. Priyohadinagoro

Anda mungkin juga menyukai